pratjaja ing Pandjenengané, -- pada kaetjap ing Roh Soetji kang kaprasetyakaké,
14 kang dadi pandjeré warisan kita, moerih temtoening kaloewarané para kagoengané, soepaja pinoedjia kaloehoerané.
aj. 3: 2 Kr 1:3; K1 1:5; 1 Pt 1:3.
aj. 4: Mt 13:35; 25: 34; Lk 1: 75; 11: 50; Jo 15:16; 17: 24; PR 13: 48; Ef 2: 10; 5:27; Kl 1:22; 1 Ts 1:4; 2 Ts 2:13; 2 Tm 1:9; Tt 2: 12, 14; 3:5; Ib 4:3; 9:26; 1 Pt 1:2, 20; Wj 13:8; 17: 8.
aj. 5: Jo 1: 12, 13; Rm 8:15; G1 4:5, 6; 1 Jo 3:1.
aj. 6: Mt 3:17; KI 1:13; 2 Pt 1:17.
aj. 7: Mt 20:28; Mk 10: 45; PR 20: 28; Rm 3:24, 25; 1 Kr 1: 30; Ef 2:7, 13; KI 1:14; 1 Tm 2: 6; Ib 9:12, 14, 22; 13:12; 1 Pt 1:18, 19; 1 Jo 1:7; 2: 2; Wj 5:9.
aj. 8: KI 1:9.
aj. 9: PT 29:29; Rm 11:33; 16:25; Ef 3:9; K1 1: 26, 27; 2 Tm 1:9, 10; Tt 1:2; 1 Pt 1:20.
aj. 10: PD 49: 10; Dn 9:24; 1 Kr 3: 22, 23; GI 4:4; Ef 3:10; KI 1:16.
aj. 11: PT 4:20; 29: 29; 32:9; Rm 8:17, 28-30; Éf 3:11; KI 1:12.
aj. 13: Rm 8:15, 16; 2 Kr 1:22; 5:5; Ef 4:30.
aj. 14: Pa 19:5; PT 7:6; 14:2; 26:18; PR 20:32; 1 Pt 2:9.
15 Moelané akoe iki sarèhné woes ngroengoe pawartané pratjajamoe marang Goesti Jésoes lan tresnamoe marang sakèhé para soetji,
16 ija ora pegat enggonkoe saos sokoer krana kowé, pada dakéling-éling sadjroné pandongakoe,
17 moega-moega Allahé Goesti kita Jésoes Kristoes, Sang Rama kang Mahamoelja, karsaa maringi Rohing kawitjaksanan lan ing wewengan marang kowé marga saka enggonmoe pada wanoeh marang Pandjenengané,
18 sarta maḍangaké mripaté atimoe, soepaja kowé pada soemoeroepa apa kang dadi doenoengé pangarep-arep kang wewinih saka enggoné nimbali. Lan kang dadi goenging kamoeljané warisan peparingé marang para soetji,
19 toewin saiba kaloewihaning kawasané toemrap ing kita kang pada pratjaja, mitoeroet sawabé kasantosaning kasektèné,
20 kang woes ditindakaké ana ing Sang Kristoes, nalika diwoengokaké saka ing antarané wong mati lan diprenahaké ing tengené ana ing swarga,
21 banget ngoengkoeli sedéngaha préntah lan pangawasa toewin pamisésa sarta pamengkoe, apadéné sedéngaha djeneng kang kaseboet, ora ngamoengaké ing djaman samengko, malah dalasan kang achir.
22 Karodéné manèh samoebarang kabèh woes diteloekaké ing sangisoré sampéjané, sarta Pandjenengané woes diparingaké marang pasamoean dadi sesirah kang nindihi samoebarang,
23 déné pasamoean ikoe kang dadi sarirané, kapenoehan déning kang menoehi samoebarang ana ing kabèh.
aj. 15, 16: Rm 1:8; 1 Kr 1:4; Fl 1:3; KI 1:3, 4; 1 Ts 1:2; 2 Ts 1:3.
aj. 18: PR 20: 32; 26: 18; K1 1: 5; Tt 2: 13.
aj. 19: 2 Kr 13: 3, 4; Ef 3:7; KI 1: 11, 29; 2:12.
aj. 20: Ms 110: 1; Jo 17: 2; PR 2:24, 34; 10:40; Rm 4:24; 6:4; 8:11; 10:9; 1 Kr 6:14; 15:15, 25; 2 Kr 4: 14; GI 1: 1; KI 2:12; 3: 1; 1 Ts 1: 10; Ib 1: 3, 13; 8:1; 10: 12, 13; 13: 20; 1 Pt 1:21; 3:22.
aj. 21: Fl 2:9; KI 1:16; 2: 10.
aj. 22: Ms 8:7; Mt 28: 18; Jo 13:3; 17: 2; 1 Kr 15: 27; Ef 4:15; 5: 23; KI 1: 18; Ib 2:8.
aj. 23: Jo 1:16; Rm 12:5; 1 Kr 12:27; Ef 3:10; 4:16; 5: 23, 30; KI 1:19, 24; 2: 9.
1 Anadéné ing maoené kowé pada mati marga saka panerak lan dosamoe,
2 kang bijèn dadi padolananmoe nalikané pada noeroeti ing alamé donja iki, noeroeti panggedéné para