Alkitab/Jansz/Filippi
PAOEL MARANG PASAMOEAN ING
FILIPPI
1 Lajangkoe Paoel karo Timotéoes, pada abdiné Jésoes Kristoes, toemekaa marang sakèhé para soetji ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes kang ana ing Filippi, dalah para djoeroe pamomong lan para djoeroe pamoelasara,
2 sih-rahmat lan tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Rama kita lan Goesti kita Jésoes Kristoes.
3 Akoe saos sokoer marang Allahkoe saben-saben akoe ngélingi kowé,
4 sadjroning sakèhé pandongakoe ora pegat enggonkoe moedjèkaké kowé kabèh klawan boengah,
5 krana saka enggonmoe pada tetoenggalan moenggoeh ing Indjil ing dina wiwitan moela kongsi sapréné.
6 Karodéné akoe doewé pangandel, jèn kang woes miwiti pakarjan kang betjik ana ing kowé, ikoe ija bakal ngrampoengaké kongsi toemeka ing dinané Jésoes Kristoes.
7 Ija woes patoet oega akoe doewé pangrasa mengkono ikoe ingatasé kowé kabèh, marga kowé pada ana ing atikoe, oedjer sadjroné enggonkoe dadi lelaran lan enggonkoe ndjawabaké sarta ngandemi ing Indjil, kowé kabèh pada mèloe doewé pandoeman ing sih-rahmat kang marang akoe.
8 Awitdéné Allah dadi seksikoe, kaja apa kangenkoe marang kowé kabèh klawan palimirmané Jésoes Kristoes.
9 Déné pamoedjikoe, moega-moega katresnanmoe saja moenḍak-moendaka ing pangawroeh lan saroepaning pangrasa,
10 temah kowé pada nglèlèr béda-bédané samoebarang, soepaja pada dadia moerni lan tanpa sandoengan ing dinané Kristoes,
11 pada kapenoehana wohing kabeneran, kang marga saka Jésoes Kristoes ndadèkaké kaloehoerané lan pinoedjiné Allah.
[ 1789 ]12 Nanging karepkoe para sadoeloer, kowé pada soemoeroepa jèn moenggoeh tinemoekoe malah kongsi ndadèkaké oenḍaking sempoeloeré Indjil.
13 Temah ing antarané sagolongané bala keparak lan wong lija-lijané kabèh woes tetéla soemoeroepé jèn enggonkoe dadi lelaran ikoe krana saka Kristoes.
14 Sarta para sadoeloer kang akèh pada toewoeh koemandelé ana ing patoenggilané Goesti awit saka enggonkoe dadi lelaran, kongsi pada moendak tatag enggoné nglairaké ing pangandika tanpa melang-melang.
15 Ana oega wong sawenèh kang pada nglakoni awit saka drengki lan demen padoe, padoe, nanging sawenèh manèh ija pada ngoendangaké Sang Kristoes klawan djoemoeroeng.
16 Kang dingin maoe enggoné martakaké Sang Kristoes ikoe awit saka demen padoe, ora nganggo éklas ing ati, kang kasedya: moewoehi sangsara marang enggonkoe dadi lelaran.
17 Balik kang kari ikoe awit saka tresna, marga pada weroeh jèn akoe kapatah ngoekoehi marang Indjil.
18 Kang ikoe keprijé? Kajaa apa baé ija kelakon Kristoes kawartakaké warna-warna patrapé, dadia nganggo wrana, dadia klawan satemené, déné ikoe ndadèkaké boengahkoe. Malah akoe ija bakal boengah,
19 marga akoe soemoeroep jèn ikoe maoe bakal ndadèkaké rahajoekoe srana pandongamoe lan marga saka pambantoené Rohé Jésoes Kristoes.
20 Kaja kang dadi tjoemengkloengé atikoe lan pangarep-arepkoe, jèn akoe bakal ora kawirangan ing sedéngah apa, malah jèn klawan ing sablakané, pada kaja salawasé mengkono oega saiki, Kristoes bakal kaegoengaké ana ing badankoe, dadia srana oeripkoe oetawa srana patikoe.
21 Sabab jèn ta moenggoeh akoe: oerip ikoe ija Kristoes, mati ija begdja.
22 Nanging menawa oerip ana ing daging, ikoe moenggoeh akoe migoenani ing ajahan. Déné apa kang bakal dakpilih, ikoe akoe ora ngarani.
23 Moeng akoe kapetek déning rong prakara iki: akoe kepéngin ngoekoed bandjoer noenggal karo Kristoes. Awit ikoe kang pinoendjoel betjiké.
24 Nanging mbandjoeraké manèh ana ing daging ikoe loewih perloe moenggoeh ingatasé kowé.
25 Mangka awit saka pangandelkoe mengkono ikoe akoe soemoeroep jèn isih bakal kasamboengan oemoer lan noenggal karo kowé kabèh, ndjalari ing kaoendakan lan kaboengahanmoe ing bab pratjaja,
26 soepaja woewoeha kang minihi panggoenggoengmoe marang Kristoes Jésoes ingatasé akoe, marga saka enggonkoe ana ing antaramoe manèh.
27 Moeng kalakoeanmoe dikaja kang njondongi Indjilé Sang Kristoes. Soepaja, dadia akoe teka lan ketemoe kowé, dadia adoh, akoe ngroengoe wewartamoe, jèn kowé pada mantep toenggal roh, lan toenggal boedi pada sabijantoe lakoe taroeng krana pratjaja marang Indjil,
28 sarta pada ora kaget pisan-pisan mengkono ikoe ngalamati bakal déning kang pada nglawan. Kang [ 1790 ]karoesakan marang wong maoe, nanging ingatasé kowé ngalamati karahajon, toer ikoe saka karsané Allah.
29 Marga kowé ikoe pada kaparingan sih, ora ngamoengaké pratjaja baé marang Kristoes, malah ija nandang sangsara oega krana saka Pandjenengané.
30 Oedjer taroengmoe ikoe pada kaja kang woes kodeleng ana ing akoe bijèn, lan samengko koroengoe wartané moenggoeh ing akoe.
1 Kang ikoe menawa dasar ana pepéling ing patoenggilané Kristoes, menawa ana panglipoering katresnan, menawa ana patoenggilané Roh, menawa ana piwelas lan palimirma,
2 bok pada nggenepana boengahkoe, dipada saroedjoek, pada toenggal katresnan, toenggal boedi lan toenggal pangrasa.
3 Adja ana pratingkahmoe kang awit saka demen padoe oetawa saka mboeroe pangalem, nanging marga saka anḍap-asor wong sidji nganggepa kinatjèk marang sidjiné katimbang karo awaké déwé.
4 Adja kongsi saben wong moelat kang moenggoeh ing awaké déwé, nanging ija moelata oega kang moenggoeh ing wong lija.
5 Pangangen-angenmoe dikaja kang dadi panggalihé Kristoes Jésoes,
6 kang woes ngagem sipaté Allah, ora roemaos njahak jèn maḍanana Allah,
7 éwadéné ngroetjat kamoeljané, amarga ngagem sipaté boeḍak, dadi pepadané manoesa.
8 Lan woes pinanggih maoedjoed manoesa bandjoer ngesoraké sarira, amarga enggoné soemoejoed kongsi nglampahi séda, malah séda kasalib.
9 Moelané ija diloehoeraké kang loewih banget déning Allah, lan diparingi Asma kang pinoendjoel saka saroepané djeneng,
10 soepaja klawan njeboet Asmané Jésoes sakèhing dengkoelé para kang ana ing swarga lan kang ana ing boemi toewin kang ana ing sangisoré boemi pada djèngkènga,
11 lan saroepané ilat kabèh paḍa ngakonana jèn Jésoes Kristoes kang djoemeneng Goesti, moerih kaloehoerané Allah Sang Rama.
12 Kang ikoe para kekasihkoe, dikaja enggonmoe salawasé woes mitoehoe, pada mrasoedia wetoené karahajonmoe klawan wedi lan geter, [ 1791 ]adja moeng samasa adoe-arep karo akoe baé, malah loewiha manèh saiki moempoeng akoe adoh.
13 Awitdéné ija si sedya, ija si panggawé, ikoe Allah kang noewoehaké ana ing kowé ing sakeparengé.
14 Samoebarang pada lakonana ditanpa nggroendel lan tanpa soewala,
15 soepaja pada dadia moeloes lan pasadja, dadia para poetrané Allah kang tanpa tjatjad ana ing satengahé bangsa kang keblinger lan mblasar. Anamoe ing antarané wong ikoe pada nelahi kaja damaring djagad,
16 klawan ngandemi ing pangandikané oerip, dadi djalaraning panggoenggoengkoe bésoek dinané Kristoes, jèn ora nglaha enggonkoe loemajoe lan ora nglaha enggonkoe kangèlan.
17 Malah sanadyan getihkoe ngantia diesok kakantèkaké ing koerban leladèné pratjajamoe, ikoe akoe boengah lan mèloe boengah karo kowé kabèh.
18 Kaja mengkono oega kowé ija pada boengaha, lan mèloea boengah karo akoe.
19 Nanging pangarep-arepkoe klawan soeméndé ing Goesti Jésoes, énggal bisaa ngongkon Timotéoes nemoni kowé, soepaja akoe ija ajema atikoe samasa oleh wartané kaananmoe.
20 Awitdéné akoe ora doewé wong manèh kang pada kaja ikoe boediné, kang toememen enggoné bakal ngopèni kaperloeanmoe.
21 Sabab kabèh pada ngoepaja kang moenggoeh ing awaké déwé, ora kang moenggoeh ing Kristoes Jésoes.
22 Déné kowé pada soemoeroep ing tanggoné, jèn wis kaja anak marang bapa enggoné ngréwangi ing pangabdikoe marang Indjil.
23 Ija ikoe kang arep dakkongkon toemoeli, bareng akoe woes weroeh bakal kadadéané awakkoe.
24 Nanging pangandelkoe marang Goesti, akoe ija bakal énggal nekani déwé.
25 Moeng dakdoega ija perloe ngongkon sadoeloerkoe Épafroditoes, réwangkoe ing gawé lan kantjakoe prang, ija kongkonanmoe kang ngladèni ing kakoerangankoe, dakpoerih, nemoni kowé,
26 awit banget kangené marang kowé kabèh, sarta was-was marga kowé pada keproengon enggoné ketjandak lara.
27 Dasar ija maoené lara nganti mèh mati, nanging Allah kagoengan welas marang déwèké, lan ora ngamoengaké marang déwèké baé, ija marang akoe oega, soepaja adja kongsi toempa-toempa prihatinkoe.
28 Kang ikoe enggoné dakkongkon moenḍak dakénggalaké, soepaja kowé pada boengaha manèh marga ndeleng sadoeloermoe maoe, lan akoe soedaa prihatinkoe.
29 Moelané tampanana ana ing patoenggilané Goesti klawan saliring kaboengahan, lan wong kang kaja mengkono ikoe pada adjènana.
30 Sabab krana saka ajahané Sang Kristoes enggoné mèh toemeka ing pati maoe, marga ngetohaké oeripé, pamoerihé njampeti koerangé enggonmoe pada ngladèni akoe.
1 Karodéné manèh para sadoeloer koe, pada boengaha ana ing patoeng[ 1792 ]gilané Goesti. Akoe menawa mindoni enggonkoe noelis marang kowé ikoe ora dadi pakéwoeh marang akoe, déné ingatasé kowé dadi moendak katemtoeané.
2 Pada ngawasna bangsa asoe, ngawasna para wong kang ala garapané, ngawasna ing pamboentoengan.
3 Awitdéné kang djeneng tetakan ija ikoe kita kang pada ngabekti ing Allah klawan Roh, kang pada nggoenggoeng moenggoeh ing Jésoes Kristoes, lan ora ngandelaké daging,
4 sanadyan moenggoeh akoe iki doewé wenang oega ngandelaké daging, jèn ta ana wong lija kang roemasa doewé wenang ngandelaké daging, akoe iki loewih manèh.
5 Enggonkoe tetak oemoer woloeng dina, dasar trahing Israèl, saka taler Binjamin, wong Ibrani asal Ibrani, moenggoeh ing angger-angger dadi wong Farisi,
6 bab kataberèn, nganti ngoejaoeja marang pasamoean, bab kasampoernan kang moenggoeh ing angger-angger, woes dadi tanpa tjatjad.
7 Nanging apa kang dadi pakolèh marang akoe, ikoe woes dakanggep kapitoenan krana Sang Kristoes.
8 Malah sanjatané dalah samoebarang kabèh dakanggep kapitoenan krana saka kang linoewih prajogané, ija ikoe wanoeh marang Kristoes Jésoes Goestikoe. Krana Pandjenengané enggonkoe nrima ketoenan ikoe maoe kabèh, lan dakanggep larahan, soepaja akoe olèha bați Kristoes,
9 sarta ketemoea ana ing Pandjenengané ora ndoewèni kasampoernankoe déwé kang saka ing angger-angger, nanging kang marga saka pratjaja marang Kristoes, ija ikoe kasampoernan kang saka ing Allah landesan pratjaja.
10 Soepaja akoe soemoeroepa marang Pandjenengané, ija marang sawabing woengoené, ija bab nglaboehi ing sangsarané, temahan mada roepa lan sédané,
11 moega-moega akoe bisaa njandak ing patangèn saka ing antarané wong mati.
12 Adja ketenta jèn woes dakgegem, oetawa jèn akoe woes sampoerna. Nanging dakboeroe moega-moega ija ketjanḍaka, moelané mengkono awit akoe ija woes ditjandak déning Kristoes Jésoes.
13 Hé para sadoeloer, akoe déwé doeroeng roemasa jèn woes njandak.
14 Moeng saprakara iki: klawan lali marang kang ana ing boeri lan mangloeng marang kang ana ing ngarep, akoe mboeroe kang tinoedjoe ngarah marang gandjaran bang-bangané timbalan kaswargan kang saka ing Allah ana ing Kristoes Jésoes.
15 Kang ikoe kita sepira kang woes diwasa mara pada ngrasakaké kang mengkono ikoe. Déné menawa ana pangrasamoe sédjé apa-apa, ikoe Allah ija bakal nglairaké oega marang kowé.
16 Moeng ing ngendi kang woes kita tekani, mara pada noetoegaké lakoe kita noenggala waton, noenggala pangrasa. [ 1793 ]
17 Hé para sadoeloer, paḍa noelada marang akoe, lan ngiloa marang wong kang lakoené kaja enggonmoe pada doewé toelaḍa akoe.
18 Awit déné wong akèh lakoené kaja kang woes asring daktoetoeraké marang kowé, lan samengko ija daktoetoeraké klawan nangis pada dadi satroené salibé Sang Kristoes.
19 Wong ikoe wekasané nemahi karoesakan. Kang minangka Allahé: weteng, kang dianggep kaloehoerané: kanisṭané, kang diangen-angen: kadonjan.
20 Déné moenggoeh kita, padoenoengan kita ana ing swarga, ija bakal sangkané Sang Pamarta Goesti Jésoes Kristoes kang pada kita anti-anti rawoehé,
21 kang bakal njalini badan kita kang nista, nganti njaroepani ing sarirané kang moelja, mitoeroet ing kasektèn margané kawasa neloekaké dalah samoebarang kabèh marang Pandjenengané.
1 Kang ikoe para sadoeloerkoe kekasih kang dakkangeni, kang dadi karenankoe lan makoetankoe, hé para kekasih, dipada bakoeh kaja mengkono ana ing patoenggilané Goesti.
2 Akoe ngélingaké Euodia lan ngélingaké Sintiché, soepaja pada saroedjoeka ana ing patoenggilané Goesti.
3 Lan akoe ija doewé pandjaloek marang kowé, Sinzigoes, (réwang ing gawé) kang temen, bok kowé ngréwangana wong ikoe, kang woes pada mbijantoni akoe enggonkoe taroeng krana Indjil, ija karo Klémènta lan réwangkoe ing gawé lija-lijané, kang djenengé pada kapatjak ana ing boekoe kaoeripan.
4 Tansah pada boengaha ana ing patoenggilané Goesti. Akoe mindoni pitoetoer: pada boengaha.
5 Soemlondohmoe kawerochana ing wong kabèh. Goesti woes tjelak.
6 Adja pada soemelang bab apa-apa, nanging sabarang prakara kang kokarepaké, pada kaoeningakna marang Allah srana pandonga lan panjoewoen kang kanți saos sokoer.
7 Temah tentrem rahajoe saka ing Allah kang ngoengkoeli ing panggajoehé saliring boedi, bakal roemeksa ati lan angen-angenmoe ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes.
8 Wasanané para sadoeloer, sabarang kang njata, sabarang kang kadjèn, sabarang kang bener, sabarang kang soetji, sabarang kang mrakati, sabarang kang roemaras, jèn ana sedéngah kang oetama lan sedéngah kang wadjib dialem, ikoe pada boedinen.
9 Apa baé kang woes pada kogegoelang lan kotampani sarta ko[ 1794 ]roengoe lan kodeleng ana ing akoe, ikoe pada lakonana. Anadéné Allah kang kagoengan tentrem rahajoe bakal nganți marang kowé.
10 Banget boengahkoe ana ing patoenggilané Goesti, déné wasanané ing samengko kowé pada kegoegah manèh kaélinganmoe marang akoe. Dasar kowé ija kaélingan oega, moeng pada ora kaoer.
11 Temboengkoe mengkono ikoe ora awit saka ketjingkrangan. Sabab moenggo eh akoe iki woes nggegoelang marem ing sakaanané awakkoe.
12 Nandang asor akoe bisa, nandang kamoektèn ija bisa. Ing sedéngaha patrap lan moenggoeh ing samoebarang akoe woes poetoes. Ija bab kewaregan, ija bab keloewèn. Ija bab nandang kaloebèran, ija bab nanḍang katjingkrangan.
13 Samoebarang akoe kelar marga déning Pandjenengané kang ngoewataké akoe: Kristoes.
14 Semono ikoe ija prajoga déné kowé pada nglaboehi ing karoebedankoe.
15 Kowé wong Filippi ija pada soemoeroep oega, jèn nalika wiwitané enggonkoe martakaké Indjil saangkatkoe saka ing tanah Makedoni, ora ana pasamoean kang mèloe ing pepétoengan karo akoe bab leboe-wetoening doewit, kedjaba moeng kowé déwé.
16 Awit dalah nalika ana ing Tessalonika sepisan-pindo akoe ija wis kokirimi kanggo ing kaboetoehankoe.
17 Ora-orané jèn akoe njoeprih ing pawèwèhé, nanging kang daksoeprih ikoe wohé kang saja moendak akèh dadi bagéanmoe ing pétoengan.
18 Akoe woes ketjoekoepan samoebarang, malah kongsi keloebèran. Akoe keblaboeran sawoesé nampani pakirimmoe kang loemantar saka Épafroditoes, kang minangka ganda aroem, koerban saosan kang nengsemaké, kang ketrimah ing Allah.
19 Anadéné Allahkoe bakal njekap ing sakaboetoehanmoe kabèh, moerwat saka kasoegihaning kamoeljané ana ing Kristoes Jésoes.
20 Allah ija Rama kita kaloehoerna ing salawas-lawasé, Amin.
21 Salam pandongakoe maranga sakèhé para soetji ana ing patoenggilané Kristoes Jésoes. Para sadoeloer kang mèloe akoe pada kirim salam marang kowé.
22 Sakèhé para soetji pada kirim salam marang kowé, loewih manèh kang keleboe para abdiné Sang Praboe.
23 Sih-rahmaté Goesti kita Jésoes Kristoes noenggila ing kowé kabèh. Amin.