Galati
RASUL PAUL
MARANG PASAMUAN ING TANAH
ÉFESUS
1 Layangku Paul, rasul kang ora awit saka manusa, utawa marga déning manusa, nanging marga déning Yésus Kristus lan Allah Sang Rama, kang mungokaké Panjenengané saka ing antarané wong mati,
2 lan sakèhé para sadulur kang dadi kantiku, tumekaa marang pasamuan-pasamuan ing tanah Galati,
3 sih-rahmat lan tentrem rahayu anaa ing kowé saka Allah Sang Rama lan Gusti kita Yésus Kristus,
4 kang wus masrahaké sarirané krana dosa kita, supaya kita pada diluwarana saka ing jaman awal kang ala iki, miturut karsané Allah iya Rama kita,
5 kang kaluhurna langgeng ing salawasé. Amin.
6 Aku gumun déné kowé teka énggal temen paḍa nyingkur marang kang nimbali kowé marga saka sih-rahmaté Kristo es, tumimbal marang Injil liyané,
7 mangka ora ana liyané; mung ana wong sawenèh kang pada mbingungaké kowé, sarta sumeja ngowahi Injilé Kristus.
8 Nanging sanajan aku utawa malaékat saka ing swarga, menawa nggelarna Injil liyané kang wus pada dakgelaraké marang kowé, iku kenaa ing ipat-ipat.
9 Kaya enggonku wus pada tutur ing mauné, samengko aku iya tutur manèh Menawa ana wong kang nggelaraké Injil marang kowé liyané kang wus kotampani, iku kenaa ing ipat-ipat.
10 Ing samengko enggonku ngipuk-ipuk iku apa ta kirané manut sakarepé manusa, apa sakarsané Allah? Utawa apa aku mburu kasenengané wong? Saupama aku isiha mburu kasenenganing wong, mesți aku dudu abdiné Kristus.
11 Nanging para sadulur, kowé daksumurupaké yèn mungguh Injil kang dakgelaraké iku ora cara manusa.
12 Awit enggonku nampani iya ora saka ing manusa. Lan dudu manusa kang mulangaké marang aku, nanging enggonku nampani saka pamangsité Yésus Kristus.
13 Sabab kowé wus pada sumurup mungguh kalakuanku nalika isih manut tata Yahudi, yèn luwih banget enggonku nguya-uya sarta ngrusak marang pasamuan kagungané Allah.
14 Malah enggonku manut tata Yahudi mau nganti ngungkuli pada bangsaku akèh kang dadi barakan, pada dakonjoni ing bab taberi marang ila-ilané para leluhurku.
15 Nanging bareng Allah, kang wus miji aku wiwit saka wetengané biyungku sarta nimbali aku marga saka sih-rahmaté, wus kepareng ing karsa
16 nglairaké Kang Putra ana ing aku, supaya dakunḍangna ana ing antarané bangsa kapir, aku tumuli ora lumaku njaluk rembug marang daging lan getih,
17 lan ora munggah menyang ing Yerusalèm nemoni marang kang wus pada dadi rasul sadurungé aku. Nanging aku menyang ing tanah Arab, tumuli bali menyang ing Damèsèk manèh.
18 Sawusé mengkono antara telung taun aku banjur munggah menyang ing Yerusalèm, arep manuh marang Pétrus, sarta enggonku nunggal karo Pétrus mau limalas dina.
19 Mungguh para rasul liyané iku aku ora ketemu, kejaba mung Yakobus saḍèrèké Gusti.
20 Enggonku nulis marang kowé iku lah ana ing ngarsané Allah: Aku ora goroh.
21 Sawusé mengkono aku banjur menyang ing leladané tanah Siri lan Kiliki.
22 Mangka para pasamuan ing tanah Yudéa kang ana ing patunggilané Kristus pada ora wanuh marang aku,
23 mung pada ngrungu warta: Kang mauné nguya-uya marang kita, iku ing samengko nggelaraké piwulang bab pracaya kang biyèn diarah rusaké,
24 temahan pada ngluhuraké Allah ingatasé aku.
1 Sawusé mengkono antara patbelas taun aku banjur menyang ing Yerusalèm manèh kanti Barnabas, lan Titus iya dakajak.
2 Enggonku mrana mau awit saka kaparingan wangsit. Para sadulur ing kono banjur dakpratélani Injil kang dakgelaraké ana ing antarané bangsa kapir, lan para kang kajèn iku dakpratélani dedéwékan, supaya lakuku, aja nganti tanpa gawé.
3 Nanging Titus kang mèlu aku, sanajan wong Yunani, iya ora kapeksa tetak,
4 krana saka para sadulur dora. cara kang pada momor sambu, kang colongan lumebuné ngulataké enggon kita pada nduwèni kamerdikan ana ing patunggilané Kristus Yésus, pangarahé supaya kita pada dikawulakna.
5 Nanging sajam baé aku pada ora mingked teluk marang wong mau, supaya kayektèné Injil lulusa ana ing kowé.
6 Anadéné mungguh para kang kajèn, -- kaanané ing mauné ora dakpikir, Allah ora mawang wong -- kang kajèn iku pada ora mbubuhi manèh apa-apa marang aku.
7 Malah bareng pada weruh yèn aku kapitayan martakaké Injil marang wong ikutan, kaya Pétrus marang wong tetakan,
8. -- awitdéné kang paring pangawasa marang Pétrus kadadèkaké rasul tumrap ing wong tetakan, iku iya paring pangawasa marang aku ana ing antarané bangsa kapir, --
9 sarta bareng pada sumurup ing sih kang kaparingaké marang aku, Yakobus lan Kéfas tuwin Yokhanan, kang pada kaanggep minangka saka pikukuh, banjur pada njawati tangan marang aku lan Barnabas, minangka pratandaning patunggalan, supaya aku pada maranana bangsa kapir, lan déwèké marang wong tetakan.
10 Mung aku páḍa dipurih élinga marang wong miskin, mangka iku pancèn iya wus dakperlokaké.
11 Anadéné nalika Pétrus teka ing Antiokhi, dakpadoni adu-arep, awit ketitik keluputan.
12 Sabab sadurungé ana wong sawenèh pada teka saka panggonané Yakobus, Pétrus iku kembul mangan karo panunggalané bangsa ikutan. Mangka bareng satekané wong mau banjur mundur misah awit reringa marang wong panunggalané tetakan.
13 Sarta tekan wong Yahudi liyané iya pada mèlu sengadi, temahané dalah Barnabas iya kèlu ing sengadiné.
14 Nanging bareng aku weruh yèn lakuné pada ora bener, ora manut kayektèné Injil, Pétrus banjur dakwarah ana ing ngarepané wong kabèh mengkéné: Menawi sampéyan tiyang Yahudi manut tata-caranipun tiyang kapir, boten cara Yahudi, punapaa tiyang kapir teka sami sampéyan peksa manut tata-cara Yahudi ?
15 Sampéyan kaliyan kula dasar sami tiyang Yahudi, sanès tiyang dosa asal kapir, 16 nanging sarèhning sami sumerep bilih manusa punika enggènipun kasampurnakaken boten awit saking ayahanipun angger-angger, namung margi saking pitados dumateng Yésus Kristus, pramila sampéyan kaliyan kula inggih sampun sami pitados dumateng Kristus Yésus, supados kasampurnakna awit saking pitados dumateng Kristus, boten saking ayahanipun angger-angger. Mila mekaten amargi saking ayahanipun angger-angger mesti badé boten wonten tiyang kasampurnakaken.
17 Nanging menawi sampéyan kaliyan kula ingkang sami ngangkah kasampurnakaken wonten ing Kristus, inggih sami kepanggih dados tiyang dosa piyambak, punapa Kristus temah dados kawulanipun dosa? Punika amesti boten.
18 Awitdéné menawi ingkang sampun kula gempur punika kula bangun malih, dadosipun kula nélakaken bilih kula piyambak kelepatan. 19 Sabab margi saking angger-angger kula punika sampun pejah tumrap ing angger-angger, supados gesanga lumados ing Allah.
20 Kula sampun nḍèrèk kasalib kaliyan Kristus, sarta sampun sanès kula ingkang gesang, nanging Kristus ingkang gesang wonten ing kula. Déné sepinten gesang kula wonten ing daging samangké, punika enggèn kula gesang srana pitados dumateng Putranipun Allah, ingkang sampun ngasihi kula saha sampun masrahaken sariranipun krana kula.
21 Kula boten nampik sih-rahmatipun Allah. Ujer menawi wontena kasampurnan margi saking angger-angger dados sédanipun Kristus punika tanpa damel."
1 Eh wong Galati kang tanpa budi, sapa ta kang nyenyințung marang kowé, kongsi pada ora klawan ngèstokaké ing kayektèn ? Mangka Yésus Kristo es enggoné kasalib iku wus kaya katon ana ing pasawanganmu.
2 Kang arep daksumurupi saka ing kowé mung saprakara iki baé: Enggonmu pada nampani Roh iku apa awit saka ayahané angger-angger, apa saka pangunḍanging pracaya?
3 Teka nganti semono enggonmu pada tanpa budi. Sawusé miwiti Roh, apa saiki kowé pada mungkasi klawan daging?
4 Apa nglaha baé enggonmu wus pada ngalami nganti semono iku? Iya yèn mung mandega nglaha baé.
5 Anadéné kang ngganjar Roh marang kowé sarta nindakaké kasektèn ana ing kowé, iku apa awit saka ayahané angger-angger, apa saka pangunḍanging pracaya?
6 Upamané kayata: Abraham kumandel marang Allah, mangka iya iku kang kaétang dadi kasampurnané.
7 Kang iku kowé pada sumurupa yèn wong kang wewinih saka ing pracaya, iya iku kang dadi para putrané Abraham.
8 Anadéné Kitab sarèhné wus mirsa dingin yèn Allah bakal nyampurnakaké bangsa kapir awit saka pracaya, mulané ing mauné wus ngundangaké Injil marang Abraham, dawuhé: Sakèhé para bangsa bakal pada kaberkahan srana sira.
9 Dadiné wong kang wewinih saka ing pracaya iku pada mèlu kaberkahan karo Abraham kang kumandel.
10 Awitdéné sepira wong kang wewinih saka ing ayahané angger-angger, iku pada kebawah ing laknat. Amarga ana tulisan mengkéné: Kena ing laknat saben wong kang ora ngantepi samubarang kang katulisan ana ing Kitabé angger-angger klawan neja dilakoni.
11 Karodéné wus tetéla yèn ora ana wong kang kasampurnakaké ana ing ngarsané Allah srana angger-angger, amarga: Wong sampurna iku uripé awit saka pracaya.
12 Mangka angger-angger iku ora wewaton pracaya, nanging: Sapa wong kang nglakoni prakara iku, uripé marga saka iku.
13 Kristus wus nebus kita saka laknaté angger-angger, amarga dadi laknat piyambak krana kita, awit ana tulisan mengkéné: Kena ing laknat saben wong kang gumantung ing kayu.
14 Iku supayané: Berkahé Abraham tumekaa marang bangsa kapir jalaran saka Kristus Yésus, supaya srana pracaya kita pada nampanana Roh kang kaprasetyakaké.
15 Hé para sadulur, pituturku daknganggo upama cara manusa: Sanajan prajanjianing manusa lamun wus katetepaké, iku ora ana kang mbatalaké utawa kang nusuli.
16 Anadéné Abraham enggoné kadawuhan prasetya-prasetya iku dalah teḍaké. Dawuhé ora lan turun-turuné, kayaa tumrap wong akèh, nanging kaya tumrap wong siji: lan turunira, iya iku Kristus.
17 Karepku iku mengkéné: Prasetyan kang wus ditetepaké dingin déning Allah tumrap ing Kristus, iku mesți ora kabubrah marga déning angger-angger kang dumadiné kari antara patang atus telung puluh taun; nganti prasetyané kawurungaké.
18 Sabab menawa warisan iku gumantunga ing angger-angger, dadiné wus ora gumantung ing prasetya. Mangka Abraham enggoné kaparingan déning Allah iku srana prasetya.
19 Menawa mengkono, dunungé angger-angger kepriyé ? Iku kawuwuhaké krana saka panerak, kongsi tumeka rawuhé Sang Tedak kang wus kapresetyakaké mau, sarta kapranata déning malaékat kaampilaké ing astané pantara.
20 Anadéné mungguh pantara iku kang dipantarani ora mung siji, nanging Allah iku siji.
21 Kang iku apa angger-angger dadiné nyulayani ing prasetyané Allah? Mesți ora. Yèn ta anaa angger-angger kaparingaké kang bisa nguripaké, dadi satemené kasampurnan iku tuwuhé saka ing angger-angger.
22 Nanging Kitab wus nggolongaké sakabèhé marang pamengkuné dosa, supaya awit saka pracaya marang Yésus Kristus prasetya mau kaparingna marang wong kang pada pracaya.
23 Anadéné sadurungé tekané pracaya, kita pada kapasrahaké marang pangreksané angger-angger dadi sengkeran nganti tumeka ing waktuné pracaya kalairaké.
24 Dadiné angger-angger iku minangka pamomong kita nganti tumeka rawuhé Kristus, supaya kita pada kasampurnakna awit saka pracaya.
25 Nanging satekané pracaya kita wus pada mari kawengku ing pamomong.
26 Awitdéné kowé kabèh pada dadi putrané Allah srana pracaya marang Kristus Yésus.
27 Sabab sepira enggonmu wus pada kabaptis manjing patunggilané Kristus, iku kowe wus pada ngrasuk marang Kristus.
28 Ing kono ora ana Yahudi lan Yunani, ora ana batur tukon lan merdika, ora ana lanang lan wadon. Amarga kowé kabèh pada dadi siji ana ing Kristus Yésus.
29 Mangka menawa kowé pada kagungané Kristus, dadi pada trahé Abraham, lan pada ahli-waris miturut ing prasetya.
1 Nanging pituturku bab ahli-waris mau: salawasé isih bocah ora ana bédané apa-apa karo batur tukon, sanajan kang nduwèni samubarang,
2 nanging kawengku ing emban lan pamomong kongsi tumeka ing waktu kang wus kapesṭèkaké dingin déning bapakné.
3 Mengkono uga kita nalika durung diwasa, pada dadi batur tukon kawengku ing kamulaning piwulangé jagad.
4 Nanging bareng wus tutug geneping mangsa, Allah tumuli ngutus Kang Putra, kang miyos saka wong wadon, miyos kebawah ing angger-angger,
5 tujuné nebus marang kang pada kebawah ing angger-angger, supaya kita pada kaangkata dadi putra.
6 Mangka sarèhné kowé pada dadi putra, mulané Allah wus neḍakaké Rohé Kang Putra marang sajroning atimu, kang nguwuh: Abba, Rama.
7 Kang iku dadiné kowé wus dudu abdi, nanging putra, mangka menawa putra, iya dadi ahli-warisé Allah lantaran Kristus.
8 Nanging nalika semana, marga durung sumurup marang Allah, kowé pada ngawula marang kang jatiné dudu Allah.
9 Mangka ing saiki sajroné wus wanuh marang Allah, malah wus pada kawanuhan déning Allah, kepriyé déné kowé teka pada mbalèni marang kamulan kang apes lan papa, arep kokawulani manèh?
10 Kowé teka pada netepi dina lan sasi tuwin mangsa apadéné taun.
11 Aku nyumelangaké kowé, bok menawa nganti tanpa tuwas enggonku kangèlan ingatasé kowé.
12 Banget panjalukku marang kowé para sadulur, kowé bok pada dikaya aku, awit aku iya wus dadi kaya kowé. Kowé pada ora keluputan marang aku.
13 Nanging kowé pada sumurup yèn enggonku martakaké Injil marang kowé kang dingin iku jalaran saka kaapesaning daging,
14 lan bencanaku kang tumanduk ing dagingku iku ora nganti kocampahi utawa kogelani, malah aku kotampani kaya malaékaté Allah, iya kaya Kristus Yésus.
15 Kang iku apa ta sing koanggep dadi begjamu? Awitdéné kowé dakseksèni: menawa kenaa, kowé nganti pada nyuplakana mripatmu, kowènèhaké ing aku.
16 Apa ta aku dadi satrumu marga enggonku mituturi kowé kang sanyatané ?
17 Wong kuwé enggoné pada naberèni kowé ora becik pangarahé, malah sejané arep njabakaké kowé, supaya kowé pada naberènana marang déwèké.
18 Becik uga ana tumindaking taberi tumrap sabarang kang becik, angger salawasé, ora ngamungaké samasa aku ana ing kowé baé.
19 Duh anak-anakku, kang lagi dakuwataké manèh klawan nglarani, nganti tumeka Kristus kawarna ana ing kowé.
20 Nanging pangajapku bok saiki aku anaa ing kowé lan bisaa ngowahi swaraku sabab atiku judeg ingatasé kowé.
21 Mara pada tutura ing aku, kowé kang arep kawengku ing Torèt, apa pada ora ngrungokaké ing Toret?
22 Awit ana tulisan yèn Abraham kagungan putra loro, siji saka ing pawongan, sijiné saka ing padmi.
23 Nanging kang saka ing pawongan iku wiyosé tata daging, balik kang saka ing padmi iku marga saka prasetya.
24 Iku ngemu pralambang nyemoni prajanjian loro, kang siji saka ing gunung Sinah, kang anak-anak pada batur tukon, iya iku Agar.
25 Sabab mungguh Agar iku iya gunung Sinah ing tanah Arab, kang cunduk karo Yerusalèm kang saiki, awit iku dadi éwoning batur tukon saanak-anaké.
26 Nanging Yerusalèm kang ana ing luhur iku padmi, iya iku kang dadi ibu kita.
27 Awitdéné ana tulisan mengkéné: Hé wong gabug kang ora anak-anak, sira bebungaha. Hé wong kang ora tau nglarani, sira giyak-giyaka lan nguwuh-uwuha, amarga akèh anaké kang ijèn, kèhé ngungkuli kang duwé laki.
28 Déné kita para sadulur pada dadi anaking prasetya kaya déné Iskak.
29 Nanging pada kaya nalika semana, kang lairé tata daging nguyauya marang kang tata Roh, mengkono uga ing samengko.
30 Mung wiraosé Kitab kepriyé? Pawongan iku tundungen saanaké, sabab anaké pawongan iku ora pisan bakal mèlu kapanduman warisan karo anaké padmi.
31 Kang iku para sadulur, kita pada anaké padmi, dudu anaké pawongan.
1 Mulané pada dimantep ing kamerdikan peparingé Kristus kang wus merdikakaké kita, lan aja kongsi kaetrapan pasanganing pangawulan manèh.
2 Lah aku iki Paul pitutur ing kowé: Menawa kowé pada lumaku ditetaki, Kristus dadi bakal ora maédahi apa-apa marang kowé.
3 Lan manèh aku nyeṭakaké marang saben wong kang lumaku ditetaki, yèn dadi kejibah nglakoni ing angger-angger satamaté.
4 Kowé wus pada kauwalaké saka Sang Kristus, sepira kang pada ngarah kasampurnakaké marga saka angger-angger, kowé wus pada kesingsal saka ing sih-rahmat.
5 Sabab marga déning Roh lan awit saka pracaya enggon kita pada nganti-anti marang kasampurnan kang kaarep-arep.
6 Ujer ana ing patunggilané Kristus Yésus iku: dadia tetak, dadia ikutan, pada tanpa guna, mung pracaya kang nglakoni gawé srana katresnan.
7 Enggonmu wiwit lumayu biyèn wis becik. Sapa kang ngaḍangadangi kowé, nganti pada ora ngèstokaké ing kayekten?
8 Pangrimuk kang mengkono iku ora saka kang nimbali kowé.
9 Ragi munga sațițik iku rumasuk marang sajladrèn kabèh.
10 Ana ing patunggilané Gusti aku iki duwé pangandel ingatasé kowé, yèn kowé bakal pada ora séjé pangrasamu. Nanging sapa-sapaa kang mbingungaké kowé iku bakal nyangga paukumané.
11 Déné mungguh aku iki, para sadulur, saupama isih mulangaké bab tetak, généa teka isih dikuya-kuya? Yèn ta mengkono, dadi sandungan kang krana salib iku rak wus kasingkiraké.
12 Kang pada nggègèraké kowé iku bok iya pada gebiria pisan baé.
13 Awitdéné para sadulur, enggonmu pada katimbalan iku marang kamerdikan. Mung kamerdikan iku aja dadi dadakan marang daging, nanging pada ladèn-linadènana srana katresnan.
14 Sabab angger-angger sakabèhé iku katetepané ing pitembungan siji iki: Sira tresnaa ing sapepadanira dikaya marang awakira déwé.
15 Nanging menawa kowé pada kerahan lan mangsa-minangsa, pada diawas, aja kongsi tumpes-tinumpes.
16 Anadéné pituturku: Lakumu pada manuta marang Roh, temahan kowé bakal ora nuruti kapéncuting daging.
17 Sabab karepé daging iku nyulayani marang Roh, lan karsané Roh nyulayani marang daging. Sakaroné iku pada lelawanan, temah kowé pada ora nglakoni kang kokarepaké.
18 Nanging menawa kowé pada katuntun déning Roh, dadi pada ora kebawah ing angger-angger.
19 Anadéné panggawéné daging iku wus pada tetéla, kayata: bandrèk, jina, laku rusuh, pambluntah,
20 panyembah ing brahala, panenungan, sesatron, tukar padu, memèrènan, brangasan, cecongkrahan, sesulayan, bebèncèngan,
21 drengki, gawé pati, endemendeman, jibar-jibur sapanunggalané. Bab prakara iku kowé pada dakprasabeni, kaya enggonku iya wus prasaben ing mauné, yèn wong kang nglakoni mengkono iku bakal paḍa ora olèh warisan kratoné Allah.
22 Balik mungguh pamedalé Roh iku kayata: kayata katresnan, kabungahan, atut-rukun, kasabaran, paramarta, kabecikan, katemenan, sarèh, sumirih.
23 Ora ana angger-angger nglawan kang mengkono iku.
24 Anadéné wong kagungané Sang Kristus iku wus pada nyalib marang daging dalah hawa-nepsu lan kapéncuté.
25 Menawa urip kita marga déning Roh laku kita iya dipada marga déning Roh.
26 Kita aja pada mburu aleman, aja paratantang lan jejailan.
1 Hé para sadulur, dadia menawa ana wong kang kedadak kena ing seḍéngah kaluputan, kowé kang kasukman pada mulihna wong kang mengkono iku klawan sarèh ing budi, nganggoa wewéka awakmu déwé, aja nganti kowé iya kena ing panggoda uga.
2 Pada sangkul-sinangkula ing bot-répot, dikaya mengkono enggonmu pada netepi angger-anggeré Sang Kristus. 3 Sabab menawa ana wong kang rumasa aji, mangka ora ana ajiné, iku dadi ngapusi awaké déwé.
4 Nanging saben wong ndadara pagawéané déwé, mengkono bakalé ana landesaning panggunggungé mung tumrap ing awaké déwé, ora tumrap ing wong liya.
5 Awit saben wong bakal mikul pikulané déwé.
6 Lan sapa wong kang nampani piwulang bab pangandika, iku mandumana sabarang darbé marang kang mulang.
7-10. Bab nyenyebar lan ngunduh.
7 Aja pada kesasar, Allah ora kena digawé geguyon. Ujer apa kang disebar ing wong, ora liya iku kang bakal dienèni.
8 Awit sapa wong kang nyenyebar ing dagingé déwé, iku bakal ngenèni karusakan saka ing daging. Balik sapa kang nyenyebar ing Roh, bakal ngenèni urip langgeng saka ing Roh.
9 Nanging kita aja nganti kemba enggon kita pada nglakoni kabecikan. Sabab ing kala mangsa kang pinesți kita bakal pada ngenèni, angger ora kongsi kendo.
10 Kang iku mumpung kita pada kaur, payo pada gawé becik marang wong kabèh, malah-malah marang kang pada nunggal pracaya.
11 Pada delengen, sepira geḍéné tulisan tapak tanganku iki.
12 Sakèhé wong kang sumeja gawé semu becik mungguh ing lair, iku paḍa nandukaké pameksa marang kowé supaya pada lumakua ditetaki, pamurihé mung aja kongsi pada dikuya-kuya krana salibé Sang Kristus.
13 Awitdéné sanajan wong kang pada laku tetak iku déwé iya ora netepi ing angger-angger, nanging mulané kowé dipurih tetak, supaya pada gumunggunga ing bab dagingmu.
14 Balik mungguh aku iki aja pisan yèn gumunggunga, kejaba mung bab salibé Gusti kita Yésus Kristus, kang dadi margané jagad wus kasalib ingatasé aku, lan aku ingatasé jagad.
15 Sabab ana ing patunggilané Kristo es Yésus iku: dadia tetak, dadia ikutan, pada tanpa guna, mung titah kang anyar.
16 Déné sepira kang lakuné bakal pada manut ing waton mengkono, tentrem rahayu lan palimirma ngayomana ing wong iku, iya marang Israèl kagungané Allah.
17 Wasanané aja ana wong kang makéwuhi aku, sabab aku iki nandang tanda ciriné Gusti Yésus ana ing badanku.
18 Hé para sadulur, sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus nunggila ing sukmamu.
Amin.
Delengen uga
[besut]- Alkitab/Jansz/Galati (index)
- Kitab Sutyi Prejanjian Anyar/Galasia
- ꦒꦭꦱꦶꦪꦴ: 1 • 2 • 3 • 4 • 5 • 6