Menyang kontèn

Kaca:Éfesoes.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

pangawasa ing awang-awang, ija ikoe roh kang samengko nandoekaké dajané ana ing para ahliné pambalila.

3 Kita kabèh bijèn ija dadi panoenggalané, pada loemakoe anoet ing sakapéntjoeté daging kita, nglakoni ing pakaremané daging lan pangangen-angen, sarta dasar kita pada ahlining bebendoe pada kaja wong lijané.

4 Nanging Allah kang agoeng palimirmané, awit saka gedéning sihé kang woes direntahaké marang kita,

5 ija nalika kita pada mati marga déning panerak, woes ngoeripaké kita ndèrèk Sang Kristoes, enggonmoe pada kapitoeloengan rahajoe ikoe marga saka sih-rahmat,

6 sarta kita pada nḍèrèk ditangèkaké lan nḍèrèk diprenahaké ana ing swarga sadjroning patoenggilané Kristoes Jésoes.

7 Pamoerihé soepaja ing djaman achir ngetingalna goenging sih-rahmaté kang linoewih, kang awit saka kamirahané marang kita ana ing Kristoes Jésoes.

8 Awitdéné enggonmoe pada kapitoeloengan rahajoe ikoe marga saka sih-rahmat srana pratjaja, mangka toeké ora saka ing kowé, ikoe peparingé Allah.

9 Toeké ora saka ing ajahan, soepaja adja ana kang goemoenggoeng.

10 Sabab kita pada titahé Allah, ana ing Kristoes Jésoes pada tinitah marang panggawé betjik, kang woes ditjadangaké dingin déning Allah, soepaja ikoe dadia padolanan kita.

aj. 1: Rm 5:6; KI 2:13.

aj. 2: Jo 12:31; 14: 30; 16: 11; 1 Kr 6: 11; 2 Kr 4:4; Ef 6: 12; K1 2:15; 3: 7 2 Ts 2:9; Tt 3:3; 1 Pt 4:3.

aj. 3: Rm 5:12; KI 3: 6.

aj. 4, 5: Lk 15:24, 32; Jo 3:3; PR 15:11; Rm 6:8, 13; 8:11; Ef 2:8; KI 3 1-3; 2 Tm 1:9; Tt 3:5.

aj. 6 Jo 17:24; Rm 8:10; Ef 1:20; 5:14; Fl 3:20.

aj. 7: Ef 1 : 7.

aj. 8: Mt 16:17; PR 15: 11; 16: 31; Rm 3: 24; 9: 16; GI 2 : 16; Ef 2:5; Tt 3: 5.

aj. 9: Rm 3:27; 1 Kr 1:29; Tt 3:5.

aj. 10: 2 Kr 5: 17; Ef 1:4; 4: 24; Tt 2: 14.

11-22. Bangsa kapir lan bangsa Jahoedi pada karoekoenaké klawan Allah srana salibé Kristoes.

11 Moelané kowé kang bijèn pada kapir moenggoeh ing daging, sarta diarani ikoetan déning kang pada kaseboet tetakan tabet tangan moenggoeh ing daging,

12 pada élinga jèn nalika semana kowé pada tanpa Kristoes, ora keleboe ing haké Banisraèl, lan adoh saka pradjandjiané prasetya, ora doewé pangarep-arep lan tanpa Allah ana ing donja.

13 Nanging saiki bareng ana ing Kristoes Jésoes, kowé kang bijèn pada adoh woes dadi tjeḍak marga saka rahé Sang Kristoes.

14 Awitdéné Pandjenengané kang dadi karoekoenan kita, kang woes noenggalaké sakaro-karoné ikoe maoe dadi sidji, sarta mboebrah pager singgetan,

15 ija ikoe enggoné pada sesatron, amarga ngorakaké angger-anggering pepakon kang dapoer saréngat srana dagingé, soepaja sakaroné ikoe paḍa dititahna dadi manoesa anjar sidji ana ing sarirané pijambak klawan diroekoenaké,

16 lan soepaja sakaroné kang dadi badan sidji ikoe diroekoenena klawan Allah srana salib, amarga matèni panjatroené ana ing salib maoe.

17 Anadéné bareng sarawoehé ngoenḍangaké Indjiling tata-roekoen ija marang kowé kang pada adoh lan marang kang pada tjedak.

18 Sabab marga saka Pandjenengané kita sakloron pada ndoewèni wewengan marek marang Sang Rama lantaran Roh sidji.

19 Kang ikoe kowé woes pada mari dadi wong neneka oetawa wong mondok, woes mandjing dadi wong toenggal bangsa karo para soetji lan mandjing brajaté Allah,

20 ija dadi padaleman kang kaa-