Menyang kontèn

Alkitab/Jansz/Joedas

Saka Wikisumber
[ 1885 ]
LAJANG IBER-IBER ANGGITANÉ
JOEDAS


1--2. Adangijah lan pamoedji slamet.

1 Lajangkoe Joedas, abdiné Jésoes Kristoes lan sadoeloeré Jakoboes, toemekaa marang para kang katimbalan, kang ana ing patoenggilané Allah Rama pada sinoetjèkaké lan sinengker kagem ing Jésoes Kristoes.

2 Palimirma lan tentrem rahajoe toewin sih anaa ing kowé mawantoe-wantoe.

3--16.Pepéling ngélikaké para djoeroe panasaran kang lakoené mbloentah (mbloenat).

3 Hé para kekasih, sarèhné banget enggonkoe merlokaké noelis lajang marang kowé moenggoeh karahajon kita kang oemoem, moelané akoe kedereng noelis ngélingaké marang kowé, soepaja pada lakoea prang ngandemi ing pratjaja kang woes kapasrahaké marang para soetji sepisan kanggo salawasé.

4 Awit déné ana sawenèhing wong pada momor samboe, kang ing ngoeni woes dipèngeti kapantjèkaké marang paoekoeman kaja ing ngisor iki: wong mblasar, kang nglironi sih-rahmaté Allah kita kaoeroepan pambloențah, sarta njélaki marang kang pribadi djoemeneng Pangéran, Allah lan Goesti kita Jésoes Kristoes.

5 Nanging sarèhné kowé bijèn moela woes pada soemoeroep ing prakara iki, moelané akoe arep ngélingaké kowé, jèn Pangéran sawoesé ngentasaké oemat saka ing tanah Mesir, ing sabandjoeré noempes marang kang pada ora pratjaja.

6 Karodéné para malaékat kang ora ngantepi ing kadradjatané, nanging pada ninggal ing padoenoengané déwé, didjagakaké marang paoekoeman bésoek dina kang gedé, pada karanté langgeng ana ing pepeteng.

7 Ija kaja déné Sadoem lan Ngamorah toewin negara ing saoebengé, kang tjarané lakoe djina pada kaja ikoe lan pada kelajoe marang daging sédjé, nganti ing samengko pada goemijar dadi pepinton nandang paoekoeman geni langgeng.

8 Éwadéné wong ikoe maoe kaja wong ngimpi ija mengkono oega enggoné pada ndjemberaké daging, mbadal ing pamaréntah lan njenjamah marang para loehoer.

9 Balik Michaèl, panggedéné para malaékat, nalika reboet oedoer karo iblis bab lajoné Moesa, ora wani ngetrapaké temboeng panjenjamah, moeng ngandika mengkéné: Sira dibendonana déning Pangéran.

10 Mangka wong ikoe pada njenjamah marang kang ora disoemoeroepi, déné apa kang disoemoeroepi saka [ 1886 ]wateké déwé kaja patrapé kéwan kang tanpa boedi, ikoe digawé djalaraning karoesakané.

11 Bilai wong ikoe, déné pada ngleloeri lakoené Kain, lan pada ngèloe marang pamboedjoeké Balham klawan mamrih opah, kang sarta pada toempes marga saka pambalila kaja déné Korach.

12 Wong maoe pada dadi blentong ana ing pamboedjananmoe piroekoenan, samasa mèloe kepoengan pada mbroewah tanpa taha nglemokaké awak. Pada prasasat mendoeng tanpa oedan kang laroed kaboentjang ing angin. Prasasat wit-witan ngarang ngarepaké mangsa atis, tanpa woh, mati pindo, roengkad.

13 Prasasat ombaking segara kang molak-malik, kang ngoențoekaké kanistané déwé. Prasasat lintang kang nglembara, wong kang pada kagantoengan peteng alimengan langgeng salawasé.

14 Ing bab wong ikoe maoe ija woes ana pametjané Chénoch, ladjer kang kapitoe saka Adam, wirasané: Lah Pangéran rawoeh ginarebeg ing abdiné para soetji leksan,

15 karsa nindakaké pangadilan ing ngatasé wong kabèh, sarta ngoekoem marang sakèhé wong panoenggalané kang pada mblasar, awit saka sakèhé pratingkah mblasar kang dilakoni klawan pamblasar, lan awit saka sakèhé temboeng tjoemenṭaka, kang dioetjapaké marang Pandjenengané déning para wong dosa mblasar.

16 Wateké pada goemroendel, ora nrima ing pepestèn. Lakoené ngoedja ing sakapéntjoeté, sarta tjangkemé ngoetjapaké temboeng koemloengkoeng, ngonggrong-onggrong marang wong krana asil.

17--23. Pepéling bab koewadjibané para kang pratjaja.

17 Balik kowé ikoe para kekasih, pada élinga marang pangandika kang woes kaweḍaraké ing maoené déning para rasoelé Goesti kita Jésoes Kristoes.

18 Oedjer kowé woes pada dipa- ngandikani jèn ing djaman wekasan bakal ana wong pamojok, kang lakoené pada ngoedja ing kapén- tjoeté kang mblasar.

19 Ikoe wong kang pada ndjalari pepisahan, wong kadjiwan, ora ka- doenoengan Roh.

20 Balik kowé ikoe para kekasih, pada mbangoena awakmoe déwé kadasarana pratjajamoe kang soetji linoewih, diklawan ndedonga ana ing patoenggilané Roh Soetji.

21 Mengkonoa pada roemeksaa marang awakmoe déwé kawengkoe ing sihé Allah, klawan nganti-anti ing sih-palimirmané Goesti kita Jésoes Kristoes, ditoemeka ing oerip langgeng.

22 Anadéné wong sawenèh kang isih mangoe-mangoe ikoe pada we- lasana,

23 entasna srana direboet saka ing geni. Sawenèh manèh pada welasana diklawan moetawatir, kanția nge- wani dalah marang kotang kang kena ing djedjembering daging. [ 1887 ]

24--25. Panoetoep. Pamoedji marang Allah.

24 Pandjenengané kang kawasa ngreksa marang kowé nganti pada ora kedjloengoep, lan mrenahaké kowé tanpa tjatjad ana ing ngarsaning kaloehoerané kanți soeka-rena,

25 ija Allah kang witjaksana pijambak, Pamarta kita marga déning Jésoes Kristoes Goesti kita, ikoe kang sajogja kagoengan kaloehoeran lan kamoeljan, wisésa lan kawasa, ija ing samengko ija toemeka ing delahan. Amin.