Menyang kontèn

Kaca:Éfesoes.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

pada bisaa njembadani samasa tekané dina kang ala, lan sawoesé ngrampoengaké kabèh pada bisaa tanggoeh.

14 Kang ikoe pada dipanggah, lamboengmoe saboekana kajektèn, lan pada ngrasoeka kabeneran minangka keré,

15 sikilmoe nganggoa troempah tjoemaḍangmoe marang Indjilé tentrem rahajoe.

16 Woewoeh manèh pada njandaka tetamèng pratjaja, margané kowé bakal bisa njirep sakèhé bramastrané si pangawak doersila.

17 Karodéné pada nampanana tetopong karahajon lan pedangé Roh, ija ikoe pangandikané Allah.

18 Dikantènana ndedonga ing sawajah-wajah nganggo saroepané pandonga lan panjoewoen ana ing patoenggilané Roh, sarta moelané pada toegoera melèk lan ditegen enggonmoe pada ndongakaké sakèhé para soetji,

19 mengkono oega akoe, soepaja sawengané tjangkemkoe akoe kaparingana temboeng dinganti klawan kendel enggonkoe mratélakaké kekerané Indjil,

20 krana Indjil ikoe akoe dadi oetoesan kang karanté, ija soepaja daklairna klawan kendel, dikaja enggonkoe koewadjiban pitoetoer.

aj. 10: 1 Kr 16:13; Ef 3:16; 1 Jo 2:13.

aj. 11: 2 Kr 10:4; Ef 4:14; 1 Ts 5:8.

aj. 12: Mt 16: 17; Jo 12: 31; 14: 30; 16:11; 1 Kr 15:50; 2 Kr 4:4; GI 1:16; Ef 2:2; KI 1:13; 2:15; Ib 2:14; Jb 4:7; 1 Pt 5:8, 9.

aj. 13: 2 Kr 10:4.

aj. 14: Js 11:5; 59: 17; Lk 12:35; 2 Kr 6: 7; 1 Ts 5:8; 1 Pt 1:13.

aj. 15: Js 40:9; 52: 7; Nk 1: 15; Rm 10: 15.

aj. 16: 1 Jo 5:4.

aj. 17: Js 59: 17; 1 Ts 2:13; 5:8; lb 4:12; Wj 2:16.

aj. 18: Mt 26:41; Lk 18:1; Rm 12:12; KI 4:2; 1 Ts 5:17, 25.

aj. 19: PR 4:29; Rm 15:30; KI 4:3; 2 Ts 3:1; Ib 13:18.

aj. 20: PR 28: 20; 2 Kr 3:6; 5: 20; K1 4:4.

21-24. Panoetoep lan pamoedji slamet.

21 Anadéné soepaja kowé oega pada soemoeroepa moenggoeh akoe, keprijé kaanankoe, ikoe kabèh kowé bakal ditjritani déning Tichikoes, sadoeloer kekasih lan abdi kang toememen ana ing patoenggilané Goesti.

22 Pantjèn ikoe toedjoené enggonkoe ngongkon nemoni kowé, soepaja kowé pada soemoeroepa ing kaanankoe, lan soepaja atimoe pada dilipoera.

23 Tentrem rahajoe anaa ing para sadoeloer, lan katresnan kang kanti pratjaja, saka Allah Sang Rama lan Goesti Jésoes Kristoes.

24 Sih-rahmat noenggila ing wong kabèh kang pada tresna marang Goesti kita Jésoes Kristoes langgeng salawasé. Amin.

aj. 21: PR 20:4; KI 4:7; 2 Tm 4:12; Tt 3:12.

aj. 22: KI 4:8.

aj. 24: 1 Pt 1:8.