Menyang kontèn

Kaca:ꦩꦕꦠꦶꦠꦶ꧈ꦧꦱꦭꦤ꧀ꦕꦫꦶꦠ.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
3

oetawi gambar oeroet-oeroetan, poenapa malih ingkang dipoen alami pijambak wonten ing sadéngah panggénan. Kadosta: wonten ing doesoenipoen, ing ara-ara, lan sapanoengilanipoen.

Ing saben djilid temtoe isi woelangan ingkang maksoedipoen nggegoelang, soepados moerid-moerid saged rerembagan (gineman) dadakan (spontaan spreken), sarta ngarang, poenapa déné damel serat-serat, sarta saged ndamel anggitan pesadja ingkang tjekak-tjekak.

Pandapoekipoen boekoe poenika angéngeti, soepados sadaja péranganipoen woelang basa, bab maos, gineman, tjarijos, njerat leres, njoemerepi oenggah-oenggoeh, damel oekara, tansah gegandéngan penggladinipoen inggih poenika saben woelangan katata soepados njrambahi pérang-péranganipoen basa waoe. Namoeng bab paramasastra boten katindakaken ingkang mligi, amargi toemrap pamoelangan ingkang namoeng doemoegi pangkat V, woelangan poenika kangélen, poenapa déné namoeng sakedik perloenipoen.

Sadaja woelangan ingkang kawrat ing boekoe poenika, kapilihaken ingkang magepokan kalijan gesangipoen laré,pramila manawi goeroe toemandang saéstoe, laré saged gambira manahipoen, satemah woelangan saged toemindak kalijan prajogi.

Pangadjeng-adjengipoen ingkang ngarang moegi-moegi boekoe poenika saged ndajani kamadjenganipoen woelangan basa Djawi saoemoemipoen.

Ingkang ngarang.


PERPUSTAKAAN Fak. Sastra dan Kebudajaan Universitas Gadjah Mada