Menyang kontèn

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀/01

Saka Wikisumber

1. Asmaradana ꦲꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦢꦤ

[besut]

[Tanggal: Jumaat Manis (Jumungah Legi) sanga (9) Urabiawal (Mulud).]

(1) ꦤꦠ꧀ꦏꦭꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦤꦸꦭꦶꦱ꧀(natkala wiwit tinulis) ꦲꦺꦤ꧀ꦗꦁꦣꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦺꦗꦸꦩꦲꦠ꧀(énjang dintené Jumaat) ꦥꦶꦱꦁꦔꦲꦶꦏꦸꦠꦁꦒꦭ꧀ꦭꦺ(pi[ng] sanga iku tanggalé) ꦲꦶꦁꦱꦱꦶꦲꦸꦫꦧ꧀ꦧꦶꦲꦮꦭ꧀(ing sasi Urabiawal) ꦩꦤꦶꦱ꧀​ꦫꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦶꦁꦝꦶꦤ(Manis rangkeping dina) ꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦱꦶꦤꦲꦸ(antuking wong sesinau) ꦲꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦲꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦢꦤ(atembang asmarandana )


(2) ꦱꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀(sagung ingkang maos tulis) ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦒꦸꦁꦱꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏ(dèn agung sapunten dika) ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦏꦶꦫꦁꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦏꦺ(aksara kirang tanduké) ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦩꦣꦫꦸꦥ(aksara memadha rupa) ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ(yèn kirang wuwuhana) ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦼꦭꦺꦴꦁꦔꦭꦩꦺꦴꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁ(dèn elonga lamon langkung) ꦏꦸꦩꦮꦶꦥꦏ꧀ꦱꦧꦸꦩꦶꦱ(kumawi paksa bumisa )


(3) ꦏꦥꦏ꧀ꦱꦣꦶꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦸꦤꦸꦭꦶꦱ꧀(kapaksa dikon nenulis) ꦲꦤꦸꦠ꧀ꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃꦲꦶꦁꦠꦸꦮꦁ(anut paréntahing tuwang) ꦏꦶꦤꦺꦤ꧀ꦚꦫꦶꦠꦏꦼꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴ(kinèn nyaritakken mangko) ꦏꦤ꧀ꦝꦃꦲꦶꦁꦣꦸꦏ꧀ꦠꦠꦧꦸꦣ(kandhah ing duk tata buda) ꦲꦭꦩ꧀ꦩꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮ(alaming tanah Jawa) ꦏꦫꦸꦕꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦗꦼꦗꦼꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀(karucil ing jejeripun) ꦏꦢꦾꦪꦁꦪꦁꦩꦸꦁꦒꦺꦁꦱꦼꦫꦠ꧀(kadya yangyang munggèng serat )


(4) ꦱꦁꦤꦠꦲꦒꦸꦁꦒꦶꦤꦸꦥꦶꦠ꧀(sang nata agung ginupit) ꦗꦼꦤꦼꦁ...ꦮꦶꦗ(jeneng [...] wija) ꦲꦶꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀ꦏꦶꦛꦤꦺ(ing Majapait kithané) ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦤꦂꦪꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀(ingkang kinarya wiwitan) ꦱꦁꦤꦧꦿꦮꦶꦗꦪ(Sang Na[ta] Brawijaya) ꦏꦭꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦿꦠꦸ(kala jenengipun ratu) ꦧꦿꦮꦶꦗꦪꦠꦤ꧀ꦥꦱꦩ(Brawijaya tanpa sama )


(5) ꦱꦸꦪꦸꦣ꧀ꦱꦏꦺꦃꦲꦶꦁꦤꦒ(suyud sakèhing nagari) ꦫꦶꦲꦶꦁꦗꦮꦭꦤ꧀ꦠꦤꦃꦱꦧꦿꦁ(ing Jawa lan tanah sabrang) ꦲꦠꦸꦂꦲꦸꦥꦼꦠꦶꦱꦁꦏꦠꦺꦴꦁ(atur upeti sang katong) ꦏꦮꦂꦤꦲꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩ(kawarnaa sampun lama) ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦫꦱꦁꦤꦠ(jenengira sang nata) ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(kagenténan putranipun) ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦺꦠꦼꦣꦏ꧀ꦥꦶꦠꦶꦒ(jangkepé tedhak pi tiga )


(6) ꦧꦿꦮꦶꦗꦪꦏꦁꦏꦫꦶꦲꦶꦤ꧀(Brawijaya kang karihin) ꦠꦤ꧀ꦤꦣꦂꦧꦺꦥꦸꦠꦿꦭꦤꦁ(tan adarbé putra lanang) ꦲꦩꦸꦁꦱꦗꦸꦒꦥꦸꦠꦿꦤꦺ(amung sajuga putrané) ꦏꦭꦺꦴꦏꦏꦗꦤꦥꦿꦶꦪ(kaloka kajana priya) ꦲꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦫ(anenggih wastanira) ꦏꦸꦱꦸꦩꦏꦤ꧀ꦕꦤꦮꦸꦁꦔꦸ(Kusuma Kancanawungu) ꦲꦸꦩꦸꦂꦏꦮꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦮꦂꦱ(umur kawan welas warsa )


(7) ꦠꦶꦤꦫꦶꦏꦿꦩꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶ(tinari krama sang putri) ꦏꦱꦫꦸꦏꦁꦫꦩꦱꦺꦣ(kasaru kang rama séda) ꦲꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦲꦠ꧀ꦩꦗꦮꦣꦺꦴꦤ꧀(anenggih atmaja wadon) ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦏꦁꦫꦩ(nenggih gentèni kang rama) ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦮꦶꦭꦠꦶꦏ꧀ꦠ(jumeneng Wilatikta) ꦱꦣꦪꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀(sadaya kaprabonipun) ꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ(kagenténan ingkang putra )


(8) ꦗꦁꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(jangkaning wong Majapait) ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦭꦸꦭ꧀ꦲꦩꦶꦕꦫ(ingkang alul amicara) ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦤꦂꦫꦠꦸꦮꦣꦺꦴꦤ꧀(bésuk ana ratu wadon) ꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦂꦗꦤꦶꦁꦤꦒꦫ(luwih arjaning nagara) ꦲꦶꦁꦗꦒꦢ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦱꦩ(ing jagad tanpa sama) ꦱꦩꦶꦥꦥꦣꦤꦶꦁꦫꦠꦸ(sami pepadhaning ratu) ꦥꦿꦧꦸꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦠꦤ꧀ꦥꦱꦩ(Prabu Èstri tanpa sama )


(9) ꦏꦭꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦤꦂꦥꦠꦶ(kala jenengé narpati) ꦥꦿꦧꦸꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦩꦗꦊꦁꦏ(Prabu Èstri Majalengka) ꦥꦫꦧꦸꦪꦸꦠ꧀​ꦲꦣꦺꦤ꧀ꦣꦺꦤ꧀(para buyut adèn-adèn) ꦲꦗꦂꦮꦮꦱꦶꦃꦗꦗꦒꦤ꧀(ajar wewasi[h] jejanggan) ꦩꦭꦤ꧀ꦢꦁꦭꦤ꧀ꦧꦸꦗꦁꦒ(malandang lan bujangga) ꦥꦫꦗꦸꦫꦸꦥꦫꦱꦼꦥꦸꦃ(para juru para sepuh) ꦲꦠꦸꦂꦧꦏ꧀ꦠꦶꦏꦸꦩꦮꦸꦭ(atur bakti kumawula )


(10) ꦱꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦱꦿꦶꦧꦺꦴꦥꦠꦶ(sajenengé sri bopati) ꦤ꧀ꦚꦏꦿꦮꦠꦶꦧꦲꦸꦣꦼꦁꦣ(nyakrawati baudhen[g]dha) ꦭꦶꦂꦧꦤ꧀ꦚꦸꦩꦶꦭꦶꦣꦤꦤ꧀ꦤꦺ(lir banyu mili danané) ꦲꦱꦿꦶꦲꦂꦗꦤꦶꦁꦤꦒꦫ(asri arjaning nagara) ꦱꦗꦒꦢ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦱꦩ(sajagad tanpa sama) ꦮꦢꦾꦧꦭꦱꦩꦾꦉꦩ꧀ꦥꦸꦒ꧀(wadyabala samya rempug) ꦠꦸꦲꦸꦲꦣꦶꦭ꧀ꦥꦭꦩꦂꦠ(tuhu adil palamarta )


(11) ꦲꦶꦏꦁꦏꦶꦤꦂꦪꦥꦥꦠꦶꦃ(ikang kinarya pepatih) ꦣꦺꦤꦶꦫꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦏꦼꦤ꧀ꦚ(dènira Sang Prabu Kenya) ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦭꦺꦴꦒꦼꦤ꧀ꦢꦺꦂ(nenggih Ki Patih Logendèr) ꦲꦒꦸꦁꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥꦧꦥ(agung dipun bapa-bapa) ꦣꦺꦤꦶꦫꦱꦿꦶꦤꦭꦼꦤ꧀ꦢꦿ(dènira sri naléndra) ꦣꦠꦤ꧀ꦥꦼꦒꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦁꦠꦸꦤ(datan pegat dipun tan[g]tun) ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦣꦂꦧꦺꦏꦂꦱ(yèn sang putri darbé karsa )


(12) ꦏꦱꦸꦱꦿꦪꦺꦤ꧀ꦤꦿꦠꦸꦭꦸꦮꦶꦃ(kasusra yèn ratu luwih) ꦥꦿꦧꦸꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦩꦗꦊꦁꦏ(Prabu Èstri Majalengka) ꦲꦒꦸꦁꦮꦣꦾꦧ꧀ꦧꦭꦏꦧꦺꦃ(agung wadyabala kabèh) ꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃꦭꦶꦂꦒꦸꦭꦣꦿꦮ(paréntah lir guladrawa) ꦱꦸꦏꦱꦸꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦁꦣꦺꦱ(suka sugih wong désa) ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦏꦁꦱꦂꦪꦠꦶꦤꦤ꧀ꦢꦸꦂ(tulus kang sarya tinandur) ꦩꦸꦫꦃꦏꦁꦱꦂꦪꦠꦶꦤꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀(murah kang sarya tinumbas )


(13) ꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦶꦔꦶꦠ꧀ꦤꦂꦥꦠꦶ(kalangkung singit narpati) ꦏꦭꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦮꦏ(kala miyos sinéwaka) ꦲꦤꦺꦁꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦩꦁꦏꦺꦴ(anèng jroning kobong mangko) ꦩꦸꦁꦒꦺꦁꦔꦶꦁꦏꦛꦶꦭ꧀ꦏꦤ꧀ꦕꦤ(munggèng ing kathil kancana) ꦲꦩꦮꦶꦒꦭꦺꦣꦺꦒ꧀ꦒꦤ꧀(amawi galédhégan) ꦱꦶꦤꦺꦫꦺꦣ꧀ꦥꦼꦣꦼꦏꦤ꧀ꦤꦒꦸꦁ(sinèrèd pedhekan agung) ꦭꦭꦁꦱꦺꦏꦸꦩꦶꦠꦶꦂꦗꦶꦒ(lelangsé kumitir ji[ng]ga )


(14) ꦱꦏꦺꦃꦲꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀(sakèhé wong Majapait) ꦥꦫꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦭꦤ꧀ꦥꦺꦴꦁꦒꦮ(para mantri lan ponggawa) ꦠꦤ꧀ꦮꦶꦏꦤ꧀ꦩꦫꦁꦱꦁꦏꦠꦺꦴꦁ(tan wikan marang sang katong) ꦲꦩꦸꦁꦱꦾꦫꦤꦺꦏꦥꦶꦂꦱ(amung syarané kapirsa) ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦭꦲꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ(yèn kala angandika) ꦲꦒꦼꦠꦱ꧀ꦉꦤ꧀ꦚꦃꦠꦸꦂꦲꦫꦸꦩ꧀(agetas renyah tur arum) ꦏꦣꦶꦔꦭꦥ꧀ꦥꦤꦗꦶꦮ(kadi ngalapana jiwa )


(15) ꦱꦁꦤꦠꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦤꦁꦏꦶꦭ꧀(sang nata miyos tinangkil) ꦣꦮꦼꦒ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦺꦮꦏ(daweg miyos sinéwaka) ꦲꦶꦁꦔꦪꦥ꧀ꦥꦼꦣꦼꦏꦤ꧀ꦤꦏꦺꦃ(ingayap pedhekan akèh) ꦲꦶꦁꦏꦺꦫꦶꦏꦭꦮꦤ꧀ꦏꦤꦤ꧀(ing kèri kalawan kanan) ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦂꦥꦸꦁꦒꦮꦱꦺꦧ(andhèr punggawa séba) ꦏꦶꦥꦠꦶꦃꦩꦸꦁꦒꦺꦃꦲꦶꦁꦔꦪꦸꦤ꧀(ki patih munggèh[munggèng] ing ngayun) ꦥꦼꦥꦼꦏꦤ꧀ꦥꦫꦱꦤ꧀ꦠꦤ(pepekan para santana )


(16) ꦏꦁꦔꦤꦺꦁꦔꦂꦱꦤꦂꦥꦠꦶ(kang anèng ngarsa narpati) ꦫꦫꦺꦧꦸꦭꦺꦫꦫꦺꦧꦗꦁ(raré bulé raré bajang) ꦠꦤ꧀ꦤꦥꦶꦮꦺꦴꦁꦏꦼꦏꦼꦧꦶꦫꦺꦤ꧀(tanapi wong kekebirèn) ꦮꦺꦴꦁꦱꦭꦶꦮꦃꦫꦫꦺꦏꦼꦩ꧀ꦧꦂ(wong saliwah raré kembar) ꦫꦲꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦏꦺꦱꦺꦴꦣꦤ꧀(ra[ré] andhap késodan) ꦫꦫꦺꦧꦸꦕꦸꦫꦫꦺꦮꦸꦁꦏꦸꦏ꧀(raré bucu raré wungkuk) ꦫꦫꦺꦣꦺꦩ꧀ꦥꦺꦠ꧀​ꦏꦮꦤ꧀ꦥꦱꦁ(raré dhèmpèt kawan pasang )


(17) ꦏꦏꦕꦸꦩꦱ꧀ꦱꦮꦸꦁꦒꦭꦶꦁ(kekacu mas sawunggaling) ꦏꦶꦣꦁꦭꦤ꧀ꦤꦂꦣꦮꦭꦶꦏ(kidang lan ardawalika) ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦩꦩꦱ꧀ꦧꦶꦤꦁꦲꦤ꧀ꦝꦺꦂ(waos mamas binang andhèr) ꦱꦶꦤꦸꦭꦩ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦕꦤ(sinulam lawan kancana) ꦗꦶꦁꦒꦿꦶꦁꦥꦺꦴꦤ꧀ꦛꦁꦲꦠꦫꦥ꧀(jinggring ponthang atarap) ꦧꦺꦴꦏꦺꦴꦂꦏꦤ꧀ꦕꦤꦥꦶꦤꦁꦒꦸꦭ꧀(bokor kancana pinanggul) ꦏꦭꦮꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦶꦥꦿꦠꦸꦭ꧀(kalawan kendhi pratul[a] )


(18) ꦲꦣꦁꦔꦸꦣꦺꦤ꧀ꦚꦠꦶꦤꦁꦏꦶꦭ꧀(adangu dènnya tinangkil) ꦏꦱꦼꦤꦼꦤ꧀ꦤꦶꦁꦫꦣꦶꦠꦾ(kasenen[an] ing raditya) ꦣꦶꦤꦸꦭꦸꦥꦠꦶꦁꦥꦤ꧀ꦕꦺꦴꦫꦺꦴꦁ(dinulu pating pancorong) ꦥꦿꦧꦸꦏꦼꦤ꧀ꦚꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ(Prabu Kenya [a]ngandika) ꦱꦒꦸꦁꦔꦶꦁꦮꦣꦾꦧꦭ(sagunging wadyabala) ꦥꦿꦱꦩꦾꦏꦺꦴꦗꦼꦩ꧀ꦠꦸꦩꦸꦁꦏꦸꦭ꧀(prasamya ko[n]jem tumungkul) ꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦗꦿꦶꦃꦲꦶꦁꦱꦁꦤꦠ(langkung ajrih ing sang nata )


(19) ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦩꦫꦶꦁꦔꦂꦱꦶ(ingandikan maring ngarsi) ꦮꦲꦸꦠꦉꦏꦾꦤꦥꦠꦾ(wau ta rekyana patya) ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦏꦶꦭꦺꦴꦒꦼꦤ꧀ꦢꦺꦂ(ingandikan Ki Logendèr) ꦱꦫꦮꦸꦲꦺꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦔꦤ꧀(sarawuhé ing ngajengan) ꦲꦶꦁꦔꦮꦺꦩꦫꦁꦔꦂꦱ(ingawé marang ngarsa) ꦲꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦁꦔꦥꦿꦧꦸ(angandika sang aprabu) ꦭꦃꦲꦶꦤ꧀ꦚꦥꦣꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦫ(lah inya padha mundura)

↑ ↑ ↑

← ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀   02 →