soemengka menjang saḍoewoeré sakèhé langit, soepaja menoehana samoebarang.
11 Mangka ija Pandjenengané ikoe kang peparing sawenèh pada dadi rasoel, sawenèh dadi nabi, sawenèh dadi djoeroe Indjil, sawenèh manèh dadi pangon lan pamoelang,
12 soepaja para soetji pada samektaa marang pagawéaning boeboehané, ndadekna pambangoené sarirané Sang Kristoes.
13 Dinganti kita kabèh pada toetoeg ing toenggal pratjaja lan kawroeh marang Poetrané Allah, toetoeg ing mempengé wong diwasa, toetoeg ing oekoeré pantoging kasampoernané Kristoes.
14 Soepaja kita pada maria dadi botjah, adja lèmbak-lèmbak kaja aloen lan dioebeng-oebengaké déning angger angining wewoelang, srana pamblitoeking wong, srana tjoelikaning pangrékané panasaran.
15 Malah klawan nganḍemi ing kajektèn sadjroné olah katresnan pada moenḍak-moendaka moenggoeh ing samoebarang, dinganti mandjing patoenggilané Sang Kristoes kang djoemeneng sesirah.
16 Déné saka ing Pandjenengané sarira sakodjoer olèh kamempenganing toewoehé, marga tjinatok-tjatok lan sinanggit-sanggit ing saprajogané srana adon-adoné sakèhé ros-rosan, pangkat-pangkat panggawéné saben pérangan déwé-déwé, dadi lan kabangoené sarira maoe sadjroning katresnan.
aj. 1 PD 17:1; PR 23: 18; 1 Kr 7:20; Ef 3: 1; F1 1: 7, 13-16, 27; K1 1: 10, 24; 4: 3; 1 Ts 2: 12; 4: 1; 2 Tm 1:8; Fm 1.
aj. 2: Kl 1:11; 3: 12, 13; 1 Ts 5:14.
aj. 3, 4: Rm 12:5; Kl 3:12-15; Ib 13:1; 1 Pt 1:22; 2:17.
aj. 5: PT 4:39; 6: 4; Zk 14:9; MI 2: 10; Jo 10: 16; 1 Kr 8: 4, 6.
aj. 6: Jo 17:22; Rm 11:36; 1 Kr 8:6; 12:6; 2 Kr 13: 13; 1 Jo 5: 7.
aj. 7: Rm 12: 3, 6; 1 Kr 12: 11; 2 Kr 10: 13; 1 Pt 4: 10.
aj. 8: Ms 68: 19.
aj. 9: Ms 139: 15; Jo 3: 13; 6:62.
aj. 10: Ef 1: 10, 23.
aj. 11: 1 Kr 12:28; 2 Tm 4:5.
aj. 12: Rm 12:5; 1 Kr 12:27; Ef 1:23; 5:23, 30; Kl 1:24; 1 Pt 2:5.
aj. 13: Jo 1:16; KI 1:28; 2 Tm 3:17.
aj. 14: Mt 11:7; 1 Kr 14:20; Ef 6:11; Ib 5:13; 13:9; Jb 1:8; Jd 12.
aj. 15: Ef 1:22, 23; 5: 23; KI 1:18.
aj. 16: Rm 12:5; 1 Kr 12: 12, 27; Ef 2:21; KI 2:19.
17 Kang ikoe akoe pitoetoer lan njeṭakaké ana ing patoenggilané Goesti Kowé ikoe wis adja doewé kalakoean kaja bangsa kapir, kang lakoené pada noeroeti boediné kang kotong,
18 pada kepetengan ing pikir kepetatan oerip kang saka ing Allah, awit saka bodoné kang marga saka wangkoting atiné.
19 Wong maoe sarèhné woes pada sepi ing pangrasa, moelané pada masrahaké awaké marang pambloențah, temah nglakoni saroepané panggawé roesoeh klawan ketaha.
20 Nanging moenggoeh kowé ikoe enggonmoe pada nggegoelang bab Sang Kristoes ora kaja mengkono.
21 jèn dasar kowé woes pada ngroengokaké pangandikané sarta ana ing patoenggilané pada kawoelang kaja kang dadi kajektèn ana ing Jésoes.
22 Ija ikoe jèn moenggoeh ingatasé kalakoean kang maoe-maoe kowe woes pada ngroetjat kamanoesan kang lawas, kang nemahi roesak awit saka kapéntjoeting panasaran,
23 lan pada kaanjaraké soekmaning boedimoe,
24 sarta ngrasoek kamanoesan kang anjar, kang tinitah katoeladaké marang Allah, kadoenoengan kasampoernan lan kasoetjèn kang njata.
aj. 17: Rm 1:18, 21; KI 2:4; 1 Pt 4:3.
aj. 18: Ef 2: 12; KI 1:21; 1 Ts 4:5.
aj. 19: Rm 1:24, 26, 28.
aj. 21: KI 2:7.
aj. 22: Rm 6:6; 8:13; KI 3:5, 8, 9; Ib 12:1; 1 Pt 2:1.
aj. 23: Rm 12:2.
aj. 24: PD 1:26, 27; 5: 1; 9:6; Rm 6:4; 2 Kr 5:17; KI 3:10; Tt 2:14; Ib 8:13; 1 Pt 4:2.