Menyang kontèn

Kaca:ꦩꦕꦠꦶꦠꦶ꧈ꦧꦱꦭꦤ꧀ꦕꦫꦶꦠ.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
POERWAKA.

Boekoe ,,Matja titi, basa lan tjarita" poenika wonten 4 djilid.

Djilid I lan II kanggé wonten ing pangkat II lan III pamoelangan doesoen déné diilid III lan IV kanggé ing pangkat IV lan V pamoelangan sambetan.

Ing djilid I lan II poenika wonten woelangan-woelangan ingkang dipoen tjoeplik, kadadosaken boekoe pijambak kanggé tjepengan moerid. Boekoe tjepenganipoen moerid waoe kanamakaken djilid IA lan II A. Déné boekoe ingkang djangkep isi sadaja woelangan, kanamakaken djilid I lan II; poenika dados tjepenganipoen goeroe. Sarta woelanganipoen kedah dipoen tjakaken ngantos rampoeng.

Djilid III lan IV namoeng kanggé tjepenganipoen paramoegid, boten kapilahaken ingkang kanggé tjepenganipoen moerid lan goeroe, poenapa déné sadaja bab kawoelangaken oeroet-oeroetan.

Menggah tjaranipoen moelangaken sakatahing woelangan sampoen katerangaken wonten ing toentoenan.tjekakan ingkang kawrat wonten ing methode minangka antjer-antjer sarta pitedah tjaranipoen moelangaken.

Menawi dipoen waspaosaken kanti, tliti djangkanipoen boekoe poenika katingal tjeta, bilih ingkang katindakaken Inggegoelang dateng moerid, soepados moerid-moerid:

a. saged maos kanti titi;

b. saged njerat basa kanti leres;

c. saged nganggé lan matrapaken tataran oenggah-oenggoehing basa;

d. saged nglairaken raos sarana lésan oetawi kaserat, dateng kawontenan-kawontenan saha lelampahan ingkang- kapeta ing gambar,