Bab Ndedonga

BAB NDEDONGA
Karanganipoen
M. S. REKSAPRAJITNA
ing
JOGJAKARTA

Kawedalaken dening
BAB NDEDONGA
Karanganipoen
M. S. REKSAPRAJITNA
ing
JOGJAKARTA
Kawedalaken déning
Jeudgraad tanah Djawi tengah</Ibig>
I.Toemindaking padintenan temboeng ndedonga poenika katingal gampil sanget pan nipoen. Malah terkadang ndjlekèṭèk sanget tijang anggènipoen negesaken. Tijang saged kalijan gampil witjanten makaten: ,,Pada donga dinonga".
Ing serat-serat kintoenan ingkang saking tijang sepoeh dateng tijang enem, kénging kapasṭèkaken wonten temboeng ,,kang pandonga” pinanggih wonten ing adangijah.
Poenapa kawedaling temboeng ,,donga dinonga” saha tjoemetaning temboeng pandonga” poenika jektos mawi kinan tindak? Kinten koela katah botenipoen. Malah semoenipoen tetemboengan makaten waoe, namoeng kalebet wonten ing tjara kémawon, ingkang jektosipoen boten ndajani poenapa-poenapa toemrap tijang ingkang kataman ing tetemboengab makaten poenika waoe.
Nanging tjara raos, temboeng ,,ndedonga"
poenika pantjén boten gampil tjak - tjakanipun Inggih lebet tegesipoen.
Toemrapipoen tijang Kristen, ndedonga poenika prakawis ingkang wigatos. Awit kedjawi ateges ngabekti dateng Goesti Allah, taksih katah malih tegesipoen.
Ingatasipoen tijang Kristen, mesti saged mbobot sepinten enténg awratipo gampil angelipoen tijang ndedonga.
Tijang Kristen mesti sampoen ndada, bilih ndedonga poenika namoeng dados prekawisipoen
Mila bab lebet tjetèking pandonga, temen oetawi lamising pandonga, poenika ingkang saged mirsa namoeng ingkang Maha Wikan, ingkang saged njoemerepi inggih namoeng tijang ingkang ndedonga pijambak.
Mangga sami dipoen latjak, kados poendi
wigatosipoen tijang ndedonga poenika.
Margi şaking dosa, sesambetan ing antawising
manoesa kalijan Jehoewah Allah sampoen pedot, malah sampoen risak babar pisan.
Kawontenaning manoesa ladjeng prasasat woh-wohan ingkang ḍawah saking gantilanipoen.
Lir wit-witan ingkang kétjalan ojodipoen, inggih
kados anak ingkang kétjalan bapakipoen.
Manahipoen manoesa dados peteng ngantos boten saged ningali ḍateng kamoeljaning ingkang Maha Kawasa.
Damparing kaprabonipoen Jehoewah Allahi-den balatentara prasasat kaäling-alingan ing méga ingkang peteng nḍeḍet.
Sanadjan kawontenaning manoesa sampoen kados makaten, éwadéné kita sami soemerep, bilih manoesa meksa sami ngoedi sagedipoen pinanggih malih kalijan ingkang nitahaken djagad saisinipoen sadaja.
Malah Mahatma Gandhi tetoenggoeling ébah-ébahan ing tanah Hindoe, ingkang inggih nggatosaken dateng prakawis kabatosan, naté nglairaken kejakinan anggenipoen sesambetan kalijan Goesti Allah kirang langkoeng makaten!
koela ngandel poenika soewaraning Pangéran. Sinten ingkang poeroen saged mireng swara poenika, angger sedija kados njedijakaken kanggé barang oetawi pandamelan sanés-sanésipoen."
Taksih katah malih kejakinan-kejakinan toemrap pangoengseding manoesa sagedipoen sesambetan malih kalijan Pangéran Allah.
Dené bab kejakinanipoen ingkang minoelja
Mahatma Gandhi, ingkang ing semoe sampoen
boten kénging pinaiben waoe, koela boten saged mestani jektos lan botenipoen. Koela tijang Kristen namoeng saged ngadjengaken pitaken ingkang gegajoetan kalijan kejakinan waoe makaten:
Poenapa saged manoesa sesambetan malih kalijan Goesti Allah manawi déreag njoemerepi marginipoen?
Tosan ingkang goemlétek ing siti poenapa saged moemboel pijambak, menawi boten jonten me
wesibrani ingkang kijat narik manginggil?
Tangéh manoesa saged marek apitepangan malih kalijan Goesti Allah, menawi boten ketari manginggil déning Roh ingkang Maha Soetji, ingkang paring pitedah bab andaning Jakoep inggih poenika bab Goesti Jésoes.
Kalijan ringkes, sedaja panindak ingkang ngarah dateng kawiloedjengan langgeng, ingkang ngarah sagedipoen pinanggih lan Goesti Allah poenika mesti boten badé kadoemoegen menawi boten medal ing Goesti Kristoes. Awit mesti boten wonten ingkang saged wanoeh dateng Sang Rama kedjawi namoeng Sang Poetra.
ake marang akoe dèning Ramakoe, lan ora ana wong kang soemoeroep marang kanjatahané kang Poetra, alija kang Rama, mangkono oega ora ana kang soemoeroep marang kenjatahané kang Rama, alija kang Potra, toewin sapa wongé kang djinatènan dening kang Poetra ing sasoeka lilané pijambak."
Namoeng alantaran Goesti Jésoes poetraning Allah ingkang sipat gesang, manoesa sagedipoen wanoeh malih kalijan Goesti Alllah. Tjeta ingkang kaseboet ing serat Jokanan 14 : 6.
,,Akoe iki (Goesti Jésoes) dalané, sarta djatié kaektèn lan kaoerippan. Ora ana wong kang marek marang Sang Rama manawa ora metoe ing aloe."
Poenapa pandjenenganipoen Mahatma Gandhi sampoen tepang kalijan Goesti Kistoes? Poenika koela boten mangertos
Poenapa para maos sampoen sami saged sesambetan kalijan Goesti Allah sarana pandonga medi ing margi waoe?
Wangsoelanipoen pitakèn-pitakèn waoe, mangga sami dipoen manah pijambaak?
II. Poenapa tegesipoen ndedonga poenika?
'n-Dedonga poenika njowanaken njawa aben adjeg kalijan ingkang Maha Soetji.
Sadhoe Soendar Singh mastani, bilih pandonga poenika soroging kajektosan. Dados sarana ndedonga poenika, tijang Kristen prasasat njepengi sorog ingkang kanggé mbikak kajektosan.
,,Bapak, pandjenengan kedah maos Kitab Soetji, nanging sadèrèngipoen maos, pandjenengan koela atoeri ndedonga roemijin. Maos Kitab Soetji poenika dèrèng tjekap, manawi tanpa ndedonga. Katah tijang ingkang sami maos Kitab Soetji, maos tjarijosipoen Goesti Jésoes, nanging boten sadaja saged wanoeh dateng Pandjenenganipoen. Malah terkaḍang boten wanoeh babar pisan; milanipoen pandonga poenika dados satoenggaling sorog, ingkang kénging kadamel mbikakkajektosan."
Makaten atoeripoen Sadhoe Soendar Singh, nalika ingkang rama ndangoe, kados poeni sagedipoen wanoeh ḍateng Goesti Jésoes, saa sageda marek ing ngarsanipoen Goesti Allah ingkang sedjati.
Pandonga poenika setoenggaling sorogingkang kénging kanggé mbikak kajektosan!
Salebeting tijang Kristen ndedonga, poenika njawanipoen ambegan angoengsed sagedoen sesambetan kalijan Goesti Allah ingkang apat gesang, ingkang boten kasad mripat, Njawaing pandonga ndedel soemengka dateng pangajonaning Pangéran.
Poenapa ta ingkang dados njawaning ndonga poenika?
Inggih poenika :
a. Pitados.
[ 11 ]
C.Katresnan.
a. Pitados. saderengipoen tijang Kristen
ndedonga kedah pitados bilih ing Swarga djoe-
menengipoen Allah sang Rama ingkang boten badé
négakaken para kagoenganipoen. Temboeng pita-
dos ing ngriki boten namoeng ateges pitados jen
Goesti Allah poenika wonten, ananging inggih
ateges ngandelaken dateng pangwasaning Pangé-
ran, masrahaken sedaja kabetahanipoen dateng
Pandjenenganipoen.
Salebeting ndedonga tijang Kristen kedah pitados, bilih sesambetan ing antawising Goesti Allah kalijan manoesa ingkang sampoen risak poe- nika sampoen kadandosan ing sasampoernanipoen déning Goesti Jésoes.
Salebeting ndedonga tijang Kristen kedah pitados, bilih Goesti Jésoes kersa saha kwasa njowanaken para pepilihanipoen dateng ngarsaning Sang Rama.
Kedah pitados, bilih boten wonten sanèsipoen malih kedjawi namoeng Goesti Jésoes ingkang sembada dados pantawis lan djoeroe pirembag ing antawising manoesa kalijan Goesti Allah.
Pitados bilih dosa ingkang misahaken ma- noesa kalijan Goesti Allah sampoen lineboer sarana koerbanipoen Sang Kristoes.
Namoeng sarana pitados waoe, salebeting ndedonga njawanipoen tijang Kristen saged ndë- rèkaken Goestinipoen dateng ngarsaning Jehoewah Allah.
Manawi tijang dèrèng pitados, bilih sesambe- tan ing antawising Goesti Allah lan manoesa
poenika sampoen poelih malih, langkoeng saé [ 12 ]boten ndedonga kemawon. Awit boten badé migoenani poenapa - poenapa pandonganipoen. Pandonga ingkang sepen ing pitados poenika, namoeng woedjoed pesambat lan panggloeroeh, ingkang sepen ing panglipoer.
Markoes 11:24.
Moelané pitoetoerkoe ing kowé: samoebarang
kang koksoewoen ing pandonga, pada ngandela
jèn kowé bakal keparingan, dadi mesți nekani
kowé.
b. Pangadjeng - adjeng.
Salebeting ndedonga, tijang Kristen sampoen ngantos ngedahaken oetawi meksa soepados sedaja
panjoewoenipoen oetawi pasambatipoen dipoen
djoeroengi toemoenten. Djalaran dèrèng temtoe
sedaja prakawis ingkang dipoen atoeraken poenika
njondongi ingkang dados kersaning Goesti Allah.
Dèrèng temtoe prakawis ingkang dipoen wastani saé lan prajogi déning manoesa, poenika inggih saé lan prajogi wonten ing ngarsaning Jehoewah. Tijang Kristen boten kénging oetawi boten wenang moetoeng manawi Goesti Allah boten toemoenten ndjoeroengi panjoewoen lan pasambatipoen. Nanging malah kedah ngladjenga- ken ingkang dados panjoewoen lan pasambatipoen kanţi pangadjeng - adjeng saha pitados.
Jehoewah ingkang mirsa samoekawis; Pan- djenenganipoen ingkang mirsa batosipoen manoe- sa, inggih mirsa ingkang dados kabetahanipoen manoesa, poenika ingkang kwasa nemtokaken kanţi patitis toemrap sedaja ingkang kasoewoen dening para pitados.
Kados bapa, poenika ingkang gadah wewe[ 13 ]nang nemtokaken bab angsal lan botenipoen toemrap sedaja panjoewoening para anakipoen.
Dados salebetipoen ndedonga tijang Kristen Kedah nggesangaken pangadjeng — adjengipoen. Angadjeng - adjeng kanti pitados ḍateng roementahing sih saha berkah ingkang saking nginggil, ingkang margi saking dajaning koerbanipoen Goesti Jésoes.
Jesaja 40 : 31. Para wong kang nganti - anti marang Jehoewah ikoe bakal oleh kakoewatan anjar.
c.Katresnan. Pangandikanipoen Rasoel Paul ing seratipoen ingkang dateng tijang Korinta makaten: Saoepama akoe bisa saroepan manoesa lan malaékat, mangka sepi
ikoe akoe prasasat proenggoe koe ketjer goemendjléng ( I Kor. 13 : 1)
Tijang Kristen inggih perloe roemaos lan kelair makaten: Saoepama akoe temboengé manoesa lan malaékat, betah ndedonga lan seneng dedana lan lija - lijané, mangka sepi ing katresnan ikoe akoe prasasat mentjring oetawa ketjèr goemendjlèng.
Oenggoel - onggoeling katresnan poenika tjeṭa wonten ing Goesti Jésoes anggènipoen nombokaken sarira soepados para kagoenganipoen, dalah para mengsahipoen, malah sedaja manoesa ingkang poeroen tineboes sageda angsal pangapoentening dosanipoen saking ingkang Rama.
Jok. 15: 13. Gedé-gedéning katresnan
mangkéné: Manawa wong angetohaké njawane soepaja betjiking mitrané.
Wonten ing ngrikoe mitra lan satroe dados setoenggal, bangsa lan bangsa sami ngempal. Sedaja sami donga - dinonga, sami sesarengan ngoeloekaken pamoedji soekoer lan panjoewoen lantaran pananggelipoen Goesti Jésoes.
Wonten ing Kakristenan benanging kanatio- nalan sampoen katenoen dados badé (bakal) salembar, tjap Kristen. Sanadjan galer - galeripoen taksih tjeta ketingal petak, abrit, djené l. s. s.
I Jok. 4:21. Ana déné kita woes pada tampa pepakon saka Goesti kang mangkéné: Sing sapa tresna marang Allah ikoe ija tresna marang sadoeloeré oega.
Déné sok wonten kawontenan ingkang ketingal boten ngremenaken poenika namoeng kabekta saking dasaring kamanoengsan lami. Ingkang petak sok goemoenggoeng doepèh petak, ingkang abrit goemoenggoeng doepèh abrit lan sanès- sanèsipoen.
Mangka pandonga ingkang sepen tigang prekawis waoe woedjoed pandonga ingkang pedjah. Tijang Kristen perloe lan kedah tansah ngemoeti bab poenika, soepados pandonganipoen sageda soemengka manginggil saèstoe.
I Kor. 13:13. Ana déné kang toeloes ikoe:
pratjaja, pangarep-arep, katresnan, nanging kang pinoendjoel saka ikoe kabèh: katresnan. [ 15 ]III. Patrapipoen tijang ndedonga.
Saben agami anggadahi moga pijambak - pijambak. Toemrapipoen tijang Kristen ing djaman samangké limrahipoen sadèrèngipoen ndedonga sami ngapoerantjang; kadjengipoen kendel saking pandamelanipoen, kèndel pikiranipoen ingkang toemrap kadonjan. Sedaja kakijatan namoeng kaeneraken dateng Goesti Allah.
Merem, kadjengipoen soepados salebeting
ndedonga sampoen ngantos tansah ginoda déning
barang-barang ingkang ketingal.
Toemoengkoel kalijan linggih oetawi ngadeg kadjengipoen soepados mratelakaken manoesa anggènipoen teloek wonten ing ngarsanipoen Jehoewag Allah ingkang Maha Soetji.
Bab ngapoerantjang, merem lan sapanoenggilanipoen poenika jektosipoen namoeng prakawis lair ingkang gegajoetan kalijan soeba sita, ingkang gandeng kalijan raosing manahipoen tijang ingkang ndedonga, sapinten lan kados poendi anggènipoen mapanaken badanipoen wonten ing
ngarsanipoen ingkang dipoen sowani. Sarèhning bab poenika namoeng tata lair, dados inggih kénging tinilar manawi pantjèn kapetek ing perloe.
Oepaminipoen tijang pinoedjoe sakit, boten saged tangi saking patilemanipoen, poenika inggih saged teroes ndedonga njoewoen kesarasan lan kakijatan l. s. s. kalijan tileman kemawon. Boten kok kedah ngentosi manawi sampoen saged tangi anggenipoen ndedonga.
pitoeloeng dateng ingkang paring gesang.
Bab patrap lair ingkang kaseboet ing nginggil
poenika pantjèn perloe, nanging manawi kapeksa
kénging tinilar.
Ingkang langkoeng perloe malih ing salebeting ndedonga poenika, sedaja prakawis ingkang kaātceraken ing Pangéran.
Dados kalijan ringkes ndedonga poenika, sedaja ingkang wonten ing gesangipoen manoesa mèndel Katoer ing Goesti Allah.
Kawontenaning tijang ndedonga poenika, manawi kasawang ing lair pantjèn anggoedjengaken. Déné witjantenan pijambakan, boten ketingal ingkang dipoen adjak gineman lan boten kepireng swaraning tijang sanès ingkang mangsoeli.
Patrapipoen ingkang ketingal inggih boten angèl, awit namoeng merem l. s. s. Mangka ndedonga ingkang temen-temen poenika awratipoen ngoengkoeli tijang ndjoendjoeng barang ingkang langkoeng awrat. Djalaran salebeting ndedonga tijang prasasat merangi mengsah ingkang kijat inggih poenika sedaja pakaremaning daging.
Pandonganipoen tijang Kristen poenika asring
nglèmprèh margi saking dajaning panggoḍanipoen sétan. Malah terkadang pikadjengipoen soedjoed wonten ing ngarsaning Pangéran, djeboel jektosipoen toemoengkoel soedjoed, teloek asrah bongkokan wonten ngadjenging mengsah inggih poenika Iblis.
pikiran ingkang toemoedjoe ing Pangéran sepen. Woedjoedipoen wonten ing pamirsaning Jehoewah namoeng mbegegeg akempas-kempis tok. Mripatipoen merem boten soemerep barang-barang ing sakiwatengenipoen, nanging pikiranipoen kebak gegambaran mantja warni ingkang njimpangaken pandonganipoen saking margi ingkang teroes
manginggil.
Rainipoen toemoengkoel ngetingalaken oermat lan asaripoen saha adjrih asihipoen dateng ingkang dipoen sowani, nanging batosipoen sepen ing anḍap asor.
Para maos poenapa wonten ingkang dèrèng naté nglampahi makaten poenika?
Pantjèn jektos ndedonga ing Pangéran poenika boten gampil. Mangka toemrap tijang Kristen kedah gesang kanţi ndedonga. Boten namoeng jèn pinoedjoe karibedan lan kasangsaran kémawon. Boten namoeng ing wekdal kaloebèran lan sakétja kémawon. Nanging salamipoon gesang tijang Kristen kedah tansah ndedonga lan ngadjeng-ngadjeng kanți pitados dateng gandjaran gesang langgeng ingkang sapoenikanipoen dèrèng sami dipoen raosaken. (1 Tess. 5:17 Adja pegat olèhmoe ndedonga).
Milanipoen kedah gesang makaten, djalaran
pandonga poenika ingkang saged ngijataken kakijataning njawa saha mbangoen pitados.
Sarana ndedonga tijang Kristen saged saja
raket gesangipoen kalijan Goesti Allah.
pijambak.
Sarana ndedonga tijang Krsten saped masrahaken begdja, tjilaka, bingah soesah l.s.s. wonten ing narsaning Pangéran.
Sarana ndedonga tijang Kristen saped tansah éwa ḍateng badanipoen pijambak, ngesoraken manahipoen lan tansah ngloehoeraken asmaning Goestinipoen.
Sarana ndedonga tijang Kristen saped kadoenoengan tentrem lan ajem. Awit kadoenoengan pitados bilih sedaja pasambat panjoewoenipoen Goesti Allah kwasa ndjoeroengi.
Jok. 14:13. Déné apa kang bakal kok soewoen atas terang saka djenengkoe, ikoe mesti ndak leksanani.
IV. Bab papan saha wektoening ndedonga.
Ing boekoe ,,Agama Islam" djilidan ingkang kapin II karanganipoen padoeka toewan Dr. H Kraemer, pinanggih prekawis-prekawis ingkang nerangaken bab papan saha wektoening sembahjangipoen tijang Moeslimin. Sampoen kakinten manawi ing ngriki baḍé kaisènan bab poenika waoe sedaja, awit sanes bab poenika ingkang dados tlendjering karangan poenika. Ing ngriki
namoeng baḍé meṭik sewetawis saking boekoe waoe, kapenḍet ingkang sekinten magepokan kalijan bab papan lan wektoening ndedonga. Kènginga kangge lelimpangan sewetawis.
Ing katja 10 wonten katerangan ingkang kirang langkoeng djawinipoen makaten꧇
,,Saben tijang Moeslimin sadintenipoen wadjib sembahjang kaping 5. Sembahjang poenika kedah dipoen lampahi meoeroet pranatan ingkang tetep. [ 19 ]
Ebah saha sikeping badanipoen inggih kedah mitoeroet atoeran ingkang tetep. Sarana ébahing badanipoen lan sarana pitemboenganipoen ingkang dipoen oetjapaken, tijang Moeslimin anggenipoen njembah saha ngatoeri hoermat dateng Goesti Allah. Inggih poenika ingkang dipoen wastani salat. Koewadjiban makaten poenika dipoen wastani igamat al-salat, tegesipoen: ngadekaken sembahjang gangsal wektoe:
- loehoer antawisipoen djam 12,15-3 sijang
- asar antawisipoen djam 3,30 615 sonten
- magrib antawisipoen djam 6,15-7 daloe
- isa antawisipoen djam 7,15 daloe-4 éndjing
- soeboeh antawisipoen djam 4, - 5 éndjing
Déné bab papanipoen, kedjawi wonten ing mesdjid, salat poenika inggih kénging dipoen lam pahi wonten ing papan sanès mitoeroet sapikadjengipoen tijang, oepaminipoen ing grija, ing margi, ing kebon, ing pinggir lèpèn l. s. s. anggeripoen mawi netepi pranataning salat samesţinipoen. Djalaran salat ingkang njoelajani ing pranatan ingkang sampoen katetepaken, poenika boten dipoen anggep absah Mitoeroet katerangan ing nginggil waoe tjeṭa manawi sembahjang tjara tijang Moeslimin poenika ateges: Ngatoeri hoermat dateng Goesti Allah mawi merlokaken ébahing badan lan mawi tetemboengan mitoeroet pranatan ingkang sampoen dipoen tetepaken.
Sapoenika kados poendi bab papan saha wektbenipoen tijang Kristen anggenipoen ndedonga?
Toemrapipoen tijang Kristen, bab papan lan wektoening ndedonga poenika temtoenipoen sampoen sami saged nitèni pijambak-pijambak dateng [ 20 ]sedaja toeladanipoen Goesti Jésoes ingkang kaseboet wonten ing Kitab Soetji. Dados bab poenika pantjèn boten perloe dados rembag pandjang.
Bab papaning tijang Kristen ndedonga poenika mitoeroet dawoehipoen Goesti Jésoes ing Kitap Soetji makaten :
Jok. 4:21.... bakal ana wektoené nggonmoe pada soedjoed marang Sang Rama ora ana ing goenoeng iki, lan ora ana ing Jeroesalèm.
Matt. 6:5–6. Karodéné samasa kowé pada sembahjang, adja kaja para wong lamis. Djenèh ikoe pada ḍemen sembahjang adeg - adegan ana ing Mesdjid lan ing podjoké leloeroeng, pamoerihé soepaja katona ing wong. Satemené pitoetoerkoe ing kowé: ikoe woes paḍa tampa gandjarané. Balik kowé samasa sembahjang, loemeboea ing senṭonganmoe, sarta lawangé kantjingen. noeli ndedonga marang Ramakmoe ana ing pasingidan Mangka Ramakmoe kang ngoeningani sadjroning pasingidan, ikoe bakal malesaké marang kowé ana ing eḍèngan.
Ajat poenika boten ateges bilih Goesti netepaken papaning tijang ndedonga poenika kedah wonten ing pasingidan. Nanging kersanipoen paring dawoeh soepados tijang ndedonga poenika sampoen ngantos namoeng mélik aleming tijang kémawon. Déné bab papanipoen wonten ing poendi - poendi kénging kémawon, awit wonten ing saḍengah papan Goesti Allah inggih ngoeningani, sanadjan wonten ing sentong ingkang kinantjing rapet pisan.
Déné bab wektoening ndedonga Goesti inggih boten paring dawoeh kedah kaping pinten [ 21 ]lan djam pinten tijang anggenipoen ndedonga. Nanging tijang Kristen saged ngilo ḍateng toelaḍanipoen Goesti Jésoes pijambak anggènipoen tansah ndedonga.
Ing Kitab Soetji pinten-pinten pepènget ingkang mratelakaken bilih gesangipoen tijang Kristen poenika kedah tansah ndedonga.
Loekas 18: 1. Ana manèh pangandikané jésoes marang para sekabaté, kaḍapoer pasemon, wosé soepaja tansah ndedongaa.
Col. 4:2. Pada tegena olèhmoe ndedonga. Dados kalijan ringkes ndedonganipoen tijang Kristen poenika wontena ing poendi-poendi inggih kénging, saha ing sawektoe-wektoe.
V. Sepinten tebaning pandonganipoen tijang Kristen ?
Pandonganipoen tijang Kristen poenika djembar sanget tebanipcen. Boten namoeng ndongakaken badanipoen pijambak kémawon, nanging inggih toemrap brajatipoen pijambak doemoegi ing bebrajatanipoen tijang sanès, malah medal njrambahi ing djagad sedaja.
Dawoehipoen Goesti Jésoes dateng para abdinipoen makaten:,,Pada melèka lan ndedongaä"
ing sih piwelas poenika boten saged ngatoeraken genging panoewoen ḍateng Goesti Allah. Mila tijang Kristen wadjib ndedonga makili djagad anggènipoen ngatoeraken panoewoen.
Tijang Kristen sami kinarsakaken melèk njoemerepi bilih boten wonten ingkang langgeng kedjawi namoeng Goesti Allah pijambak. Kinarsakaken tansah njoemerepi jen gesangipoen poenika peparingipoen Pangéran, boten goemantoeng sinten - sinten.
Soepados sageda sami tansah nggoemoeni ḍateng badanipoen, sarana saos soekoer. Déné gesangipoen ingkang leresipoen nampèni paoekoemaning dosa, teka tinimbalan kadadosaken ahli warising gesang langgeng.
Jirm. 3:22. Moeng marga saka sih kawelasané
Jehoewah enggonkoe doeroeng pada toempes tapis, ija marga palimirmané tanpa wangenan.
Para maos! Gesang salebeting Kakristenan poenika gesang salebeting paperangan, inggih poenika perang nglawan dosa.
Gesang Kristen poenika kedah gesang boten manah badanipoen pijambak kemawon. Gesang Kristen poenika kedah gesang wonten salebeting katresnan.
Gesang Kristen poenika kedah gesang tansah kanṭi ndedonga asesrawoengan kalijan Goesti Allah kalijan lampahing gesang ingkang njentosakaken pitadosipoen, saha angoenḍangaken agenging sih palimirmanipoen Goesti Allah toewin agenging katresnanipoen Goesti Jésoes ḍateng badanipoen pijambak soemrambahipoen ḍateng para manoesa
VI. Bab isining pandonga.
Bab isining pandonganipoen tijang setoenggal-setoenggalipoen poenika boten saged dipoen patoki, awit sedaja isining pandonga poenika mitoeroet kabetahanipoen tijang pijambak-pijambak, poenapa lan sapinten ingkang baḍé kaätoeraken ḍateng Goesti Allah.
Nanging inggih wonten prekawis ingkang preloe dipoen singkiri ing salebeting ndedonga, oepaminipoen:
Njoewoen soepados anggènipoen lotré kaparingan menang.
Njoewoen soepados anggenipoen main kertoe menang.
Njoewoen soepados para tijang ingkang njatroe lan ngawon - awon ḍateng tijang Kristen, poenika katoempesa toemoenten l. s. s.
Éwasemanten sampoen ngantos klèntoe tampi, manawi sedaja ingkang kasoewoen déning tijang Kristen ing pandonga poenika namoeng prekawis kasoekman kémawon, barang kabetahan kadonjan ingkang preloe kanggé gesang loemados ing Goesti inggih preloe kasoewoen.
Pil. 4:6. Sabarang prakara kang kok karepaké,
pada kaoeningakna marang Allah sarana pandonga lan panjoewoen kang kanți saos soekoer.
Goesti Jésoes, goeroe goestinipoen tijang Kristen sampoen paring toelaḍa ingkang sampoerna, kados poendi para pitados ing Pandjenenganipoen anggenipoen ndedonga. Inggih poenika bab donga Rama kawoela. Ingkang isinipoen kénging karingkes makaten:
kaloehoeraning Pangéran.
2. Njoewoen poenapa, ingkang dados kabetahaning badan lan njawa. Sarana pandonga piwoelangipoen Goesti Jésoes poenika sampoen tjeṭa, manawi bab kabetahaning
badan inggih perloe kasoewoen ing salebeting pandonganipoen tijang Kristen. Kadosta: bab teḍa,
sanḍang, pangaoeban, pirantos kanggé nindakaken
padamelan l. s. s. Mawi - mawi ingkang dados pangkat lan kwadjibanipoen. Sedaja poenika kénging kasoewoen ḍateng Sang Rama ing pandonganipoen tijang Kristen. Anggeripoen boten sarana patrap njolong oetawi slingkoeh saha patrap
ingkang boten barès. Nanging sarana njamboet damel oetawi sarana kamirahanipoen ingkang pantjen kwadjiban ngopèni badanipoen. Tegesipoen: njoewoen pitoeloeng lan njoewoen berkahipoen Goesti Allah, soepados sageda kadoemoegèn angsal ingkang dados kabetahaning badanipoen sarana anggenipoen njamboet damel pijambak. Déné ingkang boten saged njamboet damel, soepados sageda angsal kamirahanipoen ingkang kwadjiban waoe. Oepaminipoen: Tijang papa njenjoewoen ḍateng Goesti Allah, sageda tampi kamirahan saking ingkang soegih. Anak njenjoewoen, sageda dipoen
rimat ing tijang sepoehipoen ing samesṭinipoen l. s. s.
ring toelaḍa, bilih manoesa inggih perloe njoewoen
redjekinipoen ing sadinten - dintenipoen. Perloenipoen soepados manoesa tansah kèmoetan dateng kaāpesan lan kabetahanipoen, saha tansah kadoenoengan kepéngin ngoengsi lan soeméndé dateng ingkang Maha koewaso paringpitoeloeng, inggih poenika ḍateng Goesti Allah.
Kadjawi saking poenika manoesa sampoen ngantos
kadoenoengan soemelang bab ingatasipoen kabetahan kadonjan kadosta: bab teḍa, bab sanḍang l. s. s. Nanging sami ngantos - antosa dateng kawelasanipoen Goesti Allah ingkang boten éwah gingsir.
Sedaja tijang ingkang njenjoewoen bab samoekawis betahipoen dateng Sang Rama poenika temtoenipoen moendjoek makaten :
Doeh Allah Rama kawoela, Toewan ingkang dados pangoengsèning gesang kawoela, kawoela namoeng goemantoeng ing sih Toewan. Kawoela inggih koemandel ing Toewan, bilih Toewan kersa melasi saha ngopeni dateng kawoela.
Dados isining pandonga poenika goenggoeng
kempalipoen masrahaken poenapa kabetahaning badan lan njawa kanți koemandel dateng Goesti Allah, ingkang ndjalari kaloehoeraning asmanipoen Pangéran saha kawiloedjenganing badan njawanipoen pijambak toewin sesaminipoen gesang.
Mila tijang ingkang tansah ndedonga kanṭi
VII. Panoetoep.
Minangka panoetoeping katerangan - katerangan sewetawis poenika wonten pitakèn - pitaken toemoedjoe ḍateng kita sedaja.
Poenapa kita sampoen saged ndedonga?
Poenapa kita jektos asring ndedonga, dadosa
wonten ing edengan oetawi ing pasingidan. Ing samangsa-mangsa ?
Poenapa pandonga kita sampoen saged medal saking bebrajatan, medal saking grédja, ngantos njrambahi ing sadjagad sedaja?
Poenapa anggèn kita ndedonga boten namoeng manawi panoedjoe kasoesahan lan kasangsaran kémawon ?
Poenapa kita sampoen naté ndongakaken pakabaran Indjil, ndongakaken para abdi oetoesanipoen Goesti bangsa kita pijambak oetawi bangsa sanès. Soepados anggènipoen sami nglampahiajahanipoen Goesti tansah kanṭi katresnan ingkang saloegoe?
Poenapa kita sampoen naté ndongakaken para pamaréntah soepados pangrèhipoen sageda njondongi karsaning Pangéran, saha sampoen ngantos dados alanganing pakabaran Indjil?
Ing djaman madjeng, djaman ébah - ébahan poenika, poenapa kita sampoen naté ndongakaken para pengandjoer kabangsan lan sanès-sanèsipoen, soepados sageda djoedjoer lampahipoen?
Kita tijang Kristen inggih sampoen samesṭinipoen mongkog ing manah, manawi njoemerepi para pangandjoer, para pinter bangsa kita.
Nanging kosok wangsoelipoen inggih roemaos gela, manawi ngèmoeti déné bangsa kita ingkang [ 28 ]
pinaringan kapinteran mondjo² poenika taksih kaṭah
sanget ingkang sami dèrèng saged njoemerepi oetawi ngroemaosi bilih kalangkoenganipoen poenika namoeng woedjoed peparing blaka.
Taksih katah sanget ingkang dèrèng poeroen djengkeng soedjoed ing ngarsaning Jehoewah, angatoeraken agenging panoewoen. Anggènipoen sami nglabeti tanah woetah rahipoen taksih sami ngandelaken ing daja kakijatan lan kapinteranipoen pijambak.
Poenapa kita boten roemaos kwadjiban soedjoed wonten ngarsaning Pangéran, ngatoeraken panoewoen déné Pandjenenganipoen sampoen karsa maringi tijang pinter pinten - pinten ?
Poenapa kita boten roemaos kwadjiban njenjoewoen soepados Goesti Allah kersa nimbali tijang - tijang pinter - pinter poenika dadosa abdi ingkang saged ngladosi bangsanipoen mitoeroet ing sapangrèh lan kersanipoen ingkang paring gesang? Soepados anggenipoen tinitah pinter poenika ndadosna ing kaloehoeraning Pangéran, saha ndjalari kawiloedjenganing badan njawanipoen sabangsanipoen. Sampoen ngantos namoeng kanggé pados kaloehoeraning badanipoen pijambak ingkang noentoen dateng panjenjamah asmanipoen Jehoewah saha boten mikantoeki poenapa-poenapa toemrap dateng bangsanipoen.
Kita para sepoeh Kristen ! Sampoen sami nindakaken kwadjiban poenapa ing salebeting pandonga ?
Poenapa sampoen sami saged nglenggahaken anggèn kita dados tijang sepoeh toemrap para poetra wajah lan bangsa kita? [ 29 ]Para nènèman Kristen ! Kasagedan lan kakijatan ingkang mondjo peparingipoen Goesti Allah poenika poenapa sampoen sami kasaosaken wonten pamengkoening astanipoen ingkang Maha Kwasa kanti ndedonga lan saos soekoer ing Pandjenenganipoen.
Kaenéman pandjenengan, poenapa sampoen katjadangaken kanggé sedaja pendamel ingkang soemaos ing kaloehoeraning Goesti kita ?
Wasana damar mantjoeng, singa bagor, karangan poenika katjoepet semanten kémawon, mangsa boronga para maos !
Wahjoe. 3: 21.
Sing sapa oenggoel iku bakal Soen wenangaké loenggoeh satata kalawan Ingsoen ana ing ḍampar Ingsoen paḍa kaja Ingsoen sawoesé oenggoel ija bandjoer pinarak satata kalawan Ramaningsoen ana ing Damparé.