Babad Solo
BABAD
SOLO
KAIMPUN DENING R.M. SAJID
Kawedalaken dening Rekso Pustoko Perpustakaan Istana Mangkunagaran
SOLO
Wiyosipun, kula ngaturi pirsa menggah isining serat punika bakunipun nyariosaken kawontenanipun Surakarta ing jeman kina, bab tata-caraning Karaton Kejawèn wiwit tahun 1746 dumugi tahun 1942 Masehi; sadaya wau nemung kula ringkes kapandhet ingkang perlu-perlu kémawon.
Wontenipun kula nyerat bab punika, namung saperlu badhé ngungkapaken carios lelampahan ingkang sampun sami kapendhem, ingkang tumrapipun jaman sapunika namung kantun dados dedongéngan kémawon. Anak putu ingkang kapingin nyumerepi kawontenanipun kitha Sala saha Karatonipun tuwin dedongénganipun mbokbilih cekap maos buku punika kémawon, awit kados-kados serat punika sampun nama cathetan ingkang jangkep.
Menggah panyerat kula punika mawi waton methik-methik saking serat-serat kina, Babad, Pèngetan sarta serat sanès-sanèsipun, ingkang wonten sambetipun kaliyan carios kawontenanipun nagari Surakarta.
Ing sarèhning sapunika kathah wisatawan ingkang sami andhatengi kitha Sala, kados-kados serat punika wonten paédahipun, awit saged kanggé suka pitedah dhateng para tamu.
Ing wasana serat punika mugi dadosa pèngetan ing bab carios kawontenaning kithanipun nagari Surakarta Hadiningrat ingkang kondhangipun nama kitha Sala.
Kebonan Kadipala III/19, Sala
(seniman)
Miturut Sumber Jawi
Kula nuwun, menggah ingkang dados purwaning carios punika nalika alan jumeneng-dalem Sampeyan-dalem Ingkang sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping II, ingkang ngadhaton ing negari Surakarta, salinggaripun saking nagaridalem ing Kartasura déning wontenipun dahuruning praja. Sanajan saged wangsul jumeneng Nata malih, nanging penggalih-dalem sakalangkung singkel (prihatos) angraosaken risaking nagari, saha risaking Keraton-dalem saisinipun, prasasat sirna sadaya. Amila saking kaparenging karsa-dalem badhé pindhah Karaton saking nagari Kartesura;. ing dhusun pundi ingkang proyogi kagen pindhah Karaton wau. Enggaling carios, Sri Naréndra lajeng utusan anitik pasitên mangétan.
Miturut ingkang kasebat ing serat pèngetan anggitanipun suwargi PANGERAH WIJIL kaping I ing Kadilangu — ingkang sumaré wonten ing Hastana Lawiyan Surakarta, pujangga dalem Sumpeyan-dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana II saha pujangga-dalem Sampêyan-dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwena kaping III — kados ing ngandhap punika:
Ingkang kautus nitik pasitên ingkang prayogi wau PANGERAN WIJIL; déné ingkang kautus anitik siti ingkang wangi abdidalem Suranata nama KYAHI KALIPAH BUYUT; ingkang kautus numbali badhénipun nagari MAS PANGULU PEKIK IBRAHIH; ingkang kautus masang bakuh-bakuhing praja pujangga KYAHI TIRTAWIGUNA.
Proyagung sekawan wau sasampunipun mundhi dhawuh pa— [ 4 ]ngandika-dalem, lajeng sami bidhal dhateng sawétaning nagari. Boten watawis dangu angsal titikan pasitèn ingkang sakalangkung pélag (saé) sarta sitinipun wangi; katelah ingriku kasebat namaning dhusun Talawangi (ing sapunika nama Kadipala), lajeng dipun babadi ngantos waradin, tuwin lajeng dipun cengkal dados pakamanganing Kadhaton.
Kyahi Tumenggung Tirtawiguna mawa ukuraning nagari boten pikantuk, kagalih kirang bawéranipun; karembag malih ingkang dados prayogining lampah, sampun ngantos boten angsal damel.
Pangeran Wijil lajeng anitik pasitèn nalih, sani dhateng ing Sala. Pangéran Wijil kaliyan Kyahi Tumenggung Tirtawiguna tansah prihatos; èsthining panggalih nyenyuwun sagedipun raharja badhéning Kadhaton. Prayagung kekalih sami manungku puja wonten satepining Kedhung Kol, lajeng angsal wangsiting Gusti Ingkang Murbeng Bawana. Makaten ujaring suwara:
“Hèh kang padha manungku puja, yèn désa Sala iku wis pinasthi bakal dadi nagara gung, luwih karta raharja. Ananging katemun karo Kyahi Gedhé Sala; ing kono kang sumurup mula-bukane ing nguni-uni."
Satelasing wangsit Pangéran Wijil lajeng késah dhateng Kedhung Kol, mangilèn dhateng ing dhusun Sala.
Sadumuginipun ing dhusun Sala, Pangéran Wijil kaliyan Kyahi Tumenggung Tirtawiguna malebet ing pakaranganipun Kyahi Gedhé Sala, sakalangkung bingahing manah. Kyahi Gedhé Sala énggal amethukaken utusaning Nata, lajeng kadhèrèkaken malebet ing griya.
Sareng sampun sami satata lenggah, ingriku sami rerembagan kalampahanipun ing damol badhé nitik titining paneca dhusun Sala. Kyahi Gedhé Sala matur kawontenanipun ing jaman rumiyin :
“Dhuh sang Pangéran, mbokmanawi kapareng midhangetaken lepiyan ing ngajeng; makaten saking kaèngetan kula. Kala jaman nagari ing Pajang putranipun Tumenggung Mayang séda kasilayah (kawesi asat) ing Ratu, awit kalepatan déning panjenengan-dalem Nata. Kiwesi asat kasulayah dumigi pejah. Wangké kalurung wonten ing lèpèn Pépé, kasangsang wonten sawétaning siti Sala. Kala samanten bekelipun ing dhusun ngriku nama Kyahi Sala; pramila lajeng katelah dhusun Sala. [ 5 ]Ingriku Kyahi Sala pinuju dhateng lèpèn; sareng wuninga bathang kasangsang, lajeng kalorogaken manengah dhateng panggénan toya ingkang ilinipun santer. Wanci sonten anggènipun ngilékaken.
Sareng énjing sampun wangsul melih dhateng panggénanipun kasangsang wau. Ngantos rambah kaping tiga anggènipun ngèlèkaken. tansah wangsul kémawon. Bekel Sala sakalangkung ngungun. Kunarpa lajeng mangsit makaten :
"Hèh Kyahi. ingsun iki aja sira siya-siya. Becik pitulungana. Pendhemen ana sakuloné désa Sala, amarga kramat ingsun ana sajroning nagara agung karta raharja salawasé tan kena binedhah."
Enggalipun, wangké lajeng kapetak wonten sakilèning dhusun Sala, katelah nama kramat KYAHI BATHANG, sarta saben dinten malem Jumuwah tuwin Anggara Kasih nurub amadhangi dhusun. Lajeng kapepetri ing tiyang kathah minangka popundhèn. Manawi pinuju kasusahan sami nyuwun idi luwaring sungkawa, wusana sami kasembadan mangrih suka raharja, ngantos sapriki taksih ngreda mangunahipun.”
Kacarios Pangéran Wijil saha Tumenggung Tirtawiguna tuwin Kyahi Kalipah Buyut sarta Mas Pengulu Pekik Ibrahim sami suka ing panggalih, anyipta badhé kasembadan sedyanipun, lajeng sami mangkat dhatong kramatipun Kyahi Bathang.
Sadumuginipun ingriku sami nyumerepi papan katingal bawéra, asri tiningalan, ananging kuciwanipun celak rawa langkung lebet awiyar. Prayagung sekawan sakalangkung èmeng ing galih, lajeng sami wangsul atur uninga dhumateng Ingkang Sinuwun, kadhèrèkaken Kyahi Gedhé Sala.
Pangéran Wijil matur sadaya sarèhning dinuta. Ingkang Sinuwun sareng miyarsa, sakalangkung ngungun ing panggalih, lajeng nimbali KYAI TOHJAYA kaliyan KYAHI YASADIPURA sapisan, semi kadhawuhan manah sagedipun dados nagari. Kadhawuhan sami nimbang ing dhusun Sala, angubengi rawa agung sakalangkung saé. Kawawas Tirta Kamandanu ingkang dumunung ingriku, sarta panguda-rasoing panggulih sampun kapanggih :
“Dhuh Ingkang Sinuwun, dhusun Sala sampun pinanggih, ukuranipun sakalangkung saé, namung ngudi pepetipun ing kang rawa. Manawi sampun pepet, gampil pangukuripan pasiten kekalih wau." [ 6 ]Ingkang Sinuwun kapinudyèng panggalih, lajeng nimbali KYAHI TUMENGGUNG HANGGAWANGSA. Sanalika Kyahi Tumenggung Hanggawasa lajeng sowan ing ngarsa-dalem; winartosan saliring karsa Nata, miwah lampah-lampah nitik badhé pindhahing Praja. Aturipun Tumenggung Hanggawangsa: "Prayogi karembang ing nagari."
Ingkang Sinuwun lajeng nimbali ADIPATI PRINGGALAYA marek ing ngarsa-dalem; sampun dhinawuhan saliring rèh sadaya. Sang Adipati matur sandika, lajeng mundur.
Sadamugining dalem Kapatihan lajeng karembag kaliyan para Nayaka jawi lebet sadaya. Ngantos samadya candra anggèning rerembagan. Pinanggihing rembag, ingkang prayogi kagem nagari saé kaliyan wecaning jangkanipun ing dhusun Sala.
Déné ingkang kapilih kawitan inggih punika dhusun KADIPALA. Jangkanipun sanadyan papan saé boten ledhok, nanging jangkanipun énggal risak.
Wonten malih ingkang katitik mangetan: dhusun SAHASEWU. Tanah lempar waradin, kawantunaken dhateng Kyahi Tumenggung Hanggawangsa, kirang prayogi, amarga tiyang Jawi badhé ngrasuk agami Buddha malih, tansah tukar kaliyan rowang. Ingkang kautus lajeng wangsul dhateng Kartasura, lapur ing Sang Nata.
Dhawuh-dalem sampun marengaken, dhusun Sala lajeng dipun babadi, namung kapendhet sapinten wiyaripun ingkang kénging kagem Kadhaton dalah padalemanipun para Pangéran tuwin para punggawa.
Sasampunipun lajeng damel serat ingkang badhé kadhawuhaken dhumateng Bupati mancanagari. Sadaya Bupati mancanagari ing bang wétan saha kilèn sami kapundhutan ladosan balok. Kathah kedhiking ladosan balok miturut ageng aliting nagarinipun piyambak-piyambak. Sareng balokipun sampun ngalempak, lajeng kacemplungaken ing rawa ngantos saged kebak waradin sadaya. Namung kantun talenging rawa dèrèng saged pampet, amargi kalebetan balok pinten kémawon tansah sirna. Malah saya ageng wedaling toya, lubèr mbalabar kados saganten.
Pangéran Wijil, Kyahi Kalipah Buyut saha Pengulu Pekik Ibrahim sami nimbali sarat pujamantra, meksa tanpa daya. Malah medal GERÈH PÈTHÈK-ipun miwah GEREH LAYUR tuwin [ 7 ]isèning samodra. Sadaya ingkang tumandang sami giris, angunduri. Kyahi Tohjaya miwah Kyahi Yasadipura sakalangkung sungkawa. Pangéran Wijil lan para alim sadaya tansah mbudi sarana, nanging boten kandheg agenging toya.
Pangéran Wijil sarta Kyahi Yasadipura sami menekung wonten sawétaning telenging rawa, ingkang kaleres sakiduling Kedhung Kol. Cinarios anggènipun manekung Pangéran Wijil sarta Kyahi Yasadipura ngantos pitung dinten pitung dalu boten dhahar boten saré, lajeng amiyarsa swara makaten :
“Hèh kang mangun subrata. Wruhanira, teleng iku mulané ora bisa pampet, amarga tembusané Sagara Kidul. Déné yèn sira udi pampoté teleng mau, kang dadi saranane : Tambalen GONG Kyahi SEKAR DLIMA (Sekar Dalima) karo “RONING LUMBU lawan SIRAHING TALÈDHÈK. Ing kono bisa pampet telengé, ananging ing tembé dadi kedhung ora nili ora asat, ajeg banyuné; ora kena dipampet salawas-lawasé."
Telas ujaring swara, Pangéran Wijil miwah Kyahi Yasadipura lajeng sami amudhar puja bratanipun. Wekasan Pangéran Wijil ngandika dhateng Kyahi Yasadipura bisik-bisik: nyariosaken anggènipun angsal wisikipun Sang Hyang Suksma Kawekas, sampun kacariosaken sadaya. Ingkang jinarwan langkung suka. Pangéran Wijil lajeng dhawuh dhateng Kyahi Yasadipura :
"Bésuk iki yèn wus dadi praja, kowé bebakala nèng sakiduling Kedhung Kol. Sapa-sapa kang omah ing kono, anak putuné teken buyuté pada bisa negar sarta rosa santosa."
Kyahi Yasadipura angèstokaken.
Kacarios anggènipun tampi wisik Pangéran Wijil kala malem Anggara Kasih wulan Sapar kaping 29, ing tahun Jimawal angka 1669.
"Sareng bangun énjing lajeng mantuk, angunjuki wuninga ing Sang Nata. Punapa kawontenanipun kaunjukaken sadaya. Sareng sang Nata nampèni unjukipun prayagung kekalih wan, kèndel sawatawis lajeng angandika makaten :
[ 8 ]"TALEDHEK iku dhuwit ringgit, tegesé: saleksa. Déné GONG iku tegesé: gangsa, lambé. Lambé iku uni. Wutuhing bebasan: kérasan gong Kyahi Sekardalima, dadi sekaring lathi. Sarèhning kang ngandharaké mula bukané mau Kyahi Gedhé Sala, mulané sake panimbanging udanagara, Kyai Gedhé Sala kabener anampani sisirah dhuwit, kèhé saleksa ringgit, minangka liliruné pulo kang dadi désa taken rawané."
Enggaling carios, Kyahi Gedhé Sala sampun anampèni kucah dalem arta kathahipun saleksa ringgit. Sarang sampun katingal arta langkung kathah, in manah marwata suta, lajeng nyuwun lilah-dalem tumindak ing damel amepeti telenging rawa. Ingkang Sinuwun ngidini.
Kyahi Gedhé Sala manekung wonten daganipun Kyahi Bathang katrimah panekungipun; kaparingan sarana warni Sekar dalima sarta kaliyan godhong lumbu, lajeng kacemplung aken salebeting kedhung. Lajeng angerigaken tiyang pinten pinten. Tiyang sami rinoban ing arta, sami tumandang. Sanalika radi pampet toyanipun, nanging toyanipun dèrèng kèndel ilinipun. Lajeng katumpangan Ingkang Sinuwun munajat ing madya ratri wonten satepining toya. Lajeng mirut ilining toya, kantun membleg-membleg kémawon ngantos sapriki. Sarta lankung angker (gawat) saking patilasanipun Ingkang Sinuwun nalika karsa munajat wonten ingriku.
Enggaling carios sampun paripurna. Ing nalika Ingkang Sinuwun munajat, boten wonten ingkang nyumerepi kajawi Pangéran Wijil kaliyan Kyahi Yasadipura, ingkang lajeng andhèrèk munajat ing pengkeran-dalem.
Wekdal Kyahi Gedhé Sala masang isarat ron lumbu kaliyan sekar dalima, sareng dhumawah telenging toya, tumunten asat. Lajeng kathukulan witing lumbu. Katelah dumugi sapunika sareng dados pakampungan karanipun kampung KEDHUNG LUMBU.
Sasampunipun makaten, lajeng waradin siti tumumpang bawéra. Lajeng cinengkal ukuring nagari déning tuwan Mayor Baron Van Hohendorff, kanthi Patih Adipati Pringgalaya, Kyahi Tumenggung Hanggawangsa, Kyhai Tumenggung Mangkuyuda tuwin Kyahi Tumenggung Tirtawiguna.
Ingkang nyipat kencenging Karaton Pangéran Wijil kanthi Kyahi Kalipah Buyut.
Ingkang ngukur adu manising Karaton Kyahi Yasadipura kaliyan Kyahi Tohjaya. Sampun rampung karanganipun. Saking dhawuh-dalem siti Talawangi kadhawuhan andhudhuki kanggé angurug Kadhaton.
[ 9 ]Dados siti Talawangi kaliyan siti Sala kalih-kalihipun sami kanggé. Terang dhawuh-dalem lajeng dipun yayasani Kadhaton sapanunggilanipun.
Abdidalem lurah undhagi sami anggarap. Ingkang sami dados kamisepuhipun undhagi KYAHI PRABASANA kanthi KYAHI HARYASAMA, KYAHI RAJEGPURA, KYAHI SRIKUNING kanthi bausuku mancanagari. Ingkang anjanengi ADIPATI PRINGGALAYA kanthi Bupati njawi-lebet sedaya. Sampun paripurna rakiting nagari, ananging kala samanten dèrèng pinageran banon; saweg jaro bethik kémawon ingkang kanggé dandos-dandos. Dadosing nagari SURAKARTA HADININGRAT sinengkalan "Sirnaning Resi Rasa Tunggal" (1670).
Kacarios kala samanten Adipati Pringgalaya sampun anampèni palapuranipun abdidalem ingkang sami andadosi Kadhaton sampun paripurna. Para Nayaka sekawan langkúng suka, lajeng nyaosi dhumateng Sampeyandalem anyaranani Kadhaton.
Ingkang Sinuwun karenan ing galih, lajeng dhawuh mundhut brana tuwin arta, kaparingaken Adipati Pringgalaya; nyambut naringaken dhateng abdidalem ingkang mentas nyambut damel. Sang Kindya Kantri matur sandika badhé nampèni kucah-dalem.
Ingkang Sinuwun karenan ing galih, lajeng dhawuh mundhut brana arta, kaparingaken Adipati Pringgalaya; kadhawuhan maringaken dhateng abdidalem ingkang mentas nyambut damel. Sang Nindya Hantri matur sandika badhé nampeni kucah-dalem.
Sadumuging njawi ganjaran-dalem wau lajeng kabagé ingkang sami nggarap sadaya, sampun warading. Para Wadana Kaliwon, Panèwu, Mantri, Lurah, Bekel, Jajar, sami suka nuwun sami anampi ganjaran.
Sareng antawis dinten Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping II animbali sang pujangga Tumenggung Tirtawigua kaliyan Pangéran Wijil. Risang kekalih sampun manjing pura, mareg ingarsa-dalem. Ingkang Sinuwun andangu dhumateng Tumenggung Tirtawiguna kaliyan Pangéran Wijil. Dhawuhing pangandika-dalem :
"Heh Tumenggung Tirtawiguna, marnane sira ingsung timbali marang ngarsaningsun, sarta sira Pangéran Wijil, padha ingsung pundhuti susurupan, apa kang dadi kupiya sarta isaraté panjenenganingsun ngalih nagara iki."
Unjukipun Tumenggung Tirtawiguna :
"Kawula nuwun. Menggah ingkang dados isaratipun :
(I). Nalika panjenenganipun nata binathara PRABU YUDAYAKA pindhah Yawastina, makaten sarananipun: [ 10 ] Pala kasimpar, pala gumentung, pala adeg, saha seseka- ran ingkang wangi-wangi sinajèkeken rumiyin wonten ing Kadhaton énggal; per pandhita resi sapanunggilanipun sami mumuji astuti sadinten sadalu; luwar ing murudyas- tawa, sang Nata lajeng pindhah; sarawuhing Purantara lajeng bujana sagarwa putra wadyabala.
(II). Kaping kalih: Sang Prabu AJIPAMASA ing Kedhiri pin- dhah dhateng nagari Witaradya. Ingkang dados pindhah praja inggih punika tumpeng rarajengan, teges- ipun: tumpeng sèwu iji şinungan ulam suku sarta ulam dharat, ulam lèpèn, ulam rawa, ulam benawi, ulam mabur (bangsaning peksi), jajanganan warni-warni, wewah was- tra (sinjang) titigasan (anjar). Sereng pindhah Karaton inggih andrawina sawadyabalu.
(III). Kaping tiga: Prabu DEWATACENGKAR ing nagari Men- dhangkamulan kilèn, pindhah dhateng Mendhangkamulan wé- tan. Sarananipun inggih sami kaliyan panjenengan keka- lih wau, namung kewewahan gecok mentah, kapasang sadaya ing pojok Kadhaton saha prapataning margi ageng-alit. Tutupipun inggih bujana.
(IV). Kaping sekawan: Prabu BANJARANSARI ing Pajajaran pin- dhah dhateng Galuh, saranipun pindhah nagari kados pa- ra Nata wau, namung wewah: Sang Nata kaliyan pranèswari- nipun ngagem busana titigasan (anyar) kados déné pangan- ten dhaup, tuwin rerenggan turut margi; sarta sadaya Na- yaka, para Satriya sapanunggilanipun sami sarimbitan sa- daya, ngrasuk busana kados déné pangantèn sapeken. Tu- tuping pindhah inggih amangun suka."
Telas aturipun Tumenggung Tirtawiguna kaliyan Pangéran Wijil, Ingkang Simuwun karenen ing panggalih lajeng ngan- dika: "Hèh Tirtawiguna lawan Pangéran Wijil kang dadi ku- piyaning Nata ngalih kedhaton; catur narendra mau ing- sun amuwuhi unton-unton sarta raracikan lan rarajungan."
Ingkang dados kersa-dalem sampun kadhawuhaken sadaya. Naya- ka kekalih jumurung ing karsa Nata, lajeng kadhawuhaken dumateng Adipati Pringgalaya kapranata ing nageri.
Ingkang dipun rumiyinaken alih-alihan: 1) kagungandalen ..os pantun; 2) saubarampénipun pawon isi bumbu-bumbu sapa[ 11 ]nunggilanipun; 3) kagungan-dalem pitik iwèn sapanunggilanipun; 4) kagungan-dalem kéwan suku sekawan; 5) kagungan-dalem bekakas. Déné kagungan-dalem rajabrana tuwin arta sareng kaliyan Ingkang Sinuwun.
Kacarios Praja énggal karengga asri raras: saben konten kandèkèkan krun (gapuran) karengga ing sesekaran; tuwin margi prasekawanan sami kandèkèkan plengkung pandam sèwu (dilah sèwu); umbul-umbul daludag bandéra urut margi; saben sa-onjotan dipun dèdèki turub wawangunan mawi tutuwuhan sarta suréndra angrangin (gamelan munya ngrangin). Ingriku uparengganing Kadhaton sapamunggilanipun Sarwa amepeki, miwah balé-balé sungkep sauparengganipun sadaya.
Déné warninipun sajèn: gecok kecapa, bekakak ulam, deling sadhapur, penyon sunglon sapamunggilanipun, sarta robyongan: 1) robyong Sekar, 2) robyong pradapa, 3) robyong kinang, 4) rokok robyong, 5) robyong konyoh.
Déné warnining tumpeng: 1) tumpeng megana, 2) tumpeng Jenita, 3) tumpeng urubing damar, 4) tumpeng sasrah, 5) tumpeng rawoh, 6) tumpeng rajekan, 7) tumpeng Rukmi, 8) tumpeng lulur, 9) tumpeng lulus, 10) tumpeng giling, sarta jajanganan warni-warni.
Déné ulam-ulamanipun: ulam Tawang (bangsaning manuk), ulam loh (ulam Toya), ulam dharatan (bangsaning wedhus, sapi, kebo).
Déné warnining jenang: 1) jenang abrit, 2) jenang pethak, 3) jenang salaka, 4) jenang manggul, 5) jenang timbul, 6) jenang grendul, 7) jenang sungsun, 8) jenang lahan, 9) jenang pathi, 10) jenang kalondhing ringan, 11) jenang ngangrang, 12) jenang dodol, 13) jenang taning, 14) jenang lemu, 15) jenang koloh.
Jadah, wajik, pondhoh, pudhak, ketru mancawarna sarta palakirna, pala gumuntung, pala kasimpar, pala kapendhem, pala adeg.
Sawijining tigan: tigan ayam, tigan kambangan, tigan peksi, tigan mina sapanunggilanipun.
Saha sawarnining lawé, dibuang bethik sapamunggilanipun, semèn-semèn, sinjang lurik, pandelegan, sinjang sesekaran sawarninipun.
Sadaya wau tindhihipun emas, salaka, suwasa, tembaga, [ 12 ]tosan, prunggu, Kuningan, timbel, sami bobot satail sadaya (1 tail= 38 gram). Sarta sajèn urip-uripan sampun sumaji sapanggènan.
Déné Kyahi Pangulu salah para ketib, para alim kaji sapamunggilanipun, sadaya wau sami ngaos sedinten sedalu wonten salabeting pura.
Enjingipun Ingkang Sinuwun lajeng bidhal pindah nagari. Tuwan Mayor Baron ven Hohendorff Saha Kumpeni lumampah ingajeng. Kumpeni sekawan bregada. Ingkang Sinuwun ngrasuk busana mangagem basahan, nitih titihan-dalem karéta Kangjeng Kyahi Garudha.
Déné tatanan lampah-lampahipun: Ingkang ngajeng piyambak kagungan-dalem WARINGIN sawatawis angengipun - sakembaran; lajeng kagungan-dalem BANGSAL PANGRAWIT kausung wetah; kagungan-dalem LIMAH kekalih; lajeng WARINGIN malih sakembaran ingkang badhé katanem wonten ing kagungan-dalem alun-alun kidul; lajeng sadaya kagungan-dalem TURANGGA (jaran).
Lajeng para Bupati, lajeng Adipati Pringgalaya, Adipati Windureja, Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Anom nitih turangga jèjèr kaliyan tuwan Mayor Beron van Hohendorff, lajeng pengulu, Mardiken, juru Suranata ngajeng rakitan ambekta BEDHUG; para kabayan ngampil CENGKAL (ukur) nama Kyahi Baladéwa.
Titihan-dalem ginarebeg abdidalem Kaparak kiwa-tengen; ingkang nongsongi Bupati keparak kiwa-tengen, Upacara dalem sadaya; Bupati Gedhong kiwa-tengen anjajari Joli jembrana. Ing wingking para PRAMESWARI garwa-dalem saupacaranipun, tuwin para pawèstri sadaya sababektenipun, lajeng asambet PUSAKA windhahan ing gendhaga sinongsongan; ing wingking Wadya pesisir mancanagari.
Saurutipun margi ingkang sisih tengen katataman kagungan-dalem gangsa CARABALEN dalah gangsa KODHOKNGOREK saka gangsa kagunganipun para Bupati sami mungel sadaya.
Badhé prenahing PAGELARAN sampun dipun tarubi asri; ing ngarsa-dalem ambengan warna-warni; keagungan-dalem GANGSAL PANGRAWIT lajeng kaetrapaken. Sarawuh-dalem Ingkang Sinuwun lajeng tedhak saking karéta, lenggah ing Gangsal Pangrawit.
Para garwa saha para putra ingkang taksih timur saha wadya èstri sami anjujug ing dalem wewangunan. [ 13 ]Tuwan Mayor Baron van Hohendorff tuwin para Opsir nga- deg satengen-dalem. Iring lèr tebih para Punggawa andher ing ngarsa-dalen.
Sareng sampun sirep panangkilanipun Ingkang Sinuwun ngandika:
"Adipati Pringgalaya, karsaningaun ing mengko désa ing SALA ingsun pundhut jenengé désa ing Sala, ingsun kar- sakaké dadi nagaraningsun, ingsun paringi jeneng ing nagara SURAKARTA HADININGRAT.
Sarupané kawulaningsun kabèh, padha èstokna !"
Adipati Pringgalaya matur sandika. Suwaraning sadaya wa- dyabala mawurahan asaur paksi.
Sasirepipun suwaraning madyabala, Ingkang Sinuwun a- ngandika:
"Pangulu Pekik Ibrahin, sira dongakna alamet-ingsun lan teteping nagariningsun ing Surakarta Hadiningrat, lan sawadyabalaningsun kabèh."
Pangulu matur sandika, angadeg maos donga. Ingkang Sinu- wun angandika :
"Tatanen kagungan-ingsun maringin kembar: TEJADARA lan TEJADARU lan apa adate nagara madeg anyar."
Aturipun Adipati Pringgalaya nuwun sandika. Rekyana Pa- tih kekalih pisan lajeng ananem waringin kembar. Saram- punging pananam, prajurit lajeng sami pakurmat drèl, sa- sisih drèl prajurit Kumpeni Walandi sami nigang rambah- an, kasauran ungelipun kagungan-dalen nariyem. Sadaya gangsa sami mungel.
Sarampangipun lajeng kagungan-dalen gangsa KYAHI SURAK kaglundhungaken ing pengkeran-dalem, mangidul dumugi pun- di dhawahipun, inggih punika lajeng kanggé Gedhong Gangsa sarta lajeng kanggé guru cepengan SITINGGIL.
Adipati Sindureja lan Pringgalaya, sarta Nayaka Bekel kalih, lajeng wangsul ing ngarsa-dalem.
Waringin kidul inggih sareng pananemipun; ingkang an- jenengi Bekel-bekel mancanagari Panaraga kaliyan Banyu- mas sampun sami wangsul ingarsa-dalen, lan panyengkali- pun mangidul.
Kyahi Tumenggung Wiraguna cengkalipun kajeng waliku- kun, pathokipun ugi kajeng walikulan, lajeng ginatra sadaya, dumugi alun-alun pengkeran. [ 14 ]Lajeng nyengkal Masjid Ageng, nyengkal Bètèng Kumpeni, sadaya pasanggrahipun Kumpeni Walandi sampun mirantos. Ing mangké Uprupan ing Suranaran, wétan alun-alun. Masjid Ageng lajeng dipun tarubi, saben Jumuwah kadamel sembahyang. Bibar Jumuwah Ingkang Sinuhun lajeng angedhaton.
Dalem bektan saking Kartasura adegipun sapunika pernah ing Genthan lèr, sapunikanipun dalem Mangkubumèn jawi. ingkang sami tinangkil lajeng sami bibaran, ing pasanggrahanipun sowang-sowang.
Yèn dalu para Bupati asuka-suka nabuh gamelan; yèn siyang ing loji biola ramé, wiwit jam 6 énjing nyambut damel; jam 11 kèndel; jam 3 bibaran. Salaminipun tumindaking damel kaselan ing wekdal sembahyang. Pepatih-dalem kekalih sami giliran tengga Ingkang Sinuwun utawi anenggani pandamelan; dalah Bupati ugi giliran tugur angubengi bethèk. Saben dinten manawi dalu Bedhayan utawi Ringgitan wacucal; manawi siyang Topèngan.
Ingksang Sinuwun iyasa dalem PANEPÈN alit payon atep, ing mangké pernahipun wonten ing Balékambang, inggih punika Tamanan Bandengan.
Kyahi Tumenggung Wiraguna saben dinten tansah anyepengi cengkal, nama cengkal BALADEWA. Menggah pandamelipun cengkal panjangipun ingkang kaukur "thur"-ipun turas-dalem Ingkang Sinuwun Prabu Ing Ngalaga; anggènipun turas agem kagungan-dalem kaadegaken.
Makaten menggah ing bab cariosipun pindhahing KARATON KARTASURA dhateng ing SURAKARTA. Ing wasana sumangga.
(Miturut Serat SRI RADYA LAKSANA)
Miturut Pamanggih Kula
Menggah dhusun ingkang nama Sala punika sampun wonten ing Keraton Pajang, nalika jamanipun Kangjeng Sinuwun Sultan Hadiwijaya. Kamisepuh bebekeling dhusun punika Ki Gèdhê Sala, pramila dhusunipun lajeng katelah karan nama dhusun Sala.
Dhusun Sala punika wiyar tebanipun; ingkang kanggé wates Kali kaliyan Bengawan. Ing sisih elèr Kali Pépé, ing sisih wétan BENGAWAN BETON, mangidul dumugi dhusun Nusupan; ingkang sisih kidul Kali Wingka, déné ing sisih kilèn watesing garisipun nénggak-ménggok: wiwit saking Kali Pépé wingking gedhung gambar hidup/bioskop Purbayan ing sapunika, mengidul terus dumugi Gadhing, terus mangidul tumugi Kali Wingka. Inggih punika ingkang dipun wastani wewengkon dhusun Sala.
Dhusun Sanasèwu sawétaning Bengawan Beton nalika jaman samanten ugi naté kacalonaken Karaton, nanging wurung boten saèstu.
Ing pojok kidul-wétanipun dhusun Sala wonten dhusun nama NUSUPAN. Punika bandar pelabuhanipun para sudagar nangkoda ingkang sami lelayaran dhateng Gresik lan Surabaya wongsal-wangsul medal ing Bengawan Beton.
Ing jaman Mataram dhusun Nusupan wau saya langkung ramé. Para sudagar saking Kuthagedhé ing Mataram manawi dhateng Gresik ugi medal ing dhusun Nusupan. Kawontenan makaten punika ngantos dumugi ing jaman Kartasura, tuwin ngantos dumugi Surakarta sadèrèngipun wonten sepur.
Dhusun Sala manggèn ing tangah ngaré ing papan ledhok, ingkang radi kathah rawanipun awit katrajang lèpèn, ngantos ngedhung dados kedhung. Pramila saben mangsa rendhengan temtu banjir. [ 16 ]Kyahi Gedhé Sala, bebekeling dhusun ngriku, kawenangaken mupu béya dhateng para saudagar ingkang sami lampah dagang, minangka pajeging bandar pelabuhan ingkang wonten ing dhusun Nusupan.
Sampun katerangaken bilih bandar punika saya dangu saya reja. Para pedagang sami sadé tinumbas ing dhusun Nusupan ngriku, sarta kathah ingkang sami anjrak gegriya nglanjak ngalèr ngilèn dumugi ing Baturana. Sasampunipun kendhang dumugi sanès nagari, nama BENGAWAN BETON lajeng santun nama, gantos nganggé namaning Bebekel ngriku, lajeng karan BENGAWAN SALA.
Dhusun Sala punika dados jujuganipun para sudagar saking pesisir bang wetan. Cetha bilih dhusun Sala dados pusering para dagang layar ingkang sami sasadéyan dhateng karajan ing Jawi Tengah.
Kacarios, ingkang dados cakalbakalipun dhusun Sala namanipun KI BAU REKSA (jaman pajang). Bau Reksa punika namaning abdidalem tukang utawi juru SOROH BAU, inggih punika pasok bausuku (utawi kuli) kanggé nyokapi kabetahaning Karaton, saben minggu sapisan, dipun gilir kirang langkung wonten tiyang cacah kawandasanan. Ing mangke Ki Bau Reksa wau nyepeng bandar palabuhan, dados inggih boten badhé kekirangan kuli kanggé bausuku nyokapi kabetahaning Karaton. Sang Prabu manawi nimbali Ki Bau Reksa wau ingkang dipun sebat namaning padamelanipun: SOROH BAU dipun cokak namung dados KI SOROH. Katelahing ngakathah lajen sami tiru-tiru. Kalèntuning pangucap dados mungel KI SALA.
Ingkang nama Ki Gedhé Sala punika wonten tiga: Ki Gedhé Sala I punika cakal bakalipun wonten dhusun nama Sala. Déne Ki Gedhé Sala kaping II punika anakipun Ki Gedhe Sala I. Nama nunggak semi ing bapa. Ki Gedhé Sala III punika anakipun Ki Gedhé Sala II. Dados kaliyan ke Gedhé Sala I punika kaleres putunipun.
Kacarios ing nagari Pajang wonten lelampahan ingkang badhé damel kuceming Karaton. Inggih punika putranipun Tumenggung MAYANG ingkang nama JAKA PASELAN ulah lambangsari kaliyan putri putradalem. Kacepeng wonten ing salebeting Kadhaton, lajeng katur Sang Prabu. Sang Prabu lajneg dhawuh nglunasi. Wangké lajeng kalarung wonten Kali Lawéyan. Sareng kéntir lajeng dumugi ing sakidul tempuraning Kali Pépé kaliyan Kali Jenes. [ 17 ]Mangké wau kasangsang ing sangkrah baronganing deling ori, lajeng kèndel boten saged kéntir ing toya. Nalika samanten Ki Gedhe Sala ing wanci sonten dhateng ing kali badhé adus. Sareng sampun nyemplung sumerep wonten wangkéning tiyang kèli, ingkang kèndel kasangsang wonten ing sangkral baronganing deling ori. Ki Gedhé lajeng pados gèntèr. Bangké wau lajeng dipun grèthèl ing gèntèr, kasodhongaken dhateng panggéran ingkang santer toyanipun, supados énggal saged kéntir ing toya ingkang santer ilinipun.
Enjingipun wangké wau wangsul malih dhateng papanipun lami, pramila dipun sodhongaken malih dhateng toya ingkang santer. Nanging ngantos rambah kaping tiga tansah wongsal wangsul kémawon. Ki Gedhé Sala ngantos kaweken ing galih. Ing batos ngantos ngucap makaten: "E baya duwé karep apa bangké iki kok ora gelem dikèlèkaké sangka kéné." Makaten ucaping batosipun Ki Gedhé.
Kacarios sareng wanci dalu pun bangké wau lajeng mangsit dhateng Ki Gedhé :
"Hèh Kyahi, ingsun iki aja sira siya-siya. Becik opènana. Pendhemen ana sakuloné désamu iki, amarga karamat ingsun ana sajroning nagara agung, karta raharja, salawasé ora kena kabedhah ing mungsuh."
Ki Gedhé sareng tampi suraosing wangsit punika, lajeng dipun èstekaken. Kunarpa lajeng dipun rukti kanthi saé, dipun pirantosi jangkep kados cara punapa mesthinipun tiyang kasripahan. Kunarpa lajeng kaangkataken kanthi kairing layadan. Sareng sampun dumugi ing papan ingkang sampun katemtakaken muturut pamilihipun dhawuhing wangsit, lajeng dipun kubur kanthi pekurmatan saé.
Kacarios, sareng sampun tigang tahunan laminipun, saben malem Jumuwah Kliwon tuwin malem Anggara Kasih kuburan wau katingal murub amadhangi dhusun Sala. Punika damel kagèting tiyang sadhusun. Pramila lajeng dipun pepetri minangka dados pepundhènipun tiyang kathah. Sasana lajeng dados papan patirakan. Tiyang ingkang nembé kataman kasisahan sami nyenyuwun, nyuwun idi luwaring sungkawa; wasana sami saged kasembadan manggih suka raharja. Sambet-sinambeting wartos punika dumugi ing dhusun ingadhusun ngantos dumugi ing tanah pasisiran, andadosaken [ 18 ]rejanipun dhusun Sala.
Menggah griya papan padununganipun Ki Gedhé Sala I kaliyan Ki Gedhé Sala II punika tunggil sapekarangan. Minangka kanggé ancer-ancer wonten sakidul-wétanipun Kali Pépé kaliyan Kali Jenes, kaleres celak kaliyan tempuran, kacetha ingriku wonten KUBURAN KALIH BADAN ingkang boten kopèn ngantos dumugi sapriki. Kuburan wau dados angker lan gawat, saha dados pepundhènipun tiyang ingriku. Kuburan kalih wau miturut cariosipun tiyang ngriku punika kuburanipun tiyang Buddha. Menggah saking pamanggih kula, inggih punika kuburanipun Ki Gedhé Sala Sapisan kaliyan Ki Gedhé Sala Kaping Kalih, cakalbakulipun dhusun Sala.
Kampung ingriku lajeng karan nama KAMPUNG SANGKRAH, kabekta saking wontenipun bangkéning Radèn Pabélan ingkang kasangsang wonten ing lèpèn ngriku.
Déné wontenipun kampung nama KALI RAHMAT punika kabekta saking Kali tilas papan bangké wau saged medal kramatipun sasampunipun dipun wonteni baita tambang, kanggé nyambet lampahipun tiyang ingkang sami mlangkah kali ngalèr mangidul, kaliyan mangétan mangilèn. Kanggé sabrenganipun sami numpak baita tambang. Dangu-dangu nama KALI RAHMAT wau lajeng katelah santun pakecakanipun, mungel KALI RAHMAN.
Bangké manungsa kèli kasangsang nyangkrah wonten ing sangandhaping barongan ori. Tembung NYANGKRAH lajeng dados namaning kampung, inggih punika KAMPUNG SANGKRAH.
Dhusun Sala ingkang nalika jaman Pajang sampun dados pabandaran, angsal daya kramatipun KYAHI BATHANG (kunarpanipun Raden Pabélan ingkang dipun kubur wonten sakilèning dhusun Sala) dados papan patirakaten ageng. Kathah tiyang saking manca dhusun sami nyenyuwun mriku, ingkang damel rejanipun. Kathah tiyang sami gegriya ngindhung wonten ingriku, sami nglurah dhateng Ki Gedhé Sala, sabab ingkang rigopèni lan ngreksa sarta nguwosani kuburan wau Ki Gedhé Sala. Dhusun Sala dados kedhung sumberipun tiyang dados pangupa jiwa.
Dhusun Sala wiwit jaman Pajang, Mataram ngantos dumugi jaman Kartasura Akhir TERUS REJA. Rikala Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana II ing Kartasura kagungan karsa badhé pindhah Karaton, panjenenganipun lajeng utusan [ 19 ]para narapraja, sami kadhawuhan nitik pasitèn ingkeng prayogi kanggé pindhahing Karaton saking Kartasura. Ing wasana ingkang sami kautus wau sami mrayogèkaken kapindhah dhateng ing dhusun Sala, sabab dhusun Sala sampun nama pasitèn dados, sampun mapan, dipun dunungi ing tiyang ngantos tigang jaman, langkung saking 160 tahun.
Namung wonten karépotanipun sakedhik ingkang awrat, inggih punika kados pundi sagedipun mindhah tetiyung ingkang sampun sami ngoyod anjrak gegriya wonten ing dhusun Sala lan kedah saged naringi papan ingkang prayogi tumarep tetiyang punika minangka kanggé lintunipun papan ingkang badhé kagem Karaton, katambah waragad kanggé ongkos bedhol dhusun. Dados manawi wonten ingkang nyariosakeun manawi dhusun Sala nalika samanten TAKSIH WUJUD WANA AGENG ingkang anjejembeg kathah rawanipun, punika boten leres.
Nalika jaman Kartasura Akhir punika sesepuhipun dhusun Sala punika Ki Gedhé Sala kaping III.
Menggah carios bab panitiking pasitèn ingkang calon kagem Karaton punika cekakipun makaten :
- Dhusun TALAWANGI (KADIPALA). Papan ngriku saged angsal titik panitèn ingkang saé, kacarios sitinipun wangi. Hanging boten cekap ukurananipun kanggé nagari, sawenganipun kirang bawéra. Kathah gumuk-gumuk ingkang pating pandhukul ingkang kirang prayogi kagem Karaton; énggal risak.
- Dhusun SALA saé kagem calon Karaton, saged angsal ukuraning nagari, sabab saged angsal pasitèn ingkang sampun dados, inggih punika pasitèn ingkang sampun dipun dunungi kanggé gegriya tiyang kathah, sarta sampun dados dhusun ingkang ngrembaka lan reja; dados sungaparing tiyang pados sandhang tedha. Kajawi punika dhusun Sala punika celak lèpèn ageng ingkang dados margining para sudagar nangkoda dagang layar saking Gresik lan Surabaya, ingkang sami lelayar medal turut lèpèn ageng wau. Wiwit saking BETON dumugi ing NUSUPAN dados bandar palabuhan ageng; kasembuh ing sakilèning dhusun Sala dados patirakaten ageng, ingkang ugi dados sumbering tiyang pados pengupa-jiwa. Wosipun, tetiyang wau anggènipun sami gegriya wonten ingriku sampun ngoyod ;an sampun gesang bebrenahen.
Nalika samanten griyanipun Ki Gedhé Sala III sampun [ 20 ]pindhah saking Sangkrah, nanggèn wonten sakidul-kilèning kuburan Kyahi Bathang. (Ing sapunika sampun dados Sitinggil Karaton Surakarta).
Ingkang Sinuwun Paku Buwana II anggènipun mindhah karaton saking Kartasura dhateng dhusun Sala punika kathah ragadipun, awit kajawi numbas papanipun Ki Gedhé Sala, ugi kaliyan nambahi pasangonipun bedhol désa tetiyang ingkang sami gegriya ngindhung magarsari dhateng Ki Gedhé Sala, ingkang dados sesepuhipun dhusur ngriku.
Ing suwau tetiyang ingriku sami ngawontenaken dredah usreg ramé, jalaran sami katundhung saking papan ngriku. Tiyang-tiyang wau dipun paringi kajeng balok glondhongan kathah minangka lintuning griya-griyanipun, nanging sami boten purun nampi, sabab sami boten gadhah arta kanggé ongkos mecah balok-balok glondhongan ingkang badhé kanggé calon balunganing griya. Pambagéning arta Ki Gedhé Sala kanggé pesangoning bedhol désa boten nyekapi, pramila tetiyang wau sami kawedal ginemipun ingkang boten sakéca kamirengan ingakathah. Ginemipun sami gléndra-gléndré kados GODHONG LUMBU katiban banyu, anggatoli kuping. Ki Gedhé Sala ngantos kewalahan.
Ing wasana kanggé nyirep dredah wau ing wanci dalu Ingkang Sinuwun lajeng rawuh, maringi arta kanggé tambahan sacekapipun. Suwanten ingkang anggatelaken kuping, ingkang dados kembang lambé ingkang kirang prayogi wau, lajeng sirep. Tetiyang wau sadaya lajeng sami késah sesarengan ngantos resik. Panggaraping Karaton lajeng tumunten kawiwitan.
Ing serat "Sri Radya Laksuna” kacariosaken GODHONG LUMBU kanggé sarat kacemplungaken ing telenging rawa ingkang medal toyanipun. Godhong Lumbu punika manawi kénging toya kalis. Manawi katètèsan toya glondar-glandir (gléndra-gléndré). Manawi dipun kela dados jangan lumbu éca raosipun nanging sok cumlekit, anggateli dhateng tenggorokan. Inggih punika wujudipun rembagipun Ki Gedhé Sala nalika ambagé ngedum arta pesangon dhateng tetiyang wau boten saged nyekapi, ing wasana andadosaken derdah, ingkang boten sakéca kamirengaken ingakathah.
Kacariyos, sareng sampun miwiti panggaraping Karaton, papan ingkang sampun suwung wau lajeng dipun dhudhuk, kapendhet sitinipun kanggé angurug Sitinggil. Déné tilasipun [ 21 ]papan wau dados ledhok. Sareng mangsa rendhengen kisènan toya jawah, lajeng katingal dados rawa. nDilalahipun ing ngriku lajeng sami kathululan lumbu, bangsaning sénthé, ngantos ngebaki papan ingkang ledhok wau. Papan wau lajeng katingal kados ngedhung; papan wau lajeng karan KAMPUNG KEDHUNGLUMBU, awit dados kedhunging wit lumbu.
Déné papan ing KADIPALA (TALAWANGI) dipun dhudhuk, kapendhet sitinipun ingkang wangi kanggé angurus Kedhaton. Déné ingkang kanggé angurug Pandhapi mendhet siti ing kratonan; ngantos dumugi sapriki papan wau katelah dados karan KAMPUNG KRATONAN.
Kunarpanipun Raden Pabélan ingkang sampun kakubur ing sakilèning dhusun Sala, lanjeng dados karan KYAHI BATHANG, déné papan sakiwa-tengenipun ngriku lajeng karan dados KANJENG BATHANGAN, kaleres sak elèr-wétaning alun-alun lèr, inggih sak olèring kampung Kedhunglumbu.
Papan pernahipun griyanipun Ki Gedhé Sala III leresipun wonten ing Sitinggil sapunika. Ki Gedhé Sala III sareng sampun tilar donya lajeng dipun kubur wonten ing sakidulipun kampung Kedhunglumbu. Kuburanipun sapunika kalebet wonten ing wewengkon salebeting baluwarti Karaton, kaleres wonten sawétaning dalem Mlayakusuman.
Kacariyos, sareng sampun rampung panggaraping Kadhaton dalah sawewengkoning Karatonipun, Ingkang Sinuwun lajeng karsa pindhah saking Karaton KARTASURA dhateng ing dhusun SALA. Nama dhusun Sala lajeng dipun gantos nama Nagari SURAKARTA HADININGRAT ing tahun 1745 Masèhi. Déné nama KARTASURA HADININGRAT lajeng kapundhut wangsul, kawangsulaken namanipun lami, inggih punika WANAKARTA.
Dhusun Sala ingkang sampun dados Kitha Nagari Surakarta punika miturut wecanipun para Nujum, sanajan ringkih, nanging boten saged risak ing salami-laminipun. Saya dangu malah saya andados rejaning kitha wau, ngantos ngelar melar-melar ambalabar tambah wiyaripun.
Miturut Sumber Sanes Jawi
Miturut kapercayan kuna ing tanah Jawa, sawijining ka- raton kang dadi pusaring keagunganing karajon dirusak uta- wa dijègi déning mungsuh, kudu mbangun karaton anyar ma- nèh.
Nalika Sri Susuhunan MANGKURAT I (TEGALWANGI) lolos sa- ka Karaton Plèrèd jalaran kinepung lan digecik Trunajaya, Ingkang Sinuwun ngandika "sampun sunerep ing papesthèning Allah yèn nagari Mataram sirna, panjenenganing ratu sar- ta jangkep satus taun Karaton Mataram, Sang Prabu punika jumeneng ratu pungkasan (Babad Hoinsma).
Ingkang Sinuwun séda nalika tindakan ana ing Tegalwangi, kutha cilik sakidulé Tegal. Sadurungé Ingkang Sinuwun Mang- kurat I puput yuswa, pusaka-pusaka lambang kaagungan ing Karaton kapsrahaké marang Pangéran Adipati Anom, kang gu- manti Nata jejuluk Sri Susuhunan Mangkurat II ing Kartasu- ra. Trunjaya ditelukaké kanthi pambiyantuné Kumpeni kang dipandhégani déning CORNELIS SPEELMAN. Karajan Mantaram kang bisa direbut saka tangané Trunajaya dicaosaké bali ing ngarsané Sri Susuhunan Mangkurat II, kang tumuli kon- dur manèh menyang Plèrèd.
Nanging Karaton Plèrèd wis rusak banget, ora kopèn. Pa- tamnané tuwuh alang-alang. JAKOB COUPER panggedhéné Kum- peni ing Jepara tau nulis "Kutha Karajan Mantaram katoné kaya alas bebondhotan, ora mantra-mantra pusering Pama- rintahan ....." (De Jonge, VII). [ 23 ]
- WANAKARTA DADI KARTASURA HADININGRAT
Sri Susuhunan maringi keputusan pindhah Karaton menyang papan liyané. Alas Wanakarta ing tlatah/dhaérah Pajang kang kapilih, sawisé rembugan karo para narapraja. Wanakarta jenené anyar KARTASURA HADININGRAT. Kang sesambungan karo pindhahing Karaton ini ing "Babad Tanah Jawi" nangkéné uniné: "Sang Prabu inggih sampun bidhal saking Semarang lan sabalanipun sadaya tuwin Amral sakumpeninipun. Lampahipun sang Prabu sampun dumugi ing Wanakarta, lajeng angedhaton, pinuju ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 27 wulan Ruwah ing taun Alip angka 1603. Ing Wanakarta kaelih namanipun, kanamakaken nagari KARTASURA HADININGRAT."
J. BRANDES ing tulisané kang asesirah "Yogyakarta", kapacak ing T.B.G (=Tjidschrift Bataviaasch Genootschap van kunsten en wetenschappen) jilid XXXVII mratélakaké manawa tanggal kang kasebut ing dhuwur beneré tanggal 16 Ruwah, adhedhasar pétungan manawa dina Rebo Pon ing sasi Ruwah taun kuwi tiba tanggal 16 utawa Rebo tanggal 11 September tahun 1680. Kedhaton iki madegé kira-kira wis ana 66 tahun (1680 tumeka 1746 Masèhi). Nalika samana kang jumeneng ing karajan trah Mantaram Sri Susuhunan Paku Buwana II, uga katelah karan SUNAN KOMBUL. Nalika jaman iki ana gègèr Cina kang sumberé ing Jakarta, kang wusanané warata satanah Jawa.
Pecahing prang kawiwitan saka Kumpeni mrajaya wong-wong Cina ing Betawi. Kang bisa slamet saka pangepunging Kumpeni mlayu menyang Jawa-Tengah. luwih-luwih ing kutha-kutha pesisir lor padha kumpul karo kanca-kancané. Ing kutha Jepara, Demak, Juwana, Rembang, Tegal, Semarang, tekan Surabaya kerep ana pacampuhan antarané Cina lan Kumpeni.
Semarang dikepung Cina. Kartasura pra tentrem. Anti Kumpeni tekan sajroning Karaton, kang wusananne saya andadra, nalika komandhan garnisum Kumpeni Van Velsen diprejaya mati jalaran saka tindak-tindaké kang anggugu karepé dhéwé lan daksia. Prastawa iki nalika tanggal 10 Juli 1741. [ 24 ]
- TELIK SANDI SAJRONING KARATON
Walanda ing Semarang saya suwé saya ora tentrem atiné, mangka bantuan saka Jakarta ora teka-teka. Wusanané Walanda Semarang mau njaluk pambiyantuné PANGERAN CAKRANINGRAT saka Sampang, tanpa nunggu idin saka Betawi. Pangéran saka Madura iki pancèn wis sawatara suwéné kapingin mbaléla, misah saka Mataram, ngadegaké karajan dhéwé ing tanah Jawa sisih Wétan. Bibit ora seneng iki dipigunakaké Walanda kanggo adu-adu antarané Sampang lan Kartasura.
Pangéran Cakraningrat saguh ambiyantu, waton olèh misah saka Kartasura. Sawatara dhaérah Jawa Wétan (Gresik lan Lamongan) direbut Cakraningrat. Nanging Kumpeni meneng baé.
Sri Susuhunan Paku Buwana II kuwatir, wusanané mundhut pambiyantuné Kumpeni, lan saguh nyambut gawé bebarengan (kerja sama), waton Pangéran Madura mau dicegah kakarepané. Kalodhangan iki déning Kumpeni dipigunakaké kanthi becik. Mulané nalika duta saka Kartasura TUMENGGUNG TIRTAWIGUNA kautus menyang Semarang mundhut pambiyuntuné Kumpeni, para Komisaris Walanda nuruti pamundhuté Sri Susuhunan. Kaptèn Joan Andies VAN HOHENDORFF dikirim menyang Kartasura. Kang andhampingi vaandrig jenengé HOGEWITZ, asistèn TOUTLENONDE kang pinter basa Jawa, sawatara serdhadhu lan kopral siji.
VAN HOHENDORFF kajaba tugasé andhampingi ngarsadalem uga kajibah dadi telik sandi ing sajroning Kadhaton. Opsir Kumpeni iki uga nampa dhawuh saka pemimpiné supaya golèk katrangan sapira sesambungané Patih Kartasura TUMENGGUNG NATAKUSUMA karo wong-wong Cina, lan apa pepatihdalem iki nampi kapitayan tenan saka Ingkang Sinuwun. Kajaba iku uga nampa tugas naliti sapa garwané Sri Susuhunan kang ditresnani piyambak, lan apa putri iki bisa dadi sumbering kabar kanggo ambiyantu Walanda.
Tekané Hohendorff ing Kartasura sasi Maret 1742. Kaptèn Kumpeni iki banjur bisa caket karo ngarsadalem, mbokmanawa jalaran saka tekané ameneri Sang Prabu lagi bingung lan wedi. Para narapraja kasetyané angèl dipercaya. Ing kahanan héra-héru iku angèl netepaké mungsuh apa kanca.
- CAKRANINGRAT NGGEPUK KARTASURA
Nagara saya gendra, jalaran Cina menang lan ngangkat Sunan [ 25 ]anyar kang jejuluk SUNAN KUNING. Sri Susushunan Paku Buwana II lolos saka Karaton jalaran dikepung mungsuh, ngungsi menyang tlatah Panaraga nganti kira-kira setengah taun, lan didhampingi déning Pangéran Adipati Anom lan Van Hohendorff. Nanging kaptèn Walanda mau ora suwé tumuli menyang Surabaya, lan saka kana banjur lelayan metu segara menyang Betawi, bapur pemimpiné.
Kumpeni kang ngajègi Semarang ora wani nggempur Kartasura kang wis dibroki Cina. Jarene jalaran wis meh mangsa udan, kang bisa dadi pepalanging paprangan. Nanging jebul PANGERAN CAKRANINGRAT kang bisa nggecak ngunduraké Cina saka Karaton Kartasura, lan genti ngebroki.
Kumpeni kaget, jalaran ora ngira manawa Pangéran saka Madura iku samono kekuwatane. Kajaba iku Walanda uga rumangsa kuwatir weruh kuwanènè Pangéran Cakraningrat. Mula pemimpin Walanda REYNIER DE KLERCK dikirim menyang Surabaya, ngrimuk Pangéran Cakraningrat amrih bali manéh menyang Madura lan masrahaké karaton marang Kumpeni.
Tanggal 21 Désèmber 1742 Sri Susuhunan Paku Buwana II kondur ing Kartasura manèh dikawal Kumpeni. Karaton wis remuk, rusak, lan ora pantes yèn ta dilenggahi Ratu manèh. Sri Susuhunan Paku Buwana II kagungan karsa mindhah karaton menyang ing papan liya.
Taun candhaké layang saka Gupernur Jéndral Johanes Thedens mangkéné : "De Keyzer inclineert zeer om zyne residentieplaats te veranderen, de negory TINKER omtrant Salatiga gelegen, die Soesoehounang tot eene nieuwe residentieplaats komt te stellen, schijnt goed te wezen". Tegesé: "Ingkang Sinuhun kagungan karsa mindhah kutha karajandalen: Wilayah TINGKIR sakiwa-tengené Salatiga kang diusulaké déning ngarsadalem kaya-kaya cocog kanggo iki" (De Jonge, jilid IX, kaca 426)
Ing "Babad Giyanti" yasané pujangga gedhé YASADIPURA nyaritakaké Karaton Kartasura nalika kondhur saka Panaraga lan séba ingadhep para santana sarta nayakaning praja : "miyosira kangjeng sang siniwi datan paé lawan saban-saban duk masih reja jamané. Nanging jro tyas mgendhanu sanitsaya amangonengi risakipun kang praja tanapi kedhaton saisiné rajabrana aprasasat brasthi syuh sirna binasmi déning kang mungsuh Cina ....." [ 26 ]Panjenengané banjur ngutus TUMENGGUNG PRINGGALAYA, TUMENGGUNG SINDUREJA lan VAN HOHENDORFF nggolèki papan kang pantes didegi karaton sarta kutha krajané.
Ing "Babad Kartasura" kang anyritakaké kahanan sabakdané gègèr Pacinan, nyebutaké manawa Van Hohendorff kang samengko wis apangkat Mayor iku niliki bali saka Jakarta isih kèlingan ngandikadalem Sri Susuhunan Paku Buwana II manawa arsa mindhah karaton kang wis rusak mau : ".... ya ta tan alami tuan Mayor praptanira saking nagari Betawiné nanging sampun ngalih nama tuwan Mayor semana taksih ènget jroning kalbu ing pangandika Sang Nata dènnya ngandika narpati kala Mayor praptanira saking nagri Ngayogyané ambedhah ing Randhulawang taksih nama Kumandhan pangandikanya Sang Prabu anyela ing puranira panyelané mring kang puri déné wus tanpa laksanadi dhingin binedhah Cinané kapindho wis ngicak-icak déné tyang Madura ...."
Nalika Van Hohendorff ana ing Betawi nglapuraké marang Gupernur Jéndral lan Raad van Indië, kang mènèhi panguwasa marang Van Hohendorff supaya anggarap bab iki: "..... tuwan jéndral delingira lan para Raad panindya pan sami rembug percayèng mring Mayor sira mangsa bodhoa sirèki Mayor nggènnya karya harja mring panjenengan saka Katong miwah harjaning kang praja tanah Jawa sadaya ....."
Bareng bali menyang Kartasura, Van Hohendorff banjur sowan ing ngarsadalem, aturé:"..... Sanpun dados galih Katong kula ngaturi rembag yén sembada luhung ing ngalih tumuli saking tanah Kartasura wus kacetha awoné dhateng ing panduka Nata ....."
Nalika iku Ingkang Sinuwun lagi sengkel ing panggalih, sabab mentas disowani Kumendhur saka Semarang kang ngrembug kaleksanané panyuwuné Kumpeni kang gawé kapitunané krajan Mataram. Mula nalika panjenganané midhanget aturé Van Hohendorff kejot banget. kanthi rada jibeg panggalihé ngandika: "Wruhanira durung mikir kang mangkono saking akéh susah ingwang, pirang bara ing bénjing sedheng réréh manah pasthi ingsun arah-arah."
Nanging Mayor mbujuk lan meksa, jalaran wis kebacut lapur Betawi: manawa nganti kraton ora sida pindhah, Van Hohendorff mesthi dikethok guluné, mangkono aturé. [ 27 ]Ingkang Sinuwun nyarujuki, lan banjur dhawuh supaya Van Hohendorff sasambungan rembug karo Pepatihdalem PRINGGALAYA lan SINDUREJA. Telu-teluné banjur rembugan, papan ngendi kang cocog kanggo kutha krajan.
Calon papan kang sinebut : tlatah/daerah POKAK ing kidul, daerah sakiwa-tengené PENGGING ing sisih kulon, lan KEDHINDHING kang dununge ana ing lor ngadhepaké kali Pépé. Mayor ora sarujuk manawa kraton pindhah mangétan. Wusanané narapraja telu mau gembleng panemuné ésuké ninjo daérah Kartasura sakiwa-tengené.
Nalika padha ngaso ana sangisoring wit kang édhum ing désa SALA, Mayor usul beciké ana SALA baé,jalaran gampang anggoné nekakaké kayu jati saka alas kidul; ora kurang tenaga kang nandangi, lan manèh ora kuwatir kekurangan beras sabab cedhak karo Panaraga. Lan manawa Ingkang Sinuwun kagungan kersa ngirim utusan menyang Gresik lan Surabaya bisa metu kali gedhé.
Patih loro-loroné ORA SARUJUK jalaran Sala dunungé cendhék banget, yèn udan mesthi kaleban banyu. Nanging Mayor tetep ngukuhi panemuné. Bisa dimangertèni sikepé Mayor iki, jalaran Sala pancèn dumunung sapinggiring kali gedhé, stratégis banget, lan gampang yèn ta ditekani saka pesisir manawa kapeksa.
Kadadéyan iki ana ing sasi kurang luwih September 1744 Masèhi, sabab miturut Babad nalika iku Van Hohendorff lagi baé bali saka Jakarta lan wis apangkat Mayor. Nalika sowan ing ngarsadalem, Ingkang Sinuwun lagi mentas nampi tamu Kumendhur saka Semarang (Elzo Sterrenberg) kang ngrembug bab-bab kang magepokan karo perjanjian kang ditapak-asmani Ingkang Sinuwun lan Kumpeni setaun sadurungé, yaiku tanggal 11 November 1743. Saka cathetané Elzo Sterrenberg bisa dimangertèni manawa tekané ing Kartasura nalika wulan September 1744. Kita mangerti manawa isining prajanjéan mau gawé kapintunané Sri Susuhunan lan gawé bathiné Kumpeni.
Mungguh pangkaté Van Hohendorff 26 November 1743,dadi 15 dina bakda prajanjéan kasebut. Ing layang kekancingan mau kapacak yèn Van Hohendorff pangkaté munggah Mayor, saka gedhé lelabuhané sarta tindak tanduké kang becik. [ 28 ]
- LAYANG GUPERNUR JENDRAL
Bareng pilihan wis tiba SALA, lan wis kalapuraké ingarsané Ingkang Sinuwun, miturut cathetané Elzo Sterrenberg nerangaké manawa dhèwéké matur ingarsa kepingin ninjo Kali Sala bareng karo Résidèn (Van Hohendorff), papan kang bakal kanggo kraton anyar. (De Jonge, X, kaca 42).
Ing layangé Gupernur Jéndral Gustaff Willem VAN IMHOFF katur Heeren XVII tanggal 31 Desember 1745 tinulis manawa ing taun iku Sri Susuhunan "sibuk" nata dalemé kang anyar, bètèng Kumpeni saka watu kang wis mèh rampung, lan manawa kutha krajan anyar mau déning Ingkang Sinuwun kaparingan nama "HING SURACARTA ADININGRAT".
Pindhahé Sri Susuhunan ing kraton anyar mau wis disarujuki Kumpeni, nanging durung bisa kaleksanaan jalaran kapétung durung rampung kabèh.
Tanggal 17 Pebruari 1746 Sri Susuhunan Paku Buwana II wis lenggah ing kratondalem kang anyar. Pindahé kraton iki dicritakaké kanthi éndah banget déning pujangga gedhé Radèn Ngabehi YASADIPURA.
- SURAKARTA - KARTASURA - JAKARTA - JAYAKARTA
Bab jenengé kraton loro mau bisa kaaturaké, manawa ahli sejarah bangsa Landa J. Brandes tau mratélakaké manawa ana ing jeneng KARTASURA lan SURAKARTA, kang dumadi saka rong tembung KARTA utawa KERTA kang ngélingaké kita marang kraton Mantaram kang kalok kajana priya : SULTAN AGUNG HANYAKRAKUSUMA. Brandes mratélakaké mbokmenawa pancèn diilhami saka kuwi. Brandes nambahi manawa jeneng loro mau kena pangaribawa saka JAYAKARTA utawa JAKARTA kang dikuwasani Kumpeni, kang saya suwé saya mumbul jenenegé. JAYAKARTA terkadhang sok diarani SURAKARTA. Pilihan iki ORA ateges pakurmatan marang Kumpeni, nanging katon manawa ana pangangkah: ing bésuk kraton anyar mau bisaa padha utawa bisa nimbangi kemenangané Landa wektu semana.
Tahun 1747 Elzo Starrenberg ditimbali mulih déning pamaréntahé, sarta dibébasaké saka tugasé, yaiku nyekel panguwasa Kumpeni kang dhuwur dhéwé ing pasisir wétan. [ 29 ]tanah Jawa (Oppergezaghebber van Java's Oostkust).
Nalika wilayah pesisir wétan iki dadi wilayah Gubernemen Landa tanggal 24 Pebruari 1748. Van Hohendorff kawisudha dadi Gupernur lan Direktur wilayah kasebut.
Bareng wis sawatara suwéné tahun 1749 Sri Susuhunan Paku Buwana II gerah lan wis angèl anggoné ngusadani. Krungu kaya mangkono mau Van Hohendorff menyang Surakarta, lan nalika tanggal 11 Desember 1749 ana ing sangarepé Van Hohendorff napak-asmani sawijing akte, kang mratélakaké manawa Ingkang Sinuwun masrahaké tanpa sarat Krajan Mantaram wutuh marang Kumpeni. Sangang dina bakda iku Sri Susuhunan Paku Buwana II séda. Kang gumanti Sri Susuhunan Paku Buwana kaping III. [ 30 ]
I. GAPURA GLADHAG TUWIN ALUN-ALUN LER
Gapura Geladhag punika margi wiwitanipun badhélumebet dhateng alun-alun lèr. Wontenipun ngantos anama Galadhag miturut cariosipun makaten.
Kaleres sak lèr-kilèning Galadhag wonten pakampungan ingkang nama Krapyak, satunggaling papan kanggè ngurung kéwan-kéwan ingkang asalipun saking anggènipun ambebedhag ing wana-wana. Kéwan-kéwan punika taksih sami giras sadaya, boten tutut dhateng tiyang. Sadaya kéwan ingkang dipun kurung ing Krapyak punika namung sedhiyan kanggé belèhan kémawon manawi sawanci-wanci ing Karaton wonten kaperluan.
Menggah cara pamendheting kéwan-kéwan punika sarana sami dipun jiret dhadhung, lajeng dipun glandhang dhateng ing Galadhag. Tiyang kathah sami mastani "kéwané padha digladhag". Pramila gapura utawi kori wau katelah karan kori Gadladhag.
Kéwan-kéwan ingkang badhé dipun sembelèhi punika sami dipun kempalaken ingriku rumiyin. Limrahipun kéwan ingkang kanggé belèhan punika kadosta : kidang, menjangan, sapi alasan (banthèng), maésa alasan. Kéwan-kéwan punika dipun pragati ing sakiwa-tengening kori Galadhag punika. Manawi sampun pejah, ulanipun lajeng dipun purak, manggèn wonten ing Kori Pamurakan, kalandhesan ing séla ingkang sampun sumadhiya; wonten ing sisih wétan satunggal, ing sisih kilèn satunggal. Ulanipun lajeng kabagé, kawradinaken dhateng para abdi kaliyan para kawuladalem ingkang pekir miskin, minangka sedhekah.
Ing sakiwa-tengening kori Pamurakan, sisih kilèn saha [ 31 ]wétan wonten griyanipun pandhapi ingkang blak-blakan. Punike papan ingkang kanggé tengga para tetiyang ingkang sami ambetahaken sedhekah ulam punika wau. Ugi kenggé pasébanipun para abdidalem ingkang tampi kuwajiban ambagé ulem. Pramila katelah nama Paséban Pamurakan.
Ing alun-alun sisih kidul-kilèn (kaleres sawétaning griya Paséban ingkang kidul piyambak) saha sisih kidul-wétan (kaleres ing sakilèning Bangsal Patalon/Gemelan Setu) sami wonten pathokipun cancangan gajah, namanipun wantilan, kanggé nancang liman titihan-dalem manawi nuju wonten pasowanan ageng kadosta Garebeg Mulud, Garebeg Pasa tuwin Garebeg Besar. Dipangga utawi liman wau dipun praboti saé. Wiwit sirah dumugi rai mawi dipun paèsi. Gajah titihan punika cacahipun kalih; ingkang satunggal kacancong wonten ing wétan, satungalipun ing kilèn. Sami kajagi déning para abdidalem, Srati kanthi amundhi dedamel cis. (tumbak ingkang cendhak, lelandhepipun awangun gantholan).
Ing alun-alun sisih kidul-wétan kapernah sakiduling Bengsal Patalon, wonten konten medal saking alun-alun. Ingriku wonten krangkèng ageng kanggé wadhah nacan, dados lajeng karan kandhang macan. Macan ingkang dipun kurung ing krangkèng punika cariosipun kanggé sadhiyan nanami Ingkang Sinuwun badhé kagungan karsa ngawontenaken aben-abenan (adu-adu) sima kamengsahaken kaliyan maésa. Sima ingkang dipun aben punika limrahipun sima gémbong ingkang ageng. Déné maésanipun inggih dipun pilihaken ingkang ageng sarta: ingkang taksih alasan, dados taksih galak ; dipun wastani Maésadanu. Dados katingal gebag sami purunipun. Ing alun-alun mubeng tepung gelang dipun barisi para abdidalem ingkang sami ambekta dedamel tumbak. Sami mapan anggolong-golong miturut kabupatènipun piyambak-piyambak, inggih punika miturut griya-griya pasébenipun para bupati golongan kiwa lan tengen. Ingkeng golongan kiwa inggih manggèn wonten sisih kiwa; makaten ugi ingkang golongan tengen inggih menggèn vontcn sisih tengen.
Wontenipun aben-abenan punika namung saperlu kanggé andadar dhateng kekendelanipun para abdidalem saha para prajuriting Kraton, saha ngiras kanggé naliti dhateng kaampuhaning sanjata dedamel tumbak. [ 32 ]Inggih makaten punika wau mwnggah pikajengipun dipun wonteni adu-adu sime kamengschaken kaliyan maésa. Sima pu- nika wau mimpang punapa kawan terus dipun rampog ngantos dumugi sapejahipun, lajeng katelah dipun wastani rampogan. Kandhing macan wau anggenipun ngisèni sima ranawi pinu ju badhe ngawonteni adu-ndu. Sima ingkang kacawisaken ing keangkèng punika katiti-priksa kasarasanipun saha kekija- tanipun. Sannten ugi pun maésa inggih dipun opèni anrih saras lon saénipun, sampun ngantos nguciwani sawanci-wenci dipun abon wonten ing kabangan.
Sinn ingkang kaaben kaliyan maésa punika dipun piliha- ken ingkang ageng piyambak. Fangabenipun wonten sale beting grogol, inggih punika pager ingkang santosa Paggalaking maésa dipun kenadhuh, inggih punika dipun gepyoki godhong ingkang anggeteli; utawi dipun siran ing toya lombok jen- prit. Déné penggalaking sime dipun nyunyuk ing wesi bang. Honggah patraping ngrampog, ing alun-alun dipun wonten- cken barisaning para abdidelem, anggolong. naut kabupatèn ipun piyambak-piyambak. Tatananing barisan sampun dipun kawekani, kadamel sap-sopan. Dados saupami barisan inga- jong dhadhal, ing wingkingipun wonten barisan ingkang na- dhahi. Sima ingkang badhé korrapog. sani dipun dèkèk ing robog (krangking), kajèjèr wonten satengahing pebris.n ranpogin sina punikx. Sinanipun boten neming satung.al, sok ngantos sadass; wonten ingkang sima tutul, wonten ing- kang sine gerbong.
- Musawi sampun badhé wiwit ngrampog, wonten pangagenging
abdidelem Gandhèk ingkang sampui pongkat Bupati Anon, lu- campah menengah anuju dhateng satunggaling gerobog ingkang - badhé dipun bikak. Lampchipun katingel tatag sakeca kéna- won, boter gedhah kasamaran punape-punapa. Pangegenanipun basaban angumbar kunca, inggih punika kempuhan ingkang li- trahipun namung kagom pengéran.
Saduruginipun ing gerobog lajeng minggah. Patrapipun sarwa cion, lan boten nilar sembah, awit ing kala punika Ingkang Sinuwun Friksani. Sasampunipun minggah ing garobog Lajeng angunus vedrung, dipun gedhugaken ing gerobog ran- bah koping tiga, saistha suka sasnita murih pun cina nedala Wedhung wau lajeng kanggé natas tengsuling laweng garobog. Lawangan lajeng dipun angkat, kebucal "glodhag". Saha la[ 33 ]jeng ambosmi kambengan (alang-alang garing) ingkang Kenggi nasabi garobog; perlunipun pun sima supados kabuntêran, la isi jeng purun medal saking erobog.
Wusma pen Gandhèk wau lajeng mondhap saking garobog, wangsul dhateng pabarisan. Lampalipun kenthi ambeksa ta- yungan. Tarkadhang saweg angsal sawatawis jangkah, sima- nipun sampun medal saking garobog. Éwadéné anggènipun am- beksa tetayungan inggih sakéca kêteawon.
Gentog nyariosaken ingkang sani bebarisan. Ing kalani- pun sina anjedhul medal saking garobog wau, tetiyang ing pabarisan lajeng sami horeg. Ngrika-ngriki sami surak ra- né. Sima lajeng dados bingung, wusana lajeng nempuh dha- teng pabarisen, lan pejoh -dipun rampog. Punika lajong di- pun wastani ngrampog sima, utami rempogan sima. Makaten cariosipun bab rampogan ing jam kina.
Mangsuli ingkang sumpun kaaturaken ingajeng (kanca 30) bab séla kalih iji ing saceloking Kori Pamerukan ... Sêla. wau nemnanipun sêla Cantheng, wengunipun pesagi, Ngan pun watawis- 50 cm, lan wiyeripun inggih 50 cm. Sêle puni- ka ingkeng kanggé landhesan mecèl-mecêl balung sak doging- ipun kêwer-kéwon ingkang mentas dipun pragat, ingkang sa- lajengipun dipun purak.
Senangké bab alun-alun. Alun-alun tegesipun Ppaprin wara- Gin ingkeng wiyar, ninangla papen koinggé gladhen ajar pe- rTeng-perongu:, sarta kanggé ajar baris para. prajurit. Alun-alun punika wonten kalih; ingkang satunggal wonton ing saelêring kedhaton, batunggalipun ing sakiduling ka- dhaton Ingkang elèr langkung wiyar katimbang keliyan ingkang kidul. Korining alun-alun ingkang lêr nama Kori Galadhag. Déné .kori ingkang sisih kilên (dhateng Slom- pretan) saha sisih wétan kahakeng Bathangan) namanipun sami Kori Galèdhèg.
Ing satengahing alun-alun Kaka wit waringin kalih gang dipun kurung-ing pencak suji; sadarêngipun namung urung dipun kurung ing témbok, kawangun mendhak mendhukul. Wit waringin ingkang sisih wétan nama Jayadaru, tegesipun kemenangan, déné ingkang sisih kalèn nama Dewandaru, tegesipun kaluhuran.
Wit waringin ingkang tumancep ing sisih lèr-kilèn [ 34 ]punika wit waringin jaler, nan Waringin Jenggot, déné ingkang tunancep ing sisih lèr wétan punika ingkong estri, nama Waringin Wok.
Wit waringin ingkang turncep ing sisih kidul-wétan name Waringin Gung, tegesipun ageng inggil. Déné wit wa- ringin ingkang turncep ing sisih kidul-kilen nennipun Fringin. Binetur, tegesipur andhap. Wonten ing ucap-ucapen padhalangan nagari Surakarta. Hadiningrat punika "dhuwur tan ngungkul-ungkuli, andhap ten keni kinungkulan". Wit waringin sanès-sindsipun ingkang si kateen turut pingir ngubengi alun-alun punika namung kanggo pepasrèn éyub-érub kónaron.
Ing lun-lun 1èr wonten Bangsal Pemandang kelih: ing sisih wétan satunggal, len ing sisih kilèn satunggal. Punika papan kanggé prkondel:nipun kuda/jeran titihenipun Inglaung Sinuwun. Manavi nuju dinten psowenan ageng, ja- ron punika scri dipun rokiti mavi èbèg-ébegan kados wujud- ipun jaran wayang kulit.
Bangsal pakrétan (utawi parétan) ugi wonten kalih, anggen wonten sisih wétan satunggal, sisih kilèn satung- gal. Punik: papan konggo pakondelanipun rata titihandalem Ingkang Sinuwun tuwin rata titihanipun para tamu agung. Bangsal Patalon punika napen penabuhing ganelan Setu, inggih punika gengsa Kyai Singakrura. Penabuhipun saben dinton Setu wanci jen 4 sonten, saperlu kinggé nabuhi gladhèn ajar perang-perangen. Ajar perang-perangan punika kanthi numpak jaran, kaliyan andhi tumb-kbindaren. Funika katel h dipun wastani perang soderan.
Sepinggiring lunlun sisih wétan, lèr sahe kilèn wonten griya-griya ingkang navi pandhapi. Punika griya Faséban, kanggé pamondhoking para Bupati mancanagari manewi nuju sani sowan ing dinten ageng, inggih punika dinten Garebeg Pasa (Idulfitri), Garebeg Besar tuwin Ga- rebeg Mulud. Manggènipun niturut golonganipun piyambak- piyambak: ingkang kiwa inggih manggèn golongan kiwa, ing- kang tengen inggih anggolong wonten tengen.
Griya ingkang sisih lèr-wétan manawi nuju wonten Seton dipun anggé ngalempak para abdidalem saha para sentana- dalem ingkang sami badhé ningali gladhèn sodoran punika. Katelah nami Seton awit dipun wonteni saben dinten Setu. [ 35 ]Caranipun perang sami numpak kapal/jaran, sami adu kaprigelan ulah dedamel tumbek sarana numpak kapal, pramila griya wau katelah nama Paséban Pakapalan.
Mriyem cacah 3 kapasang wonten sangajenging Pagelaran Sasana Suméwa. Ingkang ageng piyambak wonten wétan, nama Kyahi Pancawura. Punika mriyem iyasan jaman Mataram nalika tahun Jawi 1567 (Masèhi 1645). "Pan-ca-wu-ra" punika cekakipun "PAN-dhita CA-rem WU-ruking RA-tu", sengkalan tahun anggènipun yasa mriyem wau (1567). Mriyem ingkang kapasang wonten ing tengah nama Kyahi Swuhbrastha. Déne mriyem ingkang wonten ing kilèn piyambak nama Kyahi Sagarawana. Mriyem tiga pisan punika sampun sami kapindhah sadaya saking ngajeng Pagelaran, sami kapapanaken wonten sakiwa-tengenging Pagelaran Sasana Suméwa. Inggih punika: Mriyem Kyahi Pancawura kapapanaken wonten ing sawétaning Pagelaran Sasana Suméwa, mriyem Kyahi Swuhbrastha wonten sawétaning Kori Wijil. Mriyem alit nama Kyahi Santri kapasang wonten sakilèning Pagelaran Sasana Suméwa. Titimangsa ingkang kaserat ingriku tahun Jawi 1650 (Masèhi tahun 1725), dados kala ing jaman Kartasura.
II. PASEBAN
Pagelaran Sasana Suméwa ing jaman kina dipun wastani Tratag Rambat, kabekta payonipun taksih saking bethèk, katutupan gedhèg kanggé éyub-éyub. Cagakipun pilar kathah, ngantos pinten-pinten larikan. Ing ngandhap waradin kaurug ing wedhi, dados saged sakéca kanggé lelenggahanipun para abdidalem ingkang sami séba, manawi nuju ing dinten ageng Sang Nata miyos tinangkil.
Ing jamanipun Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping X Sasana Suméwa kabangun, inggih punika ing tahun Jawi 1843 (utawi Masèhi tahun 1913). Déné wujud wewangunanipun inggih kados ingkang kacetha sapunika, mawi pilar cacah 48 iji, mèngeti kala samanten Ingkang Sinuwun yuswanipun jangkep 48 warsa. Perlu katambahaken, bilih balunganipun Sasana Suméwa punika saking tosan, déné payonipun sèng. [ 36 ]Griya alit ingkang wonten salebeting Sasana Sumbwa pu- nika nama Bangsal Pangrawit. Punika papun palenggahon- dalcn Ingkang Sinanuwun manawi nuju tinangkil: ngurusi sa- warnining kabetananipan para kawuladalen ing praja. Ma- nawi nuju lenggah pancaniti :pating pangadilem dhateng para kawula. Ingkang sae serta leres tindakipun dhateng kaprajan, kcparingin ganjaran bebibgeh samurwatipun. Dé- né ingkeng awon saha salah tindukipun lan damel karugian- ipun para kawula lan nagari, lajang kapatrapan paukuman. Ingkang tentu kagen, wonteni dinten Senèn, Déné wisudhan, dintenipun Kemis. Ing salebeting DBongsel punika kapen- dhem séla dhampar, tilas agenipun Prabu Hayen Wuruk, na- ta Ing Majapahit.
Bangsal Pacekotan ingkeng wonten sawétâning Pagelaran punika pipan kangge tengga tumrap tiyang ingkeng badhé tampi ganjaran utawi bebingah sakang Seng Prabu.
Déné Bemesil Pacikeran ingkeng wonten sakilèning Pa- gelaran punika papau nga tengga turrap,. angkang badhé tampi pidana.
Bungsa Martalulut, griya alit ing sawétaning Kori Wi- jil, gon uka papan pasfbanipun nbêidalen ingkang ngampil barang, arupi pumnpa ingkeng calon kagen ganjaran.
Bangsal Singanagara, griya alit ingkong wonten sakilé- ning Kori Wijil, punika papan pasêbanipun abdidalen ing- lang mundhi dhatmhdalen nindakaken tunu pidana ain tiyang ingkang nendhang Cosa.
Kori Wijil punika. kori ingkang salang Pagelaran badhé lumebet Adhiteng Siti Inggil. Imcping kori ruji tosan.
Siti Inggil, ingkeng ing jamen murwa kadéwatan kasebat Siti Bentar, ing jamonipun Ingkang Sinuwun Kangjeng Susu- huran Paku Buwana kaping III kabangun, nananipun Siti Inggil Binsta Wrata, lon dados palenggahaning Ratu manawi tinangkil. Kabangun ing tahun Jawi 1701 (Masèhi th.17714).
Bangsal Sêwayana punika kagem palenggahoenipun para pri- yagung ingkang uadhepen ing Ratu.
Bangsal Mangumtur Tangkil punika kagem pelenggahaning Ratu manawi nuju dinten ageng Garebeg Mulud, Garebeg Pa- sa tuwin Girebeg Besar. Ing salabeting bangsal punika, kapendhen sêla dharapar palenggahanipun Prabu suryawas6sa ing jeman Jenggala. [ 37 ]
Bangsal Winatal punika pepan pasowanipun para abdidalem ingkang ampil-ampil upacaraning keprabon, kadosta Banyak Dhalang, Sawunggaling, Kacu Has, Hardawelika lan sapanung- gilanipun.
Bangsal Manguneng, punika papan lenggahipun mariyem Nyai Setomi. Bab Nyai Setomi kula aturi maos Bagian Pusa- ka-pusaka ing keca
Bangsal Gandhèk Kiwa, punika papan kanggé nyadhiyakaken pasugatan pista ingkêng dipun wontenaken ing Siti Inggil.
Nama-namanipun mariyem ingkang kapasêeng kagen Têreng- ganing Siti Inggil, saking kilèn wan-étan.
- Mariyem Kyahi Bringsing
—pisungsung saking nagari Siar (Muang Thai) - Mariyem Kyahi Bagus
— pisungsung saking Jéndral Van der Loen - Kariyonm Kyani Nangkula,
— pisungsung saking Kumpeni/VOC - Mariyen Kyahi Kumbarawa
— iyasan Mantaram ing tahun Jawi 16145 (Masêhi 1623) - Mariyem Kumbarawi
— iyasan Mantaram irig tahun Jawi 1545 (Hasèhi 1623) - Mariyem Kyahi Sadéwa
— pisungsung saking Kumpeni/VOC - Mariyem Kyahi Alus
— pisungsung saking Jêndral Van der Leen - Wariyem Kyahi Kadhal Buntung = Kyahi Pamecut = Kyahi Wasa Kumali, iyasan Mantêram.
Nama-namanipun gangsa kagungandalen, ingkang wonten ing Siti Inggil:
- Gangsa Kyahi Singa Krura, inggili punika gangsa Setu.
- Gangsa Kyahi Suka Sih
- Gangsa Kyahi Pamedar sih
- Gangsa Kyahi Banjir,
— kanggé suka tandha dinten Bakda Garebege - Bendhé Kyahi Samparan kaliyan Kyahi Déwa Dhenta
— wonten ing kamar,dipun krukub ing klambu - Gong ageng Kyahi Surak,punika gong monggang
- Gong ageng Kyahi Kanigara
- Gong ageng Kyahi Kumitir,Yasandalem Pakubuwana IV
- Gong ageng Kyahi Braja Hérawana [ 38 ]
- Gangsa Kyahi Senggani Raras.
- Gangsa Kyahi Sekati Ageng sarta Alit
- sapunika kasimpen wonten ing Pandhapi Methèlen nglebet Karaton.
Bangsal Gandhèk Tengen ing sisih 1èr wétan, punika pa- pan kang ngungelaken gangsa "Kodhok Ngorèk". Manawi sam- pun rampung jeng kasimpen wonten ingriku.
Bangsal Angun-angun ing sisih kidul-wétan, punika papan kangge ngungelaken gangsa "Monggang" manawi nuju dinten a- geng Bakda, utcwi wonten kaperluan Karaton.
Manawi sampun rampung ilajeng terus kasimpen dhateng Bangsal Balébang. Punika gedhong kanggé wadhah penyimpen- ing kagingandalem gangsa keprabon.
Kori Renteng: punik, kori ruji tosan,. ingkang saking Siti Inggil kanggé medal terus lunebet dhateng Kori Braja- nala Lèr.
III. KADHATON
Kori Brajanala punika kori angka V. (Angka I Kori Galadhag, II = Kori Parurakan, III = Kori Wijil, IV = Kori Renteng). Saking tembung Braja = gegaman landhep, Hala = nenah, ati. Dados Brajanela anggadhahi teges : kalandhepening nenah, utawi karcspadaning manah. Inging- gil konton dipun sukani sengkalan meget" arupi wacucal supi pesagi, ingkang anggadhahi teges "Lulang Sapi Siji", cekakan saking: wolu (= 8) ilang (=0.) sapi (= 7) siji (= 1), inglong nerangkan tahun dipun bangun, 1.p. tahun Jawi 1708 (= Moschi 1782). Ingkang mbangun Ingkang Simu- vuun Paku Buwana kaping III.
Ando Rata utawi Balé Reta punika papen kanggé nitih utawi mandhap seking karéta titihan.
Kori Kanandhungan tegesipun papan kanggé kèndel. Ing ngriku pasangan kaca pengilon ageng, cacahinun tige. Kapasang kiwa kaliyan tengen, saha ngajengan majeng ma- ngalèr. Punike minangka piwulang krnggé kita sadaya sageda tansah &rut, mulat sarira, utawi "zelf correctie". Kori Kamandhungan punika kori angka VI.
Bangsal Saarakata, punika papan pasowanipun para abdi[ 39 ]dalen Panètu Hantri lebet/njero, ingkang enggadhahi kuva- jiban lebet Karaton.
Bangsal Harcukundha, punika papan pasébenipun pera ab- didalem prajurit bagian lebet Karaton ("prajurit jero").
Kori Srimanganti punika kori angka VII. Menggeh teges- ipun : Sri = ratu, Menganti ratu, onganti = nengga. Dados papan kanggé nengga Sang Ratu. Punika kori iyasan-dalem Ingkang Sinu- wun Paku Buwana kaping III nalika tahun Javi 1685 (Mase- hi 1759). Lajeng kabangun déning Ingkang Sinuwun Kong- jeng Susuhunan Paku Buwana IV ing tahun Jawi 1718 (Ha- schi 1792)..
Dalen ageng Prabasuyasa ingkang majeng ngidul punika papan pasebanipun para putri-dalen ingkang sani sowan ngadhep Kangjeng Ratu, nenavi ing Karaton nuju wonten ka- perluan.
Parasdya utawi Paringgitan punika papan palenggahani- pun Ingkang Sinuwun manevi pinuju mirsani ringgit acucal ingkang kagom kaperluan nyegah tamu. Papan punike ugi ka- gen manggihi tamu ingkang boten resmi.
Pandhapi ageng Sasana Sewaka ingkang majeng rangéten punika papan kagem lenggah sinivaka Ingkang Sinuwun sa- ben dinten Senèn lon Kemis ngadhep dhateng Pangéran Ing- kang Maha Kawasa; semadi saperlu nyenyuwun kaslanetoning nagari dalah para kawulanipun sadaya, pinaringana. rirah sandhang lan pangan, kinalisna ing sesakit, sarta tine- bihna ing parenguka. Punika saged tumindak ngantos du- mugi panjenenganipun Ingkang Sinuwun Paku Buwana XI.
Sasana Hendrawina, punika papan kagem pambujananing para tamu agung, sani kasegah dhahar saserengen kaliyan santana keluarga-dalem ing Karaton. (punika nanawi ing Karaton nuju wonten kaperluan gadhah danel).
Paningrat, punika ènpèr ingkang ngubengi Pandhapi A- geng Sasana Séwaka.
Maligi, punika topènganipun Pandhapi Ageng Sasana Sé- waka, ingkang kagem papan nyupitaken para putra-dalen.
Ing papan sakiduling Pandhapi Ageng Sasana Séwaka (salèripun Sasana Hndrawina) katatanan kagungan-dalen gangsa keprabon sléndro lan pélog jangkep - nama Kyahi Kadukranis kaliyan Manisrengga, manawi dinten Rebo 8 [ 40 ]kegem ajaran beksen Srimpi lan ing dinten Setu ajaran bek- san Bedhaya.
Ing palataran sisih wétan wonten bangsal cacahipun tiga:
- ingkang kidul piyambak Bengsal Bujana, kangge nyedhahi para pundhèrèking tara agung.
- ingkang tengah nama Bangsal Pradanga, papan penabuhing gangsa manawi nuju wonten keperluan ing Karaton,
- ingkang lèr nma Bangsal Musik, kenggé peper ngunge laken musik utawi "atrijk-orkest" (orkès gesek) minangka kagen pakurmatan manavi ing Kraton nuju wonten keperluan damel.
Sasanaprabu, punik: kegen kontoranipun Ingkang Sinuwur.. Papanipun kaleres sakidulipun Parasdya. Griya gedhung sarietaning palataran rujur mengalèr, sa- king kidul mangalèr durugi ing Kadipatèn, punika runiyin- ipun kantor pemaréntah Karaton, antawisipun: Sasanavila- pa (Sekretariat), Pentiwardaya (Perbendaharaan), Reksa- hardana (Kas Karaton) lan Balékretarta (Perlengkapan). Sapunika kagen Museun nepunipun "Art Gallery", papani pun barang-barang kira dipun klerpakaken.
Panggung Sanggabuwana, iyasan-delem Ingkong Simuwun Paku Buwana III nalika tahun Jawi 1703 (Maschi 1782). Panggung punika kobong nalika tanggal 19 Nopember 1954, Lajeng kabengun naiih, renpungipun tanggal 27 Rabingula- wal 1891 utawi 30 September 1959.
Mengg h winguning payonipun penggung sadèrèngipun ko- bong dipun wastani "tutup saji", inggih punika wujuding payon maju wolu. Sapuniknipun nguning payon k-daniel dhopur wujud payung ingkang saweg megar.
Kori Wiwara Priya, papenipun kaleres saclèring Pandhapi Ageng, dene Kori Wiwera Kenya kaleres sekidulipun Pandhapi Ageng. Funika margi lumebet dhateng ing Kaputrèn. Kori ijem/ijo kala rumiyinipun dipun cèt ijen, sapuni- ke biru; kndonel sami kaliyan kori ingkang lèr. Kori ijen puhika nama Kori Srimenganti Kidul, inggih punika kori saking palataran Karaton medal dhateng Pamagangan.
Pamagangan, ing tengah wonten pandhrpinipun blak-blakan dipun aling-alingi hèk minangka pager, sampun ngantos di- pun lebeti laré-laré ingkang sami dolan ingriku. Pendnapi punika kanggé nyimpen Maligi, ingkang sok kanggé nyupiti [ 41 ]para putra-dalem, kaliyan reca-reca kajeng ingkang kanggé wadhah tuwuhan manawi ing Keraton kagungan damel, sarta mriyem alit-alit sadhiyan kanggé pakurmatan manawi dinten Garebog.
Ing sisih wétan saha kilèn tuwin kidul sari wonten gedhongipun, naminipun gedhong Hagasèn, papan kanggé nyimpen dedameling para abdidalem prajurit jangkep sapanganggénipun.
Ing sawétanipun wonten kori butulan dhateng Pandhapi Gendarasan. Ingriku wonten pawonipun. Saben Bakda mulud tahun Dal Ingkang Sinuwun sakaliyan tedhak dhat ing pawon punika saperlu adang sekul ingkang badhé kagem sidhekah wilujengan Muludan tahun Dal. Ingkang kadhawuhan ngrakit abdidalem nama Kyahi Lurah Gandarasa, ngagem dandang Kyai Dhudha kaliyan Kyai Tambur, panjang piring ageng nama Nyai Blawong dipun isèni sekul. Inggih sekul punika ingkang badhé dipun dumaken dhateng para abdidalem ingkang semi ngalap berkah-dalem.
Kori Gadhungmlathi punika margi kanggé medal saking Pamangunan terus mengidul dumugi Kori Branjanala Kidul, terus anjog ing Siti Inggil Kidul.
Ing sisih wétan saha sisih kilènipun Siti Inggil Kidul rumiyin wonten lumbung wadhah pantun, kagem sadhiyan manawi mangsa panceklik, kagem mitulungi dhateng para kawula ingkang sami kekirangan tedha, namanipun Lumbung Silajur
IV. ALUN-ALUN KIDUL
Alun-alun Kidul punika alun-alun pungkuran, nanging sajatosipun malah ingkang hama ngajengan, sabab miturut griya Jawi ingkang kanggé ancer-ancer punika adheping griyanipun. Ing mangka Kadhaton Surakarta dalemipun agen Prabasuyasa majeng mangidul, dados ingkang nama Karaton punika inggih majeng ngidul.
Kula aturi maos sejarah pindhahing karaton Surakarta dhateng Surakarta. Kyai Tumenggung Wiraguna dumugi alun-alun pengkeran lajeng nyengkal (ngukur) Masjid Ageng, lajeng Bètèng Kumpeni, dalah sadaya griyanipun Kumpeni sampun rampung. [ 42 ]ng mangka ing alu-chu: kidul boten wonten nasjid sar- ta betongipun Kumponi, dados manawi Bakaten alun-alun lèr puulia kaieres wonton vingang-dalem ageng Prabasuya.
Ing alun-alun kidul sisih kilèn kala rumiyin kanggé kandhang gajah, dados kateich name kampung Gajahan.
Kori Gadhing punika kori pungkasen ingkang kidul. pi- yambak, kanggé medal saking alun-alun kidul dhateng jawi. Punika nama sampun medal saking cepurining Karaton.
Gadhing utawi Gadhingan punika abdidi lom ingkang ang- gadhahi kuwajiben lampeh layadan ngantos durmugi sarampung- ing panguburipun. Déné pragageman dhines prajuritan pajang pasisiran punika cara Jawi jangkep, mavi topi pèt, nawi mawi dhuwung anggeran, sabuk cindhé bara, mawi tali ban- dhang, rasukan atóla cemeng. Sadaya riturut tatonen undha usuking pangkatipun piyambek-piyambak.. [1]
Manawi wonten panjenenganipun Nata surud (séda), jena- zahipun kawedalaken saking Kori Srimangenti Kidul, enjog ing alun-alun kidul, le jong rudal ing Kori Gadhing mangi- lèn, terus kalajengaken dhateng ing Astana Imagiri nawi pakurmat.n niturut dat tatacara kapraboning Nata. Wiwit nedal saking Koruton ngantos dumugi ing stasiun Balapan kanthi mavi kajajaran upacaraning kanarendran jangkep.
Bab Kawontenanipun Dalem-Dalem Dalah Sa-
perangan Ing Weheugkon Ing Karaton-Dalem
Dalem ing Keraton punila orjeng mangidul, nanging Pa- ringgitan sahe. Pandhapinipun majeng mengétan, prenahipu kering dalen. Déné dalen u nemenipun Prabcsuyasa, dhe pur Linasan,èmpèr mubeng rai lambang gantung, nana Sin Mangkurat. Adegipun nalika tun 1694 (Maschi 1768)
Krobongen ing dalem manggèn ing tengah, kaistha dalem alit kapagéran ram kaca mubeng, mawi kori majeng mengi- dul: ukir-ukiran dipun cèt ungu mawi dipun prade. emas; payon ingkang kalores vurung saha dudur mawi rinengg warni nage. Henggah kemaring dalem Prabasuycsa punika wonten cucah sekawan. Ingkang wétan nama Kaner Gadhing, lajeng Karar Agong, Komar Pusaka, lajeng kamar ingkang kilèn nama Prabasana.
Paringgitan nama Parasdyo, dhapur Joglo Kepuhan, n- nging namung jubungan (tanpa èmpèr), leres sawéten de- lem: mujur -mangidul.
Savotan Paringgiten-Pendhapa Ageng nama Sasa SKS. dhapur Jógle Pangratit. Adegipun nolika tahun 1698. Won- déné Pandhapi ingkang lami sarenganipun dalem, kaparing- aken dhumateng ingkunagaren dipun agem dalem.
Sanéten Pandhapa mawi topèngan nama Mligi; dhapur Li- masan, nanging namung jubungan tanpa èmpèr.
Sakidul Pandhapa Sasrna Séwaka wonten Pandhapa panjang mujur nangidul, dhapur Limasan sinor Klabang Nyander, pager ran kac rubong. Pendhapa punika pirantos papan kenbul bujana, nama Sasena Handrawina.
Pandhapa Sasana Sevaka punika dipun ubengi griya alit panjang, nama Paningrat.
Hondéné wiwit Prabasuyasa dumugi Hendrawina uu wi dipun eblak saistha kandos sikon utawi kados aksara L.
Saclèr saha sawétaning Pandhapa wonten palatarau wiyar katanenan vit sawo jajer mujur mangalèr sap gangsal. Ka- jawi gadhah daya sakalangkung édhum, sinawang inggih sa- kalanglang asri sarta nyenengaken. [ 44 ]Ing plataran wau iring wétan wonten bangsalipun tiga panjang mujur ngalèr ngidul. Ingkang kidul nora Bangsal Bujana, dhapuripun jubungan Limasan Klabang Nyander. Ingkang tengah sahr. ingkang lèr noma Bongsal Pradangga, Limasan nanging namung jubungan.
Sawétrning bangsal tiga wou wonten griyanipun pan- jang nujur nangidul nekuk mengilèn, dados kaleres kikis- ipun plataran ingkang sisih wetan sarta kiaul, kawasta- non Panti Pengarsa. Griya wau kapérang-pérang kanggé k: ntoran.
Wivit sling 1èr piyanbak dumugi tengah nama Kantor Balé Kretarta (Kantor Papréntahan Karaton),; sakidulipun nama Kantor Reksahardano (Kas Karaton). Sakidulipun ma- lih nan Kantor Sitoradya, kantoripun pangagenging pama- réntah Karaton. Sekidulipun melih nema kantor Muscum Ka- raton. Lajeng Kantor Sasana Pustaka (Pasimpenan kagungai- dalen serat-serat Karaton).
Pungkasan lèr sarta pungkasan kidulipun kantor-kantor wau sami mawi kori mugétan, anjog ing Kadipaten Anom.
Déné kori ingkang kidul neluk mangilèn. Ingkang wétan kanggé kontor panyimpenan kagungan-dalem barang kabetah- an balé griya, nama Kentor Mendrasann. Sakilènipun malih kantor tutumbas, nama Kantor Balékarta. Sakilènipun na- lih ngantos dumugi kagungan-d:lem Kori Srimanganti Kidul nana Gedheng Karyabaksana (Kokèn).
Saolèripun Sasena Perasdya wonton griyanipun nujur na- ngalor, rumiyin kanggo pasowanenipun sadaya abdidalem ca- rik kesepuhan ingkang majibi serat-scrat ing ngarsadalen, nama Kontor Sasen wilapa. Arung ing samangké lajeng kale- betaken ereping Kaputren, kagea angelar dalemipun putri- dalen Gusti Kangjeng Ratu Pembayun.
Snelèripun Sasanawila wau wonten korinipun nama Wiwara.priya. Saclèripun Kori Wiwarapriya wonten jambani- pun (kolohipun) sadhiyan kanggé para tamu.
Sawétanipun dumugi kagungan kori Srimanganti Lòr wori- ten griyanipun panjang mujur mangétan nama Ngutarasana, nanging ing sangké lajeng kanggé pindhahanipun kantor Sasanawilapa. Ing cupèring Susanawilapa wat ingkang na- jeng mangidul - manawi wonten temi kanggé jujugenipun pasowananing para Pangéran putra sentana dalah riya. [ 45 ]nginggil sadèrèngipun anjeng ingarsa-dalen. Padintenan- ipun kanggé sowan adhepan, ingkang sani ngadhep ingarsa dalen.
Pungkasanipun Nguntarasan. Kori Srinengenti Lèr; dhc- puripun Joglc Serar Tinendhu.
Sawétanipun Kori Srimangenti Lèr wau wonten Prnggung- ipun ngung inggil sungsun sekawan, dhapur nisthe wolu; pucukipun pyon mawi pepe then naga dipun tunpeki tiyang, nawung kajeng kados "sengkalen nilir", kénging dipun u- ngelaken: Naga Muluk Tinitihen Jonna", inggih punika tahun 1708. Tegesipun nawung pikajeng bilih penggung au -iyasan-dalen Ingkang Sinurun Kangjeng Susuhunen ingkang kiping III.
Loteng inglong angka tiga, ingkang iring lèr, vi jan. Wondéné panggung wou winasten Panggung Sanggabuwanc.. Déné nama wau ugi wonten ingkang aastani bilih punika ugi eteges "sengkalan milir", kacethakoken jangkepipun ungel- uigelinipun: "Penggung Luhur Sinengga Buwana".
- PANGGUNG punika PA agung punika PA, paliya, inggih PA gedhé puniki dados angkn 8 wonten ing seratan basa Jawi.
- LUEUR semi kaliyan tanpa wates, anggadhchi watak 0 (nol) utawi das.
- SINAIGGA watak 7.
- BUWANA watak 1.
Miturut punika ugi lajeng cocog malih bilih namung pi- kajeng taun 1708 kados kasebat inginggil.
Kori ingkang kanggé nelebet dhumateng Kaputrèn kapre- nah sakidulipun Sasana Parasdya, nena Hiwara Kenya. Dé- né saclèripun kori punika Gedhong Drawisana (Gedhong Minunen).
Kantor utavi Gedhong ingkang kalebet èreping Kadipa- tèn - saelèripun Kantor Balé Kretarta - griya panjang. sawétening wates palataren inginggil, turut wates capu- rening Kadipatèn; ingkang iring lèr mangétan lajeng nc- kuk mengidul, wonten griyenipun panjang lajuran, punika kadamel kentor utawi gedhong. Wiwit saking kilen : Kantor Panti Wardaya (Kantor Komptabiliteit/Perbendaha- ran), savótaniram lejong Kontor Reksa Wahana, lajeng Amongraras, lajeng Marta Reksa Cengkrama. [ 46 ]Lajeng ingkang wétan saking lèr mangidul, ingkang lèr piyambak, ugi nunggil péranganipun Kantor Amongraras.
Sakidulipun lajeng Gedhong Reksa Panjuta, sakiduli- pun malih lajeng Gedhong Joli, lajeng Kontor KA.VI. (Urusan babagan lisah, bensin, sapanunggil nipun).
Déné sakidulipun melih Gedhong Longen Taya (Gedhong Wirèng). Sckidulipun molih ngentos notog wates témbok capuri punika Gedhong Bekakas.
Kajawi punika ing tengah Kadipatèn iring kidul won- ten griyanipun dhapur Limasan kalih: Ingkang 1èr lalah pandhapa pérangan ngajeng iring kilèn kanggé Kantor Kawadanan Karaton serta ngajeng (Geladhag). Ingkang i- ring wetan Kantor Ganbaran, sakidulipun lajeng Gedhong Mardiwarna. Déné satunggalipun ingkang kepronah kidul dados Kantor Papréntahan Ge thong, ingkang iring kilèn. Gedhong Kiwa, wétanipun Gedhong Tengen.
Bakidulipun Kantor Papréntahan Gedhong wou, wonten èmpèripun, tunémplok Kentor Mandrasena; punika Gedhong Duryaréka (Kemasan).
Bagéan perangan sejawining Kori Srimengenti Lèr sa- lebetipun Kori K-mandhungan, ingkang iring kilèn Bang- sal Marakata, kanggé pasowanipun Pepetih-delen sapa- ngandhap saben dinten Kenis saha ting len-delen sasa- minipun. Padinten nipun kanggé pacaosanipun Yadana.
Déné ingkang iring wétan nama Bangsal Merculandha, kenggé pasowanen scha pacaosan kedos Bangsal Marakata, nonging tumrap abdidalem prajurit.
Sawétening Bongsal Marcukundha wonten griya penjang aujur ngalèr ngidul, kanggé griya paukuman para suta- na-dalem, nar.cnipun Panti Pidana.
Sawétanipun Panti Pidana wonten kontoripun, majeng mangétan mari markis, namenipun Krantor Sidhikara, ing-- gih punika kentor papen parepaten kala jaman Rad Naga- ri, sarta papriksanipun pangadilan-dalem pradata..
Sakidulipun Sidhikrra iring wétan kangge kantoran abdidalen Kadipatèn ingkang majibi urusan barang wari- san tumrap putra sentam-dalem. Ingkang iring kilèn sa- punika kanggé kantoran Kawadanan putra sentana-dalem kiwa. Wondéné ing saclèripun Sidhikara kanggé Kantor Wismayana (Biro Kontrol). [ 47 ]Wewahan énggal: pletaran Sidhikara ingkang iring kidul wonten ènpèripun tunèmplèk témbok capuri Kadipatèn, payon sèng, ngandhap plèsteran. Punika pepon pirortos wedhah pit (sepéda) gadhahanipun para abdidalen ingkang soran Kara- ton, saking kadarmen-dalon Pragagonging Paréntah Karaton anarengaken aturipun Sastralesana. (Wangsalesana) ingkang kabiyantu para abdidalec kathah. enggah kederman punika saustu andadoscken penuuunipun sedaya abdidalen ingkang somi numpak sepeda.
KAPATIHAN
Dalen Kapatihan punike. Gjeng rongidul. Sajumenengipun Kongjeng Raden Adipati Sasradiningrat (1769-1782) —— (*). kathah wewchipun wewengunen ingkang demel asrining sesa- wangen.
Paletaren ing Kapatihen punika kénging kawastanan sap sekawan: 1) ing lebet piyambek palatarening Pandhapa, 2) tuminten palataraning Baléharja, 3) lajeng pelateraning Régol, 4) ingkeng jawi piyanbak Panédan.
Sclebeting platerea kathah griya tuwin gedhong-gedhong, kadosta sevétsning Pondhrapa wonten brngsal, winastan Balá Scraba (Bangsal Pradangga). Sawétanipun malih los mujur mangler vincstan Dirgayasa. Déné schilènipun Pandhapa wonten bangsal griya Strijk-orkest (Orkes gesek). Seki- lènipun ugi wonten los mujur mengalèr, kawastanen Panti Wibawa.
Sangejenging. Pendhapa wétan-kilèn wonten B-ngsal Ken- bar. Sakidul Bangsal Kenbar ingkang weten wonten griya kawastonon Subastana, mjeng ngalèr. Ingkang aajeng rongidul Kontor. S.S. (Sesranagaran).
Déné sakidul-wétrripun griya Kestalen: sekilèn Kesta- lan Gedhong Poupa.
Sekidulipun Bangsal Kenbar ingkang kilèn wonten griya, ingkang kapérang wétan nama Antisana; ingkang kilèn Ken- tor Uwang Pulisi.
(*) Bab panjenenganipun kula aturi naos kaca 140. [ 48 ]Sakidulipun Antisana - dados sagandhèng - wonten panggénan andhap, kawastanan Balé Rata. Sakidulipun malih - ugi dados sagandhèng - pasowanan Baléharja. déné sakilènipun Baléharja, Kantor Ageng; sangajenging Baleharja Régol. Sangajenging Régol dumugi plengkung ingkang lèr: palataran. Sakidul plengkung ingkang sisih wétan: dalem Puspadiningratan. Ingkang sisih kilèn plengkung: Masjid,
Déné saantawisipun dalem Puspadiningratan kaliyan Masjid punika ingkang winastan Pamédan; inggih punika palataran ingkang jawi piyambak.
Pungkasaning Pamédan kapageran tugu kinalungan ranté. Wétan-kilén wonten griya pajagèn, ngajengaken margi ageng: mangétan dumugi Warungpelem, mangilèn dumugi Pasar Legi, kaleres wingking Pura Mangkunagaran.
Katrangan :
Nalika jaman rumiyin para kawula manawi badhè malebet ing alun-alun, wonten ing Kori Gapit dalah wonten selebeting Baluwarti, tumrap para ingkang sami dedunung/gegriya kedah nyingkiri larangan/awisan puniki : *boten kénging nanumpak, *boten kénging linggih kursi, nabuh gangsa mawi gong gandhul, kalebet jagong-jinagong manawi wontén perlu sakedhik kémawon kedah manganggé dhines, nganggé payung, nganggé tudhung, kudhung sinjang, nganggé cripu/srandhal tuwin sarungan; punika mlampah medal ing alun-alun kémawon boten kénging.
Sintèn tiyangipun ingkang wantun nerak larangan punika lajeng kénging prakawis, kukum.
Ing tahun 1915 larangan wau dipun icali. Sasampunipun punika nabuh gangsa, linggih kursi, dalah numpak punapa kémawon wonten ing selebeting Baluwarti, boten wonten laranganipun.
Manut tatanan Karaton Surakarta, sedaya tiyang ingkang badhé lumebet ing Karaton - jaler lan èstri - kedah netepi pranatan rikala jaman kina.
Sadaya tiyang boten kapareng nganggé rasukan; kedah cucul rasukan. Wiwit para abdidalem ingkang pangkat inggil saha para putra sentana-dalem - mengandhap dumugi tiyang limrah ingkang boten gadhah pangkat - manawi kalebet ing Karaton boten kapareng nganggé rasukan, dados kedah cucul rasukan rumiyin. Anggènipun wiwit cucul rasukan manawi sampun dumugi ing Keri Kamandhungan utawi Kori Srimanganti.
Pangageman utawi panganggé miturut darajad pangkatipun piyambak-piyambak. Wiwit pangkat Bupati mangandhap dumugi pangkat Lurah sami kasepuhan.
Manawi Bupati clananipun panjen-panjen, kuluk gilap cemeng. [ 50 ]Manawi Panêwu, #antri durugi Lurah: ng-nggé kuluk kes- emeng, clana saking mori pethak wangun tapak belon.
Manawi pangknt Jnjar sani bebedan, ngongsé kuluk kes-
Kenggé tetiyang ingking dêrèng gadhah pengkat — ingkeng taksih nama Prmagang utawi akawon = sina jana sampun se- puh ururipun, sami bebedan sabulkwala wiron kencongan, bo- ten k€nging nganggé udheng; narung gundhulan kémawon; ing- kang ngingah raenbut, refbutipun kedah diun gelung.
Menawi lonpahirun sampun durrugi Kori Srimanganti ing-— kang nglebet — kaleres wonten sangendhaping Pangnung — la— jeng lêndel ndhodhok, mijang ngidal-mangilên, ngadhepaken Pandhapi ageng Sosana Séwaka, lrjonc nyembah rumiyin.
Tumunten lojeng ngadez lumempeh mangetan utami mangilên miturut. kêbetahanipun.
Manawi lumampah medal ing plataran, sadaya. tiyang ja- le ingkang sani gelungan kedzh dipun. uculi, dipun oré nglêwèr ing geger, tengan ngapurancang boten kénging lém- béhan, lumampah turrungkul, boten kénging nolah-nolêh. Lampahipun turut pinggir nalipir ing palataran. ;
Mimawi lampahipun kapethuk Pangéran, kedah kêndel rumi— yan, Lejeng linggih silz2 ngungkureken, adhepipun ngajeng— aken dhateng Pendhapi Ageng kaliyan nyembah, tumungkul, boten kénging nolèh dhateng ingkang kapethuk wau, kajawi monawi kadangu wonten prelunipun. .
Ingkang kenging presnêtan kedah ucul pelungan wul. manawi nuju Ingkang Sinuwun lenggah ing Pendhapi Ageng utumi won- ten ing Perasdya.
Sadnya tiyeng ingkang semi lumebet ing Karaton boten k€é= 'mging mawi lêmêk suku, tegesipun boten kénging srandhalan sarta boten kénging sarungan. Kedah bebedan mamut adat ta- tecarenipun Keraton. F Ka a
Sadaya abdidalem ingkang sampun cnggadhahi pangkat, sa-—- Mi nyengkelit wedhung min-ngkn kenggé tondha pangkat mano- wi sampun dados priyantun apdidalem, ebdining Ratu, |:
Tiyang. jaler inglang.swmi kulukan pethak nanging boten nyengkelit wedhung, punikn. senès priyayi, nenging nomung bebru kémawon. Bebau punika senajan kulukan, rmmawi wonten nglebet Karaton boten kénging nyangkelit dhuwung, cekap esolon kémawon. Beban kasar kulukipun saking wacucel dipun cèt abrit, namanipun bm nandhon. [ 51 ]Abdidalem ingkang golongan Hurdenes, wiwit nginggil dumugi pangkat Bekel ngantos pangkat Newu punakawan, sami bebedan, nganggé udheng wangunipun tèmpèn, sami nganggar pedhang suduk, nyangkelit dhuwung warangka ladrang.
Boten kesupèn sadaya abdidalem sami ambekta samir: golongan kasepuhan samiripun kuning kaplisir abrit. Golongan Kadipatèn samiripun kuning mawi plisir biru. Samir punika kadamel saking kain kesting.
Warni corèking bathik ingkang dados larangan inggih punika sadaya bangsaning corèk parang, lèrèng mawi mlinjon.
Sadaya abdidalem ingkang ngayahi tugas wonten ngarsadalem kedah kalung samir. Jaler lan èstri sami kémawon.
Para abdidalem èstri panganggénipun sami tapihan, boten kénging kembenan. Kedah dodotan. Ingkang kanggé dodot ugi sinjang, dados prasasat nganggé sinjang rangkep. Ingkang kanggé dodot punika kanggé lintuning kemben. Ing tengahing dodot dipun ubeti kain sutra kados pending, namanipun udhet.
Boten kénging gelung kondhé, kedah gelung malang mawi lungsen. Ing tengahing gelung mawi kaisénan rajut,ingkang sampun dipun isèni sekar kaliyan rajangan ron pandhan wangi.
Ing lebet Karaton boten kénging saléndhangan. Sesampunipun ucul, rasuken lajeng kabuntel ing saléndhang, kacangking wekdal lumampah dhateng papan pandamelanipun piyambak-piyambak.
Udhet ingkang awarni pethak nandhakaken manawi punika abdidalem pulisi èstri. Manawi udhetipun warni abrit, punika nandhakaken manawi punika abdidalem pangkat Nyai Tumenggung, sami anggadhahi kuwajiban anjagi wonten ing Kori. Panjagènipun Nyai Tumenggung wonten ing Kori Srimanganti, déné pulisi èstri wonten ing Kori Wiwara Kenya, marginipun lumebet dhateng ing Kaputrèn.
Tiyang èstri ingkang sami anggadhahi pandamelan ing Karaton boten kénging nganggé udhet ingkang warni putih kaliyan abrit, sami kadhawuhan pados warni piyambak. Uger boten abrit kaliyan pethak, sabab punika kanggé tetenger kalungguhanipun abdidalem pulisi èstri kaliyan abdidalem. Nyai Tumenggung.
Tumrap laré èstri ingkang dèrèng diwasa namung tapihan [ 52 ]sabukwala, mawi satagènan utawi sengkelatan kémawon.
Menggah wontenipun tatanan Karaton Surakarta tumprap sadaya tiyang - jaler lan èstri - manawi lumebet ing Karaton boten kénging nganggé rasuken punika kanggé nglestantunaken adat tatacara kabudayan Jawi wiwit jaman Majapahit. Sanajan sadaya tiyang sampun nglampahi agami Islam, nanging sampun ngantos kécalan talesing kabudayan Jawi utawi sumberipun ingkang asli. Pramila adat wau dipun lestantunaken.
Menggah ingkang kawastanan dinten pasamuan ageng punika.
kadosta Garebeg Mulud (tg. 12 Rabingulasal), Garebeg Pase
(Idul Fitri, tg. 1 Sawal) kaliyan Garebeg Besar (Idul Ad-
ha, tg. 10 Besar). Ugi wonten malih dinten ageng, inggih
punike. tedhak jagong dhateng ing Loji Gubernuran (sade-
rengipun tahun 1928 kasebat Karésidènan), dinten wiyosan
jumenengan-dalem, Wisudhan, gadhah damel mantu, len sa-
panunggilanipun ingkang kaanggep ageng.
Sadaya abdidalem kadhawuhan pasowanen byukan. Sami ma- nganggé pangageman kadhinesan miturut kalenggahanipun pi- yambak-piyambak. Inggih punika ngagem rasukan sikepen a- geng, kulukipun kesting cemeng, kampuhen clana pethak pan. jang, ngangg dipuwung warangka ladrang capon, nyangkelit wedhung.
Abdidalem ngalama kulukipun nangka satugel (kados ke- thu), ingkang dipun ubed-ubedi dulban pethak.
Abdidalem pangkat Jajar kulukipun hosting pethsk. Para Bupati kulukipun kanigaran.
Para pangéran. dodotan ngumbar konca; kulukipun methak - seru biru, ngagem clena cindhé panjang. Pepatihsalem pa- ngagemanipun sami kaliyan para pangéran.
Tandha andhap-inggiling pangkat saged kapirsanan sa- king agemipun rasukan ingkang sami dipun agen. Momawi bludiranipun wiyar wiwit jangga kebak, lajeng ing dha- dha ugi katingal kebak, ing lengen katingal wiyar puni- ka pangkatipun inggil, inggih punika Pepatih-dalem. Mann- vi Bupati dipur. suda wiyaripun bludiren punika wau.
Manawi ing jangga sarta ing dhadha dumugi lengen na- mung katingal njlarit, punika pangkatipun antri. Ing- kang kapareng mawi bludiran punika namung dumugi pang- kat Mantri. [ 54 ]Inggih makaten punika wau ingkang kasebat pasowanan a- geng, tegesipun sedaya abdidalen sami kadhawuhan sowan ma- ngagem busana kadhinesan ing Keraton.
Manawi nuju dinten pasow..an ageng, ing pundi-pundi pa- kampungan lajeng katingal sepen.
Golongan abdidalem prajurit jawi/njaba sami nanganggé grutni (saking tembung "Groot Tenue") inggih punike ing- kang ing jaman samangké kasebat Pakaian Upacara Besar : rasukan potongan jas mavi kapasangan pita rabaden, clana mawi setrip abrit, bakulipun rasukan kain sèrsi cemeng, topi pèt ceren dipun setrip pita abrit, mawi kuncung si- kat dhawet putih ingkang kadamel saking bobat, sepatu co- meng, manggul bedhil, nganggar kléwang, saha pelplès (saking "veldfles) wadhah wédang. Punika panganggenipun golongen saradhadhu utawi "soldaten".
Manawi sampun pangkat Letnan minggah, namung nganggar pedhang panjang, topi pèt cemeng dipun setrip rénda pérak ngantos dumugi rénda emas, mavi jambul wulu peksi pethak kumrénbyak ngandhup, èpèk-èpèking tangan sani nawi ka- os tangan putih, tatabuhanipun tanbur slomprèt tuwin mu- sik.
Menggah ingkang dipun golongaken prajurit njaba punika prajurit Jagasura, Jagapraja, Jayasura tuwin Jayataka. Déné ingkang dipun golongaken prajurit njero/lebet inggih punika prajurit Wiratemtuma, Carangastra, Jayengastra tu- win Wanèngastra.
Ingkang Wiratamtama kaliyan Carangastra dados sagolong- an, sami nganggo warni cemeng, rasukan atéle mawi pita ra- badan, clana panjen-panjen, sabuk abrit, èpèk wacucal ce- neng, sinjang parang rojeng, kuluk cemeng gilapan, nyang- kelit dhuwung warangka gayenan, nganggar pedhang manggul bedhil, tanpa sepatu.
Ingkang Jayengastra kagolongaken kaliyan Wanèngastra dados satunggal. Jayèngastra rasukan dalah clananipun warni biru, déné Wanèngastra rasukan dalah clananipun warni ijem.
Sadaya ingkang nama prajurit lebet clananipun cekak penjen-panjen, tanpa sepatu, sinjangipun perang rejeng, sabuk abrit, èpèk wacucal cemeng, timang kuningan, kados cathokan, kuluk cemeng gilapan, mawi nyamat kroon (maku[ 55 ]tha walandi), nyangkelit dhurung warangka gayanan kakéwal- aken. Ingkang sampun pangkat Sérsan minggah namung cekap nganggar pedhang, boten manggul hedhil, tatabuhanipun tam- bur kaliyan slomprèt..
Golongan prajurit Keperak Sarageni pengenggenipun sarvi abrit, rasukan sikepan abrit, clana panjang abrit, dodot bathik padhas gempal, kuluk dipun brongsong kain laker a- brit, mavi gembièh tutup kuping kaliyan tutup githok, nyangkelit wedhung, sarta nyangkeli dhurung werangka la- drang capon, tenpa sepatu, sami nanggul bedhil kunc. "bes.. trong".
Ingkang sampun pangkat Lurch minggch namung ngangger pedhang, tatabuhanipun tambur, suling kaliyan slomprèt. Ing dinten Garebeg mapaning barisan wonten sangandhap- ing waringin kurung sisih kidul, sami majeng mangidul. Ba- risan punika sadaya sami manggèn wonten ing alun-alun lèr.
Prajurit Panyutra, ateges Warastra, ingkang dedamelipun sikep jemparing, punika golongan Langentaya (sirèng). Pa- nyutra punika prajurit jajaran utawi pangurung-urung, ing kang celak kaliyan panjenenganing Nata. Menggah cara pa- nganggenipun prasasat kados virèng dharat, inggih punika manganggé udheng/iket blangkon wangun jeplakan, anjebèbèh wingking, nganggé kotang gondhil kesting warni kuning, mavi pita rabadan ijem, rapekan abrit pethak, sabuk cin- dhé mawi èpèk timang, mawi uncal badhong, sumping kelat bau gelang kuningan, saha binggel gelang suku, clana cc- kak ijem wangun panjen-panjen, nganggé sampur abrit pe- thak kanan kering, nyangkelit dhuwung warangka ladrang sunggingan, kapipit wonten ngajeng iring kiwa, anggén- dhong éndhong isi panah salakon, tangan kiwa nyangking gandhéwa, bau lan sukamipun luluran atal kuning, alis-go- dhèg brengos kapidih, sami katingal bagus-bagus kaw. uju- danipun, prasasat kados wayang wong Bambangan nuju luman- pah. Tatabuhanipun kairing gangsa Carabalèn, katabuh gen- dhirgipun Pisangbali..
Abdidalem Kridha Hastama tegesipun badhut - sok di- pun wastani Cethang Palung punika dadcs sagolongan ka- liyan abdidalen Dhalang, Wiyaga, Pasindhèn lan Wiraswara. Ing dinten Garebeg Mukud abdidalen Canthang Balung kuwa jibanipun anjajari lampahing ajad-dalem arupi Gumungan [ 56 ]ingkang kabekta dhateng Masjid Ageng. Lampahing Canthang Balung punika kairing gamelan Sekatèn, dumugi sangajeng- ing gapura masjid kèndel. Ajad-dalcem ingkang arupi Gunu- ngan jaler lan èstri cacah 48 iji wau terus kabekta lume- bet ing Masjid Ageng, lajeng kabagé kalih: sabagéan won- ten sisih kidul, sabagéan wonten sisih lèr, dalah sak ancak kodhokipun pisan.
Manawi Pepatih-dalem sampun amasrahaken ajad-dalex pu- nika wau dhumateng abdidalem Bupati Pengulu supados dipun dongani, sarenpungipun laje ig kadhawuhan anbagé ingkang waradin.
Menggah jajaran Canthang-balung punika ingkang angga- dhahi wajib wonten tiyang kalih, inggih punika lumampah ing ngajeng - manggon ing sisih kiwa satunggal, tengen sa- tunggal sinambi jejogèdan kaliyan sirig-sirig, kairing gamelan Sekatèn sak panabuhipun, katobuh mungel turut mar- gi. Canthang-balung punika anggènipun wiwit jejogèdan won- ten ing Sasana Suméwa, lajeng terus lumampah mangandhap medal dhateng alun-alun kaliyan kairing ungeling gamelan Sekatèn. Sadumaginipun kidul Waringin Kurung, ménggok ma- ngilèn ngantos dumugi ngajeng Gaura Masjid Ageng lajeng kèndel. Inggih namung dumugi ingriku lampahipun Centhang- balung. Manawi Gunungan sampun telas lunebet Masjid sada- ya, gangaa kandel (boten katabuh); jajaran Canthangbalung lumampah menggok mangidul, alon-alon medal ing Kori Supit Urang ingkang sisih kilèn, terus wangsul lumebet ing Kara- ton.
Menggah panganggénipun Canthangbelung manawi nuju lam- pah damel anjajari lampahing ajad-dalcm punika kados Wi- rèng utawi Wayang-wong, inggih punika nganggé kuluk pan- jang warni pethak, supados katingal inggil, béda kaliyan sanès-sanèsipun; nganggé cangkeman godhèg wok simbar dha- dha, sumping gajah ngoling mavi gombyok rinoncénan sekar ngalèwèr; badan ngliga tanpa rasukan, namung binorèhan lu- lur blarudan; kempuhipun polèng comeng pethak, nganggé sa- buk èpèk timang, nyangkėlit dhuwung warangka ladreng, sungginganipun ugi polèng, ukir:a Rajamalan, clana panjang pethak, kelat bau gelang kana, zabekta tunbak mawi dipun sukani roncénan sekar melathi kados goabyok ngalèwèr.
Adat ingkang nindakaken lampah danel punika namanipun [ 57 ]Kyai Lurah Guna Leléwa kaliyan Kyai Lurah Suka Leléva.
Abdidalem Wiyaga Kasepuhan punika wonten kalih golong- an, golongan kiwa kaliyan tengen. Ingkang sasisih nama Mlaya, sasisihipun nama Pangrawit.
Ingkang pangkat Panèwu, Mantri dumugi Lurah panganggé- nipun kuluk kesting cemeng, rasukanipun sikepan verni a- brit, bakalipun rasukan saking kain laken; kempuhipun ba- thik soblog, clana panjang pethak, nganggé dhurung ma- rangka ladrang, nyangkelit wedhung; menawi taksih pangkat Jajar kulukipun kesting pethak.
Déné abdidalem Wiyaga Kadipatèn Anom ugi wonten kalih golongan, ugi kiwa kaliyan tengen. Ingkang sasisih nama Wiyaga, sasisihipun nama Pradangga.
Bab panganggé ingkang beda narung warnaning rasukan. Ingkang Kadipatèn Anom rasukan sikepan warninipun ijen.
Nanawi dinten Garebeg Mulud, pasébanipun wonten ing alun-alun ngajeng Sasana Sunéwa, nabuh gangsa pakurmatan wonten ing griya pagongan ingkang ageng, ingkang kapasang ing sangajenging Pagelaran Sasana Sunéwa: wétan sasisih, kilen sasisih, mawi tetenger payung agung kaliyan bandéra umbul-umbul (daludag), seni katancebaken wonten sengaje- nging pagongan manggon ing kiva lan tengen. Payung Agung punika payung ingkang ageng, dipun garaken, lajeng dipun krodhongi kain jingga abrit; payung sasisihipun krodhong ipun kain biru. Dados payung agung punika warni kalih, ingkang satunggal warni abrit, satunggalipun warni biru. Krodhongipun dipun tèmplèki sesekaran rinéka ales-alasan. Ingkang dipun anggé ngrengga ganbaran saking dlencang prada enas: kuning wedalan nagari Cina.
Ing sauruting margi wiwit saking ngajeng Fagelaran du- rugi Kori Galadhag, ingkang nangilèn wiwit saking Wari- ngin Kurung dumugi ing Gapura Masjid Ageng dipun rengga mawi katanccban bandéra rontèk: saben 25 meter dipun se- lingi bandera daludag (unbul-unbul). Pujuding bandéra warni-warni. Wonten ingkang abang-putih "Gula Klápa", ijo kuning "Paré Anom" lan sanès-sanèsipun..
Manawi pasanmuanipun wonten ing lebet Karaton, abdida- lem Wiyaga Kasepuhan anggenipun nabuh gangsa wonten ing Paningrat pendhapi ageng Sasana Sewaka, kaleres wonten saelèring Sasana Handrawina. [ 58 ]Ingkang katabuh kagungan-dalem gangsa Kyahi Kadukmanis kaliyan Manisrengga.
Déné abdidalem Wiyaga Kadipatèn Anom anggènipun nabuh gangsa pakurmatan wonten ing Bangsal Pradangga, sawétaning plataran Pandhapi Karaton.
Abdidalem èstri pangkat Nyai Tumenggung dumugi Nyai Lurah, rasukanipun sikepan warni abrit, namung nyrngkolit wedhung, boten kapareng nganggé sengkang (suwengan); manawi wonten damel, kalung samir.
Para abdidalem sanèsipun sabagéan ageng rasukanipun sikepan ageng warni cemeng; bakalipun rasukan saking kain laken utawi sèrsi.
Menggah bab warsaning rasukan punika miturut golonganipun piyambak-piyambak. Wonten ingkang abrit, ijen, biru tuwin cemeng.
Tumrap abdidalem prajurit sadaya panganggèn sapangandeg ingkang ngawotenaken Karaton. Sawanci-wanci ing Karaton wonten kaperluan, para abdidalem prajurit sadaya kadhawuhan mendhet prabotipun piyambak-piyambak. Punika kawastanan "nyandhong prabot". Manawi sampun rampung ing damel, prabot lajeng kawangsulaken dhateng ing Kantor Magasèn ing Pamagangan.
Abdidamel ingkang nyanggi damel jawi-lebet, tegesipun mlebet medal, kadosta abdidalem Kebayan, tukang andhawuh-dhawuhaken, pandamelipun lumampah andhawuhaken, mubeng dhateng pundi-pundi adhedhawuh kanggé kaperluaning Karaton. Punika dipun parengaken malebet ing Karaton mawi rasukan, dipun wastani "manganggé klanthungan". Menggah klanthungan punika manganggé cara Jawi jangkep, rasukan atéla pethak utawi ijen kain rumput; cekap mawi udheng blangkon, boten kulukan.
Para santana-dalem ingkang boten ngabdi wiwit buyut dumugi grad V, manawi sowan ing Karaton dipun parengaken mangagem klanthungan, sinjang lèrèng tanpa mlinjon, manganggé dhuwung pendhok kemalo abrit.
Kula nuwun, menggah carios ingkang namung kantun dados dedongèngan kasebut nginggil punika, anggèn kula wigatosaken sanget sarta mawi kula saranani tetakèn dhateng para sa [ 59 ]dhèrèk ingkang sami nglampahi damel nalika jaman samanten. Punika namung trirah luwung dados cathetan, kénging kanggé tambah seserepan dhateng para sadhèrèk ingkang dèrèng naté nyumerepi, sageda kanggé tambah pangertosan tumrap dhateng kawontenanipun nagari Surakarta nalika jaman samanten.
Menggah leres lepatipun ingkang ngéngingi bab tatanan, kula sumanggakaken dhateng para nupiksa ingkang langkung taliti dhateng ing bab sejarah ingkang sampun dados dedongèngan punika wau. Ingkang kula aturaken punika wau mugi-mugi dadosa panggigah tumrap para sadhèrèk kita saha anak putu kita sageda sami kèngetan dhateng kabudayan kita Jawi nalika jamanipun Karaton Surakarta Hadiningrat.
Mbokbilih wonten klènta-klèntuning atur kula, kula nyuwun gunging pangapunten. Nuwun.
Kawontenanipun kitha Surakarta Hadiningrat niturut tatana
kajawèn ing kina-kinenipun, Karaton punika papanipun wont
ing tengahing kitha, kaubengan dalenipun para pangéran, pu
tra-salen, ingkang dipun selingi dalenipun para prngéran
sentana-dalen serta dalenipun para abdidalen bupati-sepuli
saha para bupati-anèm. Salajengipun griyanipun para abdi-
dalem panèwu, mantri sak andhahanipun miturut golonganipu
piyambak-piyambak.
Mengh pengéran ingkang sepuh piyambak kalenggahanipu punika Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkumagaru keping I (1757-1796), ingkang ngembani panjenenganipun No ta Ingkang Sinumun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping III (1749-1788). Punika kaleres ingkang raka nekdulur (na sanak) ingkang dados bésan. Dalemipun lajeng dados karan ing Mengkunagaran.
Putranipun ingkang kapundhut mantu Ingkang Sinuwun Pak Buwana III asananipun Kangjeng Pangéran. Arya Prabuwijaya, ingkang pidalen wonten seng jenging Pura Menglaunagaren si sih wétan. Kampung ingriki lajeng karan Keprabon. Déné wo ten kampung Timuran ingkang pernahipun ngajeng Pura Mangk negaran sisih kilen punika saking Kangjeng Pangéran Harya Manchudiningrat ingkang ugi nsn Pangeran Timur. Dalenipun ing tonbé vingking dudos langlaudiningratan, déné senangké sasampunipun Indonesia Mordika dados panula ngan SMP 3 lan SMP 10.
Déné pidalemipun para Pangéran putradalem, pundi asarn pun pangeran ingkang dedalen punika wan inggih lajeng dad namaning papan ingkang kadalenan punika wau. Upaminipun a naning pangeran punika Kangjeng Gusti Pangéran Arya Mangk bumi, papan ngriku lajeng karan kampung Mengkubumen. Maka ten sapiturutipun. [ 61 ]Makaten ugi dalemipun para abdidalem Bupati. Uperri as- nanipun punika Paden Tumenggung Jayadiningratan, papan, inpriku lajeng karan kampung Jayadiningratan.
Hanawi ingkang dedalem punika Bupati Anèm asma Redèn Tumenggung Kartadipura, kampungipun lajeng karan Kartedi- puran. Mekaten salajengipun.
Déné dalenipun Pepatihdalen, namung cekap kasebat Kape- tihen kénawon. Asmanipun Pepatih-dalen boten katut kase- bataken.
Hanawi abdidalem Bupati-nayaka Sèvu, ingkang kasebat narung kalungguhanipun kemawon, kampungipun lajeng nara Kampung Sewu. Bupatinipun nama Kyani Tumenggung Cakrajaya..
Makaten ugi abdidalen Nayaka-jawi kiva Penunping (Bupc- ti Tanping), papanipin lajeng karan kapung Panunping,. Dé- né bupatinipun nana Kyahi Tumenggung Wiraguna.. Déné nanawi abdidalem Nayaka Bumi, kelurahanipun 1-jeng karan Kalurahan Bumi.
Bupatinipun nama Kyahi Tumenggung Mongkuyuda, karpung- ipun nama kampung Manglauyudan.
Abdidalem Gandhèk wonten kelih golongan; kine kliyen Xtengen: konpungipun karen Gandhékan Kiwa kaliyan Gondhékan Tengen. Ingkang sisih kiwa kaleres wonten cakilèning Kara- ton, ingkang sisih tengen wonten saeler wétaning Keraton radi tebih.
Abdidalem prajurit - wiwit pengkat Mayor sapangradhap - anggadhahi golongan piyambak-piyambak.
Abdidalen prajurit golongen Wiratantana nanggènipun kc- leres sawétaning Karaton; panggénipun karen kampung Tenta- men. Sakidulipun sekedhik punika wonten kampung Carangan, panggénanipun abdidalen prajurit golongan Carangan. Golongan prajurit Jayengastra ngempal dados satunggal kaliyan golongan Wanèngastra wonten ing kampung Jayengen, papanipun kaleres sakilèning Karaton.
Prajurit Keparak wonten kalih golongan: kia lan tengen. Abdidalen Sarageni ingkang sasisih nanggèn wonten sekile ning Karaton, ingkang sasisih nanggèn wonten sak elèr vé- taning Karaton. Kampungipun lajeng karan kanpung Saragenèn Kiwa kaliyan Saragenen Tengen.
Ingkang kagolong abdidalen prajurit javi/njaha mika prajurit Jagasura kaliyan Jagapraja. Sami nanggèn sakidul[ 62 ]ing Karaton, ing kampung Jakasuran kaliyan Jagaprajan.
Golongan prajurit Jayasura kaliyan prajurit Jayataka punika prajurit ingkang tohpati utawi wani nati, sani runggen kaleres sakiduling Karaton, ing kampung Jayasuran tuvin Jayatoken.
Salajengipun ing kitha Sala kathah sanget kampung keg- pung ingkang nananipun adhedhasar namanipun para abdidalem kriya utawi pertukangan.
Abdidalen tukang tenbagi - ingkang dipun wastani tukang Sayang - padamelanipur damel kerahil, dandang lan kèncèng, manggèn ing kampung Sayangan, pernahipun kilèn Natasuman.
Abdidalon tukang kuningan ingkang ndamel barang saking kuningan kadosta bokor, paidon, wadhah kinangan lan scrès- sanèsipun, dipun westeni tukang Genblak. Panggénanipun da- dos nama kampung Gemblegan.
Abdidalem tukang pambubut ingkang padamelanipun damcl barang-barang ingkang kabubut, kadosta robab, tabuh geme- lan lan sanès-sanèsipun - dipun asteni tukang gapyuk. Papanipun lajeng karen kaupung Gapyukan.
Abdidalem tukang sungging dipun wastani Sereng. Nama kaupungipun dados Serengan.
Abdidalem tukang ukir séle/watu, ingkang damel kijing, dipun wastani tukang jlagra. liananipun Ngabehi Sélakerti. Namanipun dados namanipun kampung Sélakertèn utawi Kertèn.
Abdidalem tukang damel ukiran keris kawastanan Salembar. Lajeng karan dados nama kampung Slembaran..
Abdidalem ingkang nananipun Kyahi Jagaraga punika ugi tukang demel ukiran keris. Karungipun lajeng karan Jragan.
Abdidalem srati tukang ngopèni kagungandalen gajah papan panggénanipun lajeng karan kampung Sraten.
Papanipun pondhok pasantrèn ingkang kapimpin déning Kyahi Jamsari, lajeng dados kampung Jansarèn.
Abdidalem tukang grabah ingkang padamelanipun danel la- yah, lèupèr, genthong, anglo - dipun wastani kundhi. Papan- ipun lajeng karan kampung Kundlien.
Tukang medel ingkang padamelanipun medel sinjang, lurik lan sanès-sanèsipun dipun wastani tukang teluk. Papan pang- génanipun lajeng karan kampung Telukan.
Kampung panggonanipun abdidalem tukang batu ingkang nama Batusarana, lajeng kawastanan krapung Baturana. [ 63 ]Abdidalem ingkang nananipun Ngabèhi Secayuda, papanipun lajeng kanamèkaken kampung Secayudan.
Abdidalen ingkang nananipun Ngabchi Derpayuda, kampung- ipun lajeng karan kampung Derpevudan.
Abdidalem Ngulama ingkang namanipun Ngabèhi Ketib Wi- nong, namenipun dados namaripun kampung Nonongan.
Panggènaning abdidalon tukang greji dados kampung Grejèr
Panggèneming abdidaien Ngulana wiwit saking pangkat Bu- pati sak andhahanipun sadaya dumugi Kaum, ramenipun kampung Kaunan.
Panggonanipun abdidalca tukang kayu utawi para undhagi ing kampung ingkang nane. Undhagen.
Pangrenanipun -abdidalen tukang dancl pluntur kanggé tali ganelan ingkang dipun wastani tukang puntu, dipun se- bat kenpung Kepunton.
Kampung sakidulipun Kepunton nermipun Mesèn. Papen pu- nika janan sananton taksih wiyar lan katingal aluwa; ka- thah rumputipun lema-lcna, pranila kathah tiyang pangarit pados rumput riku. Tiyang ngarit punika dipun pungut arte satunggal sèn kanggé emes-enesipun. Papan punika lajeng dipun sebat Mesèn, saking terbung enes-enes ingkang kedah kabayar satunggal sèn.
Penggénenipun para abdidalen Kalang kawastanen kampung Kalengan. Narenipun abdidalen wau Ngabèhi Hangsamargasa. Pangrènanipun abdidalem jagal dados kampung ingkang ka- ren Jagalan.
Panggenani pun tuwan Potor, drdos kampung nama Potoran.
Panggénnipun tuwan Jurnas, dedos kampung naria Jurnasan.
Papan pemondhokipun para saradhadhu Halandi Jager, In- jeng dados kampung nama Jageran.
Wonten ambtenaar/pegawai Walandi pangkatipun Beskal, gegriya wonten sak elèring kampung Timuran. Panggénan pu- nika lajeng katelah nama Peskalan.
Punggawen punika kala rumiyin p.pen pemondhokanipun ab- didalen narepraje. Mangkunegeran ingkang saking tebih-tebih bedhé sowan menawi nuju wonten damel pasamuaning praja da-- Iem ing Hangkunagaran. Kampung punika lajeng katelah nama kampung Punggawan.
Ing Pondhokan utawi Mondhokan jaman rumiyin wonten da- lemipun ageng-ageng kanggé pondhokanipun para bupati kisi Qe [ 64 ]Mancanagari seking beng wetan, kadosta Kedhiri, Surabaya, Pasuruan, manawi nuju soven bakden utawi dinten ageng sa- nèsipun dhateng ing Karaton. Bupati-bupati wau scni lerem ing pondhokar punika, prenila kampung punika lajeng karan kampung Pondhoken.
Papan wiyar kados ar-ara kaleres saelèripun Pasar Legi kala kula taksih alit (hinten-kinten tahun 1910) taksih nyucnerepi pepen punika kanggé balapen jaran. Ing sisih kilèn wonten gedhon kondhangipun jaran, ingkang tembung Walandi-nipun dipun schat stal. pramila kampung ingriku lajeng kawastanen kampung Kestalan; déné papan ingkang ru- riyin kanggé balapan jaran dados kampung Balapan.
Ing jamanipun Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Manglainegara keping VI (1896-1916) papen pasitèn wau lajeng dipun sukani bangunan priya-griya loji kanggé paséwan.: Ing- keng sami nyéwa bangsa Walendi; pepan punika lajeng dipun wastani Villapork, saking teobung villa = griya ingkang sae tuwin park:= temen. Ing tahun 1942 nama Villapark wau dipun gantos Banjarsari.
Ing sacelakipun Banjarsari (rumiyin Villapark) wonten griyenipun tuan Overste. Tiyang Jawi nastani Oprup utawi Obrus. Kampung ingriku nananipun dados Ngebrusan.
Taneh savetning Ngebrusan punika rumiyin ledhok senget. Saben mangsa rendhera tentu banjir, kabludagan toya saking lèpèn Fépé. toyanipun dados regung nili mengalèr katingal lérap-lérap kados segaren. Pranila kampung, u lajeng ka- sebat kampung Tambaksegaran.
Menggeh papan pedununganipun bangsa sanès kadosta Cina, boten kénging pencar-pencar, kedah ngalempak, kapapanaken ing-saki-tengening Pcken Ageng, mangétan ing Ketandhan dumugi Linalason, mengalèr dhateng Balong, mengiler dhateng Warungpelen. Papan punika lajeng karan kampung Pacinan. Wonten ingkang dados pengurusipun, pangkatipun Mayor, ka- ran Babah Maycr.:
Bangsa Arab ugi dipun pepeneken piyambak, sani ngalempak ing sakiwa-tengening Paser Kliwon, nangidul dumugi Baturana, keleres wonten sawet ning Karaton. Punika dados karan pakan- pungan Arab. Ugi wonten ingkang dados pengurusipun, pangkat- ipun kapten, nama. Awab Sungkar. Tiyang Arab punika sami ra- karya bathik. [ 65 ]Tetiyang Banjar utawi tiyang Banjarmasin saking Pulo Kalimantan - ingkang sami nanggaota sadé emas inten ni kapapanaken wonten ing kampung Jayengar, punika dados karan Banjaran.
Tetiyang bangsa Walandi ingkang kathah sani manggèn ing sakiwa-tengening bètèng Walandi "Vastenburg", ing loji-loji sawetaning bètèng. Sarèhning sadaya griyanipun bangsa Wa- landi punika loji, pranila kampungipun lajeng kawastanan Lojiwétan. Ugi wonten ingkang dados pengurusipun, pangkat- ipun Asisten-Residen.
Wontenipun sami kapantha-pentha kaklempakaken manut go- longanipun piyambak-piyambak punika satunggaling wewéka mbokbilih wonten punapa-punapa, sampun ngantos ngreka.cs anggènipun ngurus, len ngiras kanggé anjagi katertipan saha kawilujengan. Tiyang manca punika kajavi griyanipun boten kapareng pencar-pencar, saking karsadalem ugi bo- ten kapareng mmbasi papan pasitèn ingkang anggadhahi hak andarbèni. Sagedipun namung nyéwa pasitèn mawi kawatesan dangunipun, inggih punika dangu-dangunipun 25 tahun. Sa- sampunipun punika pasitèn kedah wangsul dhateng nagari malih. Manawi nagari dèrèng ambetahaken pasitèn wau, ugi kénging kaséwa malih, nanging mawi prajanjian énggal.
Sadaya tiyang bangsa asing punika kénging pranatan "pajeg bangsa asing sarta winatesan anggènipun gegriya ingriki, dangu-dangunipun namung gangsal tahun, boten ka- pareng manggèn salami-laminipun. Sasampunipun punika ke- dah wangsul dhateng nagarinipun piyambak-piyambak.
Wontenipun dipun wonteni pranatan makaten, ingkang di pun kuwatosaken manawi ngantos bebranahan mindhak damel karépotanipun nagari. Makaten punika tatananing nagari Surakarta nalika jaman panguwaosipun swapraja, ingkang wewenangipun katindakaken dening Pepatih-dalen ingkang ngasta papréntahaning nagari.
Kanggé anjagi tatatentren saha kawilujengaring kitha, saben prapatan margi ageng dipun sukani gerdhu pajagèn. Ingkang njagi abdidalem Jagawèsthi, tegesipun Juru rumek- sa katentreman. Sami kaparingan nama Ki Jagarumeksa saha Ki Karyaruneksa, inggih punika pulisi keamanan. Dedamel- ipun kenthès, sarta dipun sadhiyani tumbak kaliyan cang- gah tuwin bendhé, kanggé tengara sawanci wonten bebaya, utawi tengara wanci. (jam). [ 66 ]Panganggénipun: Jas clana sèrsi cemeng, dipun sukani setrip , tanpa sepatu, topi nam-naman saking deling, ing gulonipun wonten tanda PB (cekakanipun Paku Buwana) kaliyan angka urut, miturut cacahipun abdidalem Jagawèsthi.
Menggah pulisi Mangkunegaran Jagapraja" Panganggénipun ugi jas clana sèrsi cemeng,namung bédanipun mawi setrip pita ijem saha ing gulonipun dipun sukani tandha leter MN (= Mangku Nagaran). Ugi mawi angka nomer urut miturut cacahing abdidalem pulisi punika.
- TANGGUL KANGGE PANULAKING BEBAYA BANJIR
Ing kitha Sala ing tahun 1900 Masèhi kabangun tanggul kanggé nanggulangi bebaya banjir, dipun saranani nyudhèt Kali Pépé. Ing dhusun Munggung dipun wonteni Pintu Air. Toyanipun Kali Pépé kailèkaken mangétan nglangkungi Kali Anyar (Banjir Kanaal) ing saelèring kitha, ngentos dumugi Bengawan Sala. Kali Pépé ingkang melebet ing kitha ing mangsa rendheng dipun tutup. Ing kampung Demangan, Sangkrah, ugi dipun wonteni Pintu Air. Pintu Air ing Demangan punika manawi mangsa rendheng dipun tutup, supados toya ingkang saking Bengawan boten saged malebet dhateng kitha.
Ing sisih kidul kitha kali Pelemwulung ingkang mili dhateng kitha – ingkang lajeng nama Kali Jenes – kasudhèt mangétan, lajeng nama Kali Tanggul, anjog ing Bengawan medal saelèring dhusun Nusupan.
Déné ingkang katrajang dipun tanggul – wiwit saking kampung Tipès, mangétan dumugi kampung Mipitan lan Semanggi Kidul, lajeng nekuk mangalèr dumugi kampung Suragenèn Wétan kaleres kidul Abbatoir/Pejagalan.
Déné tanggul ingkang sisih elèr wiwit saking saelèring Balékambang ing dhusun Sumber, mangétan dumugi kampung Kenthingan, dados turut pinggir lèpèn. Ing mangsa rendheng ilining toya lèpèn boten mbalèbèr dhateng kitha.
Wragad pambangunan tanggul punika boten sakedhik, kasanggi déning pamarénthah Praja Surakarta kaliyan pamaréntah Praja Mangkunagaran tuwin pamaréntah Walandi. Anggènipun mbangun nalika jamanipun Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping X (1893–1939) kaliyan Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagoro kaping VI (1896–1916). [ 68 ]
- KRETEG JURUG TUWIN KRETEG BACEM
Taksih tunggil tahun kaliyan pembangunan tanggul, Ingkang Sinuwun Paku Buwono kaping X ugi yasa kreteg tosan ing Jurug, saperlu kanggé angganpilaken lampahing perékonomian sageda langkung lancar.
Sawetawis tahun malih ing margi saking kitha Sala mangidul dhateng Sukoharjo, nglangkungi Bengawan Sala ugi dipun iyasani kreteg tosan malih manggèn ing dhusun Bacem Pambikaking kreteg Bacem punika katindakaken ing tanggal 24 Sapar tahun Jimawal 1845 utawi tanggal 8 Januari 1915.
- SEPUR TREM ING KITHA SALA
Antawisipun tahun 1900 Masèhi ing kitha Sala dipun wonten sepur trèm kanggé tetumpakan umum. Wiwitipun saking tengahing kitha, inggih punika saking halte sangajenging bètèng Wlandi. Sepur wau saben pos kèndel kanggé minggah mandhaping para penumpang. Lampahipun mangidul lajeng nekuk mangilèn dumugi Purwosari. Sepur trèm wau kèndel sapisan wonten ing kampung Kauman, lajeng ing kampung Derpoyudan sakilèn Nonongan, lajeng ngilèn ing halte Pasarpon. Ingriku sepuripun saged simpangan kaliyan sepur ingkang saking kilèn. Lampahipun sepur wau urut margi ageng ingkang sisih kidul. Mangilèn kèndel malih wonten ing Béndha ngajeng Sriwedari. Lajeng terus mangilèn dumugi Pasanggrahan (kala rumiyin dalem Ngadisuryan), lajeng nekuk mangalèr nugel margi ageng terus dhateng stasiun Purwosari, lajeng kèndel.
Saking Purwosari sepuripun terus mangilèn dumugi dhusun Gémbongan. Ing Gémbongan wonten pabrikipun gendhis, dados sepur punika ngiras kanggé nyadhiyani para punggawa pabrik ingkang badhé kekésahan dhateng Sala.
Sepur trèm ingkang dipun gèrèd kapal/jaran punika kèndelipun pungkasan ing dhusun Gémbongan ngriku; sampun pantog. Sepur punika gerbongipun namung satunggal, kagèrèd Jaran sekawan. Ing saben 4 kilometer jaranipun dipun gantos. Gerbong wau namung isi tiyang 20, kathah-kathahipun 25.
Anèhipun, kala rumiyin ingkang sami purun numpak puni [ 69 ]ka naming bangsa asing: Walandi key C. Bangsa kita ingkang purun utawi wantun numpak namang para prayagung utawi para sudagar, awit tiyang alit punika kajawi sani pakewed utawi ajrih, inggih awit saking awising ongkos- ipun.
Kathah tiyang ingkang langkung remen lumampah utasi numpak laréta, dhokar utawi grobag. Lampahing tiyang tv- rut nargi taksih sakéca, auit ing jaman rumiyin turut mar- gi taksih dipun taneni wit-witan ingkang agcag saperlu kanggé pangayoman, sageda katingal éyub lan ayon. Lampah- ing tiyang tentrem ayem, botez kurungsung ing manah. Ja- man rumiyin para tetiyang ingkang gegriya sapinggiriing margi ageng, temtu nyadhiyakaken kendhi utawi genthong ingkang isi toya, kanggé nyawisi tetiyang ingkang sami lumampah tebih.. Tiyang-tiyang tau caged kéndel lan ngom-. bé toya ingkang kacawisaken wau.
Ing tahun 1905 sepur ingkang dipun gèrèd jaran punika dipun gantos kagèrèd loko utawi lokomotif ingkang lampah- ipun mawi tenaga uap utawi setum. Gerbongipun dipum tan- bahi, ngantos 10, sapérangan gerbong kanggé tumpakan ti- yang, lan sapérangan gerbong kanggé wadhah barang.
Nyarengi wekdal punika ing Sala dipun wonteni sepur ageng SS (= Staats Spoorwegen) saking Madiun dhateng Nga- yogya. Ing Jèbrès lajeng dipun degi stasim..
Sepur trèn ingkang sukau naming dumugi 2ètèng ing sa- tengahing kitha lajeng kalajengaken dumugi stasiun Je brès. Lampahipun medal Pasar Gedhé, mangalèr terus duru- gi Pasar Ledhoksari, hekuk mangé tan durugi stasiun Jèbrès.
Sareng sepur trèn punika sampun dipun gèrèd lokomotif uap, tiyang alit lajeng sami wantun numpak sepur trèn pu- nika.
Ing tahun 1916 lampahing sepur trèn punika dipun ré-. bah, Suwau lampahipun nangalèr dumugi stasiun Jèbrès, sa- punika katerusaken mangétan, kèndel wonten ing stasiun Sangkrah (utawi Solo Kota), lajeng katerusaken mangétan mlangkah Bengawan Sala dumugi dhusun Kronèlan. Lajeng katerusaken mangétan ngidul dunugi dhusun Kali Samin. Lajeng mangidul dhateng Sukoharjo, Nguter, Tekaran, te- rus Wonogiri. Saking ngriku mangidul nalih ngantos dumugi Baturetno. [ 70 ]Ingkang lampahipun mangilèn ugi dipun lajengaken. Sakin bongan mengilèn durugi ngajeng peken Kartasura, terus ngilan dhateng Bangak. Ingrika wonten pabrikipan. Lajeng glèn malih kèrdel ing Banyudona, terus mengilèn dumigi arasun. Majasanga, lajeng durugi stasiun Beyalali kèndel.
Perusahaan sepur ingkang ngawontenaken sepur saking Ba- retna, nglengkungi Sala, dhateng Bayalali punika namani- pun "Nederlandsch- Indische Spoorweg Maatschappij", cekak- nipun NIS. Inggih perusahaan punika ingkang ndamel margi sepur ingkang sapisan ing sindonging Indonesia ing tahun 1864, saking Semarang dhateng Sala. Ing tenbé rargi sepur punika kalajengaken dumugi Ngayogyakarta. Dados ing anta- wisipun Sala kaliyan Ngayogyakarta wonten nargi sepur NIS (wiyaring rélipun 1,47 n) lan wonten sepur SS (iyaring rélipun 1,07 m). (:)
Sepur trèu ingkang lumanpah antawisipun Bayalali-Sala- Baturetna wongsel-wangsul punika wujudipun kados sepur a- geng, namung kemawon lampchipun kerep kèndel, saperlu mi- tulungi para bakul saking padhusunan sagede sani boten re- kuos anggenipun larpah dagang.
KORI LAN GAPURA
Ing sajureneng-dalem Paku Buwono kaping x ing salebeting Karaton kathah dalen ingkang kabangun enggal utawi kamul- yakaken. Cepuri Karaton dalah wewengkonipun Palusarti ka- olar. Ing. kinanipun kori ingkang malebet dhateng Baluwarti punika namung kalih: Kori Gapit Ler lan Kori Gapit Kidul. Samengké kawowahan kori butulan kalih malih; wétan kaliyan kilèn, rndadosaken prigelipun para ingkang sami manggèn ing salebeting Raluwerti
Kori Butulan Laluwarti ingkang kidul-kilèn, sawétan da- lem Hadiwijayan, ngadegipun nalika dinten Keris kaping 24 Saper tahun Ehé 1836 (19 April 1906), déné ingkang ing si-
(*) Ing tahun 1943 rél sepur antawisipun Kartasura tuwin.. Bayalali dipun copoti parintah Jepang. Rél sepur: Wonogiri - Baturetno ing tahun 1980 wiwit keleban toya kanggé pambangunan wadhuk ageng. [ 71 ]sih kidul wéten, ing lapung Carangan. ngadegipun ing dinten Senèn kaping 30 Rejeb tahun Jimawal 1837 tanggal 9 September 1907.
Adegipun Gapura Galadhag ing ngantos sapri... tak- sać punika nalika tahun Ehé 1860 utaal Hastin 1930, mi- nangka pisungsungipun bangsa Eropah ingkang manggèn ing Surakarta, konjuk Ingkang Sinusun Kangjeng Susuhunan Pa- ku Buwana kaping X, amarengi tingalan-dalem tetep yuswa 64 tahun (= tumbuk yuswa), ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 21 Rejeb tahun Alip 1859 utani kaping 3 Januari 1929.
Ing sakiwa-tengening gapuru wau kawewahan reca Gupala sakembaran, wangun Pandhita Yaksa kalang kinantang, asal saking dhusun Pandhansinping bawah Klatèn. Sakiwa tergen- ing margi Galadhag ingkang suvau peken, lajeng kawangun dados patemanan.
Pambikakipun Gapura ing peken Gadhing nama Gapurendra ing dinten Rebo kaping 23 Rabingulakir tahun Jinawal 1859 utawi kaping 22 Juni 1938.
Panbikaking Gapura ing peken Slomprétan saha ing Ba- thangan nalika dinten Rebo Paing kaping 17 Sura tahun Je 1870 utasi surya kaping 8 Maret 1939.
Gapura Masjid Ageng kala rumiyin wangun griya joglo. Gapura punika lajeng kasantunan wangun ingkang angenperi gapura ing tanah Arab. Panbikakipun nalika dinten Slasa kaping 6 Hulud tahun Dal 1831 utawi surye. kaping 25 Juni 1901.
Ing palataren masjid nalika tahun Jé 1854 (utawi 1923 Masèhi) dipun degi menara ingkang inggilipun kirang lang- kung 25 méter. Nelasaken weragad 35.000 gulden.
- PEKEN (PASAR)
Ing salebeting kitha Surakarta punika kathah peken, na- nging boten wonten ingkang nyanèni Pasar Gedhe utawi Peken Ageng, awit kajawi kathah griya los-losenipun ing- kang ageng-ageng, pasaripun lumintu; saben dinten boten. wonten gothangipun. Bibaring tiyang sesadéyen kircug langkang jan 5 sonten. [ 72 ]Dununging Pasar Gedhé wau ing satengahing kampung Paci- nan. Nalika samanten arta sapon tuwin séwaning bango ing saben dintenipun malebet dados pangasilanipun Kaptèn Cina. Ananging sapunika asil vau naicbet dados kagung-ning Pama- rintah Kasunanan (nagari Surakarta).
Nelika tahu: 1927 Paser Gedhé wau dipun dandosi saé kanthi varagad ingkang boten sakodhik, inggih punika 300 èwu gulden, dados peken ing sapisunan ingkang tumpuk kalih ing saindenging Indonesia. Pasar énggal wuu joug kapari- ngan nama Pacur Gedhé Horjinagara. Upacara ponbikeking Pa- sar Gedhé Herjanegara wau nawi pasamuan ageng-gengan.
Paser Legi ingk ng dunungipun ing daerah Mangkunegaren punika raménipun mauwi nuju Legi, dados 5 dinten spisan. Poken punika katingal rené soking tiyang-tiyang padhusunan ingkang sumi andhatengi, saperlu sesedéyan kaliyon tetunibas. Ing tahun 1936 peken wau dipun dandosi kadanel modern ing jemanipun Kengjong Gusti Mangkunagoro kaping VII (1916-1944
Pusar Pon, ugi ing daerah Mangkunagaran, nalika jaman samonten dinten pekenanipun Pon. Sepunika Pasar Pon (wivit tahun 1929) molili dados pasar bango vujud kios-kios alit, turut pinggir mergi Ngarsa Fura (sanangke Jalan Diponegoro) sesadéan bareng klonthong. Menawi scnten dumugi jan 9 pasar punika katingal rané. Ingkang sesadéyen ingriku ingkang ka- thah bangsa Cina.
Pasar Klinon punika pasar kétian kanggé sadé tinumbas men da (wedhus). Remenipun tiyang sadé tinumbas wedhus namung manawi dinten pekenen Kliwon. Hangganipun peken punika ing kampung Arab. Kenpung Arab punika lajeng katelah dados kan- pung Pasarklivon.
Pasar Koubang, punika ing sakawit namung panggénan sesa- déyan sekar kanggé sesaji kadosta kanbang setaman, kembang borèh, kembang campur bawur kanggé sadranan, serta kembang sawuring layon jenazah. Makaten pikajengipun wontenipun Pasar Kembang. Turup ingkang sani dèrèng mangertos sok di- pun wastani kembang buket.
Riwayatipun Pasar Klèvèr ingkang suwau nama Pasar Slom- prétan: Ingriku - inggih punik kaleres sakidul-kilening alun-alun lèr - ing jaman rumiyin papan pakrétan, tegesipun papan kanggé pakèndelanipun kréta, penggénanipun pinggiring margi ing kitha Sala ingkang sepuh piyambak. [ 73 ]Punika margi ageng sapisan ingkang kadanel saking Kar- tasura dumugi Sala kanggé pindhah-dalem Ingkang Simuwun Paku Buwana kaping II saking Kartasura dhateng Sala ing- kang lajeng kaperingan nama Surakarta Hadiningrat. Saelèr margi kanggé Majid Ageng.
Pakrótan punika papan pakèndelanipun kréta-krétanipun para abdidalem saking sajawining kitha ingkang tebih-tebih kadosta Delanggu, Kartasura lan Bayalali, manawi nuju din- ten pasowanan ageng, upaminipun sowan Bakda. Nana Prkrétan punika katelah kalèntu pangucapipun tembung punika, lajeng santun dados Slomprètan. Dangu-dangu lajeng kadadost ken Pasar Slompretan. Sareng dumugi janan Jepang, pasar punika lajeng pejah. Ngantos dangu katingal suwung lan kireng ko- pèn.
Wasana lajeng tuwuh tembung Klèwèr. Funika pasaripun tiyang kesrakat, ingkang boten gadhah pepa ingkang maton kadosdéné pasar ingkang limrah. Tiyang-tiyeng ingkang be- bakulan wau anggenipun ambekta daganganipun namung sami kasampiraken wonten ing pundhakipun, utari tanganipun ka- lih ambekta barangipun sarta katawèk-tawèkaken dhateng tinyang-tiyang ingkang sami langkung tuin ingkang sami nedya tumbas. Bakul-bakul..punika jaler èstri katingalipun lajeng pating klèwèr wonten ing pinggir nargi, pramila panggénan punika katėlah nama Klèwer. Nalika janan Jepang - (1942-1945) limrahipun ingkang kasadé barang lungsuran. Papanipun para bakul wau pindhah-pindhah, jalaran asring kapurih késah déning punggawaning nagari, sabab ngganggu lalu-lintas. Kala rumiyin manggenipun wonten ing Banjar- sari sisih kidul-wétan sakidulipun kantor air nimun. Ing sarèming Pasar Slomprètan punika katingal sepen, kados mèh pejah, Pamarintah lajeng andhawuhakim supados anggen- ipun sasadéyan klèwèran dhateng Pasar Slomprètan. Ing sa- rèhning ingkang sami pindhah punika para bakul klèwèr, nama Pasar Slouprètan lajeng dipun gantos nama Pasar Kè wer. Ing tembe pasar Klèwèr tuwuh dados pasar ingkang ramé jalaran popiler, lajeng dados pasar tekstil ingkang ageng. Pramila pasar Klèwèr punika ing tahun 1970 kaba- ngun malih, tumpuk kalih. Kabikak resmi déning Bp Prési- den Suharto. [ 74 ]
- LAMPU LISTRIK
Ing jaman kina kitha Sala punika ing wanci dalu peteng, awit ingkang kanggé pepajar namung saking lampu ting, inggih punika dilah téplok ingkang mawi semprong ingkang dipun lebetaken satunggaling wadhah ingkang kadamel saking blèk utawi sèng, kawangun pesagi mawi kaca. Punika kapasang utawi kagantung wonten satengahing margi ageng ingkang dipun anggep reja. Nalika jaman semanten saben satus mèter wonten lampu satunggal. Manawi mangsa rendheng kathah lampu ingkang sami pejah jalaren kénging toya utawi katampeg ing angin.
Ing tahun 1902 wonten pengumuman bilih ing kitha Sala badhé dipun wonteni lampu listrik. Mesin pembangkit listrik mawi tenaga Diesel dipun pasang sacelaking stasiun N.I.S. ing Purwosari. Waragadipun ngawontenaken mesin punika dipun sanggi sesarengan dening Pamarintah Kasunanan, Pamarintah Mangkunagaran, para saudagar tuwin para hartawan sarana ngedegaken satunggaling perusahaan ingkang namanipun Solosche Electriciteits-Maatschappij (tegesipun : Perusahaan Listrik Solo), kacekak: S.E.M.
Lampu-lampu wiwit kacobi murub ing dinten malam Setu tanggal 10 Sura tahun Bé 1832 utawi surya kaping 19 April 1902. Kitha Sala ing wanci dalu lajeng dados padang.
- TOYA LÈDHENG
Nalika tahun 1926 ing kitha Sala kadhapun bebadan nama N.V. Hoogdruk Waterleiding (Perusahaan Air Minum Tekanan Tinggi) ingkang ngusahakaken wontenipun toya lèdheng ingkang mili dhateng griyanipun penduduk. Toyanipun mendhet saking umbul ing Cakratulung, kawedanan Delanggu, kabupatèn Klathen. Wragadipun dipun sambuti pamarintah Mangkunagaran.
Nem tahun sasampunipun masang waterleiding wau, bebadan punika lajeng ngadani assainering, ingkang damel ilèn-ilèning toya ing salebeting kitha sarana masang urung-urung ingkang kadamel saking beton-bis kanggé ngrikataken pambucaling toya jawah ing mangsa rendheng. [ 75 ]
- PAGER CEPURING KADHATON
Kala rumiyin Karaton-dalem punika dipun ubengi pager banon kandelipun kalih méter, karan bètèngipun Karaton-dalem. Korinipun namung kalih: Brajanala Lèr kaliyan Brajanala Kidul. Ing tahun 1903 pager banon Baluwarti punika dipun elar mangétan, mangilèn sarta mangidul ngubengi Karaton. Ing sisih wétan saha kilèn dipun tambahi Kori Butulan nyatunggal. Rampungipun ing tanggal 23 Jumadilawal Wawu 1833 utawi tanggal 19 Juni 1903.
- BETENG
Bètèng Kumpeni ing Sala punika namanipun "Vastenburg", anggènipun damel wiwit tahun 1775 dumugi tahun 1779 (Masèhi). Kala rumiyin sangajenging bètèng - sakiwa-tengening margi ingkang malebet dhateng bètèng wau -wonten balumbangipun. Sapunika sampun sirna, lajeng dipun damel patamanan ingkang saé wujudipun.
Pasitèn ingkang dipun adegi bètèng punika ledhok, mila ing saben mangsa jawah inggih asrih kebanjiran; toyanipun mlebet dhateng bètèng.
Menggah wewangunaning bètèng punika boten siwah kaliyan bètèng-bètènging Kumpeni sanèsipun, namung kaot ageng kaliyan alitipun kémawon.
Bètèng wau dipun ubengi jagang tepung gelang. Marginipun malebet medal ngajeng wingking sami mawi kreteg jeplakan. Manawi dalu sasampunipun langkung jam 10 kreteg wau kajeplakaken minggah, dados boten saged dipun langkungi. Kori ingkang ngajeng rinten dalu kajagi ing saradhadhu satunggal, giliran saben jam gentosan. Kori ingkang wingking ugi kajagi, nanging manawi wanci dalu kémawon; manawi siyang boten.
Ingkang dados pangagenging bètèng punika pangkatipun Kolonel. [ 76 ]Kaca:Babad Solo.pdf/78 [ 77 ]
- TAMAN SRIWEDARI
Miturut sejarah sadèrèngipun wonten Taman Sriwedari, papan ngriku nama dhusun Talawangi; samangké nana kampung Kadipala. Watesipun ing sisih lèr: margi ageng Purwosari (sapunika nana Jalan Slametriyadi) ; ing sisih kilèn : margi Hangunjayan (sapunika nama Jalan Bayangkara) ; ingkang sisih wétan : margi Pasarkembang (sapunika nama Jalan Honggowongso) ; déné ing sisih kidul : margi ageng Baron (sapunika nama Jalan Dr Rajiman), inggih punika margi ageng ingkang sepuh piyambak ing kitha Sala, awit punika margi ingkang pandamelipun nalika badhé pindhahanipun nagari Kartasura dhateng ing dhusun Sala ingkang kadamel Kraton énggal.
Sak eléripun margi ageng ngajeng Sriwedari punika, wonten dhusun Gumuk, kabekta kala rumiyin ing papan ngriku kathah punthuk-punthukipun ngatos dados gumukan, pramila papan punika lajeng kanamakaken kampung Gumuk.
Déné dhusun sakilènipun Gumuk punika namanipun Genthan Lèr, nanging sareng kagem dalemipun Pangéran Mangkubumi lajeng karan kampung Mangkubumèn.
Sakidulipun Gumuk pinggir margi ageng kaleres ngajeng Taman Sriwedari, nalika jaman samanten wonten witipun Béndha ageng ayom; ingkang sakéca kanggé ngéyub ing mangsa bentèr. Panggéngan punika lajeng karan Béndha, kanggé halte trèm ingkang saking Sangkrah dhateng Purwasari. Kala rumiyin sepur punika saking Purwasari mengétan dumugi Galandhag, lajeng ménggok mangalèr medal ngajeng Bètèng, terus Pasar Gedhé mangalèr dhateng stasiun Jèbrès. Hanging sareng dumugi jamanipun Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara kaping VI, lampahipun sepur trèm wau kapindhah, saking Purwasari mangétan dumugi Sangkrah, terus mangétan ngidul dumugi Baturetna nglangkungi Sukaharja, Nguter lan Wanagiri.
Nalika pindhahipun Karaton Surakarta ing tahun 1745, ing Sala taksih kathah siti ingkang mluwa saka papan ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping X (1893-1939) sampun reja. Ingkang ngasta pusaraning praja nagari Surakarta Pepatihdalem Kangjeng Raden Adipati [ 78 ]Kaca:Babad Solo.pdf/80 [ 79 ]méyan ageng-agengan: siyang mawi dipun sukani sedhekah rebutan ing pinten-pinten panggénan, dalunipun mawi gambar sorot (bioskop) kaliyan kembang api saha wayang wong, sarta mawi pista ageng-agengan, ngulemi sadaya bangsa.
Untabipun tiyang ingkang sami ningali- sepuh aném jaler èstri miwah laré-laré - sami lumampah andalidir tanpa pedhotipun. Kala rumiyin dèrèng kathah tetumpakan kados jaman samangké; wontenipun namung kréta, dhokar kaliyan bèndhi. Sepédha dèrèng wonten. Mobil taksih model kina, lan ingkang gadhah namung bangsa Walandi. Pramila rejaning margi-margi namung saking kathahing tiyang ingkang lumampah kanthi gembiraning manah, sami kusung-kusung ningali pambikaning Taman Sriwedari. Pambabaring Taman Sriwedari sinengkalan "Luwih Katon Esthining Wong", tahun Dal 1831 utawi tahun Masèhi 1899.
- MUSEUM RADYAPUSTAKA
Museum Radyapustaka tuwin Taman Sriwedari, yayasan kalih warnai punika ingkang kagungan ada-ada. Pepatih-dalem Kangjeng Radèn Adipati Sosrodiningrat IV. Sadèrèngipun bikakan Museum Sanabudaya ing Ngayogyakarta, Museum Radyapustaka punika tumrapipun ing Jawi-Tengah kalebet ingkang saé piyambak tatanipun, pepek simpenanipun sarta ingkang sepuh piyambak. Kajawi barang-barang kina, ugi nglempakaken buku-buku babad lan buku-buku sanès-sanèsipun.
Museum Radyapustaka punika dipun degsaken kala tanggal 15 Mulud Ehé 1820 utawi tanggal 28 Oktober 1890 Masehi, taksih jamanipun Ingkang Sinuwun Paku Buwono kaping IX. Manggèn ing dalem Kepatihan. Kala tanggal 22 Sura Alip 1843 utawi tanggal 1 Januari 1913 Masèhi pindhah dhateng ing gedhonipun ingkang samangké sawétanipun Taman Sriwedari, rumiyin griyanipun Walandi nama Johannes Busselaar.
Awit ada-adanipun Radyapustaka dipun wonteni pamulangan dhalang nama "Padha Suka", cekakipun "Pamulangan Dhalang Surakarta" wiwit tahun 1923 dumugi 1942. Gurunipun Radèn Ngabèhi Lebdocarito tuwin Radèn Ngabèhi Dutodiprojo. Kajawi punika ugi ngawontenaken kursus nabuh gamelan lan kursus basa Kawi. Kala tahun 1922 ngawonten[ 80 ]aken saraséhanbab nyawijikèkaken tataning panyerat Jawi, déné putusanipun ingkang karan "Sriwedari Spelling" katur dhateng Pamarintah.
- STADION SRIWEDARI
Kanggé ngajengaken kegiatan olahraga sépak bola, saking kaparengdalem Ingkang Sinuwun Paku Buwono kaping X dipun bangun stadion ing Taman Sriwedari sisih kilèn ing tahun 1932. Stadion Sriwedari ingkang dipun rancang déning Mr. Zeylman punika, stadion pisanan ing saindenging IndonesiaiIngkang saged dipun ginakaken siyang lan dalu, awit dipun pasangi lampu ing menara-menara.
Tahun 1933 stadion punika rampung panggarapipun lan dipun resmèkaken déning Ingkang Sinuwun ingkang dipun wakili déning Gusti Pangéban Harya Panular. Ingkang ngginakaken stadion ing wanci siyang/sonten punika pakempalan sepak bola ingkang dados wargenipun PERSIS (Persatuan Sepakbola Indonesia Surakarta) ingkang dhedhasar raos kabangsan (nasionalisme).
Déné ingkang ngginakaken ing wanci dalu (jam 7-9) punika pekempalan sépakbola anggotanipun VBS (Voetbal:Bond Solo), inggih punika klub-klub Walandi, Cina, Arab tuwin ugi Jawi.
Sederèngipun tahun 1942 PERSIS tensah dados juara PSSI (Persatuan Sepakbola Seluruh Indonesia), punika tandha ingkang nyata bilih olahrapra sepakbola ing kita Sala majeng.
- BALEKAMBANG LAN LAPANGAN MANAHAN
Pamarintah Praja: Mangkunagaran boten kepingin kantun kaliyan Pamarintah Kasunanan ing bab anggènipun ngajengaken olahraga, lan papan rekreasi utawi hiburan.
Saking kaparengdalem Kangjeng Gusti Mangkunagoro, kaping VII dipun bangun lapangan Manahan ingkang wiyar sanget kanggé ngajengaken “sport kuda" utawi balapan-jaran, mawi dipun sukani tribune.
Ing sacelakipun punika ing akhir tahun 1921 dipun bikak satunggaling taman hiburan ingkang resminipun nama "Partini-
Nalika jaman Mataram, ing sajunenengdalem nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Agung Prabu Anyakrakusumo (ingkang dangunipun 32 taun), panjenenganipun boten kendhat-kendhat andhawuhaken dhateng para raja, pangéran sarta adipati pangagenging tanah Jawi, sarta para tetiyang ing bawah wewengkonipun piyanbak-piyambak, supados sami anetepi anggènipun nglampahi agami Islam.
Saking karsadalem Kangjeng Sultan, dinten garebeg ingkang kadamel ageng piyambak punika Garebeg Hulud mawi angungelaken gamelan Sekatèn ing palataraning Masjid Ageng.
Kabekta kepingin ngluhuraken asarming Kangjeng Nabi Muhammad, pramila para raja, pangéran tuwin adipati mancanagara sami pepak séba dhateng Mataram lan angaturaken bulu-bekti glondhong pangareng-areng saben dinten garebeg Mulud. Manawi jaman sapunika dipun wastani "pasok pajeg" utawi pasok wulu pamedaling papanipun piyambak-piyambak. Minangka lintunipun kénging kapasokan ujud arta.
Kawontenan punika nalika jaman Majapahit sampun wonten, namung kémawon kawontenaken saben wiwit tahun énggal. Para pangageng sami séba ingarsanipun Ratu Binathara. Punika dipun wastani amemulé Rajawéddha.
Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan tanpa kendhat anggènipun amamayu tata-adil, raharja, saha santosaning praja. Kangjeng Sultan Agung punika pranyata ratu waliullah binathara, ambeg darma marta tama, karem ulah puja brata, lan waskitha sak obah-osiking jagad. Karsadalem iyasa gamelan minangka kanggé pakurmatan dinten ageng Mulud Nabi, ingkang katabuh sataun sapisan ing palataraning Masjid Ageng.
Saking karsadalem, gamelan punika wau namung kawujudaken arupi balungan thok aluran ageng, kadamel kandel wilahipun supados manawi katabuh seru sora gumantang suwantenipun ngantos kapireng saking katebihan. Larasipun Pélog, cacahipun saprangkat. Menggah parincèning gamelan punika kados ingandhap punika :
- Bonang ageng – sarancak
- Demung – cacah 2 iji
- Barung – cacah 2 iji [ 91 ]
- Saron – cacah 2 iji
- Saron panacah (Peking) – cacah 2 iji
- Kempyang – cacah 2 iji
- Gong ageng – cacah 2 iji
- Bedhug – 1 iji.
Boten mawi Kendhang, Kethul, Kenong, Kempul serta Suwukan. Kendhang lironan Bedhug, panabuhipun linuripun Kempul. Kendho-kencenging wirama manut panabuhing Bedhug. Mila boten gampil nabuh Bedhug Sekatèn punika wau.
Pambukaning lagu saking Bonang, dipun wastani ipil-ipil. Dhawahing gendhing Demung ingkang andadosaken. Dados dhawah gendhing punapa, miturut Demung. Ingkang dipun tabuh gendhing punapa, punika manut kasagedanipun ingkang nabuh Demung, nanging piyambakipun kedah saged ngemong dhateng kasagedanipun kancanipun sesarengan nabuh, supados penabuhipun saged runtut. Dados inggih boten gampil nabuh Demung Sekatèn punika awit ugi kedah sugih gendhing Bonang. Manawi sampun dados gendhing, panabuhipun imbal-imbalan.
Nanging manawi gamelan Sekatèn saweg mungel sapisan, gendhingipun dipun tamtokaken, inggih punika gendhing Rambu kaliyan Rangkung.
Pambabaring gangsa kaparingen "candrasengkala memet" wujud gambar pepethaning sawer naga kalih, kaukir ungkur-ungkuran, pethiting naga wonten ing tengah amulet pepethaning dedamel cakra. Inggih kekalih wujudan punika ingkang mujudaken namaning sengkalan memet, ingkang saged mujudaken ungel-ungelan "Naga Loro Cinakra ing Ratu", inggih punika taun candra angka 1528. Kapasang mapan wonten ing Gayor Gong Ageng kaliyan Gayor Bedhug, dados mujudaken papasrèn rerengganing gamelan.
Sadaya yayasaning para ratu ing jaman kina punike, sami tinengeran ciri titimangsa yayasan, ingkang boten saged kapaiben. Pamrihipun supados saged gampil dipun mangertosi déning para tetiyang ingkang sami nyatitèkaken dados lajeng saged anginten-inten sampun sapinten taun umuring gamelan Sekatèn iyasan Mataram ingkang kaparingan nama Kyai Guntursari wau.
Gamelan Sekatèn sasampunipun katabuh rinten dalu satunggal minggu dumugi dinten Garebeg Mulud tanggal 12, [ 92 ]lajeng kausung wangsul lan kasimpen ing Siti Inggil. Pangusungipun wanci jam 12 dalu. Tatacara makaten punika tetep kalestantunaken dumugi jaman samangké, laminipun mèh 400 taun.
* MAESA LAWUNG
Punika carios bab hajad-dalem wilujengan nagari "Rajawédha" ingkang lajeng karan "Maésa Lawung" karanganipun Kangjeng Radèn Tumenggung Handipaningrat.
"Menggah kawontenanipun wilujengan Nagari miturut ingkang kasebat ing serat "Pustakaraja" sarta serat "Witaradya, punapa déné ingkang katerangaben wonten ing serat pangènget-ènget, punika sampun dados adatipun wiwit kala jaman kina nama "Rajawédha".
Para panjenenganipun nate binathara ing muswa Jawi sami nindakaken wilujengan Rajawédha, tegesipun wilujengan sadhakahipun panjenengan nata binathara saben wiwitanipun tahun sapisan, miyos ing Pencaniti angujubaken wilujengan Rajawédha amemulya wilujengenipun Nagari saisèn-isènipun sadaya, sageda tambah-tambah tata-raharjaning praja satalatahipun.
Kacariyos ing nalika jamanipun sang Prabu Sitawaka ing nagari Gilingaya kateman rubéda warni-warni sesakit reresah sasaminipun bandadosaken boten tentreming Praja satalatahipun, nalika samanten amarengi tahun candrasengkala 387, tinengeran "Pujangganing Brahmana Guna". Awit saking kaparengipun Sri Prabu Sitawaka, Brahmana Raddi ing Ngandhong-dhadhapan, kadhawuhan numbali nagari satalatahipun. Brahmana Raddi matur sandika, lajeng nindakaken tumbal sarat sarananipun nagari miwah ing dhusun-dhusun. Para kawula saben wiwitanipun tahun kinèn bebarikan amumulya, kawastanan "Gramawedha", tegesipun wilujengan bersih dhusun, kasarengan wilujengan nagari "Rajawédha".
Boten dangu sesakit lajeng sirep; reresah lerep; punika amimbuhi tata tentrem raharjaning praja satalatahipun sadaya, gemah ripah, tulus ingkang sarwa tinanem. Inggih punika purwanipun para kawula ing padhusunan sami nindakaken Bersih Dhusun, lestari ngantos dumugi samangké punika. [ 93 ]Kaca:Babad Solo.pdf/95 [ 94 ]Kaca:Babad Solo.pdf/96 [ 95 ]Kaca:Babad Solo.pdf/97 [ 96 ]masih dikerjakan tielumphd
len Reksa-surata, ébaidalemn Nyai Lurah Gondarasa,
ih Nyi Lurah Sekul-lang-i, mirantosi ingkang badhé
Gb jad sak uba-remrênipun,
ra SN Gan La Ka ba Si SANG KOST KG NG GI ran BE aru Suranata Sa asas êslan Hya Lurah Gonda- WAN Nai sema boiam PG parak kG5 Wes San lemg badha kalebuh kasudhiy kalon ing Mligi; erah 2 kan-
dhase ingkang badhé kalabuh, karocik abaidalcn Juru mawi: maos puji Jawi Sastra Pedhati.” ;
Sesampunipun wiyos-dalen lengah sinéwaka, nbdidalen bupati èstri nrunjulkak
“Nn palapuran miyosing hajed-dalen ““Maésa Lewung. ria
Ianawi sanpun wonten mlyosing dhawuh tirbalen-dalen, hajad kawiyosaken ing Pasowanan Bangsal Marakata; sasam- puning abdidalen Bupati èstri andhawuhaken timbalandalen uhumatena ebdjidalen Bupati Anom danel gendhèk sakajeng- ipun wiyosing dhawuh timbal- eri kadh:.wuhaken dhumateng Pepatihdalomn, hajad lajeng kari josauken Ranggsên ing paso- wanan Bangsal Séwayena (Sitincril),
Sasampunipun Pepatihdalen sala sedaya abdidalen Bupati sapangandhap ingkang badhé ngepong hajad-dalem sampun so- wan pepek wonten ing pasosman Bengsal Séwayana, Pepatih- dalen lajeng cndhewuhaken dhawuh timbalandalen wilujengen Nagari sak isinipun sedaya dhumteng abdidzlem Bupati A- nom Juru Suranata, ingsndikaknken cndongaoni. Dongunmipun Arab (Islam) Jawi Budha.
“Saramuncipun hejad-dolen ingkang badhé kalabuh warni rahipun Kebo Lawung 2 kandhaga Saplirentosipun knundura- ken, lajeng kalabuh dh..teng telenging Alas Frendha-wrhenn inggih Setracimdaumayi , krambil abdidalem mrabot Paraman-— Sans. Wondéné pars abdidolen inkang sami sowan ngopong hajad-doloem wu lnjeng sami nedho sasarengan, bektsnipun Piyambak-piy-mbrk; nemung cit sking keporenging kersoa- “ dalem, . cncak bektonipun piyemnbak-piyambek wan kasuwak a
a
“ PUSAKA MRIYEH | AAN
makang Sinuwun Kangjeng Sultan Agung ing Metaren. iyasa arupi rriyen kinaryo. dudaneling prang; menggeh
wa” Janah [ 97 ]Kaca:Babad Solo.pdf/99 [ 98 ]Kaca:Babad Solo.pdf/100 [ 99 ]Kaca:Babad Solo.pdf/101 [ 100 ]9 ar E3thuk tamu ingkang wonten salebeting
- kasan pera entene-dalen
rêtu Kyai Retna Juwita . ;
agem sadhiyan titihun wekjlipun kangkenin Siman ma "nari nuju tumpi sedhahan repat
7. Keréêta Kyai Menik Kumala 4 = kagem titihan manawi nu 8. Karétz Kyai Gurudha-putre,
= kagem sadhiyan pethukan manwi. nuju wonten tzwu agung 9. Karéta Kyai Gerudha Kancana
ju mriksa pakenira far ie.
= kagen titihan kirap sabibaring jumenengen Nata : ni-
- tih e keliling kitha, kanthi upacara Gg sia
L4
0000 0——
- kesi “Katrengah 'gakbèr. ing kaba YM.
KT WAPEN (9) PRAJA Pah a f inggih punika kempaling treh SURYA (srengéngé)... SASANGKA (rembulan) tuwin -SUDAMA a 4 seng). Dados tedhak putra PAKU | BUWANAN wiwit P.B. =£ dumugi PeBo = Ke
. bani Fa
| Resa gerakan toat 6f £ kras.
pd ks
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
IX, kapatedhan asma Gusti Kangjeng Ratu Paku Buwana, lajeng peputra Sampéyandalem Ingkang Sinuwun Ingkang Minulya saha Wicaksana Paku Buwana X.
Inggih punika kempaling trah SURYA kaliyan SASANGKA tuwin SUDAMA (Trimurti)
Dados tedhakipun putra PAKUBANAN tetiga sampun semi karasuk ing sarira-dalem sadaya.
Awit saking kasoking bingahipun panjenengan-dalem Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya MANGKUANAGARA IV, déning putra-kapénakanipun sampun saged peputra kakung, ingkang ing tembé badhé gumantos kapraboning rama, lajeng iyasa BAWA SEKAR CANDRA-KUSUMA Sléndro péthet sanga, ingkang suraosipun mardawa kempaling putra PAKUBANAN wau, makaten cakepanipun :
Kang dadi SUDAMA gusti, SASANGKA kasongan SURYA,
PRABANYA sumungsung kaswa, raras ruming Sari-sari,
samya manuksmèng SARIRA, sumarmanira sukanta,
hujwalanira sumunu, marbuk kang CANDRA-KUSUMA.
PRABANYA inggih PRABAYASA. Punika asmanipun Sampéyandalem Ingkang Sinuwun Paku Buwana II.
SARIRA inggih sarira-dalem Sampéyandalem Ingkang Minulya Paku Buwana X punika.
Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mengkunagara IV punika ingkang rayi Kangjeng Pangéran Harya Hadiwijaya II.
(nanging ing tembé dados gedhong bioskop, ngantos sapriki). Lajeng kasusul Pasarpon ingkang sisih kilèn, ugi kabangun dados gedhong wayang wong utawi kethoprak, namanipun "Sana Harsana" ingkang rikala dipun bikak resmi tgl. 18 Agustus 1933, dipun jenengi déning Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagoro VII.
Pasarpon lajeng dados ramé, awit kiwa tengen dados godhong tetingalan sadaya.
Ing wulan Desember 1948 rikala tentara Walandi mlebet kitha Sala, gedhong kalih wau dipun besmi, adamel sapérangan ngalami karisakan. Kalih-kalihipun bibar perang dipun bangun kadadosaken gedhong bioskop; ingkang wétan nama Dhady, ingkang kilèn nama Ura Patria, nanging umumipun tiyang nyebat cekakanipun, inggih menika UP.
Papan sisih wétanipun Jalan Diponegoro ing tahun 1939 kabangun dados peken/pasar déning pamarintah Mangkunagaran, dipun paringi nama Pasar "Tri-windu" kanggé mèngeti KGPAA Mangkunagoro VII anggènipun ngasta pusaraning Praja jangkep 24 taun utawi tri-windu.
KGPAA Mangkunagara kaping V kapareng nglajengaken iyasa ringgit tiyang, angluluri karsanipun ingkang rama. Malah lajeng dipun santosani, dipun iyasakaken panganggèn irah-irahan aniru wujuding ringgit wacucal purwa. Wonten ingkang nganggé makutha, topong, gelung kekeling lan gelung supit urang, kelat bau sumping, praba, sarta uncal badhong, sadaya pepak. Dipun jangkepi miturut punapa mestinipun ringgit wacucal purwa, kados ingkang kasebat wonten ing serat waosan carios lampahaning ringgit purwa.
Dados saben tiyang ingkang sami ningali lajeng saged gampil panitikipun dhateng salah satunggaling wewujudan wayang, saged mèmper sayektos kaliyan ringgitipun wacucal ingkang dipun émba wau.
Menggah sadaya prabot panganggén punika ngantos dumugi sapriki taksih kathah ingkang saé. Inggih wonten sapérangan ingkang risak, nanging kénging dipun dandosi; dipun pulihaken tatu lami, dados boten éwah kaliyan aslinipun.
Pramila saben ing Pura Mangkunagaran wonten gebyagan ringgit tiyang, kathahing tiyang ingkang sami ningali prasasat ngebaki palataran. Nanging dangu-dangu saking kathahipun tiyang, lajeng wonten ingkang paben, dados kerengan. Malah wonten ingkang kataton. Pramila tetingalan ringgit tiyang wau lajeng kabibaraken.
Sabibaring ringgit tiyang ing Mangkunagaran, tetiyang alit ingkang suwaunipun ngabdi dados ringgit tiyang, sami akal-akal damel kempalan ringgit tiyang kanggé barangan sarana kabayaraken dhateng tiyang-tiyang ingkang sami ningali.
Sasampunipun punika ing Surakarta lajeng anggebyah kathah tiyang ingkang ngedegaken pakempalan ringgit tiyang kanggé barangan, ngantos dumugi sapriki, awit sami-sami tetingalan Jawi, ringgit tiyang punika kalebet dipun senengi piyambak déning tiyang kathah. [ 111 ] TETINGALAN LANGENDRIYAN
Tetingalan Langendriyan punika limrahipun ingkang nindakaken tiyang èstri sadaya. Panganggé irah-irahan lan jarangipun ingkang dipun tiru wayang krucil/klithik. Ingkang kadamel lampahan inggih mendhet lampahaning ringgit krucil : Damarwulan ambedhah Blambangan, ambekta boyongan katur ratu ing Majapahit, lajeng dhaup kaliyan sang ratu Dèwi Subasiti (Kencanawungu), terus jumeneng ratu wonten ing nagari Majapahit. Pocapanipun langendriyan punika béda kaliyan pocapan ing ringgit tiyang, amargi pocapaning Langendriyan punika mawi kasekaraken anut laguning gendhing.
Manawi dipun manah ingkang sayektos, sami-sami tetingalan — ringgit tiyang kaliyan langendriyan — pancèn mengsemaken manah saèstu ningali beksan langendriyan punika, saya malih tumrapipun tiyang jaler; sampun tamtu mesthi tikel remen ningali langendriyan tinimbang kaliyan ringgit tiyang. Sanadyan tiyang èstri pisan, inggih kathah ingkang remen ningali langendriyan.
Tumraping tiyang jaler, ningali langendriyan punika kajawi resep dhateng paningal nyumerepi para pawèstri ingkang sami dandos cara wirèng sami katingal ayu-ayu, saga éndah ing warni kabekta sami karengga ing busana ingkang sarwi gumebyar, ugi winuwuhan sakécaning pamirengan, inggih punika mirengaken pocapaning wirèng ingkang sami mbeksa mawi tetembangan ingkang anurut lagu wiramaning gendhing, prasasat mirengaken gérong lan sesindhènaning para pawèstri, ingkang kapireng nganyut-anyut ngantos karaos ing manah. Inggih makaten punika ingkang sok anggadhahi raos lam-lamen tumraping para kakung ingkang sami ningali langendriyan.
Namung kuciwanipun déné carios lampahanipun boten saged gentas-gentos. Namung mligi carios lampahanipun Damarwulan wiwit ngèngèr ngantos dumugi saged ambedhah Balambangan. Ratu Ménak Jingga pejah. Damarwulan jumeneng ratu Majapahit, sampun telas. Ingkang adhakan ingkang kapendhet namung pethilan perangipun Damarwulan, mengsah kaliyan Ménak Jingga. Ingkang makaten punika satemah andadosakeun bosenipun titiyang ingkang sami ningali. Mila saya dangu langendriyan punika lajeng boten patos pajeng. [ 112 ] Dumugi sapriki sampun boten wonten tiyang ingkang damel tetinggalan langendriyan, kajawi namung kanggé barangan turut margi dhusun, kawujudaken barengan kados réyog nawi jaran képang kaliyan nyepeng penthung. Lampahanipun Damarwulan perang kaliyan Ménak Jingga, kairingakeun Dayun. Ginemunipun mawi tetembangan. Sawenèh ingkang njogèd jaler èstri mawi tetembangan. Sawenèh ingkang njogèd jaler èstri sami nganggé kacamata.
Langendriyan ingkang kanggé selingan ringgit tiyang barongan ingkang kalampahaken wonten ing panggung, ugi kirang angsal kawigatosan. Ing wekasan lajeng namung kapendhet lagu uran-uranipun kémawon, dipun cakaken kanggé nyelingi ginemipun wayang wong manawi nuju sumbar-sumbaran.
Lajeng ngantos sapriki wayang wong manawi sumbar sumbaran utawi gandrung-gandrungan dipun sukani tetembangan kados ginemipun ringgit tiyang Langendriyan.
Malah kethoprak ugi tumut tiru-tiru nawi tetembangan. Ing sakawit ringgit tiyang punika ginemipun ugi mligi miturut punapa ingkang dipun keliraken wonten ing ringgit wacucal, dados inggih boten mawi tetembangan.
Menggah miturut cariosipun, ingkang nganggit beksan Langendriyan ngantos sa-lampahan punika Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta. Ngantos sapriki taksih dipun pepetri; saben dinten Rebo énjing wiwit jam 10 dumugi jam 12 siyang dipun wonteni gladhèn beksan Langendriyan kanthi tetembanganipun ing Pandhapi Ageng Pura Mangkunagaran.
- MULA-BUKANIPUN WONTEN LANGENDRIYAN
Kacarios, menggah mule-bukanipun wonten lelangen ingkang wastanipun *) punika saking juragan bathik bangsa Eropa pranakan Jerman, nama tuwan Gotlieb, ingkang gegriya ing kampung Kadipala.
Piyambakipun sugih pangobèng tiyang èstri ingkang sami berah mbatik ing griyanipun, ingkang keran pabrik bathik Godliban.
Nalika jamanipun Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagoro IV (1853-1881) ingkang saweg kasengsem damel lelangen beksan Wirèng warni-warni, tuan Godlieb pu[ 113 ]nika manggihi Bandara Radèn Mas Tandhakusuma, putranipun Kangjeng Gusti kaping IV.
Tuan Godlieb gadhah atur kapingin badhé misungsung lelangen ingkang prayogi kagem wonten ing ngarasdalem. Tuan Godlieb punika juragan ingkang sugih arta, dados bab waragad boten badhé karépotan.
Bandara Radén Mas Tandhakusuma — satunggaling ahli beksa ing Pura Mangkunagaran — ngandika dhateng tuan Godlieb: "Wah kaleresan sanget sudara, saking pamawas kula lelangen punika saénipun katindakaken déning para pawèstri kémawon."
Aturipun tuan Godlieb: “Berah ingkang sami mbathik punika tiyang èstri sadaya. Mangga kula aturi milih pundi ingkang prayogi dipun dhapuk dados pambeksa."
Sareng sampun pinanggih pamilihipun, saweg dipun wiwiti ajar tembang-tembangipun, kalatih amrih sageda sami apal dhateng lagu-laguning tetembangunipun, saha apil dhateng cakepanipun.
Sareng sampun lumampah sawatawis wulan, katingal sampun saé caranipun nglagokaken tetembanganipun; lajeng dipun tambahi jogèdipun.
Sareng sampun watawis satunggal taun, sarta sampun kacobi rumiyin lan katingal sampun prayogi dipun pamèreken, saweg dipun pisungsungaken ing ngarsadalem Kangjeng Gusti ingkang kaping IV.
Nalika samanten beksan langendriyan punika ingkang ambeksa nindakaken sarana lampah dhodhok, sabab jogèd punika persembahanipun tiyang alit dhateng ratu gustinipun.
Kangjeng Gusti sasampunipun pirsa lelangen punika, sanget kapranan. Saking kapranan-dalem dhateng lelangen beksan punika, lajeng kapareng ngéwahi saking sakedhik, pundi ingkang perlu dipun luwesaken.
Ing wasana saking kaparengdalem, beksan langendriyan punika wau lajeng kapundhut dados lelangan-dalem wonten ing Pura Mangkunagaran.
Salajengipun sareng sampun dados lelangen-dalem ing Pura, jogèdipun lajeng kasantunan boten sarana lampah dhodhok lajeng lenggah sami tetembangan, nanging kadhawuhan njogèd kanthi ngadeg miturut punapa mesthinipun tiyang ambeksa punika. Dados miturut carios, lelangen Langendriyan punika mulabukanipun katindakaken déning berah bathik ing Kadipala, ingkang nampi pimpinan saking BRM Tandhakusuma. [ 114 ] MELANGEN BADHAYA KALIYAN SARIMPI
Awit jaman kina para nata Jawi punika kalangenanipun ingkang mesthi inggih namung Badhaya kaliyan Sarimpi. Manawi badhaya ingkang ambeksa cacahipun 9, déné manawi sarimpi namung 4.
Menggah ingkang dados badhaya utawi sarimpi punika tarkadhang tiyang alit kémawon ananging ingkang sulistya ing warni, tarkadhang putrinipun para leluhur. Malah putri dalem ingkang dèrèng krama ugi asring dados badhaya utawi sarimpi, manawi ing lebet karaton nuju wonten damel kadosta tingalen-dalem utawi nuju pasamuan sanésipun.
Manawi Ingkang Sinuwun sampun lenggah manggihi para tamu, ingkang medal rumiyin kalangenan-dalem badhaya. Beksa badhaya tuwin sarimpi punika béda sanget manawi katimbang kaliyan jogèdipun talèdhèk, awit gendhingipun beksa badhaya kaliyan sarimpi punika gendhing ageng, inggih punika ingkang dipun wastani gendhing Katawang. Manawi jogèdipun talèdhèk gendhingipun prenès.
Pramila para nupiksa ingkang dèrèng naté sumerep, sampun ngantos anggadhahi panginten bilih badhaya tuwin sarimpi punika kalebet golonganing talèdhèk déné sami pawèstri ingkang anjogèd. Oh la tebih sanget sungsatipun.
Badhaya tuwin sarimpi punika namung lugu kalangenan dalem, boten kénging medal saking karaton, kajawi manawi andhèrèk tedhak-dalem pepara dhateng pasanggrahan utawi miyos dhateng dalem Résidèn manawi pinuju pista taun Raja.
Menggah anggènipun putrining para luhur tuwin putri dalem sami kadadosaken sarimpi, punika angluluri para luhur ing jaman kina. Pawèstri sami kapredi dhateng beksan punika supados sageda anambahi prigel dhateng solah bawa. Pawèstri ingkang sampun prigel solah bawanipun, sampun tamtu angresepaken manah. Awit saking punika para luhur ing Surakarta — kakung putri — sadaya mèh naracak sami anggilut dhateng olah kridhaning kaprigelan punika.
Kajawi kalangenan-dalem badhaya tuwin sarimpi, wonten malih kalangenan-dalem wirèng warni-warni kadosta: wirèng dhadhap, beksan panji, beksan lawung sarta pethilan ringgit tiyang lan sanèsipun. Ingkang dados wirèng wau ingkang kathah putra-dalem tuwin putra kaponakan-dalem kakung ing[ 115 ]kang taksih timur-timur, tarkadhang dipun selani Kalawija kanggé dhagelan.
- TOKOH SENI KANGJENG GUSTI MANGKUNAGORO 1V
Kangjeng Gusti Mangkunagoro kaping IV — ingkang séde tahun 1881 -kathah saha warni-warni yayasan-dalem.
Iyasan-dalem gangsa nama Kyai Mardiswara punika gangsa kalenèngen sengganèn mawi bonang ageng-alit jengkep. Wilahipun sadaya gangsa lembaran lingiran tenpa pencu; dalah gong kempul tuwin kenongipun ugi makaten. Seboboting namung gangsa kalenèngen kawangun sengganèn, waragadipun ngantos pinten-pinten èwu, amargi kajawi langkung awig panggarapipun, bumbunganipun punika gelas biru sepuh welingan saking Eropa sadaya, racakipun regi f 25,- satunggal bumbung, mengka sadaya rancakan — kajawi gambang — mawi bumbung gelas. Tabuhipun sadaya mawi karèt.
Iyasan garapan ing ngarsedalem kadosta ringgit wacucal madya cacahipun kirang langkung 360 iji, sadaya mawi ciri M.N. IV.
Yayasan-dalem lelangen wirèng werni-warni: gendruk seruaben abdidalem metengen, kalenèngan sendhon langen swara sapanunggalipun.
Kegungandalen barang-barang ingkang wonten ing Pura ingkang kathah wedalan utawi demelen Eropa, Kadosta sawarnining servis/bola-pecah pengunjukan, servis dhahar, bebut, kursi baludru, titihan keréta, dilah, sawarnining papasrèn, praboting kapal titihan, kapal rakitan tuwin barang sanès- sanèsipun, kathah sanget ingkeng kaparingan tetenger aksora latin M.N. IV minangka cekakaning asma-dalem, kinurung sekaran kaistha pari sawuli, inggingil mawi gambar makutha krajan.
Abdidalem palados kadosta jayèngan, rengga, tukang lampu sapanunggilanipun padintenanipun mawi sandhangan toro kurasi jené/kuning, udhengipun wulung, clana pethak lemes, minangka kanggé ngladosi kaliyan lampah dhodhok. Nanging saben pasamuan pista dhansah sasaminipun, panganggénipun mentèringan: udheng wulung, jas ijem bis jené, clana pethak setlikan, cacahipun wonten 300-an. [ 116 ]Kaca:Babad Solo.pdf/118 [ 117 ]Kaca:Babad Solo.pdf/119 [ 118 ]Kaca:Babad Solo.pdf/120 [ 119 ]wanara sèta satunggalipun pandhita denawa sami memengsahan: Srikandhi mengsah tandhing kaliyan Larasati; Mustakaweni tandhing kaliyan Bambang Priyambada; Srikandi mengsah danawa.
Wireng madog sekawan: Gathutkaca, Anantasena, Angkawijaya, Irawan -kawastanan Wireng Wirapratama.
* BAB ANGGANTÈN, SISIG SARTA SES
Jaman samanten priyantun ageng alit dumugi rakyat pakakampungan sakitha Mangkunegaran-kajawi para luhur-jaler èstri: sami kalimrah ngulinakaken anggantèn (= nginang) tuwin sisig (= ngireng untu). Bangsa luhur ingkang kepareng nengenaken anggantèn nung setunggal kalih. Menging prakawis lathi (= ngireng untu) punapa déné ses (= udut) srutu, punika maratah; sadaya kepareng nengenaken.
Boten ngemungaken priyantun ingkang manganggé sandhengen Jawi kémawon ingkang ngulinakaken anggantèn nggalenyèh saben dinten serta anyemeng untu, nanging golongan Légiun (tentara) pisan nuju manganggé sandhangan cara Walandi, kathik inggih kathah ingkang ngulinakaken nginang sarta sisig.
Kalanipun saweg bidhal saking griya lumampah dhateng pasowanan, baris sapanunggilanipun, turut margi kaliyan anggantèn. Mangké salebetipun kèndel atawi ngaso ugi sami anggantèn.
Wonten satunggaling golongan abdidalem ingkang boten nginang utawi sisig saleninipun, inggih punika abdidalem Bethakan utawi mitihan; punika para ngulama ing rèh Kawedanan Yogiswara. Abdidalem golongan ngulama wekdal samanten, wiwit pangkat Suragama, Ketib, Muadin kalebet. Juru-serat, Wimbasara sapanunggilanipun, sapanginggil dumugi pangageng Raden Pangulu - watawis wonten tiyang cacah 150 - sadaya boten anggantèn lan boten sisig. Nabung ses rokok punika limrah; ing sedhéngah panggénan kathah ingkang ngulinakaken. Wontenipun sami boten anggantèn lan boten sisig, punika kabekta saking kuwajibanipun dados ngulema. [ 121 ]* PAKEMPALAN
Jaman samanten pakempalan sampun wonten. nanging namung satunggal, namanipun Pakempalan "Bandha Laksana". Warganipun antawisipun 10 dumugi 25, kagolong bangsa luhur darah Mangkunagaran, tuwan-tuwan bangsa Walandi, tuwin para priyantun abdidalem Mangkunagaran.
Para warga wau anglempakaken arta pinten rupiah ing dalem satunggal-tunggaling warga, miturut kekiyatanipun warga piyambak-piyambak. Punika dados andhil utawi sahamipun. Arta ingkang ngalempak ngantos pinten-pinten dasa èwu rupiah, lajeng dipun anggé potang. Nanging ingkang dipun sambuti wau namung para putra sentana-dalem dumugi para abdidalem ageng alit lan para abdinipun para putra, sentana-dalem ingkang tampi blanja wulanan tetep.
Adegipun pakempalan punika mawi idi saking ngarsadalem Kangjeng Gusti piyambak.
Jaman samanten taksih tumindak gampil-gampilan.
Saben sambutan f 10,- (sedasa rupiah) cicilanipun f 1,- saben wulanipun; 15 wulan pundhat. Janji blanjanipun tiyang ingkang nyambut taksih cekap kadamel cicilan, nyambuta pinten kémawon angsal. Upami blanjanipun f 30,- sawulanipun, saged angsal sambutan f 300,-
Lebeting cicilan kacowok déning pangagengipun ingkang wajib ambagi blanja. Ingkang badhé nyambut kedah damel serat prajanjian tanpa ngaturi tanggalan barang punapa-punapa. Panyambut ingkang lowong cicilanipun, boten naté dipun prakawisaken dhateng pengadilan. Saben Tahun pakempalan wau saged ambagé bebathenipun.
* SERAT KABAR
Jaman samanten serat kabar ingkang wonten namung satunggal, inggih punika "Bramartani"; medalipun namung dinten Jumuah: Ing Mangkunagaran namung para luhur saha priyantun inggil ingkang langganan. "Bramartani" punika surat kabar pisanan ingkang mawi basa Jawi. Serat kabar ingkang mawi basa Melayu kawedalaken ing [ 122 ]saka Semarang, namanipun "Slompret Melayu". Déné ingkang mawi basa Walandi kawedalaken ing Surabaya, namanipun "Soerabajasch Handelsblad".
* PAGANTOSAN JAWI
Jaman samanten kathah pagantosan (Pegadaian) Jawi: ing peken-peken lan ing pakampungan wonten pinten-pinten panggenan. Tiyang gadhah pawitan f 50,- (sèket rupiah) dumugi f 100,- sampun saged bikak pagantosan. Padamelan punika limrahipun dipun sambi kaliyan sesadéyan tetedhan utawi barang-barang kabetahan balé griya.
Jaman samanten gentos (= usaha pegadaian) punika boten kenging pajeg, boten perlu lapur, lan boten sisah nyuwun idin dhateng Pamarintah.
Ingkang gantos wonten ing peken, ing wanci énjing bikak tunggil bangonipun tiyang sesadéyan - sonten kukut; barang-barang gantosan kabekta mantuk. Sadaya pagentosan boten mawi buku, boten mawi serat-seratan; ingkang anggantosaken boten mawi cepengan punapa-punapa, dados ing pundi kemawon cekap namung endel-endelan kémawon.
Déné pèngetanipun sadaya tukang gantos namung satunggal, wulan kaliyan kathahing arta panggantos. Tanggal lan kathahing arta dipun tengeri mawi garit-garit potolot ing dalancang alit. Pengetan sasi/wulan-ipun mawi godhong godhongan, kadosta: wulan Sura tengeripun godhong SURUH ; wulan Mulud mawi godhong PULUDAN, wulan Sapar mawi NIPAH, Ruwah mawi godhong PISANG, wulan Pasa mawi godhong. PLASA, Sawal mawi godhong SAWO, makaten sapiturutipun ngantos wulan XII dipun damel ajeg tengeranipun.
Tengeran warni kalih wau sami dipun lebetaken wonten salebeting lempitan sinjang utawi barangipun gantosan. Lampahing sareman (rènte, bunga) maratah pétang dintenan; saben langkung satengah (= satengah rupiah = 50 sèn) dumugi sarupiah (100 sèn), sadintenipun sadhuwit 1 manawi satengah rupiah mangandhap, saremanipun namung sapalih arta utawi kalimrah karan: sigar (sabribil, sakbil ½ sen). [ 123 ]
Wawratipun namung tindak sawarni tanpa waton makaten, suprandéné lestantun tumindak saé : boten naté wonten pesulayan utawi kisruh. Langkung-langkung ngantos prakawisan dumugi paréntah saya boten naté wonten babar pisan.
Pagantosen Pacinan ugi wonten, nanging tiyang Jawi taksih awis-awis ingkang anggentosaken dhateng pegantosan Pacinan.
Kejawi punika pagantosan pomahan ingkang dédé baku tukang gantos inggih sangsaya kathah. Lampah cepeng cinepeng barang sarana nyambut arta mawi sareman ing pandi-mundi kampung jaman samanten kalampah senget, boten wonten pekèwedipun.
Jaman samanten boten wonten singkèk mindringen ingkang mlebet dhateng kempung-kampung kados ing tahun 1930. Singkèk-singkèk wau ingkang potang dintenan mawi sareman ingkang sakalangkung awrat, sabanipun namung ing peken-peken sarta ing warung-warung kémawon. Dados sasaranipun namung para bakul.
Rakyat ing pakampungan boten kelimrah nyambut dhateng singkèk mindring, awit ngupadosipun betah pedintenan sampun gampil dhateng sasamining rakyat kempung piyembak, sarana nyepengeken barang utawi griyanipun kanthi sareman ingkeng mayar. Para abdidalem sampun dipun sadhiyani nyambut dhateng Pakempalan Bandha Laksana. (kaca 121)
- DILAH SEWU
Ing Pandhapi Ageng Mengkunagaran, Paringgitan saha ing Dalem Ageng dilahipun (lampunipun) sami wedalan Eropa, karan dilah krun. Sakrompol-krompolipun wonten 40 durugi 50 urub, mangka ingriku wonten pinten-pinten dasa krompol. Nalika samanten dilah listrik dèrèng wonten.
Ing sajawining Pura Mangkunagaran, bilih nuju wonten damel, ing pinten-pinten panggénan sami kapasangan krun utawi gapura ageng-ageng. Ing sisih ngajeng lan wingkingipun dipun tancebi dilah-dilah gelas papak kandel ingkang kaisènan lisah kacang. Ing saben krum/gapura saking ngandhap dumugi puncak nginggil wonten pinten-pinten atus urub ; mila lajeng karan : Dilah sèwu. [ 124 ]Makaten ugi ing tembok ingkang adhakan, inggih sami kapasangan dilah sèwu. Sinawang saking katebihan katingal ambyar, mewahi asrining sesawangan sakiwa-tengenipun.
Panyumedipun dilah sewu punika tansah angsal kawigatosan saking masyarakat sakiteripun.
* UMBUL ING MANAHAN
Ing sisih kilen kitha watawis 1 pal tebihipun saking Pura wonten satunggaling umbul patilasan kina, nana Umbul Manahan, awit padunungan ngriku nama dhusun Manahan.
Sakidulipun umbul punika wonten pasanggrahanipun ageng rawi lotèng, kadamel saking tembok, kacarios iyasandalem Kangjeng Gusti kaping III. (séda tahun 1853)
Kala jamanipun Kangjeng Gusti kaping IV (1853-1881) Umbul Manahan punika nedheng ramé-raménipun kocap tiyang sanagari. Saben malem Jumuah, dinten Jumuah siyang tuwin Anggara kasih ajeg atusan tiyang jaler estri sami dhateng ngriku saperlu dus, dedupa, tuwin nenepi kanthi mbekta sekar borèh, nanging ugi kathah ingkang namung mlancong kémawon, awit jaman saranten papan kangge ngénggar-énggar manah kados déné Kebon Raja utawi Sriwedari déréng wonten. Ingkang sami dhateng boten ngétungaken tiyang Mangkunagaran kemawon; saking bawah kasunanan.ugi kathah ingkang merlokaken dhateng. Malah para luhur ugi wonten ingkang tedhak ing pasanggrahan Manahan; ameng-ameng, nyanjata utawi manawi nuju dinten padusan. Ingriku wonten recanipun séla satunggal wangun èstri, ing ngakathah dipun wastani "mBok Rara Item".
Padatan tiyang ingkang adus punika nyukani pituwas dhateng juru-kunci, kathahipun 2 dhuwit (arta kina) saben tiyang satunggal.
Sasampunipun jamanipun Kangjeng Gusti ingkang kaping IV Umbul Manahan punika sampun boten kocap malih, awit pasanggrahanipun sampun risak saking sampun sepuh. Ugi awit kasusul dumadosipun Kebon Raja utawi Taman Sriwedari.
Sajumenengdalem Kangjeng Gusti kaping VII sakilenipun Umbul dipun wonteni padusan Balekambang, nama "Tirtayasa" Tiyang ingkang mlebet Balékambang lan adus ing padusan punika sami kakéngingaken bayaran. [ 125 ]
- GRIYA POS
Kala jamanipun Kangjeng Gusti kaping 1V ing marrgi -margi ageng bawah Mangkunagaran saben 5 pal (= 73 km) dipun wonteni griya ing satengahing margi ngantos nutupi radinan, karan griya pos. Kiwa tengen kanggé gedhogan jaran (kasingget), awit griya pos punika papan pakèndelanipun karétanipun para pangageng ingkang langkung ingriku. Griya pos punika antawisipun wonten ing Banyuanyar, Jurug, Karanganyar, Bangsri, Nambangan, Baturetna tuwin sanès panggénan malih.
- SETAL SAKIT
Setal sakit punika papan kanggé ngupakara jaran ingkang sakit, ugi papan kanggé mendhem jaran ingkang pejah. Panggénanipun ing kampung Pasar Legi seelèr Kali Pépé.
- PAKURMATAN DHATENG KANGJENG GUSTI
Saben-saben ing Pura Mangkumagparan wonten damel, pasamuan, jagongan, lelangan sasaminipun, miyosipun Kangjeng Gusti saking Dalem Ageng ajeg mawi kinurmatan ungeling gangsa; gendhingipun "Puspawarna" binarung pangeliking sendhon langenswara. Jegkar-dalem gangsa mungel “Ayak-ayakan” manyura.
Bilih nuju pasamuan mawi baris ageng, prajurit Legiun hurmat “Presenteer Geweer" binarung ungeling rusik “Wien Neerlandsch Bloed", tambur slomprèt sesarengan,
Samangsa Kangjeng Gusti tedhak ameng-ameng sajawining Cepuri/Pura ingkang boten sakaliyan garwa, namung kedhèrèkaken prajurit Dragunder kalih sami numpak kapal/jaran, anggrayung wingking titihan-dalem.
Nanging bilih anggènipun tedhak sakaliyan garwa, cacahipun Dragunder gangsal, tindhih Kopral, anjajari ngajeng kalih, wingking titihan tiga.
Bilih pasamuan ageng taun Raja ("Koningsdag" = HUT raja Walandi), Bakdan sapanunggilanipun, Dragunderipun. [ 126 ]ewah dados 14 (1 peleton), tindhih/pemimpinipun Sersaan, arta manganggé gruteni (“Gruteni" saking tembung Walandi root Tenue" = Pakaian Kebesaran). Bilih tedhak-dalem utawi kondur-dalem punika miyos ing ri/gapura ngajeng Pura Mangkunagaran, sanadyan padinten, ajeg kinurmatan ropul (saking tembung Walandi roffel, ungeling tambur sasarengan slomprèt). Prajurit ingkang gi tindhih Opsir, sadaya hurmat "presentir".
Hurmat prajurit Legiun dhateng para putra-dalem/Pangén: "presentir". Dhateng para harya: "hupsekuder" (sang tembung "Op Schouder" = bedhil tumumpang ing pundhak) daya ingkang pangkat Opsir ugi pikantuk hurmat "hupsekur". Para Onder Opsir (= Onder-officier = bintara) amung kantuk hurmat yèn manganggé cara Welandi/internasional. Urmatipun "Hip Ah" (= Gec£ft Acht) utawu Saluwir. Abdidalen sajawining Legiun ingkeng pikantuk hurmat ing Bupati Pepatihdalem, inggih punika hurmat “Hupsekur".
TENGARA
a jamanipun Kangjeng Gusti kaping IV. saben dinten jam onten kaungelaken tengara tambur slomprèt minangka dha tutuping dhines pakurmatan, lan énjing jam 5 ungel-tengara wiwit bikaking dhines pakuumatan,. . Saben ngajengaken dinten baris (= dinten latihan baris-baris) inggih punika malem Senèn sarta malem Keris, uling tengara jam 8 sonten wau mawi mlampah saking Pos agèn ing prasekawanan Pasarpon, kèndel ing ngebrak Paèn Ageng ngajeng palataran. a A aan Saben ngajengaken baris ageng ing dinten pasamuan, kata tingalandalem Akad Legi, wiyosan tahun/HUT, jumene- 1 ("hari wisudha") utawi kagungan damel, ungeling tera jam 8 sonten wau mawi musik Legiun (Taptu) bidhal ing Pos Pajagèn Pesarpon, malebet ing palataran, ngan dumugi jam 9 saweg bibaran.
MUSUHIPUN RESIDEN [ 127 ]Saben ing Pura Mangkunagaran wonten pasamuan ageng mawi ngaturi Residèn, bidhalipun Residen mawi dipun pethuk Ajudan-dalem nitih karéta ageng dalah Dragunderipun kapalan. Wangsulipun ing Mangkunagaran Ajudan-dalem nunggil satitihan kaliyan Residen.
* LELANGEN MINANGKA TETINGALAN
Jaran samanten tetingalan ingkang kaget lelangen ing Pasamuan ageng Mangkunagaran inggih punika warni-werni Wirèng, kadosta: Karna Tinandhing, Wirapratama, Kératarupa, Palgunadi, Panji Klana, Bandabaya, Bugis, Kethèk, Bandayuda, Bandawala, Tamèng Subala, Lawung, lan sapanunggilanipun; Gambyongan, Seruban abdidalem metengan. Padintenanipun: kalènengan sendhon langenswara, gendrukan tuwin ringgit wacucal, Tetingalan barangan padintenan ingkang ajeg wonten ing salebeting kitha inggih punika: Topèng, Réyog, Telèdhèk Angklung, Trebang, Wayang Klithik.
Ing lebet Mangkunagaran kala-kala nanggap tetingalan mirunggan kadosta: kumidhi, Sulapan tuwin sanès-sanèsipun. Kori kabikak, kadamel tetingalan tiyang kathah.
* BAB IDIN
Panyuwunan idin tumrap sadé-tinumbas griya, jagongan, gadhah damel boten katur perintah nginggil, cekap rampung wonten ing kebayan utawi kepala kampung kemawon. Laporan gadhah bayi lan kesripahan ugi makaten. Ngedegaken griya, damel lotré bareng sarana kamainaken dhadhu, negor kitri, nanggap tetingalan lan sapanunggilanipun malah boten sisah nyuwun idin. Namung pangantèn tuwin laré tetak kedah lapur dhateng nagari.
* TATANAN PASOWANAN BILIH NUJU TINGALAN-DALEM
Tatanan pasowanipun para abdidalem punapa déné barisani[ 128 ]pun Legiun bilih tingalan jumenengan lan tingalandalem padintenan (Akad Wagé), panganggenipun namung padintenan. pun Boten mawi drèl tuwin mriyem. Pakurmatan gangsa ing jawi Pandhapi nabung gangsa Kodhok-ngorèk, manggen ing bangsal palataran sawétan régol ageng. Ajad-daem ambengan kados déné tingalan wiyosan Akad Legi; pinarakan-dalem ing Paringgitan. Pandhapi Ageng iring lèr Gambyongan.
Ingkang dhahar kembul sasarengan namung para Opsir. Ingkang dédé putra tuwin sadhèrèk-dalem manggèn ing ampèr Pandhapi ngandhap iring kilèn.
Bilih tingalan jumenengan tuwin wiyosan tahun, gangsa pakurmatan nyarengi ungeling drèl; sami gangsa Monggang, nanging manggenipun wonten ing Bangsal Balénangu, lajeng pindhah Bangsal Trisana kasebat ngajeng.
Tatananipun gangsa bilih wiyosan Akad Legi padatan ing Pandhapi sisih nginggil ing pojok kidul-wétan kempal kaliyan musik. Sarampungipun baris ing palataran, lajeng manggen ing ngandhap. Bilih jumenengan wulanan Akad Wagé, punapa déné tayungan siswa dinten Rebo kaliyan Setu sonten, gangsa manggen ing Pandhapi Ageng pojok lèr-wétan, boten mawi musik.
Bilih tingalan jumenengan punapa malih wiyosan tahun gangsa dados kalih panggénan, ingkang Sléndro. wonten ing sisih kilèn, ingkang Pélog wonten sisih wétan celak musik, ing èmper ngajengan ngandhap.
Bilih pasamuan handrawina, tatananing gangsa dados satunggal, manggèn ing ngajengan ngandhap tengah leres.
Bilih kagem lelangen manasuka, ngurmati tamu sapanunggilanipun ingkang sanès padatan, pasang pamanggening gangsa sakaparenging karsadalem.
* SANJATA ARTELAT
Wiwit tahun 1878 sanjata Legiun Mangkunagaran ingkang sawaunipun lantakan, kasantunan sanjata artelat; wewangunan saha agengipun taksih sami kados nalika taksih lantakan. Lestantun taksih mawi sangkuh lancip lingir tiga. Anggèn-anggèning prajurit Infanteri wewah sarémpang wacucal abrit, pirantos anggantungaken krega wadhah patlum [ 129 ]Kaca:Babad Solo.pdf/131 [ 130 ]Kaca:Babad Solo.pdf/132 [ 131 ] sinom Griya Joglo ingkang dipun èmpèri mubeng dhapuripe lajeng nama Buka Sri.
Ing jaman kina pemasanging usuk tentu kataekir; gendhéngipun takir kagandheng, dados nira Lembang Gantung utawi Lembang Sari. Kancing kajen dados nama Tadha
Pangraguming sirap kacantholeken mewi cakil utawi katalènan mawi tali eduk angsal rèng. Pangrakiting usuk angirit mubeng pojok ingkang nana usuk pamelung. Jaman samenten dèrèng wonten paku, dedos namung dipun talèni utawi dipun sindik mawi pantèk. Dhapur usuk pamasangipun ri-gerèh.
Griya dhapur Joglo mawi Takir Lesungsir Pritgantil; menawi sampun kapasang tuwin kinencingen, lajeng seweg pasang usuk tuwin rèngipun. Manawi sampun rempung, saweg pasang sirap tinalénen angsal rèngipun.
Makaten salajengipun ngantos dados griya ingkang kénging dipun enggèni.
ingkang karan séda ing Betawi. Radèn Adipati Sasradiningrat I sesampunipun kangkat der Pepatihdalem ing tahun 1769 ngentos dumugi 1762, lajeng kabucal dhateng Ayah (wéten Cilacap), lejeng kepindhah dhateng Betawi, jalaran angsènipun wantun. Dados anggènipun dados patih namung 13 tehun laminipun. Séda ing Betawi lan kesarèkaken ingriki. Prasarènipun dados dados papan patrikatan. Manawi nuju dinten Anggarakasih kaliyan Jumuwah Kliwon kathah tiyang ingkang jiarah mriku. Ngantos sapriki taksih lestantun tanpa sepi.
Demang Citrayuda.
(4) Golongan Kamantrèn Subapandaya sedaya sami sirah Jayèng, kadosta Jayèngwiryana, Jayèngsurigma.
(5) Golongan Kementrèn Renggasasana, mawi sirah Rengga, kadosta Ki Mas Renggadiwirya, Mas Renggapawira.
(6) Kemantrèn Reksapradipta, sadaya mawi buntut Punjuta, kadosta Mas Demang Reksapanjuta, Ki Mas Kartapanjuta.
(7) Kemantrèn Reksasunggata, sadaya mawi buntut Sunggata, kadosta Ki Mas Rangga Martasunggata, Wiryasunggata.
(8) Kemantrèn Reksabangsana, mawi buntut Bagsena, kadosta Mas Demang Surabagsena, Mas Rangga Padmabangsana.
(9) Golongan Reksawahana, sadaya mawi buntut Kuda kadosta Ki Mas Demeng Reksakuda, Mas Demang Surakuda.
(10) Sadaya namoning Niyaga, mendhet naning gendhing, kadosta Ki Mas Karyarimong, Ki Mas Lurah Darmabremara, Ki Mas Rangga Ramyang, Ki Mas Demang Ludiramadu.. |
(11) Namaning abdidalem Mungsik Legiun mawi namaning Sekar Ageng kadosta Ki Mas Rangga Sulanjari, Nagabenda, Séwandana.
(12) Namaning abdidalem Langenpraja mawi sirah Atma, kadosta Radèn Ngabèhi Atmasutagnya (jogèd wayang wong), Ki Mas Demang Atmasuterta (ngiras badhut), sepiturutipun.
(13) Para priyentun ing dhusun-dhusun ingkang pangkat Panèwu Mantri mawi sirah Herja, kadosta Radèn Mas Ngabèhi Harjasubrata, Mas Ngabèhi Harjataruna, sapituritipun,
(14) Pengkat Demong mawi sirah Panca : Ki Demang Pancayuda.
(15) Pangkat Rangga mawi sirah Taru : Ki Rangga Tarusumarta.
(16) Golongan Ngulama ing nagari lan ing dhusun sadaya mawi mendhot tembung Arab kadosta: Kyai Abdulkahar, Kyai lmantapsir, Kyai Abdulrasyid, sapiturutipun.
(Pethikan saking kalawarti "KADJAWEN").
BAGUS SANJAYA punika anakipun Ki Rangga Kartayuda ing dhusun Warung utari Waru, celak Gawok, kidul Pajang. Nalika saweg lahir sampun gadhah kalangkungan utawi kaelokan. Nalika ari-arinipun badhé dipun kethok, kadamelaken walad deling kados limrahipun bilih wonten bayi lahir. Nanging boten pasah. Dipun pagas mawi sakathahing dedamel ugi boten wonten ingkang nedhasi. Malah dipun cobi dipun gigit ing untu déning tiyang sepuhipun, meksa tanpa damel. Wasana lajeng dipun kèndèlaken kémawon. Nalika ngupakara jabang bayi ari-arinipun ugi dipun ukara. Nanging sareng sampun kala mangsanipun uwal, ari-ari wau saged pisah saking puser, nanging lajeng ical boten kantenan. Tiyang sepuhipun boten saged manggibaken. Dados kados carios wayang lampahan. Lairipun Gathutkaca. Jebul nalika jaman Kartasura wonten ba- yi lahir ingkang ari-arinipun dipun kethok kaliyan gegaman rupi-rupi boten saged nedhasi.
BAGUS SANJAYA wau umur sawindu sampun gadhah kalangkungan. Badanipun boten pasah tapak paluning pandhé. Saya ageng kalangkunganipun saya anèh. Piyambakipuh kasusra saged ngawonaken gajah. Naté mrithili kuku sarta siyunging macan namung kalayan tangan kémawon. Manawi dipun cakar déning sima ingkang dipun prithili wau, pangraosipun namung kados dipun kukur ing laré alit kémawon.
Jamanipun Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana kaping III, saben wonten sima énggal, BAGUS SANJAYA lajeng kalebetaken ing kandhang sima. Ing sarèhning anggenipun kalebetaken dhateng kandhang sima wau sampun kekerepen, dangu dangu simanipun malah kami gilanen, rumaos kawon dhateng BAGUS SANJAYA.
BAGUS SANJAYA sareng sampun umur 35 tahun lajeng dados Pepatih dalem, kapatedhan nama Raden Adipati Sasradiningrat I
DAFTAR ISI
(Angka nedahaken kacanipun)
Purwaka (2)
Pindhahipun Karaton dhateng Sala miturut Sumber Javi (3)
Dhusun Sala kapilih dados kitha Praja Surakarte ui- turut pamanggih kule (15)
Pindhahipun Karaton dhateng dhusun Sala miturut Sum-- ber sanès Jawi (22)
Kawontenanipan Karaton Surakarta (30) Gapura Giadhag tuwin Alun-alun Lêr (30), Paséban (35). • Kadhaton (38), Alun-alun Kidul (41), thikan saking serat Biwadna Nata (43), Kapatihan (47)
Pranatan badhé lumebet ing Keraton ing jaman kira (49)
Kawontenanipun Karaton Surakarta manawi nuju dinten pasamuwan ageng (53)
Tata-wangunipun kitha Sala utawi Surakarta saha ka- trangan namanipun kampung-kampung (60)
Pembangunan ing kitha Sala (67) Tanggul kanggé panulaking bebaya banjir (67), * Kre- teg Jurug tuwin kreteg Bacem (68), Sepur trèn ing kitha Sala (68), Kori lan Gapura (70), Peken (71) Lampa listrik (74), Toya lèdheng (74), * Pager Cepurining Kadhaton (75), *Bètèng (75), Jalan Gala- dhag (76), Taman Sriwedari (77), Muséum Radyapus- taka (79), Stadion Sriwedari (80), Balekambang [ 142 ]142
Lan Lapangan Manahan (80), • Radio (81), Parnilengen (82), * Parnilengen Soos Habipraya (84)
Upacara tuwin Pusaka Kraton (85) Pasowanan Garebeg utawi Bakda (85), Premum Seka- ten (87), Camelan Sekatên (90), Kaesa Laming (92), Pusaka mriyem (96), Mariyem Setana lan Setori (98) * Namanipun titihan-dalem Kréta Kaprabon (99),
Radya Laksana Surakarta (101)
Pura Fangkunegaran (105)
Kesenian (109) YO Gedung Perteman (81), (82), Kasarasan (84), * Wiwitipun wonten tetingalan ringgit tiyang (109), *Tetingalan Lengendriyan (111), Mula bukazipun won- ten Lagendriyan (112), Lelangen Bedhaya kaliyan Seri pi (114), Tokoh Seni Kangjeng Gusti Mangkumagara IV (115)
Kawontenanipun Rakyat Pangkunagaran nalika tahun 1870 dumugi 1915 (120) * Bab angganten, sisig serta ses (120), Pakeupelan (121), Serat kabar (121), Pagantosan Jawi (122), Dilah sewu (123), Umbul ing Manahan (124). ya pos (125), Setal Gri- sakit (125), Pakurmatan dha- teng Kangjeng Gusti (125), Tengera (126), Rawuh- ipun Residen (126), (127), • Bab idin (127), nuju tingalan-delem (127), • Setabelan turrin Kestalan (129),
Dhapur wanguning griya Jawi (130)
Namanipun abdidalem kajumbuhaken kaliyan kuwajibani pur (132) I Ing Fasunanan (132), Ing Manglamagaran (137) Lelangen minangka tetingalan Tatanan pasowanan bilih Sanjata artelat (128),
Para ingkang ngasta pusarening Praja (139)
Bagus Sanjaya ingkang lajeng dados Pepatih-dalen (140)
--000-
- ↑ Bab terbung Gadhingan ingkang lajeng dados Gadhing. Gadhingan punika ateges tetitoning gedhing. Gadhing punika warnanipun pethak ingiang dados loabengipun suci. Dados lempah gadhingen punika satunggiling lam- pah kuwajiban ingkang awrat sarta lincabaran sucining manag, sabab anggadhahi tenggel-jawab ngreksc. kawilu- jenganipun jenazah ingkang badhé kasarčkaken ing ma- kem. Kori Gadhing jaman rumiyin papan kanggé nglem- pakipun para abdidalem ingkang sami anggadhahi kuwa- jiban lampah gadhingan.