Menyang kontèn

Éfesus

Saka Wikisumber
LAYANG KIRIMAN SAKA
RASUL PAUL
MARANG PASAMUAN ING

ÉFESUS


BAB 1.
1--2. Adangiyah.

1 Layangku Paul, rasulé Yésus Kristus awit saka karsané Allah, tumekaa marang para suci kang ana ing Éfesus lan kang pada pracaya ana ing patunggilané Kristus Yésus.

2 Sih-rahmat lan tentrem rahayu anaa ing kowé saka Allah Rama kita lan Gusti Yésus Kristus.

3--14. Pamuji marang Allah.

3 Pinujia Allah kang Rama Gusti kita Yésus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Kristus nganggo sarupané berkah kasukman kang ana ing swarga,

4 amarga wus milih marang kita ana ing Panjenengané sadurungé jagad tinalesan, supaya pada dadia suci tanpa cacad ana ing ngarsané. Krana sih-mirma

5 enggoné wus nakdir kita ing sakeparenging karsané kaangkat dadi putrané piyambak marga déning Yésus Kristus.

6 Supaya pinujia kaluhuraning sih-rahmaté, kang wus direntahaké marang kita ana ing Panjenengané kang kekasih.

7 Iya ana ing Panjenengané enggon kita pada kaparingan panebus srana rahé, iya iku pangapuraning panerak kang awit saka gunging sih-rahmaté,

8 kang wus dilubèraké marang kita klawan sagunging kawicaksanan lan patitising pangrèh,

9 déné kita pada kaparingan sumurup kekeraning karsané ing sakeparengé, kang wus dikarsakaké ing panggalihé piyambak.

10 Iya iku enggoné mranata diwasaning jaman, waktuné samubarang kang ana ing swarga lan kang ana ing bumi kabèh digolongaké dadi siji kawengku ing Sang Kristus.

11 Ana ing Panjenengané kita iya wus pada kapanduman warisan, kang wus digadangaké dingin marang kita awit saka panakdiré Allah, kang nindakaké samubarang miturut ing kakancinganing karsané,

12 supaya kita, kang pada murwani kumandel marang Sang Kristus, pada dadia sranané panggunggunging kaluhurané.

13 Ana ing Panjenengané kowé uga, -- sawusé pada ngrungokaké pangandikané kayektèn, iya iku Injilé karahayonmu, lan sawusé pracaya ing Panjenengané, -- pada kaecap ing Roh Suci kang kaprasecakaké,

14 kang dadi panjeré warisan kita, murih temtuning kaluwarané para kagungané, supaya pinujia kaluhurané.

15--23. Pamuji sokur krana wong ing Efesus.

15 Mulané aku iki sarèhné wus ngrungu pawartané pracayamu marang Gusti Yésus lan tresnamu marang sakèhé para suci,

16 iya ora pegat enggonku saos sokur krana kowé, pada dakéling-éling sajroné pandongaku,

17 muga-muga Allahé Gusti kita Yésus Kristus, Sang Rama kang Mahamulya, karsaa maringi Rohing kawicaksanan lan ing wewengan marang kowé marga saka enggonmu pada wanuh marang Panjenengané,

18 sarta maḍangaké mripaté atimu, supaya kowé pada sumurupa apa kang dadi dunungé pangarep-arep kang wewinih saka enggoné nimbali. Lan kang dadi gunging kamulyané warisan peparingé marang para suci,

19 tuwin saiba kaluwihaning kawasané tumrap ing kita kang pada pracaya, miturut sawabé kasantosaning kasektèné,

20 kang wus ditindakaké ana ing Sang Kristus, nalika diwungokaké saka ing antarané wong mati lan diprenahaké ing tengené ana ing swarga,

21 banget ngungkuli sedéngaha préntah lan pangawasa tuwin pamisésa sarta pamengku, apadéné sedéngaha jeneng kang kasebut, ora ngamungaké ing jaman samengko, malah dalasan kang akhir.

22 Karodéné manèh samubarang kabèh wus ditelukaké ing sangisoré sampéyané, sarta Panjenengané wus diparingaké marang pasamuan dadi sesirah kang nindihi samubarang,

23 déné pasamuan iku kang dadi sarirané, kapenuhan déning kang menuhi samubarang ana ing kabèh.

BAB 2.
1--10. Bab karahayon kang marga saka sih-rahmat.

1 Anadéné ing mauné kowé pada mati marga saka panerak lan dosamu,

2 kang biyèn dadi padolananmu nalikané pada nuruti ing alamé donya iki, nuruti panggedéné para pangawasa ing awang-awang, iya iku roh kang samengko nandukaké dayané ana ing para ahliné pambalila.

3 Kita kabèh biyèn iya dadi panunggalané, pada lumaku anut ing sakapéncuté daging kita, nglakoni ing pakaremané daging lan pangangen-angen, sarta dasar kita pada ahlining bebendu pada kaya wong liyané.

4 Nanging Allah kang agung palimirmané, awit saka gedéning sihé kang wus direntahaké marang kita,

5 iya nalika kita pada mati marga déning panerak, wus nguripaké kita ndèrèk Sang Kristus, enggonmu pada kapitulungan rahayu iku marga saka sih-rahmat,

6 sarta kita pada nḍèrèk ditangèkaké lan nḍèrèk diprenahaké ana ing swarga sajroning patunggilané Kristus Yésus.

7 Pamurihé supaya ing jaman akhir ngetingalna gunging sih-rahmaté kang linuwih, kang awit saka kamirahané marang kita ana ing Kristus Yésus.

8 Awitdéné enggonmu pada kapitulungan rahayu iku marga saka sih-rahmat srana pracaya, mangka tuké ora saka ing kowé, iku peparingé Allah.

9 Tuké ora saka ing ayahan, supaya aja ana kang gumunggung.

10 Sabab kita pada titahé Allah, ana ing Kristus Yésus pada tinitah marang panggawé becik, kang wus dicadangaké dingin déning Allah, supaya iku dadia padolanan kita.

11--22. Bangsa kapir lan bangsa Yahudi pada karukunaké klawan Allah srana salibé Kristus.

11 Mulané kowé kang biyèn pada kapir mungguh ing daging, sarta diarani ikutan déning kang pada kasebut tetakan tabet tangan mungguh ing daging,

12 pada élinga yèn nalika semana kowé pada tanpa Kristus, ora kelebu ing haké Banisraèl, lan adoh saka prajanjiané praseca, ora duwé pangarep-arep lan tanpa Allah ana ing donya.

13 Nanging saiki bareng ana ing Kristus Yésus, kowé kang biyèn pada adoh wus dadi ceḍak marga saka rahé Sang Kristus.

14 Awitdéné Panjenengané kang dadi karukunan kita, kang wus nunggalaké sakaro-karoné iku mau dadi siji, sarta mbubrah pager singgetan,

15 iya iku enggoné pada sesatron, amarga ngorakaké angger-anggering pepakon kang dapur saréngat srana dagingé, supaya sakaroné iku paḍa dititahna dadi manusa anyar siji ana ing sarirané piyambak klawan dirukunaké,

16 lan supaya sakaroné kang dadi badan siji iku dirukunena klawan Allah srana salib, amarga matèni panyatruné ana ing salib mau.

17 Anadéné bareng sarawuhé ngunḍangaké Injiling tata-rukun iya marang kowé kang pada adoh lan marang kang pada cedak.

18 Sabab marga saka Panjenengané kita sakloron pada nduwèni wewengan marek marang Sang Rama lantaran Roh siji.

19 Kang iku kowé wus pada mari dadi wong neneka utawa wong mondok, wus manjing dadi wong tunggal bangsa karo para suci lan manjing brayaté Allah,

20 iya dadi padaleman kang kaadegaké ana ing tetalesé para rasul lan para nabi, mangka Yésus Kristus iku kang minangka watuné uger-ugering padon.

21 Panjenengané kang dadi margané sagedong kabèh sawusé kapasang rakit kang prayoga, saya mundak nganti dadi padaleman suci ana ing patunggilané Pangéran.

22 Iya kang dadi margané kowé uga pada mèlu kanggo yeyasan dadi padalemané Allah ana ing patunggilané Roh.

BAB 3.
1--13. Bab bubuhané Paul enggoné dadi rasul.

1 Iya iku mulané aku iki Paul, lelarané Kristus Yésus krana kowé bangsa kapir, (enggonku jèngkèng sujud ndongakaké kowé),

2 yèn dasar kowé wus pada ngrungu warta bab bubuhaning sih-rahmaté Allah kang kaparingaké marang aku ingatasé kowé,

3 yèn srana wahyu enggonku wus disumurupaké ing wewadi, kaya enggonku wus nulis ana ing ngarep reringkesan,

4 yèn kowaca, kowé pada bisa nitèni pangertiku ing bab kekeran Sang Kristus iku,

5 kang nalika jaman kepungkur durung kaweruhaké marang para anaking manusa kaya enggoné kalairaké ing samengko marang para rasulé lan para nabiné kang suci marga déning Roh.

6 Iya iku yèn bangsa kapir pada dadi kanca ahli-waris, lan pada-pada péranganing sarira, tuwin pada mèlu duwé panduman ing prasecané Allah ana ing patunggilané Kristus Yésus srana Injil,

7 kang aku iki wus dadi paladěné ing sapeparingé sih-rahmaté Allah, kang wus kaparingaké marang aku miturut sawabing kawasané.

8 Aku iki kang asor déwé panunggalané para suci kabèh, wus kaparingan sih-rahmat mengkéné: Ngunḍangaké Injil marang wong kapir bab kasugihané Sang Kristus kang ora kena dinuga,

9 sarta nglairaké marang wong kabèh mungguh kaanané wewadi mau, kang wiwit purwaning jaman wus kineker ana ing Allah, kang nitahaké samubarang kabèh marga déning Yésus Kristus.

10 Kang mengkono iku supaya ing saiki para préntah lan para pangawasa ana ing swarga pada disumurupna déning pasamuan bab kawicaksanané Allah kang mumpuni,

11 miturut ing pepestèné kang tanpa wiwitan, kang wus dileksanani marga déning Kristus Yésus Gusti kita,

12 kang dadi jalarané enggon kita pada nduwèni kakendelan tuwin wewengan marek klawan kumandel srana pracaya marang Panjenengané.

13 Mulané pangudiku aja kongsi cilik atimu awit saka sangsaraku kang krana kowé, déné iku kang dadi drajatmu.

14--21. Pandonga lan pamoedjiné Rasoel Paoel.

14 Iya iku mulané aku jèngkèng sujud marang kang Rama Gusti kita Yésus Kristus,

15 kang dadi sangkaning sebutané angger jinis ana ing swarga lan ing bumi,

16 muga-muga saka gunging kaluhurané karsaa nyantosakaké kamanusanmu batin klawan kakuwatan marga déning Rohé,

17 supaya Sang Kristus dumununga ing atimu srana pracaya, sarta kowé pada oyoda lan tetalesa sajroning katresnan.

18 Dinganti sakatogé enggonmu pada bisa nyumurupi karo sakèhé para suci, sepira ambané lan dawané tuwin jeroné, apadéné duwuré,

19 sarta ngawruhi sihé Kristus, kang ngungkuli sakèhé pangawruh, supaya kowé pada kapenuhana nganti kadunungan kasampurnané Allah pisan.

20 Anadéné kang kawasa nindakaké luwih saka kang pinunjul ngungkuli sabarang kang kita suwun utawa kang kita cipta, miturut ing pangawasa kang nyawabi ana ing kita,

21 iku kasaosana kaluhuran ana ing pasamuan ing Kristus Yésus nganti turun-tumurun langgeng ing salawasé. Amin.

BAB 4.
1--16. Bab patunggalaning pracaya.

1 Kang iku aku iki, wong lelaran ana ing patunggilané Gusti, mituturi kowé, paḍa duwéa laku ing sapatuté enggonmu paḍa katimbalan.

2 Dinganggo sarupané anḍap-asor lan sarèh, dinganggo sabar, paḍa sabar-sinabarana sajroning katresnan.

3 Pada merlokna nglulusaké enggonmu pada tetunggalan ing Roh siji srana suhing atut-rukun.

4 Pada tunggal badan lan tunggal Roh, kaya enggonmu pada katimbalan iya marang tunggal sapangarep-arep kang wewinih saka enggonmu katimbalan iku.

5 Pada tunggal Gusti, tunggal pracaya, tunggal baptis.

6 Kabeh pada tunggal Allah lan Rama, kang mengku marang kabèh, kang nindakaké karsané lantaran kabèh, lan kang dumunung ana ing kowé kabèh.

7 Nanging mungguh sih-rahmat iku enggoné kaparingaké marang sawiji-wijining panunggalan kita, unda-usuk sapeparingé Sang Kristus.

8 Mulané ana pangandika mengkéné: Sareng sumengka dateng ing luhur, sampun mbanḍangi tiyang bandangan, sarta maringaken ganjaran dateng manusa.

9 Anadéné bab sumengka iku mau kepriyé, kejaba yèn Panjenengané iya wus tumeḍak dingin menyang panggonan kang asor ana ing bumi?

10 Kang tumedak iya iku kang sumengka menyang saḍuwuré sakèhé langit, supaya menuhana samubarang.

11 Mangka iya Panjenengané iku kang peparing sawenèh pada dadi rasul, sawenèh dadi nabi, sawenèh dadi juru Injil, sawenèh manèh dadi pangon lan pamulang,

12 supaya para suci pada samektaa marang pagawéaning bubuhané, ndadekna pambanguné sarirané Sang Kristus.

13 Dinganti kita kabèh pada tutug ing tunggal pracaya lan kawruh marang Putrané Allah, tutug ing mempengé wong diwasa, tutug ing ukuré pantoging kasampurnané Kristus.

14 Supaya kita pada maria dadi bocah, aja lèmbak-lèmbak kaya alun lan diubeng-ubengaké déning angger angining wewulang, srana pamblituking wong, srana culikaning pangrékané panasaran.

15 Malah klawan nganḍemi ing kayektèn sajroné olah katresnan pada munḍak-mundaka mungguh ing samubarang, dinganti manjing patunggilané Sang Kristus kang jumeneng sesirah.

16 Déné saka ing Panjenengané sarira sakojur olèh kamempenganing tuwuhé, marga cinatok-catok lan sinanggit-sanggit ing saprayogané srana adon-adoné sakèhé ros-rosan, pangkat-pangkat panggawéné saben pérangan déwé-déwé, dadi lan kabanguné sarira mau sajroning katresnan.

17--24. Bab kauripan kang lawas lan kang anyar.

17 Kang iku aku pitutur lan nyeṭakaké ana ing patunggilané Gusti Kowé iku wis aja duwé kalakuan kaya bangsa kapir, kang lakuné pada nuruti budiné kang kotong,

18 pada kepetengan ing pikir kepetatan urip kang saka ing Allah, awit saka bodoné kang marga saka wangkoting atiné.

19 Wong mau sarèhné wus pada sepi ing pangrasa, mulané pada masrahaké awaké marang pamblunțah, temah nglakoni sarupané panggawé rusuh klawan ketaha.

20 Nanging mungguh kowé iku enggonmu pada nggegulang bab Sang Kristus ora kaya mengkono.

21 yèn dasar kowé wus pada ngrungokaké pangandikané sarta ana ing patunggilané pada kawulang kaya kang dadi kayektèn ana ing Yésus.

22 Iya iku yèn mungguh ingatasé kalakuan kang mau-mau kowe wus pada ngrucat kamanusan kang lawas, kang nemahi rusak awit saka kapéncuting panasaran,

23 lan pada kaanyaraké sukmaning budimu,

24 sarta ngrasuk kamanusan kang anyar, kang tinitah katuladaké marang Allah, kadunungan kasampurnan lan kasucèn kang nyata.

25--5:21. Pepacak kanggo ingakèh.

25 Mulané pada mbirata goroh, lan saben wong ngucapa kang sayekti karo sapepadané, awit kita pada-pada dadi péranganing badan siji.

26 Pada nepsua aja kongsi gawé dosa. Nepsumu aja nganti kesurupan srengéngé,

27 lan aja awèh papan marang iblis.

28 Wong kang andon nyolong aja nyolong manèh, nanging milaura nyambut gawé klawan mempeng, tangané déwé dienggoa nglakoni pagawéan kang becik, supaya duwéa kang kagawé nguluri marang wong kang butuh.

29 Aja ana tembung reged kewetu ing cangkemmu, munga kang prayoga lan kang ndadèkaké pambangun kang perlu, supaya kang ngrungu pada kasawabana.

30 Aja gawé sekel ing galihé Rohé Allah kang suci, kang wus ngecap marang kowé cinaḍang ing dinané pangentasan.

31 Sarupané sumengit lan brangasan, sarta nepsu tuwin gumeder lan panyatur ala iku pada kaedohna saka ing kowé, mengkono uga sarupané piala.

32 Nanging pada sarèh-sinarèhana, welas-winelasana, apura-ingapuraa dikaya Allah iya wus ngapura marang kowé ana ing Kristus.

BAB 5.

1 Kang iku mara pada nulada marang Allah dikaya putra kang kekasih,

2 sarta pada lakua tresna, dikaya Sang Kristus enggoné iya wus ngasihi kowé, lan wus masrahaké sarirané krana kita dadi pisungsung lan kurban sembelèhan, minangka ganda arum sumaos marang Allah.

3 Nanging mungguh laku jina lan sarupané pratingkah rusuh tuwin ketaha, iku aja nganti sanajan munga kasebut baé ana ing antaramu, dikaya sapatuté para suci.

4 Mengkono manèh kakețuh lan clemang-clemong tuwin geguyon, déné iku pada ora patut. Nanging milaura pada ngucap sokur.

5 Sabab kowé pada sumurup yèn mungguh wong laku jina, wong ketuh utawa wong ketaha, kang dadi éwoné wong nyembah brahala, iku ora ana kang nduwèni warisan ana ing kratoné Kristus lan Allah.

6 Kowé aja kongsi pada kena dibeblituk ing wong nganggo tembung kang kotong, awit krana saka kang mengkono iku tibané bebenduné Allah marang para ahliné pambalila.

7 Kang iku kowé aja dadi pepadané.

8 Dasar ing mauné kowé paḍa dadi pepeteng, nanging saiki dadi pepadang ana ing Gusti. Pada duwéa laku dikaya para ahlining pepadang,

9 -- awitdéné pametuné padang iya iku sarupané kabecikan lan kabeneran tuwin kayektèn --,

10 sarta pada nitènana apa kang dadi keparengé Gusti.

11 Lan aja mèlu-mèlu pratingkahing pepeteng kang gabug, malah pada welehna.

12 Awitdéné apa kang dilakoni ana ing pasingidan déning wong iku, saru menawa diucapna baé.

13 Nanging samubarang iku dadi kelair, samasa kawelèhaké déning padang, sabab samubarang kang kelair iku padang.

14 Mulané ana kang muni: Eh wong kang turu, melèka, tangia saka ing antarané wong mati, temah Sang Kristus bakal maḍangi sira.

15 Kang iku pada diawas, lakumu diklawan prayitna, aja kaya wong blilu, nanging dikaya wong pinter,

16 nganggoa nggemèni mangsa, awit jamané ala.

17 Mulané aja pada dadi tanpa budi, nanging pada mangertia apa kang dadi karsané Gusti.

18 Lan aja pada mendem anggur kang dadi marganing blendèran. Nanging pada kapenuhana ing Roh,

19 kanția rasanan nganggo masmur lan kidung pamuji tuwin kidung kasukman, sarta memuji marang Pangéran ana ing atimu nganggo kidung lan masmur.

20 Tansah pada saosa sokur marang Allah iya Sang Rama mungguh samubarang atas Asmané Gusti kita Yésus Kristus,

21 lan pada nganggoa suyud-sinuyudan sajroning wedi-asih marang Allah.

22--6:9. Pepacak kanggo wong kang pada nunggal saomah.

22 Hé para wong wadon, pada sumuyuda marang lakimu déwé dikaya marang Gusti.

23 Sabab kang lanang iku dadi sesirahé kang wadon, kaya Sang Kristus iya sesirahé pasamuan. Malah Panjenengané jumeneng Pamartané sarira.

24 Éwadéné pada kaya pasamuan enggoné sumuyud marang Sang Kristus, iya mengkonoa uga para wong wadon marang lakiné déwé mungguh samubarang.

25 Hé para wong lanang, pada tresnaa marang rabimu déwé, dikaya Sang Kristus enggoné iya wus ngasihi ing pasamuan, kongsi masrahaké sarirané piyambak krana pasamuan iku,

26 supaya disucèkna sawusé diresiki srana padusan banyu kang kanti pangandika,

27 sarta diprenahna ana ing ngarsané piyambak wus mulya dadi pasamuan kang tanpa blentang-blentong utawa garet sapepadané, malah supaya dadia suci tanpa cacad.

28 Kaya mengkono wong lanang pada kuwajiban tresna marang rabiné déwé, dipada karo badané déwé. Wong kang tresna marang rabiné déwé, iku awaké déwé kang ditresnani.

29 Jenèh ora tau ana wong kang nyengiti marang ragané déwé, malah diingoni lan dipulasara, iya kaya Gusti marang pasamuan.

30 Amarga kita pada peranganing sarirané, panunggalaning dagingé lan tosané.

31 Awit saka iku manusa mulané kapesti ninggal bapa lan biyungé, rumaket karo rabiné, sarta sakaroné iku bakal pada dadi daging siji.

32 Prakara iku ngemu wewadi gedé, déné mungguh aku iki enggonku numrapaké marang Kristus lan marang pasamuan.

33 Semono iku kowe kabèh saben wong iya tresnaa marang rabiné déwé dikaya marang awaké déwé, sarta wong wadon iku éringa marang lakiné.

BAB 6.

1 Hé para bocah, pada manut mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggalané Gusti, déné iku kang bener.

2 Sira ngajènana bapa-biyungira, iku pakon kang dingin kang kanți praseca,

3 supaya sira slameta lan didawakna umurira ana ing bumi.

4 Anadéné kowé para bapa, aja gawé seriking atiné anak-anakmu, nanging pada gula-wențahen sajroning pamerdi lan pepéling kang saka Gusti.

5 Hé para batur, pada mituhua marang bendaramu kadagingan nganggo wedi lan geter, klawan pasajaning atimu, dikaya marang Kristus.

6 Aja nganggo patrap lelamisan kaya kang ngarah renaning manusa, nanging dikaya abdiné Kristus kang paḍa nglakoni karsané Allah klawan terus ing ati.

7 Pangabdimu diklawan legawa, dikaya marang Gusti, ora marang manusa.

8 Jenèh kowé paḍa sumurup yèn sawiji-wijining wong menawa nglakoni apa-apa kang becik, bakal tampa wewales saka Gusti, dadia batur tukon, dadia wong merdika.

9 Anadéné kowé para bendara, dikaya mengkono uga pangrengkuhmu marang para baturmu, aja nganggo pangancam-ancam. Ujer kowé pada sumurup yèn baturmu lan kowé paḍa nunggal duwé bendara ana ing swarga, sarta Panjenengané iku ora nganggo pilih kasih.

10--20. Bab praboting prangé Allah.

10 Wasana para sadulurku, pada dadia santosa ana ing patunggilané Gusti lan sajroné kasektèning kawasané.

11 Pada sikepa sapraboting prangé Allah, supaya kowé pada bisaa naḍahi gelar kaculikané iblis.

12 Sabab kang kita tarungi iku dudu daging lan getih, nanging para panggedé, para pangawasa, para pamisésané jagad kang ngawasani ing pepetengé jaman iki, iya iku bangsa rohing kadursilan kang ana ing langit.

13 Mulané pada nyandaka sapraboting prangé Allah, supaya kowe pada bisaa nyembadani samasa tekané dina kang ala, lan sawusé ngrampungaké kabèh pada bisaa tangguh.

14 Kang iku pada dipanggah, lambungmu sabukana kayektèn, lan pada ngrasuka kabeneran minangka keré,

15 sikilmu nganggoa trumpah cumaḍangmu marang Injilé tentrem rahayu.

16 Wuwuh manèh pada nyandaka tetamèng pracaya, margané kowé bakal bisa nyirep sakèhé bramastrané si pangawak dursila.

17 Karodéné pada nampanana tetopong karahayon lan pedangé Roh, iya iku pangandikané Allah.

18 Dikantènana ndedonga ing sawayah-wayah nganggo sarupané pandonga lan panyuwun ana ing patunggilané Roh, sarta mulané pada tugura melèk lan ditegen enggonmu pada ndongakaké sakèhé para suci,

19 mengkono uga aku, supaya sawengané cangkemku aku kaparingana tembung dinganti klawan kendel enggonku mratélakaké kekerané Injil,

20 krana Injil iku aku dadi utusan kang karanté, iya supaya daklairna klawan kendel, dikaya enggonku kuwajiban pitutur.

21--24. Panutup lan pamuji slamet.

21 Anadéné supaya kowé uga pada sumurupa mungguh aku, kepriyé kaananku, iku kabèh kowé bakal dicritani déning Tikhikus, sadulur kekasih lan abdi kang tumemen ana ing patunggilané Gusti.

22 Pancèn iku tujuné enggonku ngongkon nemoni kowé, supaya kowé pada sumurupa ing kaananku, lan supaya atimu pada dilipura.

23 Tentrem rahayu anaa ing para sadulur, lan katresnan kang kanti pracaya, saka Allah Sang Rama lan Gusti Yésus Kristus.

24 Sih-rahmat nunggila ing wong kabèh kang pada tresna marang Gusti kita Yésus Kristus langgeng salawasé. Amin.

Delengen uga

[besut]
  1. Alkitab/Jansz/Éfesoes (index) (éjaan lawas)
  2. Kitab Sutyi Prejanjian Anyar/Éfése (éjaan Surinamé)
  3. ꦌꦥ꦳ꦼꦱꦸꦱ꧀: 123456 (aksara Jawa)