saroe menawa dioetjapna baé.
13 Nanging samoebarang ikoe dadi kelair, samasa kawelèhaké déning padang, sabab samoebarang kang kelair ikoe padang.
14 Moelané ana kang moeni: Eh wong kang toeroe, melèka, tangia saka ing antarané wong mati, temah Sang Kristoes bakal maḍangi sira.
15 Kang ikoe pada diawas, lakoemoe diklawan prajitna, adja kaja wong bliloe, nanging dikaja wong pinter,
16 nganggoa nggemèni mangsa, awit djamané ala.
17 Moelané adja pada dadi tanpa boedi, nanging pada mangertia apa kang dadi karsané Goesti.
18 Lan adja pada mendem anggoer kang dadi marganing blendèran. Nanging pada kapenoehana ing Roh,
19 kanția rasanan nganggo masmoer lan kidoeng pamoedji toewin kidoeng kasoekman, sarta memoedji marang Pangéran ana ing atimoe nganggo kidoeng lan masmoer.
20 Tansah pada saosa sokoer marang Allah ija Sang Rama moenggoeh samoebarang atas Asmané Goesti kita Jésoes Kristoes,
21 lan pada nganggoa soejoed-sinoejoedan sadjroning wedi-asih marang Allah.
aj. 1: Mt 5:48.
aj. 2: Pa 29:18; Jk 20:41; Jo 13:1, 34; 15:12; Rm 8:37; 2 Kr 2:15; Gl 2:20; 1 Ts 4:9; Tt 2:14; Ib 8:3; 9: 14; Jb 2:8; 1 Pt 3: 18; 1 Jo 3:16, 23; 4:21; 2 Jo 5.
aj. 3: Mt 15:19; Mk 7:21; Ef 4:29; KI 3:5; Ib 12:16; 13: 5.
aj. 4: Mt 12:36; KI 3:8.
aj. 5: PR 8:21; Rm 13: 13; 1 Kr 6: 9, 10; GI 5:19; KI 3:5; 1 Tm 6:10; Wj 21:8; 22: 15.
aj. 6: Jm 29:8; Mt 24:4; Mk 13:5; Lk 21:8; KI 2:4, 8, 18; 3:6; 2 Ts 2:3; lb 13:9; 1 Jo 4:1.
aj. 8: Lk 16:8; Jo 12:36; Ef 2:11, 13; Fl 2:15; 1 Ts 5:4, 5; Tt 3:3; Jb 3:13; 1 Pt 2: 9.
aj. 9: GI 5:22; FI 1:11.
aj. 10: Rm 12:2.
aj. 11: Mt 18: 17; Rm 13:12; 1 Kr 5:8, 9; 10:20; 2 Kr 6:14; 2 Ts 3:14.
aj. 12: Rm 1: 24-32.
aj. 13: Jo 3:20, 21.
aj. 14: Js 26:19; 60: 1; Rm 6: 13; 13:11; 1 Kr 15:34; Ef 2:5, 6; 1 Ts 5: 6.
aj. 15: Mt 10:16; KI 4:5.
aj. 16: Rm 13:11.
aj. 17: Rm 12:2; 1 Ts 4:3.
aj. 18: WB 23: 29-32; Js 5: 11, 22; Lk 21: 34; Rm 13:13; 1 Tm 3:3; Tt 1: 7.
aj. 19: Ms 33: 2, 3; KI 3:16; Jb 5: 13.
aj. 20: KI 3:17; 1 Ts 5:18.
aj. 21: 1 Pt 5: 5.
22 Hé para wong wadon, pada soemoejoeda marang lakimoe déwé dikaja marang Goesti.
23 Sabab kang lanang ikoe dadi sesirahé kang wadon, kaja Sang Kristoes ija sesirahé pasamoean. Malah Pandjenengané djoemeneng Pamartané sarira.
24 Éwadéné pada kaja pasamoean enggoné soemoejoed marang Sang Kristoes, ija mengkonoa oega para wong wadon marang lakiné déwé moenggoeh samoebarang.
25 Hé para wong lanang, pada tresnaa marang rabimoe déwé, dikaja Sang Kristoes enggoné ija woes ngasihi ing pasamoean, kongsi masrahaké sarirané pijambak krana pasamoean ikoe,
26 soepaja disoetjèkna sawoesé diresiki srana padoesan banjoe kang kanti pangandika,
27 sarta diprenahna ana ing ngarsané pijambak woes moelja dadi pasamoean kang tanpa blentang-blentong oetawa garet sapepadané, malah soepaja dadia soetji tanpa tjatjad.
28 Kaja mengkono wong lanang pada koewadjiban tresna marang rabiné déwé, dipada karo badané déwé. Wong kang tresna marang rabiné déwé, ikoe awaké déwé kang ditresnani.
29 Djenèh ora taoe ana wong kang njengiti marang ragané déwé, malah diingoni lan dipoelasara, ija kaja Goesti marang pasamoean.
30 Amarga kita pada peranganing sarirané, panoenggalaning dagingé lan tosané.
31 Awit saka ikoe manoesa moe-