Menyang kontèn

Kaca:Éfesoes.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

aj. 3: K11:26, 27; 2 Tm 1:9, 10; Tt 1:2; 1 Pt 1:20.

aj. 5, 6: PR 10:28; 15:9; Ef 2:13, 15, 19; KI 1:26; 1 Tm 3:16.

aj. 7: 1 Kr 3:5; Ef 1:19; KI 1:23, 25; 2:12.

aj. 8: PR 9:15; 13:2; 22: 21; Rm 11:13; 15:16; 1 Kr 15:9; G1 1:15, 16; 2:8; 1 Tm 1:15; 2:7; 2 Tm 1:11.

aj. 9: PD 1:3; Ms 33:6; Jo 1:3; Rm 16: 25; Ef 1:9, 10; 3:3; KI 1:16, 26, 27: 2 Tm 1:9, 10; Tt 1:2; lb 1:2; 11:3; 1 Pt 1:20.

aj. 10: Rm 11:33; 1 Pt 1:12.

aj. 11: Ef 1:11.

aj. 12: Jo 10:9; 14:6; Rm 5:2; Ef 2: 18; Ib 4:16; 10:19.

aj. 13: 2 Kr 1:6; FI 1:14; KI 1:24; 1 Ts 3:3; 2 Ts 3:13.

14-21. Pandonga lan pamoedjiné Rasoel Paoel.

14 Ija ikoe moelané akoe djèngkèng soedjoed marang kang Rama Goesti kita Jésoes Kristoes,

15 kang dadi sangkaning seboetané angger djinis ana ing swarga lan ing boemi,

16 moega-moega saka goenging kaloehoerané karsaa njantosakaké kamanoesanmoe batin klawan kakoewatan marga déning Rohé,

17 soepaja Sang Kristoes doemoenoenga ing atimoe srana pratjaja, sarta kowé pada ojoda lan tetalesa sadjroning katresnan.

18 Dinganti sakatogé enggonmoe pada bisa njoemoeroepi karo sakèhé para soetji, sepira ambané lan dawané toewin djeroné, apadéné doewoeré,

19 sarta ngawroehi sihé Kristoes, kang ngoengkoeli sakèhé pangawroeh, soepaja kowé pada kapenoehana nganti kadoenoengan kasampoernané Allah pisan.

20 Anadéné kang kawasa nindakaké loewih saka kang pinoendjoel ngoengkoeli sabarang kang kita soewoen oetawa kang kita tjipta, mitoeroet ing pangawasa kang njawabi ana ing kita,

21 ikoe kasaosana kaloehoeran ana ing pasamoean ing Kristoes Jésoes nganti toeroen-toemoeroen langgeng ing salawasé. Amin.

aj. 16: Rm 7:22; 2 Kr 4:16; Ef 6:10; Kl 111; 1 Pt 3:3, 4.

aj. 17 Jo 14:23; KI 2:7; Wj 3:20.

aj. 18, 19: Jo 1:16; KI 2:2, 3.

aj. 20: Rm 16: 25.

aj. 21 Rm 11:36.


BAB 4.
1-16. Bab patoenggalaning pratjaja.

1 Kang ikoe akoe iki, wong lelaran ana ing patoenggilané Goesti, mitoetoeri kowé, paḍa doewéa lakoe ing sapatoeté enggonmoe paḍa katimbalan.

2 Dinganggo saroepané anḍap-asor lan sarèh, dinganggo sabar, paḍa sabar-sinabarana sadjroning katresnan.

3 Pada merlokna ngloeloesaké enggonmoe pada tetoenggalan ing Roh sidji srana soehing atoet-roekoen.

4 Pada toenggal badan lan toenggal Roh, kaja enggonmoe pada katimbalan ija marang toenggal sapangarep-arep kang wewinih saka enggonmoe katimbalan ikoe.

5 Pada toenggal Goesti, toenggal pratjaja, toenggal baptis.

6 Kabeh pada toenggal Allah lan Rama, kang mengkoe marang kabèh, kang nindakaké karsané lantaran kabèh, lan kang doemoenoeng ana ing kowé kabèh.

7 Nanging moenggoeh sih-rahmat ikoe enggoné kaparingaké marang sawidji-widjining panoenggalan kita, oenda-oesoek sapeparingé Sang Kristoes.

8 Moelané ana pangandika mengkéné: Sareng soemengka dateng ing loehoer, sampoen mbanḍangi tijang bandangan, sarta maringaken gandjaran dateng manoesa.

9 Anadéné bab soemengka ikoe maoe keprijé, kedjaba jèn Pandjenengané ija woes toemeḍak dingin menjang panggonan kang asor ana ing boemi?

10 Kang toemedak ija ikoe kang