Alkitab/Jansz/Titoes
[ 1827 ]
RASOEL PAOEL MARANG
TITOES
1 Lajangkoe Paoel, abdiné Allah lan rasoelé Jésoes Kristoes moerih pratjajané para pilihané Allah lan pangawroeh ing kajektèn kang noentoen marang kamoersidan,
2 atas saka pangarep-arep ing kaoeripan langgeng, kang sadoeroengé poerwaning djaman woes kaprasetyakaké déning Allah kang ora dora,
3 nanging ing mangsa kang pinesți nglairaké pangandikané srana oendang-oendang kang dipitajakaké marang akoe saka dawoehé Allah Pamarta kita,
4 toemekaa marang Titoes, anakkoe kang saloegoe jekti awit saka toenggal pratjaja, sih-rahmat lan palimirma toewin tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Rama lan Goesti Jésoes Kristoes Pamarta kita.
5 Moelané kowé daktinggal ana ing poelo Krété, soepaja noetoegna mranata kang doeroeng rampoeng, sarta ngadegna pinitoewa ana ing saben-saben negara, kaja kang woes dakpréntahaké marang kowé,
6 ija ikoe menawa ana wong kang tanpa tjatjad, arabi sidji, kang anaké pada lakoe pratjaja lan ora kena diterka bab blèndèran oetawa dableg.
7 Awit kang djeneng djoeroe pamomong ikoe koedoe tanpa tjatjad, dikaja kang mengkoe ing padalemané Allah. Adja koemawasa, adja brangasan, adja karem ngombé anggoer, adja demen kerengan, adja ngasil-asil.
8 Nanging kang dangan awèh pamondokan, demen ing kabetjikan, doega-doega, adil, soetji, soemirih,
9 kang ngantepi ing pangandika kang satoehoe mitoeroet ing wewoelang, soepaja ketjonggaha mitoetoeri nganggo woelang kang moerni lan melèhaké marang wong kang madoni.
[ 1828 ]
10 Awitdéné ana akèh wong kang dableg, wong djoewèh lan djoeroe pamblitoek. Kang akèh panoenggalané wong tetakan.
11 Ikoe koedoe perloe pada diboengkem tjangkemé, awit pada gawé roesaké wong akèh tekan sabrajaté, enggoné memoelang kang ora patoet klawan mamrih asil kang nista.
12 Wong sidji panoenggalané, kang dadi nabiné déwé, doewé oedjar mengkéné: Wong Krété ikoe salawasé pada kempros, beboeron kang ala, weteng kebloek.
13 Wis bener baé paseksi kang mengkono ikoe. Moelané pada welèhna disereng, soepaja pada dadia waloeja moenggoeh ing pratjaja,
14 adja kelajoe marang dongèng-dongéngé wong Jahoedi lan pepakoné manoesa kang pada ngoengkoeraké ing kajekten.
15 Ingatasé wong kang resik, samoebarang ija resik. Nanging ingatasé wong kang djember lan ora pratjaja: ora ana sabarang kang resik, malah pada djember boediné lan roemasaning atiné.
16 Pangakoené pada wanoeh marang Allah, nanging disélaki klawan tingkah-polahé, marga pada wong kang ngéwak-éwakaké lan moerang-sarak, ora sembada marang sedéngaha panggawé betjik.
1 Nanging kowé ikoe doewéa pitoetoer kang njonḍongi ing wewoelang kang moerni.
2 Wong kaki-kaki dimèn pada waras ing boedi, kadjèn, doega-doega, waloeja moenggoeh ing pratjaja, ing katresnan lan ing kaantepan.
3 Mengkono oega wong nini-nini solah-bawané dikaja sapantesé para soetji, adja demen mitenah, adja karem ngombé anggoer, pada memoelanga kang betjik.
4 Soepaja merdia wong wadon nonoman pada tresna marang lakiné, tresna marang anak-anaké,
5 djetmika, soetji lakoené, ngopèni omah, ambek paramarta, soemoejoed ing lakiné, soepaja pangandikané Allah adja kongsi kaalakaké.
6 Wong lanang nonoman meng kono oega pada pitoetoerana soepaja nganggoa doega-doega
7 moenggoeh ing samoebarang diklawan nggelaraké awakmoe déwé dadi toelaḍaning panggawé oetama Pamoelangmoe disaloegoe, diwingit,
8 nganggoa temboeng kang rahajoe kang ora kena ditjatjad. Soepaja wong kang nglawan dadia wirang, marga ora ketemoe kang digawé ngalakaké marang kita.
9 Para batoer konen pada soemoejoed marang bendarané déwé, pada gawéa renané ing bab samoebarang, adja memadoni,
10 adja tjolong djoepoek. Malah nélakna katemenan saoetamané, soepaja ing sabarang lakoené pada ngrengganana woelangé Allah Pamarta kita.
11 Awit déné sih-rahmaté Allah woes ngetingal mitoeloengi rahajoe marang wong kabèh,
12 sarta merdi marang kita soepaja klawan njingkiri ing pamblasar lan saroepané kamélikan kadonjan pada doewéa lakoe kang doega-doega, oetama lan moersid ana ing donja mengko,
13 kambi nganti-anti ing katetepané pangarep-arep kang rahajoe, ija ikoe ngetingalé kamoeljané Allah kang Mahaagoeng Pamarta kita Jésoes Kristoes.
14 Kang woes masrahaké sarirané krana kita, soepaja ngentas kita [ 1829 ]saka saroepaning doeraka, sarta noetjèkaké oemat kinarja sengkerané pijambak, kang naberèni ing pang- gawé oetama.
15 Toetoermoe dikaja mengkono, sarta ngélingna lan melèhna ing sakentjeng-kentjengé. Adja ana wong kang medjanani kowé.
1 Wong kabèh pada warahen soe- moejoed marang para préntah lan para pangawasa, pada dipitoehoea, lan pada tjoemaḍanga marang se- déngah panggawé oetama.
2 Adja ngalak-alakaké wong, adja demen toekar padoe, pada disoem- londoh, nandoekna sarèh saoetamané marang wong kabèh.
3 Awitdéné ing maoené kita ija pada tanpa boedi, wangkal, nasar, kawengkoe ing hawa-nepsoe lan kapéntjoet roepa-roepa, lakoe kita noeroeti piala lan drengki, pada soemengit lan sengit-sinengitan.
4 Nanging bareng ngetingalé ka- mirahané Allah Pamarta kita lan sihé marang manoesa,
5 kita pada dipitoeloengi rahajoe, ora awit saka oetamané panggawé kang woes kita lakoni, nanging mitoeroet ing sih-palimirmané pi- jambak, srana padoesan margané kababaraké anjar lan kawangoen anjar déning Roh Soetji,
6 kang woes diesokaké ngerobi marang kita marga déning Pamarta kita Jésoes Kristoes.
7 Soepaja kita sawoesé kabeneraké marga saka sih-rahmaté, pada dadia ahli-warisé oerip langgeng mitoeroet ing pangarep-arep.
8 Ikoe maoe temboeng kang sa- toehoe, lan karepkoe kowé ngga- gahana prakara ikoe, soepaja wong kang pratjaja marang Allah pada merlokna nglakoni panggawé oe- tama. Ija ikoe kang prajoga lan maédahi marang wong.
9 Balik moenggoeh bebantahan kang ora oeroes lan sedjarah-se- djarah apadéné parapadoe lan reboet soewala bab angger-angger, ikoe singkirana, awit pada tanpa paédah lan tanpa goena.
10 Moenggoeh wong moetadjilah ikoe sawoesé koélingaké pisan-pindo, noeli tampiken.
11 Awit kowé woes weroeh jèn wong kang mengkono ikoe keblinger lan woes netepaké paoekoemaning dosané ana ing awaké déwé.
[ 1830 ]
12 Besoek samasa Artemas oetawa Tichikoes woes dakkongkon nemoni kowe, kowé noeli merlokna nekani akoe ana ing Nikopolis. Awit nijatkoe lèrèn ana ing kono sasoewéné mangsa atis.
13 Zénas ahli Torèt lan Apollos pada toeloengana lakoené digoemati, adja kongsi pada kekoerangan apa-apa.
14 Wong panoenggalan kita ija pada nggegoelanga nglakoni panggawé oetama, kanggo njoempi ing kaboetoehan kang perloe-perloe, soepaja adja nganti pada tanpa goena.
15 Kang mèloe akoe kabèh pada kirim salam marang kowé. Salam pandongakoe maranga wong kang pada tresna ing kita sadjroning pratjaja. Sih-rahmat noenggila ing kowé kabèh.
Amin.