Menyang kontèn

Kaca:Éfesoes.pdf/1

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
LAJANG KIRIMAN SAKA
RASOEL PAOEL
MARANG PASAMOEAN ING

ÉFESOES


BAB 1.
1--2. Adangijah.

1 Lajangkoe Paoel, rasoelé Jésoes Kristoes awit saka karsané Allah, toemekaa marang para soetji kang ana ing Éfesoes lan kang pada pratjaja ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes.

2 Sih-rahmat lan tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Rama kita lan Goesti Jésoes Kristoes.

aj. 1: Rm 1:1, 7; 1 Kr 1: 1, 2; 2 Kr 1:1; GI 11; KI 1:1; 1 Tm 1: 1; 2 Tm 1: 1; Tt 1: 1.

aj. 2: Rm 1:7; 1 Kr 1:3; 2 Kr 1:2; GI 1:3; F1 1: 2; Kl 1:2; 1 Ts 1: 1; 2 Ts 1:2; Fm 3; 1 Pt 1: 2.

3--14. Pamoedji marang Allah.

3 Pinoedjia Allah kang Rama Goesti kita Jésoes Kristoes, kang woes mberkahi kita ana ing Kristoes nganggo saroepané berkah kasoekman kang ana ing swarga,

4 amarga woes milih marang kita ana ing Pandjenengané sadoeroengé djagad tinalesan, soepaja pada dadia soetji tanpa tjatjad ana ing ngarsané. Krana sih-mirma

5 enggoné woes nakdir kita ing sakeparenging karsané kaangkat dadi poetrané pijambak marga déning Jésoes Kristoes.

6 Soepaja pinoedjia kaloehoeraning sih-rahmaté, kang woes direntahaké marang kita ana ing Pandjenengané kang kekasih.

7 Ija ana ing Pandjenengané enggon kita pada kaparingan paneboes srana rahé, ija ikoe pangapoeraning panerak kang awit saka goenging sih-rahmaté,

8 kang woes diloebèraké marang kita klawan sagoenging kawitjaksanan lan patitising pangrèh,

9 déné kita pada kaparingan soemoeroep kekeraning karsané ing sakeparengé, kang woes dikarsakaké ing panggalihé pijambak.

10 Ija ikoe enggoné mranata diwasaning djaman, waktoené samoebarang kang ana ing swarga lan kang ana ing boemi kabèh digolongaké dadi sidji kawengkoe ing Sang Kristoes.

11 Ana ing Pandjenengané kita ija woes pada kapandoeman warisan, kang woes digadangaké dingin marang kita awit saka panakdiré Allah, kang nindakaké samoebarang mitoeroet ing kakantjinganing karsané,

12 soepaja kita, kang pada moerwani koemandel marang Sang Kristoes, pada dadia sranané panggoenggoenging kaloehoerané.

13 Ana ing Pandjenengané kowé oega, -- sawoesé pada ngroengokaké pangandikané kajektèn, ija ikoe Indjilé karahajonmoe, lan sawoesé