Menyang kontèn

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀/03

Saka Wikisumber

3. Sinom ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀

[besut]

꧄ ​ ꦥꦸꦃꦱꦤ꧀ꦠꦤꦒꦼꦫꦺꦴꦒꦺꦴꦭ꧀(Puh Santana Gerogol)


(1) ꦏꦶꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧ(Ki Buyut i[ng] Paluamba) ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦂꦮꦲꦶꦁꦏꦮꦶ(ingkang pinurwa ing kawi) ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦮꦶꦧꦮ(kalangkung mukti wibawa) ꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦕꦤꦼꦒꦫꦶ(kéringan mancanegari) ꦮꦱꦶꦱ꧀ꦱꦁꦭꦶꦂꦫꦶꦁꦏꦢꦶ(wasis sangliring kadi) ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦏꦶꦁꦩꦤꦃꦫꦃꦲꦪꦸ(ambeking manah rahayu) ꦢꦂꦧꦺꦥꦸꦠꦿꦱꦤꦸꦁꦒꦭ꧀(darbé putra sanunggal) ꦥꦮꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦭꦏꦶ(pawèstri sampun alaki) ꦥꦤ꧀ꦏꦒꦂꦮꦩꦫꦁꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦲꦸꦢꦫ(pan kagarwa marang Ki Patih Udara )

(2) ꦲꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦥꦠꦶꦃꦲꦸꦢꦫ(anenggih Patih Udara) ꦥꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(pepatih ing Majapait) ꦱꦥꦠꦶꦤꦺꦧꦿꦮꦶꦗꦪ(sapatiné Brawijaya) ꦩꦺꦫꦁꦩꦤꦃꦲꦺꦏꦶꦥꦠꦶꦃ(mérang manahé ki patih) ꦩꦶꦭꦠꦶꦭꦂꦤꦒꦫꦶ(mila tilar nagari) ꦥꦸꦂꦮꦢꦸꦏ꧀ꦱꦁꦤꦠꦲꦶꦏꦸ(purwa duk sang nata iku) ꦥꦏꦂꦠꦶꦤꦺꦲꦢꦒꦁ(pakartiné adagang) ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦩꦠꦶꦫꦒꦶ(kalangkung amati ragi) ꦏꦩ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧ(kambil mantu déning Buyut Paluamba )

(3) ꦢꦸꦏ꧀ꦚꦶꦣꦩ꧀ꦚꦶꦣꦩ꧀ꦏꦮꦺꦴꦂꦫꦤ꧀(duk nyidham-nyidham kaworan) ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦏꦺꦱꦃꦥꦿꦠꦥꦶ(ki patih késah pratapi) ꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦱꦶꦒꦭꦒꦭ(ing guwa Sigala-gala) ꦗꦭ꧀ꦩꦩꦫꦗꦭ꧀ꦩꦩꦠꦶ(jalma mara jalma mati) ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦠꦶꦫꦒꦶ(kalangkung mati ragi) ꦩꦶꦭꦠꦥꦤꦺꦒꦶꦤꦼꦤ꧀ꦠꦸꦂ(mila tapané ginentur) ꦥꦤꦼꦣꦤꦺꦲꦶꦁꦢꦺꦮ(panedhané ing déwa) ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦤꦠ꧀ꦩꦗꦤꦺꦭꦲꦶꦂ(lamun atmajané lair) ꦲꦩꦼꦁꦏꦸꦮꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦩꦗꦊꦁꦏ(amengkua nagara ing Majalengka )

(4) ꦥꦤ꧀ꦏꦕꦠꦸꦂꦫꦺꦴꦫꦺꦴꦱꦤꦏ꧀(pan kacatur roro sanak) ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦲꦸꦢꦫꦱꦶꦒꦶꦃ(Ki Patih Udara si[ng]gih) ꦥꦠꦶꦃꦲꦸꦢꦫꦏꦁꦠꦸꦮ(Patih Udara kang tuwa) ꦲꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦮꦲꦸꦏꦁꦫꦪꦶ(anenggih wau kang rayi) ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦢꦢꦶꦥꦥꦠꦶꦃ(maksih dadi pepatih) ꦥꦠꦶꦃꦭꦺꦴꦒꦼꦤ꧀ꦢꦺꦂꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(Patih Logendèr ranipun) ꦲꦥꦤ꧀ꦠꦼꦣꦏ꧀ꦠꦸꦩꦼꦣꦏ꧀(apan tedhak-tumedhak) ꦲꦁꦔꦸꦪꦸꦤꦶꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(anguyuni Majapait) ꦥꦽꦤꦃꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦩꦫꦶꦁꦥꦠꦶꦃꦒꦗꦃꦩꦢ(prenah buyut maring Patih Gajahmada )

(5) ꦮꦼꦮꦼꦏꦱꦺꦏꦾꦤꦥꦠꦾꦃ(wewekasé kyana patya{h)} ꦏꦫꦶꦲꦶꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦁꦫꦪꦶ(karihin dhateng kang rayi) ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦠ꧀ꦩꦗꦤꦶꦫꦭꦤꦁ(yèn atmajanira lanang) ꦲꦫꦤ꧀ꦤꦤꦢꦩꦂꦱꦱꦶ(aranana Damarsasi) ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦮꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ(lamun miyos pawèstri) ꦱꦏꦂꦱꦤꦶꦤꦶꦫꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀(sakarsanira jejuluk) ꦢꦸꦥꦶꦠꦼꦏꦺꦁꦔꦤ꧀ꦠꦫ(dupi tekèng antara) ꦭꦲꦶꦂꦲꦶꦏꦁꦗꦧꦁꦧꦪꦶ(lair ikang jabang bayi) ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦭꦤꦁꦲꦶꦔꦫꦤ꧀ꦤꦤꦤ꧀ꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀(miyos lanang ingaranan Damarwulan )

(6) ꦏꦕꦠꦸꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦮꦱ(kacatur sampun diwasa) ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦱꦺꦠꦤ꧀ꦤꦤꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ(bagusé tan ana tandhing) ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦠꦶꦤꦫꦶꦲꦏꦿꦩ(tansah tinari akrama) ꦲꦶꦁꦔꦶꦧꦸꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦏꦶ(ing ibu kalihan kaki) ꦤꦁꦔꦶꦁꦏꦶꦢꦩꦂꦱꦱꦶ(nanging Ki Damarsasi) ꦭꦁꦒꦤꦤꦶꦫꦏꦭꦁꦏꦸꦁ(langgananira kalangkung) ꦗꦼꦗꦼꦥ꧀ꦭꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦭꦭꦔꦏ꧀(jejeplak lan lelangak) ꦲꦁꦔꦸꦁꦒꦃꦲꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦶꦏ꧀(angunggahi dipun tampik) ꦏꦮꦂꦤꦲꦏꦲꦶꦲꦼꦩꦱ꧀ꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀(kawarnaa K[y]ai emas Damarwulan )

(7) ꦪꦠꦮꦲꦸꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦧꦥ(ya ta wau takon bapa) ꦥꦶꦠꦸꦁꦢꦶꦤꦥꦶꦠꦸꦁꦧꦼꦁꦔꦶ(pitung dina pitung bengi) ꦲꦩꦺꦴꦤ꧀ꦛꦃꦲꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦧꦥ(amonthah atakon bapa) ꦩꦺꦴꦗꦂꦤ꧀ꦚꦲꦶꦥꦿꦩꦺꦱꦾꦫꦶ(mojar nyai pramèsyari) ꦏꦠꦸꦮꦺꦴꦤꦺꦮꦏ꧀ꦩꦩꦶ(katuwoné wak mami) ꦫꦫꦒꦼꦣꦁꦠꦤ꧀ꦥꦏꦏꦸꦁ(rara gedhang tanpa kakung) ꦲꦥꦸꦥꦸꦠꦿꦲꦶꦁꦱꦶꦫ(apeputra ing sira) ꦫꦫꦒꦼꦣꦁꦠꦤ꧀ꦥꦭꦏꦶ(rara gedhang tanpa laki) ꦲꦤꦤꦶꦫꦱꦏꦶꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦧꦛꦫ(ananira saking karsaning bathara )

(8) ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦠꦸꦂꦫꦺꦏꦁꦥꦸꦠꦿ(alon aturé kang putra) ꦲꦣꦸꦃꦲꦶꦧꦸꦲꦠꦸꦂꦩꦩꦶ(adhuh ibu atur mami) ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦱꦶꦭꦶꦃꦥꦶꦱꦁꦔ(sanadyan silih pisanga) ꦱꦪꦏ꧀ꦠꦶꦲꦢꦂꦧꦺꦭꦏꦶ(sayakti adarbé laki) ꦭꦏꦶꦤꦺꦥꦶꦱꦁꦲꦸꦒꦶꦃ(lakiné pisang ugi{h)} ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦧꦸꦏꦁꦔꦤꦤ꧀ꦢꦸꦂ(inggih ibu kang anandur) ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦧꦛꦫ(yèn karsaning bathara) ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦮꦤꦺꦤꦸꦫꦸꦤꦶ(sinten déwané nuruni) ꦥꦿꦩꦺꦱꦾꦫꦶꦏꦺꦩꦼꦁꦔꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦏꦫꦤ(pramèsyari kèmengan tanpa karana )

(9) ꦱꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦠꦺꦲꦩ꧀ꦭꦱ꧀ꦱꦂꦱ(sesambaté amlasarsa) ꦮꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦺꦲꦮꦺꦴꦂꦭꦤ꧀ꦠꦁꦔꦶꦱ꧀(wuwusé awor lan tangis) ꦏꦤꦶꦲꦪꦏꦁꦠꦶꦠꦶꦭꦂ(kaniaya kang tetilar) ꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦫꦶ(ora bisa ingsun kari) ꦢꦺꦮꦒꦮꦤꦼꦤ꧀ꦩꦩꦶ(déwa gawanen mami) ꦠꦤ꧀ꦧꦶꦱꦲꦩꦺꦴꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦸꦤꦸ(tan bisa amongmong sunu) ꦧꦪꦤꦺꦴꦫꦤꦸꦥꦼꦤ꧀ꦤ(baya nora nupena) ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦩꦠꦶꦫꦒꦶ(kalangkung amati ragi) ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦲꦩꦺꦴꦭꦂꦲꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦧꦥ(yèn putrané amolar atakon bapa )

(10) ꦢꦠꦤ꧀ꦏꦮꦂꦤꦱꦩꦤ(datan kawarna samana) ꦏꦺꦩꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦿꦩꦺꦱꦾꦫꦶ(kèmengan ni pramèsyari) ꦒꦶꦤꦸꦧꦼꦭ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ(ginubel déning kang putra) ꦠꦼꦩꦲꦤ꧀ꦭꦸꦩꦪꦸꦤꦁꦔꦶꦱ꧀(temahan lumayu nangis) ꦠꦤ꧀ꦏꦮꦂꦤꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ(tan kawarna ing margi) ꦲꦤꦸꦁꦏꦼꦩꦶꦥꦢꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀(anungkemi pada sampun) ꦥꦢꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩ(padané ingkang rama) ꦲꦠꦸꦂꦫꦺꦲꦩꦼꦭ꧀ꦭꦱ꧀ꦱꦱꦶ(aturé amelasasi[h]) ꦲꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ​ꦏꦶꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦠꦶꦁꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧ꧈(angandika Ki Buyut ing Paluamba )

(11) ꦫꦫꦠꦱꦶꦫꦩꦠꦸꦂꦫ(rara ta sira matura) ꦥꦒꦺꦤꦺꦱꦶꦫꦲꦤꦁꦔꦶꦱ꧀(pagéné sira anangis) ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦠꦸꦂꦫꦺꦏꦁꦥꦸꦠꦿ(alon aturé kang putra) ꦩꦶꦭꦏꦮꦸꦭꦲꦤꦁꦔꦶꦱ꧀(mila kawula anangis) ꦲꦩꦼꦒꦼꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦤꦠꦶ(amegelaken ati) ꦮꦪꦃꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀(wayah sampéyan pukulun) ꦲꦩꦺꦴꦭꦂꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦧꦥ(amolar takon bapa) ꦭꦏꦸꦁꦱꦸꦥꦼꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦭꦶꦃ(la[ng]kung supek ingkang galih) ꦲꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦶꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦠꦶꦁꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧ(angandika Ki Buyut ing Paluamba )

(12) ꦲꦺꦃꦫꦫꦱꦶꦫꦩꦠꦸꦫ(hèh rara sira matura) ꦥꦒꦺꦤꦺꦱꦶꦫꦲꦤꦁꦔꦶꦱ꧀(pagéné sira anangis) ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦠꦸꦂꦫꦺꦏꦁꦥꦸꦠꦿ(alon aturé kang putra) ꦩꦶꦭꦏꦮꦸꦭꦲꦤꦁꦔꦶꦱ꧀(mila kawula anangis) ([...]) ([...]) ([...]) ([...]) ([...])


(13) ꦏꦪꦭꦩꦺꦴꦤ꧀ꦩꦼꦁꦏꦤꦲ(kaya lamon mengkanaa) ꦗꦶꦁꦔꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦮꦱꦲꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁ(jingan wis diwasa enting) ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦠꦫꦶꦤꦼꦤ꧀ꦤꦏꦿꦩ(balik tarinen akrama) ꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ꦤꦺꦩꦉꦩ꧀ꦏꦁꦔꦠꦶ(dimèné marem kang ati) ꦱꦸꦁꦔꦤꦩꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦶꦕꦶꦱ꧀(sungana mas lan picis) ꦢꦶꦩꦺꦤꦺꦏꦺꦕꦺꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦣꦸ(dimèné kècèk lan dhadhu) ꦲꦒꦶꦩꦼꦂꦔꦢꦸꦲꦪꦩ꧀(agimer ngadu ayam) ꦥꦿꦩꦺꦱꦾꦫꦶꦩꦠꦸꦂꦫꦫꦶꦱ꧀(pramèsyari matur aris) ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦢꦩꦼꦭ꧀ꦮꦪꦃꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦤ(pindh[o] damel wayah sampéyan puruna )

(14) ꦏꦶꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦠꦶꦁꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧ(Ki Buyut ing Paluamba) ꦮꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦺꦲꦫꦸꦩ꧀ꦩꦩꦤꦶꦱ꧀(wuwusé arum amanis) ꦭꦪꦏ꧀ꦭꦩꦺꦴꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦮ(layak lamon mangkonoa) ꦥꦲꦺꦣꦶꦁꦔꦶꦤ꧀ꦭꦒꦶꦕꦶꦭꦶ(paé dhingin lagi cili[k]) ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦪꦃꦲꦶꦁꦔꦺꦴꦁꦤꦔꦶꦱ꧀(yèn wayah ingong nangis) ꦩꦼꦤꦼꦁꦥꦁꦒꦭ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦒꦤ꧀ꦝꦸ(meneng panggal lawan gandhu) ꦲꦥꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦮꦱ(apan sampun diwasa) ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦲꦠꦏꦺꦤ꧀ꦱꦸꦢꦂꦩꦶ(pasthi atakèn sudarmi) ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦤ(yèn mangkono putuningsun timbalana )

(15) ꦏꦶꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠ(Ki Damarwulan wus prapta) ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦺꦲꦺꦪꦁꦏꦏꦶ(ing ngarsané éyang kaki) ꦏꦶꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦠꦭꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ(ki buyut alon ngandika) ꦲꦣꦸꦃꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦏꦶ(adhuh putuningsun kaki) ꦲꦗꦱꦶꦫꦲꦧꦸꦢꦶ(aja sira abudi) ꦏꦮꦼꦭꦱ꧀ꦱꦤꦲꦶꦧꦸꦩꦸ(kawelasana ibumu) ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦫꦏꦿꦩꦲ(balik sira kramaa) ꦱꦸꦠꦮꦢꦺꦤꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦏꦶ(suta wadénen pun kaki) ꦭꦃꦠꦸꦁꦠꦸꦤꦼꦤ꧀ꦱꦶꦏꦏꦶꦩꦫꦁꦥꦠꦺꦴꦥꦤ꧀(lah tungtunen si kaki marang patopan )

(16) ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦠꦱꦶꦫꦏꦿꦩꦲ(balik ta sira kramaa) ꦱꦱꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦫꦥꦿꦶꦧꦢꦶ(sasenengira pribadi) ꦲꦠ꧀ꦩꦗꦤꦺꦥꦫꦩꦺꦤꦏ꧀(atmajané para ménak) ꦗꦗꦒꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦮꦮꦱꦶꦃ(jeja[ng]gan lawan wewasi{h)} ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦩꦂꦫꦺꦏꦏꦶ(ingsun lamaré kaki) ꦩꦶꦮꦃꦲꦤꦏ꧀ꦥꦫꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸ(miwah anak para empu) ꦲꦢꦺꦤ꧀ꦤꦢꦺꦤ꧀ꦤꦏꦛꦃ(adèn-adèn akathah) ꦲꦭꦩ꧀ꦩꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(alaming wong Majapait) ꦲꦥꦤ꧀ꦱꦶꦫꦥꦸꦠꦸꦲꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶꦮꦶꦧꦮ(apan sira putu amukti wibawa )

(17) ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦠꦸꦂꦫꦺꦏꦁꦮꦪꦃ(alon aturé kang wayah) ꦲꦠꦸꦂꦏꦮꦸꦭꦪꦁꦏꦏꦶ(atur kawula yang kaki) ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭꦏꦿꦩ(boten purun kula krama) ꦲꦩꦸꦁꦠꦸꦢꦸꦃꦲꦼꦤꦲꦸꦒꦶꦃ(amung tuduhena ugi{h)} ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦪꦸꦒꦩꦩꦶ(ingkang ayuga mami) ꦥꦼꦂꦤꦃꦲꦺꦱꦸꦢꦂꦩꦤꦶꦱꦸꦤ꧀(pernahé sudarmanisun) ꦭꦩꦺꦴꦤ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦒꦼꦱꦁ(lamon maksih agesang) ꦲꦪꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦔꦸꦤ꧀ꦗꦸꦁꦔꦶ(ayun kawula ngunjungi) ꦪꦺꦤ꧀ꦒꦼꦱꦁꦔ​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦽꦤꦃꦲꦺꦱꦶꦫꦩ꧈(yèn gesanga pundi prenahé si rama )

(18) ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦮꦸꦭ(kalangkung sanget kawula) ꦲꦗꦼꦁꦲꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦱꦸꦢꦂꦩꦶ(ajeng anembah sudarmi) ꦲꦂꦱꦔꦧꦏ꧀ꦠꦶꦲꦶꦁꦧꦥ(arsa ngabakti ing bapa) ꦩꦶꦭꦭꦫꦤꦺꦏꦁꦔꦠꦶ(mila larané kang ati) ꦏꦮꦸꦭꦲꦩꦫꦤꦶ(kawula amarani) ꦲꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦔꦸꦤ꧀ꦝꦲꦸꦤ꧀ꦝꦩꦤꦸꦏ꧀(ing wong ngundha-undha manuk) ꦒꦼꦒꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤ꧀ꦥꦼꦥꦁꦒꦭꦤ꧀(gegandhon pepanggalan) ꦱꦉꦁꦏꦮꦸꦭꦥꦫꦤꦶ(sareng kawula parani) ꦏꦸꦭꦠꦼꦏꦥꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦸꦧꦂꦱꦢꦪ(kula teka pan sami bubar sadaya )

(19) ꦥꦁꦔꦸꦕꦥ꧀ꦥꦺꦮꦺꦴꦁꦔꦏꦛꦃ(pangucapé wong akathah) ꦲꦶꦏꦸꦏꦶꦩꦱ꧀ꦢꦩꦂꦱꦱꦶ(iku Ki Mas Damarsasi) ꦲꦶꦏꦸꦲꦸꦒꦠ꧀ꦥꦧꦥ(iku uga t[an]pa bapa) ꦥꦤꦱꦺꦲꦁꦭꦶꦭꦶꦮꦠꦶ(panasé angleliwati) ꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤ꧀ꦤꦱꦶꦤꦤ꧀ꦝꦶꦁ(ora kena sinandhing) ꦲꦶꦏꦸꦢꦺꦁꦲꦭꦭꦏꦸ(iku dè[ni]ng alelaku) ꦥꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦂꦕꦶꦤꦮꦼꦠꦤ꧀(pan tumper cinawetan) ꦥꦤꦱꦺꦲꦔ꧀ꦭꦶꦭꦶꦮꦠꦶ(panasé angleliwati) ꦠꦤ꧀ꦥꦧꦥ​ꦲꦶꦏꦸꦲꦫꦤ꧀ꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀(tanpa bapa iku aran Damarwulan )

(20) ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦺꦪꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦺꦢꦃ(yèn pun éyang boten tedah) ꦥꦼꦂꦤꦃꦲꦺꦱꦸꦢꦂꦩꦩꦩꦶ(pernahé sudarma mami) ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦏꦸꦭꦲꦩꦶꦠ꧀ꦏꦺꦱꦃ(pasthi kula amit késah) ꦩꦤ꧀ꦗꦶꦁꦮꦤꦤꦶꦧꦕꦸꦫꦶ(manjing wana niba curi) ꦩꦸꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦔꦂꦢꦶꦱꦸꦁꦔꦶꦭ꧀(munggah ing ardi sungil) ꦱꦸꦏꦩꦠꦶꦪꦮꦤꦒꦸꦁ(suka matia wana gung) ꦏꦶꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦠꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ(ki buyut angandika) ꦲꦣꦸꦃꦥꦸꦠꦸꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦏꦶ(adhuh putuningsun kaki) ꦲꦥꦤ꧀ꦱꦶꦫꦥꦸꦠꦸꦲꦢꦸꦮꦺꦱꦸꦢꦫ(apan sira putu aduwé sudara )

(21) ꦲꦥꦤ꧀ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦲꦸꦢꦫ(apan Ki Patih Udara) ꦥꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(pepatih ing Majapait) ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸꦫꦩꦤꦶꦫ(iya iku ramanira) ꦤꦁꦔꦶꦁꦲꦏꦼꦱꦃꦥꦿꦠꦥꦶ(nanging akésah pratapi) ꦧꦸꦃꦒꦺꦴꦤꦺꦩꦠꦶꦫꦒꦶ(buh goné mati ragi) ꦥꦤꦼꦣꦤꦺꦢꦺꦮꦲꦒꦸꦁ(panedhané Déwa Agung) ꦩꦸꦭꦤꦺꦲꦥꦿꦠꦥ(mulané apratapa) ꦲꦺꦴꦫꦏꦺꦠꦁꦠꦤ꧀ꦢꦿꦥꦠꦶ(ora kétang tandra pati) ꦱꦗꦠꦶꦤ꧀ꦤꦺꦲꦤꦥꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦶꦫ(sajatiné anapakaken ing sira )

(22) ꦤꦔꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦢꦸꦒꦲꦶꦁꦤꦭ(nanging sun duga ing nala) ꦫꦩꦤꦶꦫꦮꦸꦱ꧀​ꦔꦼꦩ꧀ꦩꦱ꧀ꦱꦶ(ramanira wus ngemasi) ꦱꦸꦥꦩꦶꦭꦩꦺꦴꦤ꧀ꦒꦼꦱꦁꦔ(supami lamon gesanga) ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦱꦺꦮꦸꦱ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦶ(énggal lawasé wus prapti) ꦢꦸꦏ꧀ꦭꦸꦁꦔꦤꦺꦥꦿꦠꦥꦶ(duk lungané pratapi) ꦤꦠ꧀ꦏꦭꦤ꧀ꦚꦶꦣꦩ꧀ꦲꦶꦧꦸꦩꦸ(natkala nyidham ibumu) ꦭꦒꦶꦤ꧀ꦚꦶꦣꦩ꧀ꦏꦮꦺꦴꦂꦫꦤ꧀(lagi nyidham kaworan) ꦩꦭꦃꦩꦁꦏꦺꦢꦺꦫꦺꦁꦥꦿꦥ꧀ꦠꦶ(malah mangké dèrèng prapti) ꦫꦩꦤꦶꦫꦠꦤ꧀ꦧꦸꦃꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦩꦠꦶꦫꦒ(ramanira tanbuh goné mati raga )

(23) ꦏꦶꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀ꦤꦁꦔꦸꦕꦥ꧀(Ki Damarwulan angucap) ꦲꦺꦪꦁꦏꦮꦸꦭꦲꦥ꧀ꦥꦩꦶꦠ꧀(éyang kawula apamit) ꦲꦔꦸꦭꦂꦫꦶꦣꦠꦼꦁꦫꦩ(angulari dhateng rama) ꦲꦤ꧀ꦗꦗꦃꦒꦸꦮꦏꦁꦱꦶꦁꦔꦶꦠ꧀(anjajah guwa kang singit) ꦩꦶꦒꦃꦲꦶꦁꦔꦂꦢꦶꦱꦸꦔꦶꦭ꧀(mi[ng]gah ing ardi sungil) ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦩꦠꦶꦪꦮꦏ꧀ꦏꦶꦁꦱꦸꦤ꧀(nadyan matia wak ingsun) ꦏꦶꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦠꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ(ki buyut angandika) ꦮꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦺꦲꦫꦸꦩꦩꦤꦶꦱ꧀(wuwusé arum amanis) ꦲꦗꦭꦸꦁꦔꦥꦸꦤ꧀ꦤꦺꦪꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦥ(aja lunga pun éyang dados punapa )

(24) ꦧꦭꦶꦏ꧀ꦱꦶꦫꦔꦮꦸꦭꦲ(balik sira ngawulaa) ꦩꦿꦶꦁꦤꦒꦫꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(mring nagara Majapait) ꦱꦢꦸꦭꦸꦫꦺꦫꦩꦤꦶꦫ(saduluré ramanira) ꦥꦤ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦥꦠꦶꦃ(pan maksih dados pepatih) ꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(ana{ng} ing Majapait) ꦥꦠꦶꦃꦭꦺꦴꦒꦼꦤ꧀ꦢꦺꦂꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(Patih Logendèr ranipun) ꦫꦩꦤꦶꦫꦏꦁꦠꦸꦮ(ramanira kang tuwa) ꦥꦠꦶꦃꦭꦺꦴꦒꦼꦤ꧀ꦢꦺꦂꦏꦁꦫꦪꦶ(Patih Logendèr kang rayi) ꦤꦁꦔꦶꦁꦱꦶꦫꦥꦸꦠꦸꦢꦺꦤ꧀ꦧꦶꦱꦔꦮꦸꦭ(nanging sira putu dèn bisa ngawula )

(25) ꦮꦼꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦶꦫ(wewekas ingsun ing sira) ꦩꦤꦮꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦭꦭꦶ(manawa ki patih lali) ꦏꦭꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦮꦶꦧꦮꦤ꧀(kalingan ing kawibawan) ꦮꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦗꦩꦤ꧀ꦩꦁꦏꦶꦤ꧀(wantuning wong jaman mangkin) ꦤꦸꦭꦶꦒꦼꦭꦶꦱ꧀ꦱꦩꦸꦭꦶꦃ(nuli gelisa mulih) ꦲꦗꦱꦶꦫꦥꦫꦶꦏꦸꦢꦸ(aja sira parikudu) ꦏꦁꦮꦪꦃꦲꦠꦸꦂꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃ(kang wayah atur sembah) ꦲꦶꦔꦺꦪꦃꦤꦸꦭꦾꦔꦸꦤ꧀ꦗꦸꦁꦔꦶ(ing éya[ng] nulya ngunjungi) ꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦫꦲꦤ꧀ꦢꦸꦭꦸꦲꦱ꧀ꦩꦸꦏꦫꦸꦤ(ibunira andulu asmu karuna )

(26) ꦏꦁꦔꦶꦧꦸꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦁꦔꦸꦕꦥ꧀(kang ibu alon angucap) ꦲꦭꦥꦪꦸꦩꦸꦭꦶꦣꦶꦔꦶꦤ꧀(ala pay[o] muli[h] dhingin) ꦲꦼꦩꦱ꧀ꦱꦶꦫꦧꦸꦱꦤꦲ(emas sira busanaa) ꦲꦶꦱꦥꦠꦸꦠ꧀ꦠꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀(i[ng] sapatuté wong miskin) ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦲꦏꦺꦃꦔꦺꦱꦼꦩ꧀ꦩꦶ(pasthi akèh ngèsemi) ꦏꦁꦲꦺꦴꦫꦣꦼꦩꦼꦤ꧀ꦩꦫꦶꦁꦱꦸꦤ꧀(kang ora dhemen maringsun) ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦁꦒꦺꦴꦲꦭ(yèn sira nganggo ala) ꦥꦤ꧀ꦤꦿꦩꦤꦶꦫꦏꦫꦶꦲꦶꦤ꧀(pan ramanira karihin) ꦩꦶꦭꦸꦏꦂꦪꦤꦒꦫꦲꦶꦁꦩꦗꦊꦁꦏ(milu karya nagara ing Majalengka )

(27) ꦏꦶꦤꦩ꧀ꦥꦸꦮꦤ꧀ꦗꦶꦒꦩꦱ(kinampuhan ji[ng]ga masa) ꦫꦶꦤꦺꦗꦺꦁꦠꦸꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦺꦲꦢꦶ(rinèjèng tumpalé adi) ꦲꦏꦸꦭꦸꦏ꧀ꦏꦶꦤꦤꦶꦒꦫ(akuluk kinanigara) ꦭꦤ꧀ꦕꦶꦁꦔꦤ꧀ꦱꦼꦏꦂꦧꦭꦶꦁꦧꦶꦁ(lancingan sekar balingbing) ꦲꦱꦧꦸꦏ꧀ꦕꦶꦤ꧀ꦝꦺꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀(asabuk cindhé ringgit) ꦲꦸꦏꦶꦂꦫꦤ꧀ꦕꦸꦭꦱꦶꦤꦼꦩꦸ(ukiran cula sinemu) ꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭꦤ꧀ꦕꦶꦤꦫꦁꦕꦁ(kandelan cinaran{g}cang) ꦲꦁꦔꦸꦕꦥ꧀ꦤꦶꦥꦿꦩꦺꦱꦾꦫꦶ(angucap ni pramèsyari) ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦧꦧꦸꦲꦤꦏ꧀ꦏꦺꦱꦶꦧꦶꦪꦁ(bagus temen babu anaké si biyang )

(28) ꦤꦶꦫꦁꦣꦲꦶꦁꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧ(ni rangdha ing Paluamba) ꦮꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦺꦲꦫꦸꦩꦩꦤꦶꦱ꧀(wuwusé arum amanis) ꦲꦣꦸꦃꦤ꧀ꦚꦮꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦁꦮꦁ(adhuh nyawa anak ingwang) ꦲꦗꦱꦶꦫꦭꦩꦶꦭꦩꦶ(aja sira lami-lami) ꦤꦸꦭꦶꦒꦼꦭꦶꦱ꧀ꦱꦩꦸꦭꦶꦃ(nuli gelisa mulih) ꦢꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦥꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦧꦸ(dadi punapa pun ibu) ꦫꦩꦤꦶꦫꦲꦶꦁꦏꦸꦤ꧀ꦤ(ramanira ing kuna) ꦠꦶꦭꦂꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃ(tilar panakawan kalih) ꦱꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦪꦒꦺꦁꦒꦺꦴꦁꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦤ(Sabdapalon Nayagénggong ti{ni}mbalana )

(29) ꦏꦁꦏꦶꦤꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ(kang kinèn sampun lumampah) ꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦥꦮꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃ(nimbali pawongan kalih) ꦏꦶꦤꦪꦒꦺꦁꦒꦺꦴꦁꦥꦸꦤꦶꦏ(Ki Nayagénggong punika) ꦏꦶꦱꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦏꦥꦁꦒꦶꦃ(Ki Sabdapalon kapanggih) ꦲꦤꦺꦁꦱꦺꦴꦂꦫꦶꦁꦮꦫꦶꦁꦔꦶꦤ꧀(anèng soring waringin) ꦥꦤ꧀ꦱꦶꦮꦼꦒ꧀ꦱꦩꦶꦲꦣꦣꦸ(pan siweg sami adhadhu) ꦥꦮꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦤꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦺꦴꦗꦂ(pawongan alon mojar) ꦤꦪꦒꦺꦁꦒꦺꦴꦁꦢꦶꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦶ(Nayagénggong ditimbali) ꦭꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦱꦧ꧀ꦢꦥꦣꦢꦶꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏꦼꦏꦼꦧꦠ꧀ꦠꦤ꧀(lan man Sabda padha dikon kekebatan )

(30) ꦏꦶꦱꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦁꦔꦸꦕꦥ꧀(Ki Sabdapalon angucap) ꦲꦤꦒꦮꦺꦲꦥꦲꦶꦏꦶ(ana gawé apa iki) ꦲꦶꦔꦺꦴꦁꦧꦶꦧꦶꦭꦒꦶꦏꦭꦃ(ingong bibi lagi kalah) ꦤꦪꦒꦺꦁꦒꦺꦴꦁꦲꦁꦭꦶꦁꦔꦫꦶꦱ꧀(Nayagénggong angling aris) ꦩꦁꦱꦧꦢꦲꦲꦶꦏꦶ(mangsab[o]d[ho]a iki) ꦮꦸꦱ꧀ꦩꦪꦸꦥꦣꦭꦸꦩꦏꦸ(wus mayu padha lumaku) ꦤꦸꦭꦶꦱꦉꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ(nuli sareng lumampah) ꦲꦶꦁꦥꦺꦴꦠꦸꦱꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦁ(ing potusan sampun kéring) ꦤꦸꦭꦾꦥꦿꦥ꧀ꦠꦲꦶꦔꦂꦱꦤꦺꦥꦿꦩꦺꦱꦾꦫ(nulya prapta ing ngarsané pramèsyara )

(31) ꦏꦁꦔꦶꦧꦸꦲꦫꦶꦱ꧀​ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ(kang ibu aris ngandika) ꦱꦼꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢꦶꦲꦧꦼꦕꦶꦏ꧀(Sebdapalon diabecik) ꦤꦪꦒꦺꦁꦒꦺꦴꦁꦢꦶꦥꦿꦪꦠ꧀ꦤ(Nayagénggong diprayatna) ꦥꦣꦢꦺꦤ꧀ꦤꦔꦠꦶꦲꦠꦶ(padha dèn angati-ati) ꦔꦶꦫꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦸꦲꦶꦏꦶ(ngiring gustimu iki) ꦱꦼꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦸꦭꦾꦩꦠꦸꦂ(Sebdapalon nulya matur) ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦼꦤ꧀ꦢꦫꦏꦸꦭ(inggih bendara kula) ꦲꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ(ajeng lumampah ing pundi) ꦥꦿꦩꦾꦺꦱꦾꦫꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦿꦶꦁꦩꦗꦊꦁꦏ(pram{y}èsyara ngandika mring Majalengka )

(32) ꦲꦉꦥ꧀ꦩꦊꦔꦮꦸꦭ(arep male[bu] ngawula) ꦲꦶꦁꦥꦩꦤ꧀ꦤꦤꦺꦏꦶꦥꦠꦶꦃ(ing pamanané ki patih) ꦲꦶꦁꦗꦿꦺꦴꦏꦸꦛꦩꦗꦊꦏ(ing jro kutha Majale[ng]ka) ꦱꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂꦫꦫꦶꦱ꧀(Sabdapalon matur aris) ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦮꦸꦭꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ(inggih kawula gusti) ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦱꦁꦔꦸ(sampéyan paringi sangu) ꦏꦸꦭꦢꦺꦫꦺꦁꦱꦼꦱꦫꦥ꧀(kula dèrèng sesarap) ꦏꦭꦶꦃꦱꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦤ꧀ꦢꦶ(kalih sata ingkang mandi) ꦱꦼꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀​ꦕꦫꦺꦕꦺꦠ꧀ꦠꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦭꦂ(Sebdapalon carècèté dipun gelar )

(33) ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦱꦶꦤꦔꦺꦴꦤꦤ꧀(sampun sira sinangonan) ꦮꦲꦸꦥꦤꦏꦮꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃ(wau panakawan kalih) ꦤꦪꦒꦺꦁꦒꦺꦴꦁꦧꦺꦴꦁꦒꦺꦴꦭ꧀ꦮꦣꦁ(Nayagénggong bonggol wadhang) ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦼꦱꦫꦥ꧀ꦥꦶꦁꦩꦂꦒꦶ(damel sesarap ing margi) ꦥꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦶꦱꦭꦶꦤ꧀(pan sampun pinisalin) ꦥꦤꦼꦏꦮꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀(pan[a]kawan kalihipun) ꦲꦤꦸꦭꦾꦱꦉꦁꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ(anulya sareng nembah) ꦮꦲꦸꦣꦠꦼꦁꦥꦿꦩꦺꦱꦾꦫꦶ(wau dhateng pramèsyari) ꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀​ꦲꦁꦔꦸꦤ꧀ꦗꦸꦁꦔꦶꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦫ(Damarwulan angunjungi ibunira )

(34) ꦏꦁꦔꦶꦧꦸꦲꦫꦶꦱ꧀​ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ(kang ibu aris ngandika) ꦱꦼꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦮꦼꦏꦱ꧀ꦩꦩꦶ(Sebdapalon wekas mami) ꦱꦸꦤ꧀ꦏꦂꦪꦏꦼꦂꦠꦮꦢꦤ꧀ꦤ(sun karya kerta wadana) ꦏꦂꦠꦲꦸꦥꦩꦤꦺꦲꦺꦱ꧀ꦛꦶ(karta upamané èsthi) ꦮꦢꦤꦭꦶꦂꦱꦫꦠꦶ(wadana lir sarati) ꦢꦺꦤ꧀ꦧꦶꦱꦲꦁꦫꦏ꧀ꦱꦏꦺꦮꦸꦃ(dèn bisa angraksa kéwuh) ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦺꦤꦏ꧀ꦏꦗꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ(yèn énak ajokena) ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦸꦢꦸꦢꦸꦂꦉꦤ꧀ꦤꦱꦶꦁꦒꦶꦃ(yèn dudu durena singgih) ꦥꦺꦴꦩꦥꦺꦴꦩꦢꦺꦤ꧀ꦧꦶꦱꦲꦗꦥꦺꦥꦺꦏ(poma-poma dèn bisa aja pepéka )

(35) ꦏꦶꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦺꦱꦃ(Ki Damarwulan wus késah) ꦱꦼꦗꦩꦫꦶꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(seja maring Majapait) ꦥꦤꦏꦮꦤꦺꦤꦺꦁꦮꦸꦤ꧀ꦠꦠ꧀(panakawané nèng wuntat) ꦢꦠꦤ꧀ꦏꦮꦂꦤꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ(datan kawarna ing margi) ꦲꦏꦛꦃꦏꦁꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶ(akathah kang ningali) ꦲꦶꦁꦮꦂꦤꦤꦺꦏꦁꦭꦸꦩꦏꦸ(ing warnané kang lumaku) ꦗꦼꦗꦼꦥ꧀ꦭꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦭꦼꦭꦁꦔꦏ꧀(jejeplak lan lelangak) ꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦺꦁꦭꦮꦤ꧀ꦢꦸꦢꦸꦁꦔꦶꦏ꧀(memondrèng lawan dedungik) ꦲꦫꦤ꧀ꦠꦧꦤ꧀ꦗꦼꦧ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦤꦭꦸꦫꦤ꧀(arantaban jeblogan lawan aluran )

(36) ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺꦗꦼꦧ꧀ꦭꦺꦴꦒꦤ꧀ꦤꦿꦁꦣ(tegesé jeblogan rangdha) ꦲꦭꦸꦫꦤ꧀ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦥꦭꦏꦶ(aluran kerep alaki) ꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦺꦁꦲꦶꦏꦸꦱꦺꦴꦩꦃꦲꦤ꧀(memondrèng iku somahan) ꦢꦸꦢꦸꦁꦔꦶꦏ꧀ꦥꦫꦮꦤ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦛꦶ(dedungik parawan sunthi) ꦲꦭꦩ꧀ꦮꦺꦴꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(alam wong Majapait) ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦠꦤꦺꦥꦫꦧꦸꦪꦸꦠ꧀(wus tatané para buyut) ꦗꦼꦗꦼꦥ꧀ꦭꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦭꦭꦁꦔꦏ꧀(jejeplak lan lelangak) ꦲꦤꦺꦁꦩꦂꦒꦠꦶꦁꦏꦂꦫꦶꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀(anèng marga ting karintip) ꦲꦠꦤꦥꦶꦧꦧꦏꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦺꦮꦫ(atanapi bebakul lan sambéwara )

(37) ꦣꦱꦂꦮꦺꦴꦁꦧꦒꦸꦱ꧀ꦱꦸꦠꦩ(dhasar wong bagus utama) ꦮꦂꦤꦤꦶꦫꦢꦩꦂꦱꦱꦶ(warnanira Damarsasi) ꦲꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦗꦗꦮꦠ꧀(agung ingkang ajejawat) ꦲꦏꦺꦃꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿꦺꦁꦲꦁꦔꦶꦤ꧀ꦛꦶꦭ꧀(akèh memondrèng anginthil) ꦮꦺꦴꦁꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦭꦶꦁꦔꦫꦶꦱ꧀(wong dodol a[ng]ling aris) ꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂꦫꦲꦶꦁꦣꦱꦂꦲꦶꦱꦸꦤ꧀(mampira ing dhasar i[ng]sun) ꦧꦠꦸꦂꦫꦺꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦭ꧀ꦔꦸꦕꦥ꧀(baturé dodol ngucap) ꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂꦫꦲꦶꦁꦣꦱꦂꦩꦩꦶ(mampira ing dhasar mami) ꦢꦢꦾꦠꦸꦏꦂꦮꦮꦫꦸꦁꦥꦠꦶꦧꦫꦏ꧀ꦏꦿꦏ꧀(dadya tukar wewarung pati[ng] burakrak )

(38) ꦏꦶꦱꦼꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦿꦫꦪꦃ(Ki Sebdapalon rerayah) ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦲꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦢꦶꦏꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦠꦶ(ondhé-ondhé dikandhuti) ꦲꦩ꧀ꦧꦉꦤ꧀ꦢꦸꦁꦮꦼꦠꦼꦁꦔꦶꦫ(amba[l]endung wetengira) ꦤꦪꦒꦺꦴꦁꦲꦤ꧀ꦗꦸꦥꦺꦴꦏꦶ(Naya[geng]gong anjup[u]ki) ꦲꦩ꧀ꦥꦾꦁꦭꦮꦤ꧀ꦱꦼꦫꦧꦶ(ampyang lawan serabi) ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦤꦁꦔꦤ꧀​ꦔꦩꦸꦏ꧀ꦏꦩꦸꦏ꧀(wus pinangan ngamuk-amuk) ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺꦢꦸꦭꦺꦮꦺꦂꦫꦤ꧀(awaké duléwéran) ꦭꦼꦕꦠ꧀ꦠꦺꦔꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦒꦼꦭꦭꦶ(lecaté ngandhut gelali) ꦏꦁꦣꦣꦱꦂꦱꦩꦾꦠꦸꦭꦸꦁꦠꦶꦤꦸꦭꦸꦁꦔꦤ꧀(kang dhedhasar samya tulung-tinulungan )

(39) ꦱꦮꦤꦺꦃꦲꦤꦗꦗꦮꦠ꧀(sawanèh ana jejawat) ꦮꦸꦮꦸꦱꦺꦲꦤ꧀ꦚꦭꦮꦢꦶ(wuwusé anyalawadi) ꦏꦶꦲꦼꦩꦱ꧀ꦢꦶꦏꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂꦫ(ki emas dika mampira) ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦕꦮꦶꦱꦶ(sampun kawula cawisi) ꦱꦸꦱꦸꦩ꧀ꦥꦶꦁꦱꦸꦫꦺꦁꦥꦠꦶ(sesumping surèngpati) ꦩꦢꦠ꧀ꦱꦥꦕꦺꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(madat sapacétanipun) ꦲꦸꦢꦸꦢ꧀ꦢꦫꦺꦴꦏꦺꦴꦏ꧀ꦢꦮ(ududa rokok dawa) ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦗꦺꦴꦒꦶꦩꦼꦤ꧀ꦚꦤ꧀ꦥꦸꦠꦶꦃ(wus sun jogi menyan putih) ꦱꦸꦤ꧀ꦏꦼꦧꦸꦠꦶꦮꦺꦴꦁꦧꦒꦸꦱ꧀ꦝꦲꦫꦮꦺꦢꦁ(sun kebuti wong bagus dhahara wédang )

(40) ꦱꦮꦤꦺꦃꦲꦤꦲꦁꦔꦕꦥ꧀(sawanèh ana ang[u]cap) ꦲꦺꦴꦫꦧꦱꦩꦩ꧀ꦧꦸꦲꦠꦶ(ora basa mambu ati) ꦏꦶꦗꦏꦠꦶꦭꦂꦱꦱꦤ(Ki Jaka tilar sasana) ꦲꦒꦮꦺꦫꦱꦤꦶꦁꦔꦠꦶ(agawé rasaning ati) ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦏꦲꦱꦼꦥꦶ(pasthi ika asepi) ꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀(Paluamba kembangipun) ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦱꦸꦮꦸꦁꦏꦺꦮꦭ(pasthi suwung kéwala) ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦱꦃꦏꦶꦢꦩꦂꦱꦱꦶ(yèn késah Ki Damarsasi) ꦲꦺꦴꦫꦤꦤ​ꦧꦼꦧꦤ꧀ꦛꦺꦁꦔꦤ꧀ꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧ꧈(ora nana bebanthéngan Paluamba )

(41) ꦲꦤꦩꦤꦶꦁꦏꦁꦗꦗꦮꦠ꧀(ana maning kang jejawat) ꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂꦫꦲꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦩꦩꦩꦶ(mampira ing wisma mami) ꦱꦸꦤ꧀ꦕꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦣꦣꦲꦂꦫꦤ꧀(sun cawisi dhedhaharan) ꦔꦶꦤꦼꦥ꧀ꦥꦠꦼꦏꦱꦮꦼꦔꦶ(nginepa teka sawengi) ꦏꦶꦲꦼꦩꦱ꧀ꦢꦩꦂꦱꦱꦶ(Ki emas Damarsasi) ꦭꦸꦔꦢꦒꦁꦭꦏꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀(lunga dagang lakiningsun) ꦠꦸꦮꦫꦸꦥꦤꦺꦲꦭ(tuwa rupané ala) ꦲꦏꦼꦉꦁꦧꦫꦶꦩꦢꦠ꧀ꦠꦶ(akereng bari madati) ꦥꦤꦼꦣꦏꦸꦲꦗꦏꦺꦴꦁꦱꦶꦩꦸꦭꦶꦃꦮꦶꦱ꧀ꦩ(panedhaku aja kongsi mulih wisma )


(42) ꦲꦤꦱꦮꦶꦗꦶꦲꦁꦔꦸꦕꦥ꧀(ana sawiji angucap) ꦩꦩ꧀ꦥꦶꦂꦫꦮꦼꦮꦫꦸꦁꦩꦩꦶ(mampira wewarung mami) ꦛꦼꦛꦺꦁꦔꦺꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧ(thethèngèling Paluamba) ꦲꦁꦔꦶꦤꦁꦔꦗꦩ꧀ꦧꦺꦮꦁꦔꦶ(anginanga jambé wangi) ꦱꦠꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦩꦤ꧀ꦢꦶ(sata kang luwih mandi) ꦱꦸꦫꦸꦃꦕꦤꦁꦲꦥꦸꦕꦩ꧀ꦥꦸꦂ(suruh canang apu campur) ꦱꦮꦤꦺꦃꦲꦤꦔꦸꦕꦥ꧀(sawanèh ana ngucap) ꦮꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦺꦲꦱꦼꦩꦸꦠꦁꦔꦶꦱ꧀(wuwusé asemu tangis) ꦥꦤ꧀ꦤꦠꦺꦩ꧀ꦧꦏ꧀​ꦲꦒꦼꦧꦒꦤ꧀ꦤꦫꦤ꧀ꦠꦧꦤ꧀(pan atémbak agebagan arantaban )

(43) ꦏꦶꦱꦼꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦁꦮꦸꦤ꧀ꦠꦠ꧀(Ki Sebdapalon nèng wuntat) ꦲꦕꦶꦁꦕꦶꦁꦲꦮꦒꦼꦠ꧀ꦏꦸꦥꦶꦁ(acingcing awaget kuping) ꦧꦿꦲꦭꦤꦺꦏꦸꦭꦮꦺꦫꦤ꧀(brahalané kulawéran) ꦫꦸꦤ꧀ꦠꦶꦏ꧀ꦱꦏꦺꦃꦲꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶ(runtik sakèh aningali) ꦧꦪꦲꦶꦏꦮꦺꦴꦁꦧꦫꦶꦁ(baya ika wong baring) ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺꦴꦭ꧀ꦭꦺꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦒꦸꦩꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀(kontholé katon gumandhul) ꦱꦼꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦁꦔꦸꦕꦥ꧀(Sebdapalon angucap) ꦢꦶꦥꦿꦩꦤꦲꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶ(dipramana aningali) ꦲꦶꦪꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦔꦺꦴꦁꦩꦭꦏꦸꦭꦺꦭꦺꦤ꧀ꦝꦺꦏ꧀ꦏꦤ꧀(iya mengko ngong malaku lelèndhekan )

(44) ꦲꦤꦥꦫꦮꦤ꧀ꦤꦁꦔꦸꦕꦥ꧀(ana parawan angucap) ꦱꦶꦣꦼꦁꦏꦃꦏꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺꦴꦭ꧀ꦭꦺꦱꦁꦭꦶꦂ(si dhengkah kontholé sanglir) ꦏꦶꦱꦼꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦁꦔꦸꦕꦥ꧀(Ki Sebdapalon angucap) ꦲꦥꦱꦁꦭꦶꦂꦱꦁꦭꦶꦂꦲꦶꦏꦶ(apa sanglir-sanglir iki) ꦤꦶꦮꦸꦭꦤ꧀ꦗꦂꦤꦲꦸꦫꦶ(ni wulanjar nauri) ꦤ꧀ꦚꦠꦪꦺꦤ꧀ꦱꦁꦭꦶꦂꦏꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺꦴꦭ꧀ꦩꦸ(nyata yèn sanglir kontholmu) ꦱꦧ꧀ꦢꦥꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦁꦔꦸꦕꦥ꧀(Sabdapalon angucap) ꦭꦩꦺꦴꦤ꧀ꦠꦗꦼꦩ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺꦴꦭ꧀ꦩꦩꦶ(lamon tajem konthol mami) ꦭꦫꦁꦲꦸꦪꦃꦩꦸꦫꦃꦧꦼꦫꦱ꧀ꦩꦗꦊꦁꦏ(larang uyah murah beras Majalengka )

(45) ꦢꦠꦤ꧀ꦏꦮꦂꦤꦲꦶꦁꦩꦂꦒ(datan kawarna ing marga) ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(wus prapta ing Majapait) ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦺꦏꦶꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀(lampahé Ki Damarwulan) ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦢꦊꦩꦺꦏꦶꦥꦠꦶꦃ(jujug dalemé ki patih) ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦊꦧꦸꦏꦺꦴꦫꦶ(sampun malebu kori) ꦏꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦥꦫꦺꦒꦺꦴꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(kandheg parégolanipun) ꦩꦁꦭꦺꦴꦁꦩꦁꦭꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦭꦮꦁ(manglong-manglong ing lawang) ꦮꦲꦸꦫꦢꦺꦤ꧀ꦢꦩꦂꦱꦱꦶ(wau Radèn Damarsasi) ꦏꦁꦠꦸꦩꦷꦔꦭ꧀ꦥꦣꦔꦼꦩꦸꦒꦸꦭꦢꦿꦮ(kang tumingal padha ngemu guladrawa )

↑ ↑ ↑

← 02   04 →