25 -- 5:21. Pepatjak kanggo ingakèh.
25 Moelané pada mbirata goroh, lan saben wong ngoetjapa kang sajekti karo sapepadané, awit kita pada-pada dadi péranganing badan sidji.
26 Pada nepsoea adja kongsi gawé dosa. Nepsoemoe adja nganti kesoeroepan srengéngé,
27 lan adja awèh papan marang iblis.
28 Wong kang andon njolong adja njolong manèh, nanging milaoera njamboet gawé klawan mempeng, tangané déwé dienggoa nglakoni pagawéan kang betjik, soepaja doewéa kang kagawé ngoeloeri marang wong kang boetoeh.
29 Adja ana temboeng reged kewetoe ing tjangkemmoe, moenga kang prajoga lan kang ndadèkaké pambangoen kang perloe, soepaja kang ngroengoe pada kasawabana.
30 Adja gawé sekel ing galihé Rohé Allah kang soetji, kang woes ngetjap marang kowé tjinaḍang ing dinané pangentasan.
31 Saroepané soemengit lan brangasan, sarta nepsoe toewin goemeder lan panjatoer ala ikoe pada kaedohna saka ing kowé, mengkono oega saroepané piala.
32 Nanging pada sarèh-sinarèhana, welas-winelasana, apoera-ingapoeraa dikaja Allah ija woes ngapoera marang kowé ana ing Kristoes.
aj. 25: Zk 8:16; KI 3: 9.
aj. 26: Ms 4:5; Mt 5:25, 26; Lk 12:58, 59; Jb 1: 19, 20.
aj. 27: Jb 4:7; 1 Pt 5: 9.
aj. 28: Lk 3:11; PR 20:35; 1 Ts 4:11; 2 Ts 38, 12; Tt 3:14.
aj. 29: Mt 12:36; Ef 5:3, 4; KI 3: 16, 17.
aj. 30: Js 63: 10; Lk 21:28; Rm 8: 15, 16, 23; 2 Kr 1:22; 5:5; Ef 1:13.
aj. 31: KI 3:8, 19.
aj. 32: Mt 6:14; 18: 22-35; Mk 11: 25; Fl 2:1; KI 3: 12, 13; Jb 2:13.
1 Kang ikoe mara pada noelada marang Allah dikaja poetra kang kekasih,
2 sarta pada lakoea tresna, dikaja Sang Kristoes enggoné ija woes ngasihi kowé, lan woes masrahaké sarirané krana kita dadi pisoengsoeng lan koerban sembelèhan, minangka ganda aroem soemaos marang Allah.
3 Nanging moenggoeh lakoe djina lan saroepané pratingkah roesoeh toewin ketaha, ikoe adja nganti sanadyan moenga kaseboet baé ana ing antaramoe, dikaja sapatoeté para soetji.
4 Mengkono manèh kakețoeh lan tjlemang-tjlemong toewin gegoejon, déné ikoe pada ora patoet. Nanging milaoera pada ngoetjap sokoer.
5 Sabab kowé pada soemoeroep jèn moenggoeh wong lakoe djina, wong ketoeh oetawa wong ketaha, kang dadi éwoné wong njembah brahala, ikoe ora ana kang ndoewèni warisan ana ing kratoné Kristoes lan Allah.
6 Kowé adja kongsi pada kena dibeblitoek ing wong nganggo temboeng kang kotong, awit krana saka kang mengkono ikoe tibané bebendoené Allah marang para ahliné pambalila.
7 Kang ikoe kowé adja dadi pepadané.
8 Dasar ing maoené kowé paḍa dadi pepeteng, nanging saiki dadi pepadang ana ing Goesti. Pada doewéa lakoe dikaja para ahlining pepadang,
9 -- awitdéné pametoené padang ija ikoe saroepané kabetjikan lan kabeneran toewin kajektèn --,
10 sarta pada nitènana apa kang dadi keparengé Goesti.
11 Lan adja mèloe-mèloe pratingkahing pepeteng kang gaboeg, malah pada welehna.
12 Awitdéné apa kang dilakoni ana ing pasingidan déning wong ikoe,