꧄( 1 )
ꦧꦥꦥꦠꦶꦃꦩꦤꦶꦫꦏꦢꦾꦥꦸꦤꦥ( bapa patih manira kadya punapa ) ꧈
ꦫꦺꦃꦲꦶꦱꦸꦤ꧀ꦤꦿꦠꦸꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ( rèh i[ng]sun ratu èstri ) ꧈
ꦲꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦫꦩ( agentèni rama ) ꧈
ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦩꦤꦶꦫ( tulus jeneng manira ) ꧈
ꦲꦸꦩꦠꦸꦂꦉꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃ( umatur rekyana patih ) ꧈
ꦲꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦢꦸꦏ( anuhun duka ) ꧈
ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦏꦗꦶ( pukulun panduka ji )
꧄( 2 )
ꦗꦁꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦥꦏꦶꦤꦏꦶꦤ( jangkanipun ingkang tapa kina-kina ) ꧈
ꦲꦗꦂꦭꦮꦤ꧀ꦮꦮꦱꦶꦃ( ajar lawan wewasi{h} ) ꧈
ꦩꦶꦮꦃꦏꦁꦧꦸꦗꦁꦒ( miwah kang bujangga ) ꧈
ꦧꦸꦪꦸꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦫꦩꦺꦤꦏ꧀( buyut lan para ménak )
ꦲꦤꦢꦺꦤꦺꦏꦔ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃ( anadéné kang wus luwih ) ꧈
ꦱꦩꦶꦲꦗꦁꦏ( sami ajangka ) ꧈
ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦏꦲꦗꦶ( tulus panduka aji )
꧄( 3 )
ꦲꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦮꦲꦸꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦮꦤꦺꦴꦢꦾ( angandika wau Sang Prabu Wanodya ) ꧈
ꦤꦒꦫꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀( nagara Majapait )
ꦒꦼꦩꦃꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶꦧꦥ( gemah endi bapa ) ꧈
ꦩꦁꦏꦺꦭꦚ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦤ( mangké lan jaman kina ) ꧈
ꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶꦲꦏꦺꦃꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶ( lan wong cili[k] akèh endi ) ꧈
ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦤ( kalihan kina ) ꧈
ꦩꦠꦸꦂꦉꦏꦾꦤꦥꦠꦶ( matur rekyana pati[h] )
꧄( 4 )
ꦒꦼꦩꦃꦩꦁꦏꦶꦤ꧀ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦸꦤ( gemah mangkin pukulun lawan ing kuna ) ꧈
ꦠꦤ꧀ꦤꦥꦶꦮꦢꦾꦲꦭꦶꦠ꧀( tanapi wadya alit )
ꦏꦭꦤꦺꦥꦸꦤꦶꦏ( kalané punika ) ꧈
ꦲꦶꦁꦱꦠꦶꦔꦭ꧀ꦏꦮꦸꦭ( ing satingal kawula ) ꧈
ꦲꦱꦸꦏꦱꦸꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦁꦕꦶꦭꦶ( asuka sugih wong cili[k] ) ꧈
ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦏꦼꦤ꧀ꦚ( Sang Prabu Kenya )
ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦱꦗꦿꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦠꦶ( mèsem sajroning ati ) ꧈
꧄( 5 )
ꦏꦺꦤ꧀ꦤꦥꦠꦶꦃꦲꦸꦩꦠꦸꦂꦫꦗꦗꦸꦮꦶꦠ( kèn apatih umatur raja juwita ) ꧈
ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦏꦗꦶ( pukulun panduka ji ) ꧈
ꦏꦮꦸꦭꦠꦩꦶꦪꦤ( kawula tamian ) ꧈
ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦁꦔꦃꦱꦩꦸꦢꦿ( wonten tengah samudra ) ꧈
ꦧꦲꦶꦠꦏꦥꦭ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ( baita kapal kekalih ) ꧈
ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦺꦴꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀( ingkang potusan )
ꦫꦠꦸꦮꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦁꦒꦿꦶꦱ꧀( Ratu Wandhan lan Anggris )
꧄( 6 )
ꦱꦼꦗꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦤꦂꦫꦲꦁꦔ꧀ꦭꦩꦂ( sejanipun pukulun arsa anglamar ) ꧈
ꦲꦁꦔꦼꦧꦸꦤ꧀ꦤꦼꦧꦸꦤ꧀ꦤꦺꦤ꧀ꦗꦶꦁ( angebun-ebun énjing ) ꧈
ꦣꦠꦼꦁꦱꦿꦶꦤꦭꦺꦤ꧀ꦢꦿ( dhateng sri naléndra ) ꧈
ꦲꦁꦔꦠꦸꦂꦫꦶꦧꦫꦤ( angaturi barana ) ꧈
ꦏꦛꦃꦲꦺꦱꦭꦮꦺꦏꦼꦛꦶ( kathahé salawé kethi ) ꧈
ꦩꦸꦒꦏꦠꦸꦂꦫ( muga katura ) ꧈
ꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦏꦗꦶ( pukulun pandukaji ) ꧈
꧄( 7 )
ꦲꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦮꦲꦸꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦮꦤꦺꦴꦢꦾ( angandika wau Sang Prabu Wanodya ) ꧈
ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦂꦱꦏꦿꦩꦶ( ingsun tan arsa krami ) ꧈
ꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦲꦤꦧꦥ( ngendi ana bapa ) ꧈
ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦭꦸꦩꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦿꦶꦪ( èstri lumuh ing priya ) ꧈
ꦧꦺꦤ꧀ꦗꦁꦩꦤ꧀ꦤꦶꦫꦲꦏꦿꦩꦶ( bénjang manira akrami ) ꧈
ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦁꦱꦭ꧀ꦠꦶꦁꦔꦭ꧀( yèn angsal tingal )
ꦲꦶꦏꦁꦥꦤꦸꦗꦸꦔꦠꦶ( ikang panuju ngati ) ꧈
꧄( 8 )
ꦩꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦂꦱꦲꦏꦿꦩ( milanipun ingsun tan arsa akrama ) ꧈
ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶ( yèn ingsun aningali ) ꧈
ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦩꦗꦊꦁꦏ( mantri Majalengka ) ꧈
ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦪꦏꦺꦴꦩ꧀ꦧꦭ( ingkang kaya kombala ) ꧈
ꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦒꦼꦁꦲꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀( kang sami ageng ainggil )
ꦏꦁꦱꦶꦩ꧀ꦧꦂꦣꦣ( kang simbar dhadha ) ꧈
ꦭꦶꦂꦢꦸꦭꦸꦥꦣꦲꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶ( lir dulu padha istri ) ꧈
꧄( 9 )
ꦧꦭꦺꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦤꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦺꦫꦠꦸꦮꦤ꧀ꦝ( balèkena utusané Ratu Wandha[n] ) ꧈
ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦤꦿꦠꦸꦲꦁꦒꦿꦶꦱ꧀( kalawan Ratu Anggris )
ꦏꦫꦺꦴꦧꦭꦺꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦤ( karo balèkena ) ꧈
ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦂꦱꦏꦿꦩ( ingsun tan arsa krama ) ꧈
ꦱꦸꦩꦁꦏꦺꦪꦤ꧀ꦤꦿꦠꦸꦱꦸꦒꦶꦃ( sumangkéyan ratu sugih ) ꧈
ꦔꦠꦸꦂꦫꦶꦧꦿꦤ( ngaturi brana ) ꧈
ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦒꦶꦃꦥꦿꦶꦧꦢꦶ( ingsun sugih pribadi ) ꧈
꧄( 10 )
ꦧꦥꦥꦠꦶꦃꦲꦭꦃꦱꦶꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦿꦪꦠ꧀ꦤ( bapa patih alah sira dèn prayatna ) ꧈
ꦩꦤꦮꦶꦲꦁꦔꦭꦤ꧀ꦤꦶ( manawi angalani ) ꧈
ꦧꦠꦸꦂꦗꦒꦧꦺꦭ( batur jagabéla ) ꧈
ꦭꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦗꦶꦤꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀( lawan wong kajineman )
ꦧꦠꦸꦂꦏꦸꦮꦺꦴꦁꦢꦸꦫꦥꦠꦶ( baturku wong Durapati ) ꧈
ꦭꦃꦲꦸꦤ꧀ꦝꦁꦔꦤ꧀ꦤ( lah undhangana ) ꧈
ꦏꦧꦺꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦼꦭꦶꦱ꧀( kabèh dipun agelis )
꧄( 11 )
ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦠꦸꦁꦒꦸꦠꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦤ꧀( timbalana ingkang atunggu tampingan )
ꦱꦏꦺꦃꦩꦤ꧀ꦕꦤꦼꦒꦫꦶ( sakèh mancanegari ) ꧈
ꦱꦶꦲꦢꦶꦥꦠꦶꦢꦲ( Si {A}dipati Daha ) ꧈
ꦲꦕꦲꦺꦴꦱ꧀ꦤꦒꦒꦩꦤ꧀ ( acaosa gegaman )
ꦥꦠꦿꦺꦴꦭ꧀ꦭꦤꦠꦼꦥꦶꦱ꧀ꦮꦶꦫꦶꦁ( patrolana tepis wiring ) ꧈
ꦫꦏ꧀ꦱꦠꦩ꧀ꦥꦶꦁꦔꦤ꧀( raksa tampingan )
ꦥꦣꦢꦶꦁꦔꦠꦶꦲꦠ꧀ꦠꦶ( padha dingati-ati ) ꧈
꧄( 12 )
ꦱꦶꦒꦿꦧꦸꦧꦂꦥꦿꦧꦸꦮꦤꦺꦴꦢꦾꦱꦶꦤꦺꦧ( sigra bubar Prabu Wanodya sinéba ) ꧈
ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦫꦶ( malebet dalem puri ) ꧈
ꦏꦢꦶꦧꦿꦮꦶꦗꦪ( kadi Brawijaya ) ꧈
ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦫꦶꦁꦧꦶꦪꦢ( dipun iring biyada ) ꧈
ꦩꦸꦁꦱꦶꦫꦶꦏ꧀ꦏꦫꦠꦸꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ( mung sirika ratu èstri ) ꧈
ꦢꦠꦤ꧀ꦏꦮꦂꦤ꧀ꦤ( datan kawarna ) ꧈
ꦲꦶꦏꦁꦩꦊꦧꦸꦥꦸꦫꦶ( ikang malebu puri ) ꧈
꧄( 13 )
ꦲꦭꦸꦮꦂꦫꦤ꧀ꦱꦒꦸꦁꦔꦶꦁꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦲꦱꦺꦧ( aluwaran sagunging mantri aséba ) ꧈
ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦩꦸꦭꦶꦃ( ki patih mundur mulih ) ꧈
ꦲꦶꦁꦔꦶꦫꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦤ꧀ꦚ( ingiring putranya ) ꧈
ꦫꦃꦲꦢꦺꦤ꧀ꦭꦪꦁꦱꦺꦠꦿ( Rahadèn Layangsétra ) ꧈
ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦭꦪꦁꦏꦸꦩꦶꦠꦶꦂ( kalawan Layangkumitir ) ꧈
ꦤꦶꦲꦤ꧀ꦗꦼꦱ꧀ꦩꦫ( Ni Anjesmara ) ꧈
ꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦏꦁꦮꦸꦫꦒꦶꦭ꧀( putrané kang wuragil )
꧄( 14 )
ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦪꦸꦤꦺꦤꦶꦲꦤ꧀ꦗꦼꦱ꧀ꦩꦫ( sakalangkung ayuné Ni Anjesmara ) ꧈
ꦮꦱꦶꦱ꧀ꦱꦭꦶꦫꦶꦁꦏꦂꦢꦶ( wasis saliring kardi ) ꧈
ꦮꦶꦒ꧀ꦚꦩꦼꦩꦫꦢ( wignya memarada ) ꧈
ꦤꦺꦴꦁꦏꦺꦠ꧀ꦲꦤꦼꦤꦸꦤ꧀ꦫꦺꦤ꧀ꦢ( nongkèt anenun rénda ) ꧈
ꦤꦼꦤꦸꦤ꧀ꦤꦭꦸꦱ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦃꦲꦭꦶꦠ꧀ ( nenun alus ngantih alit )
ꦠꦤ꧀ꦥꦢꦺꦴꦁꦢꦺꦴꦩꦤ꧀ ( tanpa dongdoman )
ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦸꦭꦩ꧀ꦧꦶ( lamun damel kulambi ) ꧉
↑ ↑ ↑